Mangkono celathune Marni. Dheweke isih durung bisa narima tumindake kakange sing ngrebut hak-e. Bandha donya kang ditinggal dening wong tua wis salumrahe di endum rata marang kabeh tunggal. Nanging yen iki ora, Narto sing rumangsa mbarep tur anak lanang dhewe mulane kabeh warisan wong tuwane didhaku duweke dhewe. Pancen keluwargane almarhum mbah Paijo iku bisa diarani keluarga kang sedhengan. Apa–apane sarwa kacukupan ora kurang ora luwih. Kabeh kuwi awit saka setiti lan tekune mbah Paijo anggone sengkut makarya, mulane bisa nyukupi kebutuhan keluargane, ngingoni anak bojo. Mbah paijo uga sregep ing sesrawungan karo tangga teparo. Menawa duwe turahan rejeki uga ora eman anggoni nyiprati rejeki marang tanggane. Mulane mbah Paijo didadekna sesepuh ing dhusune. Putrane mbah Paijo telu. Sing mbarep lanang jenenge Narto, nomer loro wadon jenenge Marni, lan sing ragil ya wadon jenenge Narti. Tetelune wis mentas kabeh, uga wis padha omah-omah kabeh. Mbah Paijo anggone ndhidhik anak-anake bisa diarani keras. Menawa anak-anake duweni salah mbah Paijo ora eman anggone menehi ukuman kang trep. Mbah Paijo uga ora nate nguja panjaluke anak-anake. Menawa dianggep ora perlu, mbah Paijo wis mesthi ora nuruti panjalukane anak-anake. “Le, nduk, aja sepisan-pisana kowe tumindak goroh marang sesama, yen kowe ora kepingin nemahi cilaka!” Ukara iku tansah dadi pangeling-eling marang anak-anake sadurunge mbah Paijo tinimbalan dening Gusti kang akarya jagad. Mbah Paijo iku kalebu wong kang pinunjul. Kabeh omongane digugu dening akeh wong ing sakitare. Nanging sing diemani ora dawa umure. Dheweke murud ing kasedan jati amarga nandang gerah rada suwe. Ora mung bojo lan putra wayahe sing rumangsa kelangan, nanging uga para tangga teparo sing nganggep mbah Paijo iku dadi sesepuhe dhusun. Sayange maneh, anak-anake malah padha cecongkrahan rebutan warisan sing kudune padha nandang sungkawa. “Kang, kudune warisan iki di endum rata marang kabeh tunggal. Ora malah kok dhaku dhewe!” mangkono ujare Marni nganyaki rembugan. “Ora, aku iki anak mbarep lan aku uga anak sing lanang dhewe. Wis sakmesthine yen warisan iki dadi duwekku,” saurane Narto karo rada kasar. “Uwis ta kangmas, mbakyu. Kabeh iki ora perlu didadekna barang rebutan. Kudune awake dhewe iki ngerti empan papan. Bapak nembe mawon kapundhut dening Gusti kok, malah padudon masalah warisan,” Narti melu nyloroh pacelathone tunggal-tunggale. Wis dadi adate wong Jawa jaman mbiyen menawa sing nduweni hak nampa warisan iku anak pambarep lan anak lanang. Anak wadon iku amung oleh jatah menawa anak pambarep gelem andum bagian. Nanging ora jamak lumrahe yen budaya kuwi isih di anggo ing jaman saiki. Saiki jamane emansipasi, kabeh nduweni hak kang padha mulane pratelan mau wis ora trep ing jaman saiki. “Biyen, rikala bapak tasih gesang nate meling menyang aku menawa mbesuk sing dikon ngrumat warisane bapak iku aku. Ya pomahan, kebon, lan kabeh tinggalane bapak iku dipasrahake marang aku dadi ora salah menawa kabeh iki dadi duwekku,” saurane Narto karo rada goroh.
“Aku ora percaya kang, putrane bapak iku iku ora mung kang Narto thok. Aku lan gendhuk narti iki uga nduweni hak kanggo nampa warisan iki,” Marni isih urung bisa narima. “Kowe mbiyen rak ya wis diparingi Sapi cacah loro rikala arep omah – omah karo bojomu ta? Genea isih kurang anggone nampa paringane Bapak. Lan gendhuk Narti uga wis ditumbaske sepedha motor anyar, apa ya isih kurang?” Narto nambahi saurane karo rada banter maneh. Sajake dheweke rumangsa menangan dhewe. “Uwis ya ngger, aja diterusake padudon iki. Bisa padha bubrah anggonmu tetunggalan mengko.” Ibune sing ora liya bojone almarhum Mbah Paijo melu ngendikan kanthi nangis banter. “Boten mbok, kula tetep boten trima. Kula kepengin kabeh iki di andum rata. Putrane bapak iku telu, ora mung kang Narto thok sing serakah iki. Kula lan gendhuk Narti uga anake bapak, wis sakmesthine uga oleh bagian.” “Sampun kakang, mbakyu. Hu . .hu . . hu.. Aku bisa nampa yen ora oleh jatah, nanging aku ora trima menawa paseduluran iki bubrah”. Sing ragil uga melu nangis, mangerteni tumindak kakang lan mbakyune sing padha kaya bocah cilik. Kaya Asu sing padha rebutan balung.”
“Yen kang Narto panggah ora gelem ngandum, luwung aku medhot paseduluran iki. Ora ana gunane aku nduweni tunggal sing malak”. Marni nimpali maneh kanthi rasa anyel, nesu, muntab marang tunggal mbarepe kuwi. Sakbanjure kuwi dheweke langsung lunga klepat tanpa gunem. “Oalah gusti, lelakon kok kados mekaten. Kirang menapa anggen kula ndhidhik putra-putra menika? Ngantos nemahi panandang kang awrat menika. Hu . . hu .. hu”. Garwane almarhum mbah Paijo banjur njlomprong, nangis ora uwis-uwis mikirake anak-anake sing padha congkrahan amung gara-gara warisan. Dina kuwi seminggu pas anggone mbah Paijo ninggalake anak bojo ing alam donya iki. Nanging Marni uga urung katon ing omah kuwi. Kamangka bengi kuwi arep ana slametan mitung dinani sedanipun mbah Paijo. Narti wis wiwit nggresah lan takon ing sajroning batine dhewe, “Njur neng ngendi mbakyu Marni iki, nganti mitung dinani almarhum bapak kog durung katon. Apa pancen atine isih durung bisa nampa marang tumindake kang Narto?” Ing papan liya, Marni isih mangkel marang kakange. Atine wis kadhung lara pindha sega wis owah dadi bubur. “Pancen kebangeten tenan kang Narto kae, ora jamak lumrahe duwe tunggal kok malakke ora jamak. Uthil methithil, uga kasar marang Ibu lan tunggal”. Ora ngertia ujug-ujug Marni dikagetake tekane adhine wedok, Narti. “Oalah mbakyu, ngerti yen bengi iki arep mitung dinani sedane Bapak kok malah ora ngetok babar blas. Apa mbakyu isih durung trima marang kang Narto?” Guneme Narti gewe kaget mbakyune.
“Aku ora bakal nemoni maneh tunggal kang wis nglarani ati. Dak sidakna umure ora dawa”. Marni semaur kanthi gregeten. “Gusti Allah, mbakyu. Eling mbakyu, ora apik ngendikan kaya mangkono marang tunggale dhewe. Arepa piye wae kang Narto iku tetep tunggale dhewe. Mara gage nyuwun pangapura marang Gusti, uga nyuwun muga-muga kang Narto enggal diparingi sadar dening Gusti. Banjur saiki ayo enggal menyang omah, ngesakake ibu dhewekan anggone nyiapake slametan kanggo mengko bengi”. Narti mangsuli supatane mbakyune mau kanthi sabar. Ora wetara suwe bocah loro mau tekan omahe Ibune, nanging endah kaya ngapa kagete mbareng tekan panggonan kang dituju. Ing omah kono wis akeh wong padha ngumpul, ana sing ngurus piranti layon, uga ana sing usung-usung kursi. “Gusti Allah, ana apa kae nduk ing ngomah? Kok rame temen wong padha ngumpul?” pitakone Marni marang adhine. “Duka mbakyu, aku mangkat mau ora ana apa-apa kok,” saurane adhine. “Pak, wonten menapa menika kok tiyang sami ngempal ing griyanipun Ibu kula?” pitakone Narti marang sawijining tiyang kang wira-wiri ing sakitar omahe ibune. “Lho, dhik Narti ki kepiye ta? Kok malah durung reti. Kae kang Narto seda, lagi wae kecelakaan ing dalan nalika bali tuku piranti kanggo mitung dinani almarhum mbah Paijo.” “Hehh….!!!, saestu pak?” bocah loro semaur bareng kanthi kaget. Banjur bocah loro kuwi mlayu ana njero omah. “Kang Narto, paringana ngapura kula. Hu .. hu ..hu. Kula mboten nggadhahi niatan kangge nyupatani kakang”. Marni bengok seru kanthi ora bisa nahan eluh tumetes ing pipine. “Sampun mbakyu, pancen menika sampun dados garising kang kuwasa.” Adhine ngelingake marang mbakyune. Ora ana paedahe menawa cecongkrahan iku ditindakake. Apa maneh marang tunggal dhewe, lan amung gara-gara rebutan warisan. Wusana padha nemoni bilahi ing tembe.
-Heri Purnomo, mahasiswa Bahasa dan Sastra Jawa FBS Universitas Negeri Semarang
1 comments:
luwih becik yen ana lete antarane paragrap siji karo paragraf liyane.
Post a Comment