Sunday, December 9, 2012

MBURU UCENG, KÉLANGAN DELEG

Cerkaké Biyung Amie

Soré kuwi dalan lingkar anyar tumuju njaban kutha Ambarawa katon ramé, ilur tetumpakan pating sliwer ora ana pedhoté. Apamanèh iki ngepasi dina Setu, akèh wong2 sing padha nyambutgawé ing Semarang lan sakiwatengené, padha mulih, minggon ana ngomah, kumpul sanak kluwargané. Semono uga Bejo, kang nyambutgawé ana pabrik ban ing Banyumanik, seminggu sepisan ngulihi anakbojoné ing désa Banyubiru.
"Mas, wis tekan, tangi, arep mudhun pora?" clathuné kondhèktur bis njawil pundhaké, merga wis tekan lampu abang prapatan Pojok, lan dhèwèké keturon. Gragapan dhèwèké tangi nuli alok,"Kiriii...!" nuli kluntrung-kluntrung mudhun. Terus numpak angkot biru jurusan Banyubiru
Tekan ngomah dipethukké anak-anak lan bojoné kanthi sumringah.
Lastri bojoné, prawan tangga cedhak omah kang dinikahi 16 taun kepungkur, wis mènèhi bathi loro wadon karo lanang. Sing mbarep wadon wis klas 1 SMK Persit Palagan, sing nomer 2, lanang kelas 2 SMP.

Sawisé padha mangan bengi, banjur padha nonton tivi ing ruwang tengah.
"Mas, iki anakmu wédok si Tutik, dijaluki urunan kanggo study tour nyang Bali, kèhé pitungatus sèket èwu rupiah, akhir wulan Dhésèmber taun iki kudu wis lunas, lan kaé sepatuné anakmu lanang si Tono ya wis jebol, njaluk adhi" kandhané sing wadon, mbukani rembug, sawisé padha lungguh.
Sing lanang mung unjal ambegan dawa, sinambi klepas-klepus ngrokok, nuli celathuné, "Ya, sésuk yèn wis duwé dhuwit!"

"Lha selak mesakké Tono ta Pak, kaé lho jaitané nganti padha rantas, jempolé kétok," kandhané Lastri.
"
Lha piyé ta Mbokné, olèh-olèhanku ki ya mung samono kuwi, arep golèk nèng endi manèh?" wangsulané Bejo marang bojoné.

Wusana Lastri mung meneng waé.

Wengi sansaya mrambat, swara kodhok saut-sautan, sajaké padha gumbira, merga mentas waé udan.

Dina Minggu ésuk, dingarèn Bejo kok wis tangi lan adus barang, gawé gumuné bojoné, "Kok dingarèn men ta Pakné, yahméné kok wis resikan, arep ana tamu pa?" pitakoné Lastri marang sing lanang.

" Ora. Aku arep lunga karo Paidi nyang Wonosobo, sowan nggoné mbah Gobèr, jaré terkenal pinter, yèn mènèhi nomer mesthi cèples, akèh beneré, arang mlèsèt," kandhané Bejo ngyakinaké sing wadon.

Ora let suwé Paidi teka, ngampiri. Nuli wong loro budhal, numpak sepédhah motor, boncèngan.

Jam 16.00, Bejo lan Paidi wus teka, katon yèn sumringah. Banjur nggolèki bojoné.

" Mbokné, kénè dhuwit sing dakwènèhké mau bengi kaé... wènèhna aku! Mengko bakal takijoli wis ta, aja sumelang!" pangrimukè si Bejo marang sing wadon.

Jané Lastri owel arep ngeculaké dhuwit kuwi, kamangka kuwi jatah urip sewulan. Mengko gèk-gèk, mengkono swara ing njero batiné.
Dhuwit rong yuta limangatus èwu rupiah, wusana diwènèhaké sing lanang.

Wengi kuwi ing omahé Bejo katon yèn padha serius praènané, ngentèni kabar bukakan nomer togèl saka Singgapor. Tenan, bareng ana kabar, pranyata nomer kang metu dudu nomer kang dituku Bejo. Sakala nglumpruk ing kursi, Bejo lemes kaya tanpa otot bebayu, ora kuwawa kumecap apa-apa. Panoné semrepet kaya nyawang konang mayuta-yuta, semaput. Bojoné bingung, nggolèk lenga kayu putih, diglangsur-glangsuraké ing awaké Bejo. Bareng éling, dhèwèké kandha marang sing wadon, "Mbokné, apuranen aku ya, kabèh dhuwitmu mau kaé, wis ilang taknggo tuku nomer, wènèhané mbah Gobèr, jebul mlèsèt, ora metu!" kandha ngono sarwi memelas.

"Apa, Pakne .....? Oalaaah... Gusti nyuwun ngapura!" saurane sing wedok, sarwi njengek kaget, wiwit prembeh-prembeh, nangis.

Genti saiki sing wadon, bareng krungu kandhané bojoné kaya mangkono mau, sakala pecah tangisé, ndrini keranta-ranta, rumangsa kélangan daya, jenèh dhuwit jatah kanggo nguripi kluwarga sewulan, kok dienggo tuku togèl. Rekane arep digolekake tambahan, malah kalarut.
Oalaah... Bejo, Bejo.... sing ora beja, luwak mangan tales, awak yèn lagi apes.

Ambarawa, wanci ratri 071212

0 comments: