@ Madagumilang
Aku kepéngin krungu swara ocèhé manuk ménclok wit-witan sapinggiré segara iki. Kelingan lèhmu kojah. Kok tibané sing sora kuwi mung sumiyuté angin, nyaut pangundangku banjur ngandhani, kaé kabèh wis ngijolaké swiwi dadi reruji kurungan kang ngubengaké jerité kekarepan.
Senadyan lirih kaya panggresah, lan alon olèhé mentala ngiris-iris rasané ati ora lumrah. Katresnanku mbaka sithik kok inggati. Ngadoh saka Telengé Pacitan iki. Nanging kuwi dudu tangis, dudu panjelihé kesusahan urip.
Nalika manuk-manuk kaé rumangsa keblasuk, bareng weruh akèh wit-witan ambruk kena gapuk déning udan kelawan panas. Déning tangan-tangan nggragas dhuwit panas. Nanging ing sawijining epang, isih katon ana thukulan, embuh suk kapan dadi tunggak.
Merga manuk-manuk kaé ora duwé drengki, lara ati, kejaba tansah nggegulang kawruh, lan ngupaya dalan padhang dina sésuk.
Krungu tékat kuwi, kabeh mbengok:”Iki omahku, iki susuhku,” nyatané ora ana sing pangling nyawang apa sing wis tau disandhing. Merga suwé ing Telengé Pacitan katresnan iki katrem. Yagéné saiki kaya mengkono?
.
Ora gela, manuk-manuk kuwi isih dak ingu ana jeroné atiku. Tinimbang dak culké, nuthuli uler gatel ing polahé sesambungané awak dhéwé iki. Muspra. Apa ya kelakon golèk iwak, apa urang, ana segara? Telengé Pacitan mbisu ora semaur, bareng meruhi katresnan iki wis saya ajur, malah saiki kéntir ombaking segara kidul. Terus kapan nemu pelabuhan?
Ponorogo, Maret 2010.
Mengorbit dengan Tulisan Kreatif
7 years ago
0 comments:
Post a Comment