Crita Cekake Rie Rie
"Asem!" pisuhku karo mrengut. Lambeku sing maju setengah senti iki malah ketambahan maju nek aku mrengut ngene iki. Yo ben!
Tak uncalke jagung sing wis di selep ana meja cilik ing pawon. Jaman saiki arang ana wong sing nutu jagung. Paling gampang tur cepet yo kuwi di selepke. Jagung di kum banyu sewengi suwene banjur di tus sakdurunge diselepke. Sak banjure di interi, di dhewekke ampas lan jagung lembute. Sing jagung lembut dimasak dadi sega jagung dene ampas jagung kuwi biasane di gawe pakan pitik utawa menthok.
Aku lungguh deleg-deleg nimbang tetembungan kang keprungu setengah jam kepungkur.
"Halah wong kacang kuwi ora ninggal lanjaran," kandhane Lik Yuti karo mendelik lan mencap-mencep nyawang aku.
Lik Yuti kuwi bojone pak Rt, sing omahe mentereng cet-cetan abang ing pinggir desa. Wonge sepantaran karo simbokku umure, duwe anak wedhok kang aran Sari, kancaku SD nalika semana. Lik Yuti kuwi raine bunder kaya semangka, bokonge semok sak tampah gedhene. Nek mlaku pangiraku kaya onde-onde raksasa lagi ngglundung. Ewasemono lambene sing nggedibel kaya kue moho kuwi kebak upas sianida. Nek omong waton omong wae ora ngomong nganggo waton.
"Asem tenan," bacutku misuh. Jenggirat aku ngadek, kelingan nek aku kinercaya masak sega jagung dina iki. Sega jagung iki kudu mateng sejam engkas, kandhaku marang awakku dhewe. Bapak mesti wis luwe merga isuk mau ora sarapan opo-opo. Kopi wae yo ra ngombe merga kesusu niliki sawah sing sewengi ketiban udan gedhe.
Kaya dene jagung selepan kang ana tampah kuwi utekku mubeng, muter, nyoba ngeling-eling wewayangan kang dumadi 22 tahun kepungkur nalikaning aku isih bayi, nanging ora kasil. Nyoba nggatuk-nggatukke kedadeyan kang ana hubungane karo kacang lanjaran sing di karepake dening Lik Yuti kuwi, nanging uga ora kasil. Halah...
"Ndhuk, mengko ngurap yo! Kuwi godhong pohong, godhong luntas, godhong, kates, kacang lan cambah wis cumawis. Klapane nyenggrek o ngarep omah kuwi. Aku tak nusul bapakmu karo nggowo kopi," welinge simbok karo upyek ngracik kopi.
Oalah dadi wedus maneh! Wingi wis mangan jangan lodeh rembayung, saiki mangan urap gek nganggo sego jagung pisan. Lha opo ora sereden, pikirku. Sanajanna ngono yo jik mending, ketimbang biasane nek aku kuliah ning Semarang ki mangane mung karo sega kucing. Sing yen dipangan ki ora ana sepojok e wetengku.
Tanpa wangsulanku mbokku mangkat nusul bapak aneng sawah. Lan aku tanpa suwala masak.Sekabehane mateng jroning sejam setengah. Sega jagung, urap lan lawuhe gereh asin.
Tak tata rantang gawe ngirim bapak. Siji tak iseni sega jagung, siji tak iseni urap karo gereh asin lan sijine maneh bubur jagung sing tak sisiri gula jawa ing dhuwure.
Humm...anak wedhok tenan aku!
Mlaku tanpa sandalan amerga sadalan-dalan embet. Ngliwati omahe mas Mus, pacarku sing kuliah bareng aku ing Semarang. Mas Mus kuliah ning Undip ewadene aku ning Akper. Tak lirik sitik omah kuwi, atiku tratapan. Gek-gek ketemu karo calon maratuwa. Ah suwung, ora ana uwong, lawang ngarep yo di tutup. Menawa wae lagi kulakan lombok merga calon maratuwa ki juragan lombok.
"Dahar riyin pak!" pambengokku sawise tumeka ana ing sawah.
Bapak katon gagah nganggo caping pring lan suwal komprang dene simbokku uga ora kalah nganggo klambi kebayak lawas sing ditaleni ing ngarep udele. Lelorone katon reged dening lumpur sawah. Galeng sisih kidul jebol, lan bedengan wineh pari kuwi klelepan banyu.
Bapak mentas saka sawah, nyangga pacul aneng pundhak e,simbok tutwuri.
Nyawang kekarone sing rukun ngono kuwi aku rumangsa ayem. Opo ya sekirane mbesuk aku lan mas Mus kaya dene bapak lan simbok, pitakonku marang awakku dewe. Dumadakan tetembungan kang kinucap dening Lik Yuti njedul ing pangangenku. Ndadekake aku kemrungsung sing ora sak pantese. Dene wong loro iki nyimpen wadi, pikirku. Gek pinter men sandiwara ning ngarepku, kaya-kaya ora nate ana barang sawiji kang tahu ngganjel ning ati.
Sekirane wae aku duwe aji-aji Legilimency kaya dene Harry Potter mesti wae wis tak cak ne. Ben aku isa mbukak kabeh kang wus dumadi tetahunan kepungkur, ben aku isa maca apa tho sing sakbenere ana ing pikirane wong loro kuwi.
"Legimens!" pambengokku seru tapi ning jero ati. Ora kasil.
"Nyapo tho ndhuk kok deleg-deleg wae ki?"
"Mboten napa-napa kok pak, sumaurku.
"Iyo kok kit mau tak sawangke sajak seje," sumaute simbok.
Aku meneng. Apa ya patut nek aku prasaja, nakonke samubarang kang wis dumadi tetahunan kepungkur? Apa yo patut nek aku ndedes bapa biyungku? Aku bingung, rasa pengin ngerti ngluwihi sak kabehane nanging rasa wedi, wedi yen ta bakal natoni atine wong tuaku uga ora kalah gedene.
"Ndhuk, kok kacange mbok gawa rene kabeh to? Awakmu rak ya ngerti nek bapak ki ra seneng mangan kacang. Lha kacang kuwi kan biasane karemanmu tho ndhuk?" kandhane bapak kanti ulat ora rena.
"Ora pak mangan kacang!" sumaurku sengol. Getun, ora biasane aku ngomong seru karo wong tua. Tapi wis kadung kinucap.
"Biyuh biyuh...isuk-isuk kok wis purik karo kacang tho ndhuk,"
"Pokok e ra pak mangan kacang, wegah!"
"Lho kawit kapan calon perawatku iki ra seneng mangan kacang yo? Jarene kacang kuwi kebak protein sing migunani kanggo salira?" simbokku ngomong karo mesam-mesem.
"Lha kuwi mau to mbok kawit ketemu karo Lik Yuti. Kandhane Lik Yuti ki"kacang kuwi ora ninggal lanjaran" ," sumaurku karo nerokke omongane Lik Yuti.
"Walah-walah, suk maneh ki omongono nek nandur kacang ki aja kacang lanjaran. Kon nandur kacang brol utawa kacang tunggak wae."
Wong loro ngguyu sajak ana sing lucu. Apa sing lucu, pikirku.
"Lha wong kacang sing dikarepake ki sampeyan lho mbok,"
"We lha dalah...lha aku iki kacang? Apa sing di karepake kuwi kacang..."
"Lha jarene aku ki kemayu, keminter, seneng nggodhani liyan kaya kacang ora ninggal lanjaran. Lha nek aku ayu ki yo wis kit mbiyen to mbok, lha nek aku pinter ki yo wis kit mbiyen. Tapi nek di darani kaya kacang kuwi lho aku sing ora trima, apa maneh nggodhani liyan,kapan to?"
"Halah uwis sing sabar to nduk, wong kowe dewe rak wis ngerti yen watak wantune Yuti ki kaya kethek. Senengane gawe geger liyan, dhewekke ki gatel nek ora nggegerke liyan,"
"Lha kacang lanjaran?" pitakonku nylengit.
"Lha sing kacang lanjaran ki ya sapa? Aku? Simbokmu iki? Lha kana takonna karo pakmu. Nek aku iki kacang lanjaran apa ra di pegat kit biyen mula,"
"Dudu kacang lanjaran ya mbok? Dadi tenan dudu kacang lanjaran tenan? Dadi Lik Yuti ki mung gawe ontran-ontran thok wae ya mbok?"
"Takon pakmu!" sumaure simbok sajak sumengit.
"Mbokmu kuwi ya ndhuk, wanita sing utama. Paribasan Srikandhi wae isih kalah yen di tandingke karo simbokmu,"
"Halah si Yuti ki paling jik jengkel karo aku, soale den mas Arjuna, ya kuwi bapakmu dadi duwekku. Apa maneh saiki awakmu dadi pacangane Mus, sing mbiyen di gadang-gadang bisa dadi mantune dhek e."
"Dadi bener dudu kacang lanjaran to? Dudu kacang lanjaran tenan??
[]
Hehehehe....aku merasakan keasyikan tersendiri sewaktu menulis dalam bahasa jawa.
Rasanya seperti kembali ke desa....
mungkin ini karena aku lagi rindu sama rumah...homesick...
Bener2 deh nulis bisa membantuku untuk melepaskan bebanku.
Aku ga akan berhenti, akan kutulis semua ide yg ada di kepalaku...
keep posting...keep learning!!!!
dikopipaste saka babu ngeblog
Mengorbit dengan Tulisan Kreatif
7 years ago
0 comments:
Post a Comment