Tuesday, February 7, 2012

BASA JAWA ORA BAKAL MUSNA

Koesalah Soebagyo Toer



Menika wonten kintunan andharan sae sanget, kakintun kangge ngombyongi tumapakipun KSJ III, kados ingkang dipundhawuhaken ing layang setrum. Panjenenganipun, ingkang nyerat andharan menika ugi ngintunaken buku. "Ewa samanten, jalaran taksih nresnani basa Jawi lan tetep kepingin tumut atur sumbang surung dhumateng kongres, ingkang sareng kaliyan serat punika kula kintunaken lan aturaken: 1. Artikel “Basa Jawa Ora Bakal Musna”; 2. Buku karangan kula “Adhine Tentara” cacah 20 (kalih dasa) eksemplar." Makaten dhawuhipun. Sumangga dipunsemak artikel menika. Nuwun --admin. Akeh wong padha ngira, yen ta kahanan basa Jawa lan para sutresnane terus kaya saiki, basa Jawa sadhela maneh bakal ilang saka lumahing bumi, cures, mati, musna! Sababe?

Coba ta delengen.

Wong Jawa saiki arang sing bisa caturan mawa bawa Jawa kanthi teteh. Apa maneh ing kalangan resmi, yen kudu sesorah upamane. Wong Jawa saiki luwih wasis caturan mawa basa Indonesia, malah-malah luwih wasis cas-cis-cus mawa cara manca, Inggris lan Landa upamane.

Bocah-bocah Jawa ing kutha-kutha gedhe malah orang bisa babar pisan caturan mawa basa Jawa. Lha apa gunane caturan basa Jawa, wong kabeh bocah ngomong basa Indonesia? Ngono alesane.

Ing sekolah-sekolah dhasar, basa Jawa diwulangake mung minangka mata ajaran ora penting. Mulane murid-murid sak-enake nyinau basa Jawa. Lha nggo apa? Arepa entuk angka lima, papat, telu, apa endhog pisan, wong ora ana pengaruhe marang biji, dadi ya ora usah diudi temen-temen.

Buku Jawa, majalah Jawa, kena diarani ora payu. Wis didol murah-murahan – sewu, rong ewu – tetep ora payu. Mangka buku-buku Indonesia sing regane limang ewu, sepuluh ewu, patang puluh ewu, durung sing suwidak ewu, tetep diborong wong. Aja maneh sing semana. Buku-buku manca sing regane atusan ewu tetep bisa payu. Lha apa penjenengan durung uninga, yen ensiklopedi manca kuwi regane yutan rupiah? Ya tetep payu, malah kaya kacang goreng.

Layang kabar basa Jawa malah ora ana sing kasil urip dawa. Angger lagi krengkeng-krengkeng, wis brug, mak-klengkeng, mati. Lha apa gunane maca koran Jawa, yen maca koran Indonesia luwih gampang, luwih omber, luwih cepet, lan luwih apa wae maneh?

Mangka wong Jawa iki gunggunge suwidak prosene wong Indonesia! Yen diitung wong Indonesia saiki gunggunge 190 yuta, wong Jawane wis mesthi ora kurang saka 96 yuta! Lha kok ora ana sak-thil-thila koran Jawa sing bisa urip!

Nek ngene carane, basa Jawa kari nunggu wektu mlebu luwangan. Sawenehing tokoh nasional malah ngendika ngene: “Buat saya, bahasa Jawa itu sudah selesai!”

Lan liya-liyane lan liya-liyane.

Ya iku mau swara sedhih bab nasibe basa Jawa, basa kang mujudake basa paling gedhe penuture ing Indonesia, basa kang mujudake wahanane susastra paling agung ing Indonesia.

/Basa melike bangsa/
/ /Jan-jane kabeh kahanan kang kasebut ing dhuwur mau pancen ya bener-ner-ner. Lha apa arep dibantah? Wong nyatane pancen kaya ngono?

Nanging sing ora bener yaiku prakiran alias ramalan, yen basa Jawa bakal musna sedhela maneh. Arepa dikandhakake basa Jawa bakal musna mbuh sepuluh taun mbuh satus taun maneh, tetep iku ora bener.

Sebabe?

Perlu kawuningan, basa kuwi dede basane sagolongan bebrayan thok! Basa kuwi dede basane bocah sekolah thok, pak tani thok, buruh thok, pegawai negri thok, pemerintah thok. Basa kuwi basane kabeh penutur basa, saka ngisor tekan ndhuwur, saka ndhuwur tekan ngisor, saka kiwa tekan tengen, lan saka tengen tekan kiwa. Yen ora percaya, coba ta dibuktekake, apa ana golongan bebrayan sing ora melu nglairake, nuwuhake, lan nggembleng basa? Arepa pak tani utun, tetep duwe kamardikan upamane nggawe tembung-tembung anyar. Contone tembung bangsane /growol, geplak, ganjel ril/ lsp. Tembung-tembung mau sawise kacipta dening pak tani utun mau, banjur ya dianggo dening kabeha wong Jawa. Nganti bapak presidhene pisan bisa uga migunakake. Embok-embok bakul ing pasar duwe kamardikan nggawe ukara-ukara sing aneh-aneh, bangsane: /Niku sarasan, Ning? Imbeti, aaa! /Suwalike, para tani utun lan embok-embok bakul duwe kamardikan ora migunakake tembung-tembung utawa ukara-ukara anyar sing dianggo dening para pemimpin, yaiku yen tembung-tembung utawa ukara-ukara mau ora cocog karo selerane. Sabanjure para tani utun lan embok-embok bakul bisa wae nggenti tembung-tembung lan ukara-ukara mau nganggo tembung-tembung lan ukara-ukara liya sing disenengi dheweke. Lan para pemimpin ora duwe hak lan ora bisa nuntut para tani lan bakul mau.

Dadi basa iku dede monopoline golongan tartamtu ing sajroning bebrayan.

Ewa semono, ana golongan bebrayan sing wigati banget wewenange tumrap kahananing basa, bang-birune basa, yaiku pamarentah! Pamarentah pancen entuk wewenang saka rakyat, nanging sawise madeg pamarentah, durung mesthi tindak-tanduke selaras karo sing dikarepake rakyat utawa ngelingi rakyat kang paring wewenang, upamane ing babagan basa.

Contone, ing babagan ejaan. Arepa piye, aturan-aturan ing babagan ejaan kudu pamarentah sing nemtokake, sabab pamarentah kang nduweni wewenang, nduweni aparat sing dianakake khusus kanggo masud mau. Ha nanging sistim ejaan mau rak durung mesthi nyocogi selerane rakyat? Mangka sawise sistim mau diundhangake, kabeh wong kudu netepi sistim mau, lan yen ora netepi kudu dianggep salah.

Ewa semono ora ana pamarentah sing langgeng. Samangsa-mangsa pamarentah mau bisa diganti pamarentah liyane. Pamarentah anyar iku bisa wae seje tindak-tanduke saka pamarentah sadurunge. Ing kono bakal ana owah-owahan ing babagan kang umum, uga ing babagan kang khusus, upamane ing babagan basa.

Ngono sateruse lan sateruse.

Dadi yen saiki basa Jawa ora dianggep basa sing penting, durung tamtu kahanan mau tetep kaya ngono sabanjure. Bisa suwalike.

Sumpah katelu ing ndalem Sumpah Pemudha tahun 1928 unine: /Kami poetra dan poetri //Indonesia// mendjoendjoeng bahasa persatoean, bahasa Indonesia. /Ukara iki saiki diplesetake dadi /Kami putra dan putri //Indonesia// mengaku berbahasa satu, bahasa Indonesia. /Mangka /mendjoendjoeng bahasa persatoean /iku ora padha karo berbahasa satu. /Mendjoendjoeng bahasa persatoean /iku ngurmati basa persatuan, basa Indonesia, nanging ora ateges nyingkur basa-basa suku, antara liya basa Jawa. Nalika wakil-wakil bangsa Indonesia, antara liya wakil-wakil bangsa Jawa, netepake basa Indonesia minangka basa Negara Indonesia, ora ateges bangsa Indonesia lan utamane bangsa Jawa mbuwang wer basa Jawa. Kuwi barang kang mustail. Pasal 36 Undang-Undang Dasar 1945 pancen netepake: /Bahasa Negara ialah Bahasa Indonesia. /Nanging pasal 36 Penjelasan tentang Undang-Undang Dasar Negara Indonesia netepake:

“Di daerah-daerah yang mempunyai bahasa sendiri, yang dipelihara oleh rakyatnya dengan baik-baik (misalnya bahasa Jawa, Sunda, Madura, dan sebagainya) bahasa-bahasa itu akan dihormati dan dipelihara juga oleh Negara.

Bahasa-bahasa itu pun merupakan sebagian dari kebudayaan Indonesia yang hidup.”

Nanging nyatane (/sic!/) saiki sing dianggep perlu /dihormati dan dipelihara /dening negara mung basa Indonesia. Pancen sok-sok para pejabat isih sok nyebut pasal 36 kuwi, nanging kabeh mau kena diarani mung kembang lambe. Ing kanyatan basa-basa dhaerah ora pati digatekake. Mula ora salah, yen ana wong kang nggawe dudutan, menawa basa-basa suku alias basa dhaerah (antara liya basa Jawa) saiki iki mung dianggep anak kuwalon, disingkang-singkang.

Nanging ya iku mau. Basa kuwi dede darbeke golongan bebrayan tartamtu, dede darbeke pamarentah thok. Pamarentah kena wae kurang maelu basa Jawa, nanging yen wong Jawa dhewe isih jeneng Jawa, orang bakal basa Jawa mati, apa maneh musna.

/Basa sarana komunikasi, sarana simpen ilmu, lan sarana pikir/
/ /Kabeha wong mesthi mupakat, basa kuwi mujudake sarana komunikasi, yaiku sarana sesrawungan antarane kabeha wong ing tengahing bebrayan agung. Ora ana wong kang ora srawung mawa basa. Wong waras apa maneh. Lha wong, wong kang tuna wae srawung mawa basa: tuna netra, tuna rungu, tuna wicara, tuna grahita, tuna daksa, tuna wisma, tuna karya, tuna aksara, tuna sarana, tuna ganda, tuna laras, apa maneh … tuna susila. Malah uga wong kang aneka tuna. Yen ora percaya, mangga disimak piyambak siji-sijine. Sing ora srawung mawa basa iku rak mung bocah sing dicolong, disusoni, lan digedhekake asu ajag. Mangka bocah kaya ngono kuwi anane mung siji ing antarane wong limang milyar ing alam donya iki. Malah akeh sing kandha, jane bocah kaya ngono kuwi ora ana.

Bebrayan agung mustail anane tanpa basa. Wiwit jaman Nabi Adam tumekane Adam Malik, kabeh wong srawung mawa basa. Wiwit srengenge mlethek nganti srengenge surup, kabeh wong caturan mawa basa. Ya basa kuwi sing mbedakake manungsa saka kewan. Manungsa kuwi bedane saka kewan, amarga dheweke bisa ngomong lan … gawe perkakas! Mula kalungguhane dhuwur dhewe tinimbang makhluk-makhluk liyane. Ora baen-baen Gusti Allah netepake dheweke dadi /khalifatullah fil ardi /alias wakil Allah di bumi. Dadi yen bebrayan manungsa isih ana, ya mesthi ana basane.

Nyatur bab basa Jawa, yen bebrayan Jawa isih ana, ya mesthi wae isih ana basa Jawa. Bebrayan Jawa kuwi basane Jawa, dudu Sundha, Madura, utawa Bali. Ora ana bebrayan Jawa sing basane Sundha, Madura, utawa Bali. Ana pancen bebrayan sing basane Sundha, Mudura, Bali. Lha kuwi dudu bebrayan Jawa. Dadi cekak aose: Ana bebrayan Jawa, mesthi ana basa Jawa.

Kuwi nomer siji.

Nomer loro, basa kuwi mujudake sarana simpen ilmu. Sing diarani ilmu, utawa ngelmu, kuwi sakabehe bandha batiniah manungsa. Ya kuwi disimpen mawa basa. Kewan ora bisa nyimpen bandha batiniahe, amarga dheweke ora duwe basa kaya manungsa. Manungsa bisa, amarga duwe basa. Apa ta wujude simpenan bandha batiniah kuwi?

Ya kuwi sing arane buku, majalah, brosur, lan barang cithaan lan tulisan apa wae salumahing donya iki. Kabeh mau ora bakal ilang, sadurunge donya iki kiyamat kubra. Ya amarga disimpen iku mau, kita nyumurupi sejarah lan kabudayan manungsa sing kuna-kuna, lan gedhe-gedhe, kayata Mesir, Mesopotamia, Yunani, India, Tiongkok, Indian Amerika lan liya-liyane.

Tulisan mujudake panemu kang penting kanggone umat manungsa, sebab mawa tulisan mau manungsa bisa nyimpen bandha batiniah kasebut ing ndhuwur. Tulisan kuwi ciri ungguling kabudayan manungsa. Bebrayan tanpa tulisan kuwi bebrayan kang isih endhek tataran budayane. Mula ora salah manawa para sejarawan mbedakake antarane jaman prasejarah lan jaman sejarah. Jaman prasejarah yaiku jaman nalikane manungsa durung duwe tulisan. Lha sawise duwe tulisan, ya kuwi sing diarani jaman sejarah. Samana pentinge tulisan iku, nganti dening para sejarawan dipadhakake karo sejarah.

Yen kita saiki nyatur basa Jawa, bangsa Jawa iku salah sijining bangsa Indonesia kang paling sregep nyimpen ilmune.

Tahun 470 utusan saka negri /Ho-lo-tan /ing /She-po, /yaiku Jawa, teka maneh ing negara Cina nggawa layang saka rajane. Isine layang mau negri Ho-lo-tan diancem karo negri-negri tanggane. Marang kaisar Cina, raja Ho-lo-tan njaluk supaya diawat-awati, lan supaya kaisar Cina kirim utusan menyang negri-negri tangga mau. Maksude, supaya para tangga mau ora ngancem negri Ho-lo-tan maneh. Ngono surasane kronik (cathetan sejarah) Tiongkok mau.

Kasebut ing layang mau, utusan teka maneh. Tegese, sadurunge iku ya wis teka, lan mesthine ya nggawa layang kaya kuwi. Dadi jaman semana, raja Jawa wis bisa nulis. Paling ora juru tulise mesthi wis bisa nulis.

Raja krajan Mataram Kuna Sri Maharaja Rakai Watukura Dyah Balitung Sri Darmodaya Mahasambu raja kang sregep yasa prasasti. Yasane prasasti ora kurang saka 28 iji. Kuwi sing kecathet thok. Penjenengane kuwi sing katelah mbangun candhi Hindhu Prambanan, sing nganti saiki isih endah meger-meger, sanajan umure wis 11 abad!

Raja krajan Mataram Kuna liyane, yaiku Sri Maharaja Rakai Kayuwangi (abad 10), ora kurang sregep. Yasane prasasti ora kurang saka 50 iji.

Krajan-krajan kuna Jawa Wetan kawentar paling sregep nyiptakake gegarapan kapustakan, kang mbuktekake, saiba dhuwure tataran adab lan budaya Jawa jaman samana. Mula ora aneh, yen ta Rama P.J. Zoetmulder ngentekake wektu 20 taun kanggo yasa Kamus Jawa Kuna-Inggris «Old Javanese-English Dictionary» sing kandele 2368 kaca.

Kabeh mau mbuktekake, manawa basa Jawa orang ilang, cures, mati, musna. Malah saiki basa Jawa ora mung dening bangsa Jawa disinaoni. Bangsa-bangsa manca padha melu sengkut nyinaoni. Bangsa-bangsa mau nguningani unen-unen: /Bahasa menunjukkan bangsa. /Kowe lagi bisa nylulupi jatining bangsa, yen kowe bisa nylulupi basane.

Nomer telu, basa kuwi uga mujudake sarana pikir. Manungsa mikir wis mesthi mawa basa. Kita jupuk conto sing gampang:

«Wingi ana bocah nom diajar entek-ngamek dening sawijining wong, nganggo sabuk, kepelan, lan dugangan. Akeh wong padha nonton, lanang-wadon, tuwa-enom. Ora ana sing mbelani bocah nom mau. Kandhane wong-wong, bocah mau kecekel lagi nyolong klambi neng pasar. Banjur salah sawijining penonton nyedhak. Wong-wong lagi lega atine, amarga pancen wis mesakake marang bocah mau. Tibake wong mau ora arep nulung. Dheweke malah nrajang bocah mau nganggo lengen lan sikile sing gedhe-gedhe, nganti bocah mau semaput. Ah, saiba apese bocah kuwi. Dheweke nyolong klambi mesthine rak merga butuh. Yeh dheweke pancen wong ala, ha rak luwih galak tandange: mbegal, nodhong, utawa ngrampok!»

Dadi prastawa wingi kuwi dijlentrehake dening salah sawijining penonton mawa basa. Lha coba ta, apa bisa prastawa kuwi ditharik-tharikake mawa sarana saliyane basa? Apa ana, wong mikir tanpa basa? Apa ana wong mikir sing mung kothong, awang-uwung, ngleyang ora ana apa-apane? Pancen sok-sok ana wong kandha: «Pikiranku kosong!» Mangka jan-jane dheweke bisa muni ngono kuwi amarga pikirane isi!

Pikir kuwi dadi siji karo basa. Yen manungsa isih mikir, tegese isih ana basane. Yen manungsa wis ora mikir (yaiku mati), ateges wis ora ana basane.’

Dadi basa lan pikir iku nyawiji. Mangka kuwi anane mung neng jerone manungsa sing isih urip.

Wong Jawa, bebrayan Jawa, kuwi nyawiji pikir lan basane. Mustail basa Jawa banjur ilang saka pikire wong Jawa. Ora ana basa sing ilang saka alam donya iki. Dadi ya ora mungkin basa Jawa ilang saka pikirane wong Jawa.

Mula bener ngendikake Bapak Sayuti Melik: “Ora ana saka ora ana, jleg banjur ana tanpa sangkan. Lan ora ana saka ana lap banjur ilang tanpa paran. Sing ana iku maune iya wis ana, mung seje rupane utawa papane. Sing wis ana iku uga bakal tetep ana, mung beda rupane utawa beda papane. Ing donya iku ora ana barang jleg-jlegan, lan uga ora ana barang lap-lapan.”

Samonoa ing bab basa Jawa.

Dadi ora usah kuwatir. Akeh bukti kang nuduhake, kahanan basa lan sutresna basa Jawa ora kaya kang digambarake ing wiwitan tulisan iki.*

0 comments: