Tuesday, October 1, 2013

SURYA PUTRA


Dening Ahmad Alfan Rizka Alhamami

Aku Karna Basusena!
Ratu ing Awangga!
Aku ngabdi marang Duryudana lan Kurupati!
Aku bakal bela kurawa nganti tumeka ing pati! 

Mangkono tembung Karna ing carita Mahabarata
Tembung iku gawe girising ati
Atine sang biyung, Dewi kunti
Karna kang isih trahe dewata
Nerak kabeh tata cara
Kurawa dibelani..
Kadange, para Pandawa, dimungsuhi
Sapa sing ora gething marang lakune Putrane Betara Surya
Gathotkaca, mati dening kontawijayane
Abimanyu, mati dening atusan panahe


Sejatine..
Yekti satriya pinilih
Satriya ndharma ing rasa
Kudu nyekel Guna, Karsa, lan karya marang trahe kuru
Senajan bocah kang kudu urip kasempyok-sempyok banyu
Sapa ngira bisa mbabad alas Awangga
Sapa ngira yen Karna bakal dadi satriya
Satriya sekti mandraguna
Tandhinge adhine para Pandawa 

“Karna anaku, baliya marang kadangmu para Pandawa”
“Iki wis pancen garising urip bu, ing palagan kurusetra aku ora bakal ngemek kadangku Pandhawa”
Tratap atine Sang Ibu
Pancen sigaraning getih
Mbela mungsuh tanpa nglarani dulur
Kabeh lakune hanamung nyekel pangucap
Setya marang kanca lan bela Bangsa uga Negara

0 comments: