Monday, March 3, 2008

Sastra lan Pengarang Jawa Durung Mati

MUNG kaya impen. Ora nyana ora ngira yen sastra Jawa gagrag anyar isih ana, isih urip, isih eksis, isih nduweni jatidhiri. Kamangka dhek taun 1980, nalika aku isih clondho lan durung paja-paja anggonku srawung karo sastra Jawa, ana kabar dhuhkita kang ngumandhang nyuwak akasa sing punjere saka pendhapa Sasonomulyo, komplek Kraton Kasunanan Surakarta. Unine kabar kang satemah kelakon gawe geger lan nganti seprene isih tansah dumeling yakuwi: sastra Jawa wis mati. Wis pralaya bareng karo kukute penerbitan basa Jawa kang wektu semana pancen wis nuduhake titikan-titikan kuwat bakal gumebrug kantaka ndhepani bumi.


Sing nggawa kabar ora liya Arswendo Atmowiloto, wong Sala sing nate nggethu lelumban ing madyaning sastra Jawa bebarengan karo N Sakdani Darmopamudjo, Muryalelana, Moch Nursyahid P, lan Andjar Any kanthi nerbitake koran basa Jawa Dharma Nyata. Jalaran ora tlaten karo budaya Sala kang nguler kambang, Arswendo wusana kendhang tekan Jakarta, nyambut gawe ana sawenehe penerbitan nasional, lan kelakon ngrengkuh kemukten. Mula, nekani undhangan sarasehan sastra Jawa ing taun 1980 kuwi, kang diadani PKJT (Pengembangan Kesenian Jawa Tengah), sawijining Proyek Pelita kang dipandhengi dening budayawan SD Humardani alias Pak Gendhon, Arswendo kandha yen pengarang sastra Jawa dekade 70-an mujudake generasi pungkasan. Tumrap Arswendo, nekani sarasehan sastra Jawa nalika kuwi ibarate nglayat utawa jiyarah kubur: kuburan sastra Jawa.

Nyatane tekan seprene sastra Jawa isih ana, isih urip. Sawetara majalah basa Jawa pancen wusana kukut, ora kuwagang mbacutake leladi ing alam industrialisasi. Alam kang manjer umbul-umbul “ekonomi minangka panglima” sarta ideologi nasionalitas luwih penting tinimbang etnisitas, globalitas luwih wigati katimbang lokalitas. Nyatane sastra Jawa bisa nuduhake kekuwatane kang sayekti gawe pangeram-eram tumrap sapa wae. Senajan disikara lan disiya-siya, sastra Jawa bisa ngliwati gawate dalan rumpil lan kahanan kang sarwa nggegirisi kuwi. Ibarat tanduran kang ora diopeni, kepara tansah dipunthes amrih enggal tumekeng pati, nanging nyatane tansah thukul, trubus, lan ngembang.

Kuwat Terbit

Sawetara majalah basa Jawa basa isih kuwat terbit seminggu sepisan, ing Surabaya lan Ngayogyakarta. Sawenehing surat kabar (basa Indonesia) kang terbit ing Surabaya iya mbukak rubrik “Suket” lan ngemot geguritan. Semono uga sawijining surat kabar kang terbit ing Ngayogyakarta iya macak karya sastra basa Jawa mujud geguritan, crita cekak, roman sejarah, crita layang, lan artikel-artikel kasusastran lan kabudayan. Koran Suara Merdeka ora eman “korban” setengah kaca kanggo rubrik basa Jawa “Sang Pamomong”, rong minggu sepisan, lan saben dina momot crita sambung. (Ora mokal yen ing tembe kapling “Sang Pamomong” dadi sakaca, lan bisa muncul seminggu sepisan). Malah durung suwe iki ing Jakarta klakon terbit majalah basa Jawa Damar Jati, terbit rong minggu sepisan, nyusul majalah Parikesit kang sempat blabar kawat ora ketang mung sapenginang. Cetha trawaca yen pengarang sastra Jawa dekade 70-an dudu generasi pungkasan. Nyatane barisan pengarang dekade 80-an iya lair lan konsisten kreatif ngasilake karya sastra lumantar hudayana basa Jawa kang ana. Ing antarane: Ismoe Riyanto, Tiwiek SA, Yunani, Suhamono Kasiyum, Tony Ismoyo, FC Pamudji, Slamet Isnandar, Yes Ismie Suryaadmadja, Suryanto Sastroadmodjo, lan sapiturute. Pengarang dekade 90ñan uga nyusul lair, kaya ta: Suwardi Edraswara, Titah Rahayu, Ardini Pangastuti, Triman Laksana, Djaimin K, Sunarko Budiman, Margareth Widhy Pratiwi, Budi Palopo, Widodo Basuki, Es Danar Pangeran, Krisna Mihardja, Moh Yamin, Suhindriyo, Bonari Nabonenar, St Sri Purnanto, Sri Sugiyanto, lan liya-liyane. Malah pengarang dekade taun 2000 uga ora sethithik: Irul Es Budianto, Parpal Purwanto, Sumono Sandy Asmoro, Yan Tohari, Siti Aminah, Aris P, W Haryanto, lan sateruse.

Aku percaya yen ing dekadhe-dekadhe sabanjure isih bakal muncul pengarang sastra Jawa kadidene generasi penerus. Waton isih ana hudayana kang nampung karya-karyane para pengarang sastra Jawa. Sacara teori, majalah-majalah basa Jawa iya bakal tansah setya leladi waton wong Jawa isih mbutuhake majalah mau. Generasi mudha ora bakal ninggalake basa Jawa sauger para wong tuwa tansah paring tuntunan lan tepa tuladha, sarta kasengkuyung pehak pamarentah lumantar lembaga-lembaga sing kejibah uta kang kawogan. Mula saka kuwi perlu kebijakan-kebijakan strategis ora mung tinulis ing lumahe kertas. Kebijakan sing sipate operasional, nggepok langsung underaning prekara kang tinemu ing lapangan. Ora mung kandheg ing forum seminar utawa kongres.

Nilai Tambah

Ana penemu yen ngopeni basa Jawa utawa basa dhaerah ing era globalisasi mujudake kemunduran. Nyinau basa dhaerah tumrap para pelajar dianggep wis ora relevan karo owah gingsire jaman. Ora nduweni ”nilai tambah” kawawas sacara pragmatis-ekonomis. Nyinau basa Indonesia sipate wajib. Nyinau basa asing dianggep luwih trep kanggo ngawekani tantangan jaman. Lan sacara psikologis dianggap luwih nduweni gengsi.

Kudu dikandhakake yen sakehe panemu kasebut ndhuwur ora bener lan dudu patrap kang wicaksana. Sepisan, nglirwakake basa dhaerah ategesngiyanati konstitusi, ateges ora ngakoni ke-bhineka-an. Mersudi basa Indonesia minangka basa nasional apadene mersudi basa asing kanggo kepentingan komunikasi global, ora kudu nyingkirake idhentitas-idhentitas lokal klebu basa dhaerah. Kapidho, ngopeni sakehe idhentitas lokal klebu basa dhaerah nuduhake manawa bangsa Indonesia mujudake bangsa kang nduweni jatidhiri, nduweni martabat, saengga ora gampang kaombang-ambingake ombyake kabudayan global. Anane patrap arogan, anarkhis, menang-menangan, lan sapiturute nuduhake yen bangsa Indonesia ngalami krisis moral, krisis budi pekerti, krisis idhentitas nasional. Patrap konsumeristik lan komersialistis uga dadi pituduh yen bangsa iki wis kelangan jatidhiri saengga kanthi gampang dijajah bangsa asing sacara ekonomis, ideologis, lan kulturalistis. Sejarah wis mbuketake yen krisis multidimensi kang nrajang bangsa kita nganti kedawa-dawa kawiwitan saka anane kebijakan politis kang nyoba nyisihake idhentitas lokal sing sejatine iya mujudake peranganing idhentitas nasional.

Wis wayahe bangsa Indonesia mawas dhiri sarta ngawekani dhegradasi jatidhiri mau, sadurunge kadhung kebacut ambles ing tataran kang mbebayani. Jatidhiri bangsa kudu dijejegake maneh. Lan bab iku bisa kawiwitan, ing antarane, krana marsudi basa dhaerah minangka perangane idhentitas lokal. Marsudi basa dhaerah luwih enak, luwih kepenak, luwih nengsemake, luwih ”urip” yen ana aspek rekreatif. Kahanan mangkono mau bisa maujud lamun pambudi daya nyinau basa dhaerah disengkuyung buku-buku wacan kang nyenengake. Wujude buku wacan werna-werna: dongeng, crita bocah, crita remaja, crita cekak, crita wayang, roman sejarah, alaming lelembut, crita sambung, geguritan, lan sapiturute.

Pasinaon

Sakehe jinis wacan mau isih tinemu ing majalah-majalah basa Jawa. Luwih prayoga yen sakehe jinis wacan mau diterbitake dadi buku, saengga bisa luwih “awet”, bisa diwarisake kanggo generasi penerus. Kanthi mangkono, wragad kanggo nyithak buku bisa murakabi. Bebadan penerbit Bale Pustaka duweke pamarentah wis kepara suwe ora nyithak buku-buku wacan basa Jawa. Saumpama isih nyithak iya angel digoleki ing pasaran. Semono uga badan penerbit partikelir sajak kipa-kipa. Kanyatan mangkono mau muga-muga bisa mbangkitake idhealismene para pengarang sastra Jawa kanggo nerbitake buku kang ngemot karya-karyane dhewe. Yen saben taun ana pengarang cacah sepuluh sing gelem nerbitake buku, sajroning limang taun utawa sepuluh taun wis bisa dietung pira gunggunge buku-buku wacan kang terbit. Yen pehak pamarentah utawa kang kawogan gelem migunakakake buku-buku wacan mau kanggo nyengkuyung lumakune pasinaon/wulangan basa Jawa ing sekolahan, limang taun utawa sepuluh taun engkas bakal bisa dimangerteni kepriye asile.

Andharan sapala wujud gagasan iki bandhane pancen idealisme. Gagasan iki uga isih mbutuhake pirembugan lan dhiskusi mirunggan. Muga-muga wae para kanca pengarang sastra Jawa, pihak pamarentah utawa kang kawogan, lan sapa wae kang nduweni kawigaten marang urip lan ngrembakane basa lan sastra Jawa kesdu paring tanggapan arupa eguh utawa pratikel kang luwih mupangati. Muga-muga wae gagasan iki uga dudu impen wayah awan tengange. (Sugeng Wiyadi, dosen FBS
Universitas Negeri Surabaya-35)

Tau kapacak ing Suara Merdeka, ”Sang Pamomong”, 26 Februari 2006

0 comments: