Saturday, December 29, 2012

Maesaroh

Guritane: Deha Abadinar

Prawan kencur tanggaku ing dhusun Popoh
Ayu merak ati aran Maesaroh
Jinem anteng yekti ra nate goroh
Iren tur dahwen dheweke emoh
Dhemen weweh loma tetulung lomboh
Mangka bapa biyunge mung seneng ndoboh
Marang sapa wae barang darbeke nyah-nyoh
Kosok balen wong tuwa cethil, umuk lan croboh

Awan-awan swijining pawongan amara dhayoh
Mawartakke urip mulya sing sapa dhokoh
Wani rekasa ngudi kamulyan kadi dene iwak digogoh
Kamukten yekti sing sapa cancut angudi sagoh

Kocap kacarita prawan lamba atine comoh
Kapaelu manising madu iming si Gombloh
Pamit wong tuwa mapag kamulyan ya sapa weroh
Wani kudu sanadyan gegolek lelungan adoh

Seneng mulya mung impen, urip binacut amoh
Disiya-siya disingkang-singkang ing batin klomoh
Nyambut gawe tan leren adhem panas lan cekah-cekoh
Luput sithik sikil ndugang lajeng anggejoh
Kleru panampa disiram wedang mring awak mlonyoh
Durung marem garpu sendhok kanthi, awak dijojoh

Ngenteni limpe, anak sing jaka arogah-rogoh
Dirudhapeksa digegujer kaya kewan diloloh
Ditinggal nglempruk urip lungkrah ing endut diblonyoh
Sambat sapa ing paran, dhuh simbok-bapake adoh

Telung tahun linakonan bali mulih weteng kang aboh
Bayar ra tinampa semayan juragan mung clemah-clemoh
Pawongan ing bandhara isih tega muwuhi sosroh
Uga jowal-jawil sakdedalanan pak Sopir, ing batin kasroh


Lemahdhuwur, dha 050511

0 comments: