Friday, December 6, 2013

Guritane Didik Supriadi

NGARANIRA
dening Didik Supriadi

Delanggung hamung hanggungguh dhiri
nyawang kekiprahe si pawong pamengkang kardi
sing linambaran gelaring zamrut warna canthoka
kekadhalan tuwuh subur tanpa tinandur asta
sing mangsa kalane manembrama
kanthi kidung sepi panglilihe ati

mesat ing carita:
“lelakune paraga catur lan padha rukun hangentasi
karya Sang Aji, hamiji, haniti, nyaruduki nganti teka pepati
lamate padha kisruh miwir antawecanan
kanggo Willen pomah kumpeni sing wis madeg tanpa caturan
bisane mung namati dalan rumpek kebak pasulayan”

anon, tinon, takon, nemahi laku Ismaya
anggone paring pawarta
mesusi mono rally dimen ketiban daya
panambake tuk lan curug nganggo pipa walanda
dimen handana warih, handana luwih, handana jelih
tanpa jirih abusana siswa atameng wesi mobahke ngelmi
apeparap sarjana srenggala pati

sajroning gurit mangambar ganda sekar kumambang
ginelar thukul tanpa urea, ginulung mbilung tanpa pepetung
dadi papan pangudarasa sangarepe pandhapa agung

nalika iku, napaki mangsa gedhene sumber
prabane manggalasthi ambuka pang ron sinengker
ingaranan murud dhadhung sarira

Ungaran, 6 Desember 2013


Bel Geduwel Beh
Dening Didik Supriadi

jatahe numpak sepur malah ketampan nganggur
jatahe parak sunan ujube maring sumawanan
timbang ngleker alah sayang maring Pak Dokter

I
rasa seger hawa angler
nggo tambane geter ati sing nandang ser-muser
kateter padhatan kasamper gaweyan dadi lumayan
alah jebul keplangkrak aneng blumbang siwarak

papan raharjane bening tanpa tambuhan keling
obat putih, bronjong tapih, apa maneh ampas kluwih
sing ngarengga iline banyu (Gusti) sing sarwi merak ati
dadine, gawe gorehe awak petruk sing ketungka-tungki

II
rasa madu tanpa tutur lan olah suka
kanggo tamba katarak karbon nglemprake dioksida
madhani blarake netra, idhep-idhep tunggu nata
alah jebul aneng papan asmara ngalaras hayu yuwana

ngombyaki sapta rasa sing suwe angler datan sasami
dening kentrung, kenthong siomay sung padha makarti
mrabawa adi aneng tabuhan lan tetembangan lir resepsi
ana kalane, sang ratu kawimbuh lawuh pupu sakombenan ugi

III
milang-miling ngupadi tambane kembung
gumalundhung galudhug maweh lesuse kedhung
panyimpen satru murka kadi sasra sata ing tengah grumbulan
ngrasuk gubug mangkring engking kinempleng tuhu

maneka tedha den sambrama
dimen kasok kardi sesasi nganti lali dandang gumlonthang
den ucap, “alah mangsa alah pira!”
ning jebule, kanthonge bolong luput tembelan

IIII
Jatahe rabi ambok dilekasi, aja nganti dadi ekspansi
angrampungi sewu dedonga siji pangaji
ben apa sebut: sang ratu, kanthong bolong, bel geduwel
si petruk kudu panggah bali myang prayitneng  karti

ora amung klencer lumaku
amunge goleke turu lan sangu

Ungaran, 6 Desember 2013


GETHUK KETHEK
dening Didik Supriadi

iki wis daksawang lan dakrasakake
wujud mrengut warna coklat esem
sing sakala dadekake sasra kandha sewu pamundhutan

“rupa meneka warna iki aja koksemayani
nganggo suwe lan janji barat sacempe
amarga slageyan wis katon ngawe ngece
ngambus-ambus receh lan kulub kertase”

Gethuke gethuk kethek
digeget mathuk, kepenak yen malethek

Iki wis takgelung aneng pamikete
ombyake kahanan ora mung tiba dadi sulaya
sing sakala dadekake sasra kandha sewu pamundhutan

“ora gampang anggonmu gambuh atunggal kardi
samangsa karemanmu amung kulakan sata tahu
jinarweng bakso sing maweh puji rahayu
jebul, salira iki wis niti laku karyenak satuhu”

gethuke gethuk kethek
gelemu yen kethuthuk, kepara dadi theklek

iki dudu reka dayane tukang dagang hore
ing kene papan tahu sing pranyata rukun tetunggalan
sarasi sawiji satiti tata tur adi ta?

“wiwit biyen datan prabeda
ora kengguh kudu amasang umbul prandha
amung wimbuh emane kerep katrajang squer  kajejer
sing kebak sarinthil narabas jegur uwur bubure”

jebul gethuke wis ameh lis antek
bakale, ora bakal dakkulak kanggo sutresnaku
tundhane, daktuku kanggo tambaku

Cakra Sewu Dupa, 6 Desember 2013

0 comments: