Thursday, December 20, 2012

Kaki Mandra Guna

Guritane: Deha Abadinar

Urut galengan sumrinthil lan jentrek-jentrek
Cucuk amba ndegeg lumaku endhas njengengek
Megal-megol balapan pijer rame swarane wek-wek
Kanthi meneng ngetutke jumangkah sengkek
Nyekel wilah sadedeg dawane kang kadya senggek
Ingon rinumat arip keturon nganti, kesel jan nyengklek
Caping amba nggo ngiyup ing panas lan udan kecek
Sengadi cukup paran lan pakan ingone bethek
Sinambi keklumpuk endhog ajeg kang tlecak-tlecek
Aja nganti benthet ginawa gemati kambek

Padinan dhapuke Mandra Guna Kaki ngiringke bebek
Klobot jagung rokoke ajeg mati sinumet korek
Angin midid atis rinasa mripat kudu ra melek
Kathok wus lethek sisih geger klambine suwek
Kecanthol pring ngetung ingon wingi, gunggunge kacek
Kanthi gemet ginoleki kang ilang ja morak marek

Surup bebek sumebar ra ana kang gatek
Endhog saenggon-engon pecah isine ndledek
Kothong kampil wadhahe gumlethak dhewek
Njrebabah sapinggir kali ing gampeng gegocek
Nglempruk Kaki Mandra Guna sacedhak besek
Isen sih wutuh ana tempe, sega lan peyek

Lambe wus biru sajak kelaran mripate mlelek
Tangan siji nyekethem dhadha, sarunge rowak-rawek
Ngedoh krameyan atilar dhewekan ing sepi tumemplek
Lola tansah uripe lunga teka tan ana kang bagek

Lemahdhuwur, dha 230311

0 comments: