Saturday, October 5, 2013

Gurit Udan

Dening Elok Wahyuni

Isih perkara udan
kang tumiba saka langit wengi iki
durung kober anggonku nguntabake rasa pangrasa
ing sawijining gurit

Ya, gurit kang bakal kagawa mega-mega mendhung
medhar rasa batinku marang sliramu
janma endah tan bisa dadi duweku

Isih perkara udan
kang durung kober dakgurit
mung wewayanganmu kang tansah jejogedan
ing langit pikirku

Kapang-kapang
Nyedhak
Saya nyedhak
Cedhak
Banjur ilang sakeplasan

Isih perkara udan
kang durung bisa daktulis dadi gurit
jalaran mlathi isih angambar-ambar
ing lemah teles iki

Kendal, 121112
20:49
*gambar: http://2.bp.blogspot.com

0 comments: