Monday, March 3, 2008

KAWULA PITADOS

kaaturaken
arswendo atmowiloto

Kejawen, utawi lampahipun kabudayan Jawi, yuswanipun sami kaliyan jagat sak isinipun. Wonten kalih pratanda ingkang mboten saged kabantah. Sepindah sebatan “Jumat Kliwon”. Dening ingkang angka kalih: paugeran “jumbuhing kawula- Gusti.” Mboten wonten kabudayan sanes ingkang saged manjing ajur ajer, mancala putra mancala putri kadidene kabudayan Jawi.



Kawula pitados!

Para sutresna Sastra Jawa ingkang minulya

Keparengan kawula sumela atur ing pawiwahan ageng punika, ketang kapang kangen dumateng para priyagung ingkang ngrungkebi Sastra Jawa kanti tresna lair batin. Sejatosipun panjenengan sedaya maringi kaseksen tuwin kasekten, mbokbilih Sastra Jawa minangka wohipun kabudayan Jawi tasih wonten pangajeng-ajengaipun, sanadyan radi obah lan owah.

Kawula nderek prihatin. Nanging sejatinipun, sadaya kala wau mlebet wewengkon politik. Sauger pemerintah—utawi pemerintah daerah, nggadahi manah lan tasih rumaos “wong Jawa”, Sastra Jawa bakal ngrembaka malih. Manawi para gubernur, walikota, bupati, para wakil rakyat mboten migatekaken Sastra Jawa, dipun dongaken supados enget asal usulipun, supados waras. Manawi tetep ndableg, lha mboten sisah dipun pilih, dipun demo kemawon. Pancen makaten unggah-ungguhipun demokrasi.

Para sutresna Sastra Jawa ingkang minulya,
Sastra Jawa minangka woh, dene kabudayan Jawa kang dados uwit, utawi ingkang dados roh, dados suksma. Kanyatan sejarah sampun maringi bukti cetha wela-wela, mbokbilih budaya Jawa, ingkang asring dipun wastani Kejawen, tetap urip, tetap nguripi, tetep dipun angge ing sadengah wekdal.

Conto sapindah : dinten Jumat Kliwon.

Duk ing uni, nalika tahun Masehi lan nami dinten kangge sesebatan sak donya, nami-nami dinten basa daerah, ilang tanpa bathang, muspra kadidene lebu katiyup samirana. Etung-etungan dinten pasaran, anehipun tasih dipun agem, tasih dipun ginakaken. Saged sesarengan kalawan nama dinten ing basa Indonesia. Pramila wonten sebatan Jumat Kliwon—ingkang nggadahi aji benten kabandingaken dinten Jumat sanesipun—Jumat biasa, utawi Jumat Pon-Kliwon-Wage-Paing.

Miturut pamanggih kawula ingkang cethek lan kirang lantip, para mbah buyut saestu pujangga ingkang pinunjul, linuwih, sekti mandraguna, mboten katandingan pujangga liyan budaya, ing bab nglestarekaken budaya daerah.

Panginten kawula, punika mujudaken kaluwihan, laku utami, ingkang nggegirisi tuwin migunani sarta lestari yang salamipun. Kaluwihan, amargi budaya manca mboten dipun emohi, mboten dipun tolak. Kosok wangsulipun malah dipun rangkul, dipun “pangku”. Sedaya kala wau mili kados toya iang mangsa rendheng, wonten kanthi padudon, srekah, jejotosan utawi perang paten-pinaten. Samanten ugi nalika para simbah ngagem busana beskap ( jas manca ingkang dipun krowok, kangge mamerken duwung), selop (sepatu manca ingkang dipun kethok wingkingipun) tuwin wujud-wujud budaya tuwin tata krami lan ungguh-ungguh. Sanggit ingkang sakalangkung mumpuni, amargi iang salajengipun, beskap tetap mboten dados jatining Kejawen.

Conto kaping kalih, sebatan “jumbuhing kawula-Gusti”, minangka paugeran, tata krami, kawruh, filsafat dasar budaya Jawa. Minangka konsep, minangka laku utama, mbokmenawi kemawon benten kaliyan konsep piwulang budaya saking budaya Semit—ingkang nglairaken agama Yahudi, Kristen, Islam. Senadyan benten nanging mboten mengsahan, mboten ngilangaken, mboten ngremehaken ing liyan. Raos batin ingkang wiyar kadidene samodra agung, kula kinten anugerahing Gusti Allah ingkang Mahagung dumateng bebrayan Jawa.

Sesebatan ingkang katonipun kosok balen—upaminipun kawula-Gusti, tapa ngrame, dwitunggal, lair batin, bhineka tunggal ika—dados harmonis.

Gampangane wae ngene, Kejawen bisa urip terus merga ora tau “kudu”. Wong Jawa kudu nganggo blangkon—ora ngono kuwi. Nganggo blangkon ya kena ora nganggo ya ora apa-apa. Wong Jawa akeh “gek ya”. Samubarang kalir bisa tinampa kanthi entheng, merga “gek ya”—gek ya bener? Kanthi mengkono bisa luwes terus, ora ana mandege.

Gampangane wae ngene : kongres kuwi biasane dadi “proyek”, golek duwit, ngentekake anggaran. Saiki malah diragadi dewe, nadyan pada kerene. Lho tenane ngene iki, wis marahi urip terusrusrusrus.

Kosok balen, kontradiksi, paradoksal, aneng-aeng bisa dadi rukun—merga rukun agawe sentosa… lha ya kuwi Jawa, para sedulut.

Kanti makaten Kejawen budaya ingkang tinarbuka, tansah tumimbal lair, nitis lan nitis ngantos sampurnaning jagat.

Kawula pitados!
Kuwula pidatos, makaten salajengipun kados ingkang sampun kalampahan.

Gula Jawa rasanya legi
Ager-ager digawe intip
Sastra Jawa ra bakal mati
Angger isih ana wong urip
Nuwun.


*) cathetan punika minangkani pamundhutanipun panitia Kongres Basa Jawa II, ing Semarang, 1-3 September 2006

0 comments: