Tuesday, March 12, 2013

Sengkuni (Ora) Bakal Mati


Dening Dhoni Zustiyantoro

Nalika dina pungkasan perang Bharatayuda, dheweke diperjaya dening Bima. Awake ajur-mumur lan dibuwang. Nanging, sipate sing licik tur seneng adu-adu dipercaya ora bakal ilang nganti kukuting donya.

Sadurunge iku, Bima setengah mati golek cara supaya bisa ngilangi nyawa mungsuh bebuyutan para Pandhawa. Sengkuni duweni kasekten. Nganggo cara apa wae, nyatane Bima ora bisa merjaya.

Ing dina pungkasan, yaiku kaping 18, Semar paring dhawuh yen kelemahan Sengkuni ana dubur. Jalaran biyene ya mung perangan iku sing ora kena minyak tala, pusaka tilarane Pandu sing dititipake menyang Dretarasta kanggo Pandhawa. Minyak tala wektu iku dadi rebutan anak-anak Dretarasta, ya para Kurawa. Nanging dhasare Sengkuni duweni pepinginan gedhe kanggo duweni pusaka, dheweke banjur nyenggol wadhah sing lagi digawa Dretarastra. Cupu sing isine minyak tala wutah sanalika. Sengkuni banjur wuda lan ngguling-nggulingake awak sadhuwure minyak. Hasile, dheweke dadi sekti. Kulite kandel lan kebal marang gaman awujud apa wae.

Ora mung tekan kono. Kasunyatan uga mbuktekake yen akeh tumindak sing nggambarake sipat sing ora mung kaya mangkono mau. Pawongan sing duwe jeneng asli Harya Suman iku uga tau nyuba ngrubuhake Gandamana, patih ing negara Ngastina. Wektu iku, Pandu sing mimpin Ngastina aweh tugas marang Gandamana supaya golek katrangan, apa ya bener, raja Pringgadani sing aran Tremboko ngirimke surat tantangan marang. Jalaran Pandu pancen mangu-mangu, durung isa percaya yen anak saka Sang Hyang Herumaya sing isih tedhak turun Sang Hyang Wenang iku ngajak perang.

Durung nganti tekan papan sing arep dituju, Gandamana wis weruh perang ampyak antarane Ngastina karo Pringgadani. Dheweke ora melu mbela negarane kepara malah ngadhem-adhemi supaya kabeh ngrampungi perang. Gandamana duwe kapitayan yen perang iku mung saka kleru pangerten. Nanging, Gandamana malah disurung dening prajurit Pringgadani supaya mlebu aneng luwengan. Kaya-kaya luweng iku wis disiapake kanggo dheweke.

Gandamana isih ora nglawan. Sajroning perangkap iku mau, Gandamana arep dipendhem. Tremboko teka, prajurit mundur. Sawise Tremboko nulungi Gandamana, keloro-karone saya duweni kapercayan yen ana dhalang sewalike ampyak awur-awur iku mau. Ya ora liya saka pokale salah siji sentana Ngastina, Sengkuni, sing duweni pepinginan gedhe kanggo ngrubuhake posisi Gandamana sing wektu iku dadi patih. Dheweke sing dadekake negara gonjang-ganjing lan gawe skenario sing ora becik.

Dadi Patih
Nanging kudu diakoni, maneka warna cara sing wis dilakoni karo anak Prabu Suwala iku mujudake dheweke duweni pemikiran sing mentes. Ora kabeh wong duweni strategi sing kaya mangkono. Emane, pancen strategi iku digunakake kanggo perkara sing ora becik.
Ora suwe sawise kedadeyan “Gandama Luweng” iku mau, Pandu malah mecat patihe. Maneh-maneh iki saka pokale Sengkuni. Pancen apa sing wis ditemtokake Pandu iki akeh sing ora trima, kelebu adhike dhewe, Yama Widura. Sengkuni isa mempengaruhi supaya Pandu nyingkirake Gandamana. Mangka, Gandamana wus misuwur dadi patih sing mrantasi gawe. Setya-tuhu marang negara Ngastina tansah dibuktekake. Nanging kasunyatane beda. Pandu percaya karo Sengkuni dadi patih.

Lungguh ana ing dhampar kepatihan, Sengkuni mesthi wae gawe ontran-ontran supaya keluwarga Pandu karo Dretarastra tansah mungsuhan. Apamaneh sawise bapak para Pandhawa seda. Saya-saya kanggo ngganti pucuk pimpinan Ngastina, Dretarastra sing wuta diangkat lan diangkat dadi raja.

Nalikane Dretarastra kepengin balikake tahta Ngastina marang Pandhawa, Sengkuni wis duwe skenario. Ngajak supaya padha kumpul ana salah sijine acara sing digawe ana Bale Sigala-gala. Sawise padha kumpul neng papan kono, bale banjur diobong. Niyate supaya Pandhawa musnah gagal amarga Pandhawa ditulungi dening para leluhure.

Liwat permainan dadu, Sengkuni uga tau nyuba ngrubuhake Pandhawa. Dheweke ngakali supaya bisa menang. Asile, Pandhawa sing kalah kudu lunga menyang alas 12 taun suwene. Kulawarga Pandhawa kaya-kaya tansah dadi reh-rehane para Kurawa.

Nanging, nalika Sengkuni isa ngrayu Pandhita Drona supaya nyingkirake Bima kanthi cara golek “kayu gung susuhing angin”, Bima malah duweni kasekten sing ora ana tandhingane. Drona sing dianggep guru sejati dening Bima, dhawuh supaya nglakoni sakeh pacuban sing ora lumrah dilakoni manungsa. Saka iku, Bima malah entuk --kaya sing asring dicritakake dalang-- kawruh sejatine urip, yaiku Dewa Ruci.

Pancen kasunyatan, kanthi sipate sing kaya mangkono, Sengkuni mujudake pawongan sing dhemen adu-adu lan golek benere dhewe. Nadyanta wis kalah, menawa sakeh lelakon mau kudu tansah ana ing papan endi wae.

Yen wayang sakothak ora ana dheweke, menawa ya ora bakal ana “ala becik bener luput klawan beja”, kaya sinerat neng tembang Durma. Kanggo sarana pangeling-eling tumrap sing lagi ngupadi memangun bebrayan agung, ngupadi dadi janma sing tansah ngadohi sipat-sipat sing dianggep ala. Utawa malahan Bharatayuda lagi ginelar.

-Dhoni Zustiyantoro, pandhemen sastra lan budaya, mahasiswa Magister Ilmu Susastra Undip Semarang
*Tulisan liyane isa dipirsani ana blog pribadi, merengkuhsenja.wordpress.com
*ilustrasi gambar: http://sedjatee.files.wordpress.com/2010/11/wayang-wordpress.jpg

0 comments: