déning: Dhanu Priyo Prabowo
1. Uluk-Uluk
Ing madyaning jagad kabudayan Jawi, sastra Jawi mboten saged kapisahaken kaliyan asil olah budinipun tiyang Jawi sanèsipun. Awit kasusastran Jawi punika adiluhung lan ugi linuhung. Adiluhung, awit jagading susastra Jawi mboten uwal saking piwulang filsafat, agami, kasusilan, tuwin ugeraning pepakem luhur.
Kanthi makaten, sastra sinung pangaribawa ageng ingkang magepokan kaliyan gesang sejati. Makaten ugi bilih winastanan kasusastran punika asipat linuhung, jer punapa ingkang gumelar saha kumelip tartamtu kénging kabasakaken kalebet ing wuwuning sastra, rinakit saha rinacut mawa olah sastradi. Pramila, sadhéngah lelampahan ingkang tuwuh ing alam punika wosing ginerba déning kasusastran.
FOTO: HARDHO SAYOKO SPB
Gandhèng gesang lan kasunyataning agesang punika kedah sami katulusur, kedah kapiyak lan kapétani ngantos kepanggih kakékatipun, mila sampun genah yèn kasusastran Jawi tlonjongipun dhateng pangerosan maknawi. Kanthi makaten, terang bilih sastra punika deleging kabudayan, déné kabudayan dados telenging kawicaksan. Salajengipun, kawicaksanan mujudaken abon-aboning panembah ingkang suci. Dados, kasusastran prayogi pinardi, kaparsudi, kasinau kanthi nastiti. Manawi tembung “dakikipun”: tis-tising tyas marsudi, mardawaning budaya tulus. Nama mungguh sanget bilih roncèn ing taman sarining kabudayan Jawi punika tuhu kalangkung anglam-lami, cotonipun subasita, udanagari (mapanaken unggah-ungguh), tatacara, saha sawarning upacara suci (sakral), pakem, pabusananing beksa, lan karawitan. Wosipun, mboten sanès ugi sastra adi, sastra lungid, sastra éndah. Tuhu éman, lamun nyinau gendhing lan beksa saha pedhalangan nanging mboten kawagang nyinau kasusastran Jawi Klasik, kalebet ugi serat-serat, babad, wiwid, suluk, mistik. Cekaking ucap, sinten taberi ulah sastra ing tembénipun badhé ngundhuh kamulyan, kamulyan ing donya lan ngakérat. Kasusastran kadi déné dilah ingkang madhangi tékad angranggèh kayuwanan. Kasusastran kadi déné korining kabegjan ingkang mangun dhasar wewatekaning manungsa. Sinten ingkang kagungan krenteging manah kepéngin ngangsu kawruh babagan kabudayan, sayogya sanget bilih kesdu lelumban ing balumbanging sadhéngah kawruh ingkang ngawekani paripolahipun kamanungsan.
2. Bebingah Sastra
Andharan ing ngingil kaaturaken kanggé mbukani menggah sepinten wiyaripun kasusastran Jawi ingkang taksih lumintu dumugi jaman samangké. Sanadyan umuripun sampun sepuh sanget (pinten-pinten abad), sastra Jawi tetep “dipunpadosi” lan dipunsinau déning ingkang kesdu. Émanipun, sapunika kawontenanipun kasusastran Jawi sajak saya kirang mbingahaken. Wonten pamanggih ingkang mratélakaken bilih kedadosan kados makaten kabekta saking sakedhikipun apresiasi bebrayan agung Jawi dhumateng sastra Jawi. Pemanggih sanès mungel prakawis ingkang damel “mendhunging” sastra Jawi jalaran mboten wonten inovasi kreatif dhumateng yasan-yasan sastra Jawi, lsp. Pemanggih makaten wau wonten leres lan klèntunipun. Kasebat leres amargi sapunika kathah tiyang Jawi ingkang sampun mboten remen kaliyan yasan sastra Jawi (langkung-langkung ingkang Kina). Punika wau saged kelampahan, salah satunggilipun, margi sastra Jawi kirang nedahaken (sekedhikipun) wontening kréasi-kréasi énggal (téma, gaya penulisan, pengarang anggènipun nguwaosi basa Jawi, lsp). Malah, Bapak Suparto Brata wongsal-wangsul ngendika: “Apa sastra Jawa iku ora bisa crita bab-bab sing magepokan karo jagad modhèren? Aja mung nggarap prekara babaganing wong ndésa, jagading wong cilik, jagading guru ing désa, lsp”.
Déné kasebat pemanggih wau lepat (mboten wonten inovasi kréatif lan aprésiasi saking masarakat), jalaran sastra Jawi (Gagrak) Énggal èstunipun pancèn (racakipun) kaserat déning para pengarang ingkang mapan ing kitha alit utawi padhusunan, ingkang adoh ratu cedhak watu. Sumbering kawicaksanan pancèn bènten kaliyan nalika jamanipun sastra kapujanggan (ingkang sumberipun saking kraton). Sastra Jawi Gagrak Énggal ngisep kawicaksanan saking alam tuwin kawontenan nyata tetiyang ing padintenan. Sanajana makaten, sastra Jawi Gagrak Énggal (jinis crikak, guritan, novel, lsp) mboten lajeng kécalan lajering/rohipun kabudayan Jawi ingkang satuhu. Raos Jawi ingkang dipunwucalaken déning para leluhur sacara kawadhagan sampun dipuntransformasèkaken wonten wujudipun ingkang énggal, laras kaliyan jamanipun. Sauntawis kathah karya-karya sastra Jawi Gagrak Énggal ingkang saged kadumuk dados contonipun prakawis punika. Ingkang wigatos, sastra Jawi punika saged kasebat “wonten inovasi” mboten lajeng saged kasamèkaken kaliyan nilar pepakem ingkang sampun lan sempulur gesang, inggih punika “rohing kabudayan Jawi.”
Nggigah lan mbudidaya amrih terus gesaning rohing kabudayan Jawi wonten yasan-yasan énggal sastra Jawi (novel, crikak, guritan, lsp) saèstu mboten gampil. Kathah margi kanggé jumujug dhumateng gegadhangan makaten wau. Salah satunggilpun inggih punika lumantar wontenipun bebingah (hadiah) sastra Jawa. Saéngga sapriki, tiyang Jawi dèrèng wonten ingkang suka rena maringi bebingah dhumateng kridhanging para pengarang/penggurit tuwin para paraga ingkang ambyur ngesuhi dhumateng lestarining sastra Jawi. Kepara sampun kapireng klisé nyebut bilih Yayasan Rancage ingkang kapandhégani déning Bapak Ayip Rosidi (saking tlatah Sundha) ingkang purun menghargai (ngajèni) dhumateng yasan sastra Jawi awujud buku saha para tetiyang ingkang saèstu sampun berjuang kanggé ajuning sastra Jawi. Yayasan Rancage wiwit taun 1994 suka bebingah dhumateng buku sastra Jawi (antologi cerkak, guritan, novel) dumugi samangké, inggih punika (1) novel Sumpahmu Sumpahku (1994) anggitanipun Naniek P.M. (Drs. F.C. Pamudji; (2) Timbreng (1996) karya Satim Kadaryono; (3) antologi geguritan Siter Gadhing (1997) yasanipun Djaimin K; (4) novel Nalika Langité Obah (1998) seratanipun Èsmiet; (5) Pupus Kang Pepes (1999) karangan Suharmono Kasiyun; (6) antologi guritan Layang Saka Paran (2000) karyanipun Widodo Basuki; (7) antologi crikak Trèm (2001) karangan Suparo Brata; (8) antologi crikak Kreteg Emas Jurang Gupit (2002) seratan Djajus Peté; (9) Candhikala Kapuranta (2003) yasan Sugiarta Sriwibawa; (10) antologi guritan Pagelaran (2004) karya J.F.X. Hoery; (11) novel Donyané Wong Culika (2005) karya Suparto Brata; (12) antologi cerkak Senthir (2006) seratanipun Suwardi Endraswara; (13) novel Ronggèng Dhukuh Paruk Banyumasan (2007) karangan Ahmad Tohari; (14) antologi guritan Bledhèg Segara Kidul (2008) yasan Turiyo Ragilputra; (15) novel Trah (2009) seratan Atas S. Danusubroto; (16) antologi guritan Layang Panantang (2010) karya Sumono Sandy Asmoro; saha (17) antologi crikak Pulo Asu (2011) seratan Herwanto. Atur uninga, bilih ing taun 1995, amargi mboten wonten buku sastra Jawi ingkang terbit, bebingah mboten wonten ingkang katampi ing jagading sastra Jawi. Déné para para paraga ingkang kabiji sampun ageng pisumbangipun dhumateng lestari tuwin ngrembakanipun sastra Jawi (jasa), Yaysan Rancage wiwit taun 1994 sampun maringaken bebingah dhumateng (1) Bapak H. Soebagijo Ilham Notodidjojo (1994), (2) H. Karkono Partokusumo (1995), (3) Muryalelana (Dojosantosa) (1996), (4) Tadjib Ermadi (1997), (5) Anjar Any (1998), (6) St. Iesmaniasita/Sulistyautami (1999), (7) Suparto Brata (2000), (8) Esmiet (2001), (9) Dr. (HC) K.R.T. R.M.T. Sudi Yatmana (2002), (10) Drs. Mochtar (2003), (11) Moch. Nursyahid Poernomo (2005), (12) Drs. K.R.T. Suryanto Satroatmodjo (2005), (13) Suwignyo Adi/Tiwiek SA (2006), (14) Maria Kadarsih (2007), (15) Sriyono (2008), (16) Sunarko Budiman (2009), (17) Bonari Nabonenar (2010), tuwin (18) Lanang Setyawan (2011).
Saben pengarang saha paraga (jasa) kaparingan bebingah awujud arta gangsal yuta rupiah wiwit taun 1994 dumugi samangké. Sanajan ajinipun arta saya dangu saya kirang (mangka mboten katambah gunggungipun), mboten ateges lajeng ngirangi tegesipun bebingah kalawau. Amargi bebingah ingkang kaparingaken kadhasaraken dhumateng tetimbangan tartamtu, kadosta tumrap karya sastra (buku) amargi kabiji dèrèng naté terbit, anggadhahi kekiyatan/keunikan mirunggan, wujud buku cétak/sanès fotocopèn, wonten ISBN-ipun. lsp. Lumantar bebingah wau, kaajab saged saya nenangi wontenipun penerbitan buku basa dhaérah (ibu) ing Indonesia. Déné cacahipun bebingah kanggé para paraga (jasa) ugi sami kaliyan ingkang katampi déning para pengarang. Jasanipun para paraga lumantar inspirasi, tandang, saha tékadipun ndhepani dhumateng sastra Jawi pantes yen kaluhuraken.
Éman déné éngga sapriki tiyang Jawi dèrèng suka kawogatosan dhumateng prakawis bebingah (hadiah) sastra Jawi. Kamangka, bebingah punika mboten naming babagan wujuding bebingah (adhakanipun arta), nanging ugi bab mutu, gèngsi, kréativitas, lsp. Bapak Suparto Brata ing seratanipun ingkang kakintun dhumateng kula (23 Oktober 1998) ngendika: “Apa Hadiah Sastra mangkono mau ora dianggep bisa nguripake (nggugah) kréasine sastra?” Tegesipun, bebingah sastra Jawi, menawi saged kelampahan, mboten sanès saged anyengkuyung dhumateng saya lestantunipun lan mekaripun sastra Jawi.
Bebingah dhumateng olah kridhaning sastra, pancèn mboten sawènèhing lelampahan ingkang asipat sérémonial kémawon. Upamanipun, kacundhukaken kaliyan Hadiah Ramon Magsaysay (Filipina) , tetiyang ingkang pantes kaparingan bebingah ingggih punika pengarang (yèn babagan sastra) ingkang anggadhahi: watak sembada, berjiwa besar, integritas, luhur. Gebenganipun, kebak idéalisme, sugih penggalihan agung, tuwin njunjung nilai-nilai kamanungsan ingkang dados dhasaring manungsa gesang (kajujuran, kaleresan, lan keadilan). Pramila, nalikanipun pengarang pinaringan hadiah kasebut, nilai-nilai kamanungsan punika otomatis tumèmplèk ing jiwa lan pribadinipun tetiyang suwau. Kanthi makaten, Hadiah Magsaysay saèstunipun minangka sawijining pralambang/simbol perjuangan pribadi tetiyang ingkang sampun saged suka pisumbang tumrap gegebengan saha kebébasan ingkang anjunjung nilai-nilai kamanungsan. Hadiah suwau nyitrakaken keagungan, luhuring jiwa lan budi, tanggoning penggalih, sarta idéalisme para pribadi ingkang kabiji kasil ngabdèkaken jiwanipun kanggé mbéla kaleresan, keadilan, saha martabatipun manungsa lumantar manah ingkang jujur.
Menawi kawontenan makaten wau, saged kelampahan ing jagading sastra Jawi, méndah saya kuncaraning sastra Jawi ing madyaning bebrayan agung ing satengahing jagad punika. Ateges, sastra Jawi (Gagrak Énggal) saèstu sampun suka pisumbang luhur dhumateng majenging jagad. Kathah tiyang manca sami nyinau sastra Jawi inggih amargi madosi prekawis wontening kaluhuran ing saged nyrambahi saya jembaré nilai-nilai kamanungsa (sarta asipat universal/nyejagad). Sakalangkung saénipun menawi ing Jawa Timur (Pemerintah Provinsi utawi pribadi-pribadi tartamtu) saged nyembadani wontening bebingah dhumateng sastra Jawi, saéngga sastra Jawi saèstu dipundhepani déning tiyang Jawi piyambak. Kanggé “nyangoni” panitia KBJ 2011 ingkang badhé kaadanan benjang wulan November, sageda prakawis bebingah sastra Jawi punika dipunlebetaken ing putusanipun (lajeng dipuntindaki kanthi sawetahipun). Kados déné Jaman Jawi Timuran (Singasari, Majapait, lsp) kapengker dukrikalanipun para ratu (minangka lambangé pamaréntahan/kaprajan) èstu nengenaken dhumateng ajuning olah sastra. Sastra Jawi Kina yasan Jaman Jawi Timuran èstu sampun suka pisumbang dhumateng majenging kabudayaning manungsa ing mayapada: rumiyin éngga sapriki. Methik saking andharanipun Rama Zoetmulder ing Kalangwan (1983): “Restu raja yang demikian itu didambakan (oleh penyair/kawi) serta diterima sebagai suatu anugerah. Restu itu pasti memberikan dorongan yang diperlukan untuk mengerjakan tugasnya dan menyelesaikannnya dengan memuaskan. Restu itu mungkin juga meliputi dukungan material berupa hadiah-hadiah yang mungkin lebih daripada ‘papan tulis dan tanah’ semata-mata. Simpati sang raja juga merupakan berkat yang menyuburkan karya seorang penyair/kawi. Kesaktian yang berpusat pada dan memancar dari raja mempengaruhi karya penyair dan menambah suksesnya.”
Prakawis punika lumampah duk Jaman (Kraton) Jawa Timuran taksih kuncara. Punapa prakawis makaten saged kawangsulaken malih dhumateng madyaning para pengarang/penggurit jaman samangké? Prekawis tèknis lampahipun bebingah sastra Jawi tuwin jinis punapa kemawon ingkang badhé kaparingaken, saged karembag ing samangké. Seratan punika èstunipun namung nggigah raos panjengan kula sami menggah wigatosing bebingah/hadiah sastra Jawi dhumateng para pengarang Jawi. Sanajan sapunika, pengarang Jawi (pujangga) sampun mboten kaembanan déning ratu, nanging répresentasi “ratu” punika sapunika gantos dhumateng bebadan (Pemprov Jawa Timur) utawi para pribadi ingkang kesdu kanthi konkrèt nyepakaken ubarampénipun. Wontening bebingah sastra (ingkang murwad kaliyan jamanipun), mesthinipun saya suka panyengkuyung dhumateng ajuning/lairipun buku-buku sastra Jawi (amargi hadiah sastra Jawi sasaged-saged sampun awujud buku). Saged buku saking jinising sastra Jawi Gagrak Énggal (novel, guritan, antologi cerkak, esai, lsp), sastra Jawi Gagrak Lawas (buku macapat, lsp), lan buku waosan basa Jawi kanggé para laré. Samanten ugi para paraga ingkang sampun suka pisumbang dhumateng lestaripun sastra Jawi ugi kedah dipungatosaken kanthi kaparingan bebingah (supados mboten sami kaliyan Hadiah Rancage, mesthi wonten caranipun ingkang saged diupados).
3. Dudutan
Sampun dangu sanget para pengarang/panggurit Jawi ingkang ngantu-antu wontening bebingah sastra (ingkang prèstisius). Lantaran bebingah kasebut, para pengarang saged nampèni wujuding bukti lan pangaken wontening kréativitas (samboten-mbotenipun kados jaman Jawa Timuran kepengker). Saking kréativitas punika, kearifan lokal saged dipunlarasaken (dipuntransformasèkaken) nut jaman kelokoné. Tumanjanipun bebingah sastra, éstu mekaraken dhumateng ngrembakaning sastra Jawi. Gegadhangan punika, saèstu lair saking raos tulus amrih kuncaraning sastra Jawi.
*****
--makalah sarasehan
0 comments:
Post a Comment