Wednesday, November 27, 2013

Lignosus

Dening Didik Supriadi
 
Si Pocung bingung karang rinebut dhucung
kepangku keplangkrang
gegliyungan jroning gendhing
upamane rada alot, Pocung mimpang,

Emper-emper den seser-seser,
“diwolak-walika, mantrine pancen luput
jalaran wis wani sawiyah-wiyah
ngobong klaras wimbuhan glugu kumelun
kebak wereng lan bajing klapa
sing padha keplayu ngrubuti merang putun
sing padha pinatun pinatut turut galengan”

milang-miling ambawa giris,
“pitik sakkombong miris jajag gunem
kadi kesrimpet dhedhemit irung gruwung
binayang-bayang raupe srenggala kereng
embane wedhus prucul lelaku gedrug
ngadhuki bajang isi granat minangka layang
wulung pepatine kongkang ijo iwene si Pocung”

Dadia Jethayu sing lulus tinulis wasis
aprang tandhing mangsah Dasamuka
nadyan amung ketiban awu angete Sri Rama
apa malah dadi Jamur
amarga kadhung ilang wahyune kepungkur?
luwiha den slamet

Semarang, 26 November 2013

0 comments: