Saturday, October 5, 2013

NGALAH



Dening Biyung Amie Williams
 
Kutha Bogor kang pancèn hawané adhem wis ora digubris. Sing ana ing pikirane mung siji, daya-daya énggala bisa ketemu wong wadon kang aran Farida kuwi. Kanthi numpak ojèg lan pituduhé tukang ojèg, wusana Ratna tekan komplek asrama tentara, dunungé si Farida mau. Pranyata dhèwèké kuwi manggon ing omahé mbakyuné kang bojoné sawijining tentara.

"Punten," uluke karo nothok lawang, alon. 

"Mangga," sumauré kang ana njero ngomah, sarwi sandhalé keprungu srak-srèk tumuju lawang.

Atine trataban, dheg-dhegan worsuh dadi siji. Ora suwé lawang dibukak, ana wong wadon umur udakara 35 taunan metu.

"Assalamu'alaikum...!” Ratna uluk salam.

"Wa'alaikumsalam, maaf cari siapa ya?" wangsulané.

"Apa betul Farida tinggal di sini, Bu? takone marang wong mau. Ketara sajak rada bingung weruh Ratna.

"Adik siapa ya?”

"Saya teman Farida, Bu, di tempat kerja," wangsulanne Ratna.

"Oo... Begitu, ya. Mari silakan masuk, sebentar saya panggilkan dia!" Dhèwèké banjur mlebu omah saperlu ngundang si Farida. Ora let suwé ana bocah wadon umur udakara 28 taunan metu, dedegé lencir dhuwur awaké kuru, pakulitane ireng manis, mbagèkké tekane Ratna.

"Oh... Mbak Ratna, ora kesasar ta, Mbak?" pitakoné mbukani gunem. Nadyan nembé sepisan iki ketemu, nanging dhèwèké katon ditatag-tatagké nemoni tekane.

"Ora, kok," wangsulanne Ratna lirih, sarwi ngadeg nyalami tangané.

Ketungka tekané mbakyuné karo takon, "Kenal di mana teh, sama Mbak ini?" Farida ngodhe, sarwi nyénggol sikile Ratna, supaya meneng waé. Sing disenggol tanggap.

"Teman aku di pabrik kok Ceu, dari Semarang," Farida awèh katrangan marang mbakyuné.

"Oo... Begitu, ya?" Mbakyuné sumambung.

"Silakan ngobrol, saya mau ke dapur, masak!" pamite sarwi menyat mlebu. Ratna mung mesem karo manthuk.

Kamangka tekane Ratna nyang Bogor kéné iki awit kadereng olèhe kepéngin ketemu Farida kang seminggu kepungkur kirim layang menyang dheweke, kang mratélakaké yèn dhèwèké iku sisihané Mas Joko, ya bapaké anak-anake Jodi lan Ade. Pancèn wus mataun-taun bojone makarya ana ing kutha Jakarta, saben sewulan sepisan mulih nyang Semarang. Nanging dheweke ora nyana yèn pranyata ing kana wis krama manèh, tanpa palilahe, malah wis peputra manèh, mijil loro. Élok tenan, dheweke kok ya percaya waé karo sisihane, kang rumangsane ki ya ora ngowah-owahi adat, wong ya katon ora owah kawigatèné marang dheweke lan anak-anake. É... Jebul lidok pangirane. Jejer wong wadon, dheweke suthik urip diwayuh. Luwih becik dheweke pilih ngalah waé, urip mardika karo anak-anake, ala-ala dheweke uga cekel gawé, cukup kanggo urip lan anak-anake.

"Mbak," Farida mbuyarké lamunane.

"Yuk metu nyang njaba, omong-omongan bèn ora dirungu Mbakyuku," pangajake Farida marang Ratna. Wusana Ratna lan Farida mlaku metu menyang teras, lungguh ana kursi dawa.

"Mbak Ratna, aku njaluk ngapura ya, Mbak, aku wis ngrebut katresnane Mas Joko saka Mbak Ratna lan putra-putra. Nanging kawitan aku pancen ora ngreti tenan yen sabenere Mas Joko kuwi wis kagungan garwa lan putra, merga dhekemben ngendikane isih legan kok, dadi aku ya gelem dipek bojo," Farida nyoba njlentrehke kahananne marang Ratna.

"Wis, wis... Dhik Ida, ora usah njaluk ngapura marang aku, kabeh mau wis kebacut. Sliramu ora luput, kahanan dadi kaya mengkene iki merga mas Jaka sing luput, mula tekaku mrene iki mung arep miterang wae lan ketemu Sliramu. Aku ora arep nggugat utawa gawe kisruh nggonmu bebrayan karo Mas Joko, malah kawruhana yen aku arep njaluk pisah marang Mas Joko. Terusna anggonmu bebrayan karo Mas Joko, aku sing ngalah!" mengkono kandhane Ratna akeh-akeh marang marune, kang lungguh ana sisihe sarwi sesenggukan, nangis.

Bareng wektu ngancik soré, Ratna pamitan mulih nyang Semarang, nggémbol ati lara, sadalan-dalan kang diliwati bis kang ditumpaki, eluhe tumètès nora kena kapambengi.

Parak ésuk, bis wis lumebu kutha Semarang. Tekan ngomah anak-anake padha methuk. Diambungi siji-siji. Ora ngreti kayangapa gempiling atiné biyungé.

Seminggu saka kedadéyan kuwi, Mas Joko kondur kaya adat saben. Nanging katon kaya wong bingung kaé, ora kaya padatan, mbokmanawa wis dicritani déning Farida bab tekane Ratna nyang Bogor dhèk embèn.

Ing sawijining wengi, sawisé bocah-bocah wis padha turu, Ratna mbukani rembug. "Mas, kabèh iki wis cetha, pranyata Panjenengan wis krama manèh tanpa palilahku, mula ing kalodhangan iki aku dakngalah waé, sèlèhna, resikana aku, dakurip karo anak-anakku! Luwih becik Panjenengan gesang kempal karo dik Farida lan putra-putra Panjenengan ing Bogor waé," celathune Ratna kanthi aris.

"Ah... Aja kaya ngono, Jeng. Aku ora bisa pisah klawan Sliramu lan anak-anakku. Aku pancèn luput, aku njaluk pangapuramu, Jeng. Nanging aja njaluk pisah, ya?" wangsulane Joko ngemu paminta, njaluk diwelasi.

"Ora bisa, Mas, niyatku wis gilig, aku nyuwun pisah, aku emoh diwayuh, aku ora bisa nglakoni, Mas. Wis, ta, aku waé sing ngalah. Luwih becik Panjenengan kondur menyang Bogor waé!" wangsulane sing wadon kanthi tatag lan manteb.

Wektu setaun wis mungkur, kang nyeksèni dumadiné prastawa nyedhihaké, Ratna sida pisahan karo Joko ya bapake anak-anake, luru urip sowang-sowang. Kang gawé semangat lan bombong uripe, yakuwi anak-anake kang ditresnani, tansah ngancani ing saben dina. Muga Gusti tansah njangkung lakuku ing samargi-margi, mengkono panglocitane ing donga, sawise sholat tahajud ing sawijining wengi.

Gubugku, ratri 090812
*gambar: http://intisari-online.com

0 comments: