Dening: Yohanes Praba Wardaya
Durung suwe iki, kanca-kancaku sing padha ngayahi mulang basa Jawa padha bingung. Miturut kabar kang durung cetha, ing Kurikulum anyar (2013) sing jarene bakal ditrapake ing taun ajaran anyar 2013/2014, akeh mata pelajaran sing bakal diilangi. Kalebu mata pelajaran basa Daerah (Sunda, Jawa, Bali lan liya-liyane).
Salah sawijining kanca kang mulang basa Jawa ing tlatah Semarang, ngajak ngobrol marang aku ngrembug babagan iku, lumantar piranti internet (online).
”Mas Praba, niki kanca-kanca sami bingung. Yen basa Jawa estu dipunicali lajeng nasibipun para guru basa Jawa kados pundi?”
Sing chatting lan sambat mangkono mau Ki Anom Sawukir, adhik angkatanku rikala sinau ing pamulangan guru wektu semana. Senadyan dheweke ngerti yen aku ora mulang, nanging kanca-kanca isih kerep ngobrol lan ngajak diskusi utawa sharing bababagan pamulangan. Mula, pitakonan mau banjur daktanggapi kanthi serius.
”Lha kok sami bingung perkawisipun menapa?”
”Lha cetha penjenengan boten bingung, wong penjenengan menggok lajeng boten purun mucal, kok.”
”Nadyan kula boten mucal, nanging kawigatiosan kula babagan budaya, basa lan sastra Jawi boten nate luntur lho, rayi. Sacara non formal lan informal, kula tetep nggegegi, njagi, nglestantunaken lan nguri-uri basa Jawi.”
“Inggih margi babagan menika, mila kula lajeng kepingin diskusi lan sharing kaliyan panjengan, Mas Praba.”
”Lha sing njalari bingung bab napa, rayi?”
”Anggenipun basa Jawi badhe dipunicali saking Kurikulum 2013 niku, lho.”
”Nuwun sewu, rayi. Saenget kula, kawit rumiyin basa Jawi lan basa daerah sanesipun mila boten nate lan dereng nate mlebet ing Kurikulum Nasional (Kurnas). Sapangertosan kula basa daerah kalebet ing Kurikulum Muatan Lokal (Mulok). Bok bilih ing Kurikulum enggal samangke ugi tetep mlebet ing Mulok, rayi.”
”Lha kabar ingkang kula tampi, Mulok samangke kaparingan wekdal 4 jam saben minggunipun, kangge mata pelajaran Seni Budaya, Prakarya lan Basa Jawi. Samenika kaparingan 2 jam kemawon asring kirang wekdal, lha kok benjang punparingi 4 jam taksih kagabung kaliyan mata pelajaran sanesipun. Ha rak mbingungake ta, niku.”
Ora maido yen Ki Anom Sawukir lan para kanca guru basa Jawa padha jibeg lan bingung. Aku sing disambati, bebasan welas tanpa alis. Bisa nampa crita lan pasambate nanging mesthi wae ora bisa melu nguwali lan ora duwe wewenang melu ngudhari. Ing babagan iki aku sumadiya dadi talang, ngrungokke lan nampa pasambate. Urun rembug lan mbombong murih kanca-kanca sing padha mulang basa Jawa mau tetep nduweni pengarep-arep lan nduweni semangat njaga murih lesatri lan ngrembakane basa, budaya lan sastra Jawa.
Ndilalah, pirang-pirang dina iki aku nyoba nggatekake perkara iki saka sawernaning media. Ing kono Mendikbud ngandharake menawa basa daerah ora bakal diilangi (dihapus). Awit basa lan budaya daerah kang kebak kearifan lokal, dadi salah sawijining sarana kanggo mbentuk kapribadening (karakter) para siswa. Emane, Mendikbud ora ngatur kanthi tegas piye trap-trapan lan cak-cakane ing lapangan. Penjenengane ngendikakake yen basa daerah kalebu ing Mulok, kang bisa diwulangake ing mata pelajaran Seni Budaya lan Prakarya. Kang cak-cakane dipasrahake marang daerah kang nduweni basa Jawa lan praktekke dipasrahake marang sekolahan.
Kanthi wacan saka maneka warna media mau, banjur dakterusake chatinganku, “Sedaya mila taksih dereng cetha, rayi. Antawisipun tetep kawucalaken mandiri utawi badhe kagabung. Menawi kagabung temtu lajeng badhe repot, awit pelajaran seni musik, seni rupa, prakarya lan basa Jawi, setunggal lan setunggalipun kawucal dening guru mata pelajaran kanthi kaprigelan mucal mandhiri. Menawi Mendikbud boten ngatur kanthi Juklak lan Juknis ingkang cetha, temtu badhe nuwuhaken perdondi ing saben tlatah tuwin sekolah. Menawi Mendikbud boten enggal damel aturan, mugi-mugi para guru ingkang kagabung jroning MGMP basa Jawi enggal-enggal rapat lan nggemblengaken tekad. Lan malih, daerah-daerah ingkang mucalaken basa daerah (Sunda, Jawa lan Bali) kedah menggalihaken kanthi tlesih babagan menika. Paling boten, Dinas Pendidikan Propinsi, Kabupaten lan Kota nggadahai jejibahan menggalih lan ngatur babagan menika. Menawi ingkang kula sebataken ing ngajeng wau leleh-luweh, sekedhap malih basa daerah (Sunda, Jawa lan Bali) ingkang adiluhung lan nate manjila, temtu lajeng badhe sirna.”
”Matur nuwun, pepancasan lan sharingipun, Mas Praba.”
”Sami-sami, rayi. Amargi kawontenan, kula namung saged urun rembug lan sumbang saran kanthi seratan.”***
*) Kababar ing Majalah Praba Th ke-65 No. 03 Februari I 2013
0 comments:
Post a Comment