Tuesday, January 1, 2013

PISAH PAPAG WARSA 2012 – 2013

Guritane: Biyung Amie Williams

Datan karasa sawarsa lumaksana
Mecak dirga myang jembare marga
Yektine wae nora lempeng gampang
Keh kang rumpil kebak ing pepalang

Warna-warna warnine kang tinemu
Wasisa nggennya tanggap ing semu
Samubarang tan kena sarwa kesusu
Denlaras murih nora nampa bebendu



Pait-getir manis legine kahanan nyata
Kudu katampa datan bisa selak suwala
Roncen rerenggan sandhangane urip
Waspadeng driya murih nora laku sisib

Nadyan rumpil lan abot suku lumaku
Tetep linakon kanthi antebing kalbu
Kanthi tekad sapa temen bakal tinemu
Sukabagyeng tyas panggya dalan rahayu

Dadya pangeling kabeh kang wus kawuri
Dadya bancik kanggo mumbul ing wiyati
Nggayuh samubarang kanggo urip mukti
Kang binerkahan sih wilasaning Gusti

Jumangkah mecak marga ing warsa anyar
Nggendhong pangajab, gantha lan sedya
Kanthi polatan wadana sumringah bingar
Muga kasembadan kabeh kang kajangka

Puja-puji kinanthi laku ing siyang ratri
Aywa kendhat tansah konjuk mring Gusti
Muga karenan nampi donga lan ngijabahi
Urip prasaja ayem tentrem ing saben ari

Mandragini, parak enjing 01012013

0 comments: