Monday, March 5, 2012

Aja Diparengne yen Aku Nangis

@ Madagumilang

Aja diparengne aku nangis. Merga kelaran, apa tatu awakku. Merga trenyuh, apa nelangsa nyawang kabungahan. Merga yen ngono, luh kang tumetes mung ateges kanggo nelesi cengkare ati. Nalika durung diwaca donga kebak panyuwun, kang keconggah ngluwari ringkihe urip iki.

Saya suwe saya krasa kuwi kabeh ngisin-isini.

Aku wis janji, kepengin ngrengkuh saben-saben sesenggukanmu kuwi ngrungkebi dhadhaku. Ya ben keprungu ta obahe jantungku. Terus mengko bisa melu-melu meruhi punjere semangatku nggayuh kautamane bebrayan lan maelu ing kasengsarane liyan. Mula, aja diparengne aku nangis mung kerana nggetuni kabeh reruwet iki.

Saya suwe saya krasa kuwi kabeh ngisin-isini.

Nanging, mbuh pancen wis pesthiku, udan luh kang netes ing lingsir wengi, bakal dadi subure tanduran niyatku sujud ing ngarsane Gusti Ingkang Maha Mirsani.

Ponorogo, Januari 2010

0 comments: