Thursday, January 3, 2013

Plenthon – Ratih

Guritane: Deha Abadinar

Tresnaku Kusumaning Ayu Dewi Ratih
Sun anti rawuhmu enggala mulih
Suwung tan wartamu yekti tintrim dhuh kinasih
Pendhak wengi dak anti impen andara-dasih


Tuhu tresna asihku mili ing getih
Ra jenjem nalaku ngadeg utawa linggih
Solah bawamu ngrenggani pijer ing galih
Baya suk kapan cuwamu gumanti lilih?

Prenjak angganter ingkang aburmu tebih
Apa ana pawartaning kusumaku tresna linuwih?
Kareben lerem urip kiyi kang mosah masih
Dadya tentrem bali lelakon bisane amrih
Jejega lampahku kang sarwa ngrerintih . . .
- - -
Ooooh, Kakang-ku Plenthon tutuk kok kenyih?
Sedhela wae tininggal nalarmu nyisih?
Ya gene wis tuwa ora kersa disapih?
Ngaru ara sambatmu ra kena dierih?

Gilo Dewi Ratihmu wis teka, oleh-olehan kluwih
Jajanan pepak ora lali ya ana dhidhih
Akeh tenanan kok, nggo ngebaki telih
Cukup kanggo dipangan skabehing batih
Lho, Kang? Kok malah ngaras ta, hiiiiiihhh . . .?!
- - -
Nyata begja uripku lamun wus panggih
Dyah Ayu Dewi Ratihku ing sukma pinilih
Pambagya rawuhmu klawan apa anitih?
Sengseming manah mireng tuturmu malih
- - -
Kakangku Plenthon mbok ya sing gigih
Aja ngalem ta ndhak aku risih
Tresna ya tresna ra sah jejerih
Lingsem lamun kapireng Sang Rama Patih
- - -
Mangsa borong karepmu Yayi, tresnamu sun tagih
- - -
Ah Kakang, Oh Kakang, Eh Kakang, Uh Kakang, Ih Kakang ih,ih, iiiiiiihhhh
. . .

Lemahdhuwur, dha 200811

Tuesday, January 1, 2013

PISAH PAPAG WARSA 2012 – 2013

Guritane: Biyung Amie Williams

Datan karasa sawarsa lumaksana
Mecak dirga myang jembare marga
Yektine wae nora lempeng gampang
Keh kang rumpil kebak ing pepalang

Warna-warna warnine kang tinemu
Wasisa nggennya tanggap ing semu
Samubarang tan kena sarwa kesusu
Denlaras murih nora nampa bebendu


Pait-getir manis legine kahanan nyata
Kudu katampa datan bisa selak suwala
Roncen rerenggan sandhangane urip
Waspadeng driya murih nora laku sisib

Nadyan rumpil lan abot suku lumaku
Tetep linakon kanthi antebing kalbu
Kanthi tekad sapa temen bakal tinemu
Sukabagyeng tyas panggya dalan rahayu

Dadya pangeling kabeh kang wus kawuri
Dadya bancik kanggo mumbul ing wiyati
Nggayuh samubarang kanggo urip mukti
Kang binerkahan sih wilasaning Gusti

Jumangkah mecak marga ing warsa anyar
Nggendhong pangajab, gantha lan sedya
Kanthi polatan wadana sumringah bingar
Muga kasembadan kabeh kang kajangka

Puja-puji kinanthi laku ing siyang ratri
Aywa kendhat tansah konjuk mring Gusti
Muga karenan nampi donga lan ngijabahi
Urip prasaja ayem tentrem ing saben ari

Mandragini, parak enjing 01012013