Tuesday, March 6, 2012

ARUMDALU (III)

@Amie Williams



Arumdalu, puspita edi kang cumondhok ing meja riasku
Wangunmu peni dinulu, nyimpen sewu rasa awarna biru
Rikala ngongas arum gandamu, dheg...rinasa tuwuh kapangku
Kaya-kaya, aku sapejagong klawan wong bagus pepujanku

Arumdalu, awarna seta, arum gandamu nyengsem kalbuku
Datan nate gothang, sliramu setya ngrenggani paleremanku
Netramu andhik, kesdik, ngalirik saparipolah lan kridhaku
Arum gandamu, dadi kanthi nendra-nendraku ing saben dalu

Arumdalu, sekar wangi piniji dadi kusumaning ati
Kuwawa muwuhi rasa sura merdika lan pracaya dhiri
Mbirat sakehing rasa pupus pengarep, lan uga walangkapti
Lambang kasetyan nora bisa kapupus nadyan bedhahing bumi

Bawen, madyaratri 06032012 (12.12)

0 comments: