Wednesday, September 25, 2013

Lutung Waru

Dening Anzar Subagas

Lutung waru
Obahing badanira tansah nggregetake kalbu
Tumindakmu kang konangawon, tetep wae njaga guyu
Tansah sedhakep lan mangkusuku
Lenggah wibawa aneng bangku

DhuhGusti,
Sapa kang bisa katiru?
Pamong Prajawus tan bisa digugu
Tukar padudon kang tansah rebut-rinebut
Mung kanggo memayuhayuning pribadi
Ujare kanggo numpes korupsi
Jebul malah kaya Sengkuni mulang ngaji parasantri

Mula aja padha rebut-rinebut kadigdayan
Kang tan bisa gawe bungah marang liyan
Pamong Praja kudu anduweni laku utama
Supaya bisa memayu hayuning bawana
Negara kita, Indonesia makmur lan santosa

0 comments: