(1)
''Dhik Bon, iki Sastra Jawa kesripahan maneh, Pak Nursyahid seda sore mau,'' mangkono Pak Suharmono Kasiyun ngabari aku nganggo SMS (bengi, Selasa, 29 Maret 2005). Disusul SMS-e Pak Trias saka Semarang, ''Dhik Bon layat menyang Sala?'' sing banjur takwangsuli, ''Wadhuh, boten saget, mugi Pak Nursyahid manggiha raharja.''
Aku kaget, nalika sawatara sasi kepungkur Pak Nursyahid nekani acara bedhah bukune Pak Parto, Donyane Wong Culika, ing Surabaya, bareng karo Mas Dhanu Priyo Prabowo sing saka Ngayogya, lan ngonangi wartawan lan sastrawan Jawa asal Tuban iku wis ora ngrokok. Kamangka, biasane nyepur. Batinku, ''Pak Nur iki mesthi wis entuk peringatan keras saka dokter.'' Tegese, jantunge wis aweh tengara ''lampu kuning''. Watuke yen bengi ya nggigil wae (ndilalah bengi kuwi aku uga melu nginep ing daleme Pak Parto).
Ewasemono, krungu kabar ndadak manawa Pak Nursyahid tilar donya, aku ya kaget. Ing pikiranku sadurunge, Pak Esmiet kae tetahunan nandang diabetes komplikasi karo hypertensi, ning kaya-kaya malah entuk suntikan kekuwatan linuwih saben-saben nekani acara Sastra Jawa. Malah nalika Kongres Basa Jawa III ing Yogyakarta, Pak Esmiet sing mlaku wae wis dituntun, ndadak dadi makantar-kantar nalika teka gilirane ''medhar sabda.'' Nganti kawetu guyonan ing antarane kanca-kanca, jare Esmiet ndadak sumringah kuwi ora merga acara Sastra Jawa-ne, nanging merga lunguh jejer karo Sunyahni. Lhadalah!
Sawatara wektu sadurunge sowan pangayunan-E Gusti Kang Akarya Gesang, Esmiet nandhang saka rasa ruamngsane dhewe manawa Sastra Jawa lagi ketaman sepatane Empu Sedah. Mula bebasan kaya dierog, sastrawan Jawa gumrudug 'katimbalan.' Sing asli Blora wae, kaya sing disebut Nursyahid ing guritane sesirah Blora:
wis padha lerem ngaso ing bumimu sawetara
kadangku tinresna
ngalimu ana salim, sukarman sastrodiwiryo,
suripan sadihutomo, poer adhie prawoto,
anjrah lelana brata
sing padha pralaya ing bharatayuda
ing ayome alas jati sing kerep dicolongi
isih krungu tembang rawat-rawat ngunggar ati
he penggurit, aja padha seneng sambat
ora duwe dhuwit
terus nulisa lan nulisa, senajan panguripan saya medhit
Sala, 15 Januari 2003
Esmiet, nalika ketemu aku lan Keliek Sugeng Wiyadi ing Surabaya malah kandha manawa kaya-kaya dheweke kuwi dadi lelantaran sasmitaning gaib bakal tumibaning mangsakala tinimbalan tumrap para pengarang sastra Jawa. ''Aku dhewe sedhih, wis wong (sastrawan Jawa, Bon) pira wae sing banjur tumekaning pati sawise taktekani. Yen kelingan aku sok ya nangis dhewe, kok kaya-kaya aku iki dadi pengawak Yamadhipati. Mas Tamsir, Mas Muryalelana, Mas Suripan, padha tumekaning pati mung sawatara dina sawise takendhangi,'' mengkono ujare Esmiet nalika iku.
Precaya apa ora, ya jenenge wae crita barang wis kelakon (kathik sing crita ya tukang crita, tukang ngarang!), ana humor pahit ing antarane critane Esmiet iku. Karo salah sijine putrane saka salah sijine garwane, Esmiet mlaku-mlaku menyang Ungaran. Jare, dumadakan kangene marang Pak Muryalelana ora bisa diampet. Tenan, kelakon dolan lan ketemu Pak Muryalelana. Baline menyang Banyuwangi mampir Surabaya, mampir daleme Pak Parto (Suparto Brata). Ndilalah sing ana ing dalem mung Bu Parto. Ujare Bu Parto sambi ngladekake unjukan, Pak Parto lagi mbengkelake mobile. Nanging Pak Esmiet kesusu pamitan. ''Aku bali saiki Mbakyu, salamku kanggo Mas Parto. Wis ta, angger padha seger kuwarasan,'' mangkono kandhane Pak Esmiet. Seminggu sawise iku, ana kabar saka Ungaran manawa Pak Muryalelana seda, bareng sewengi karo sedane Bu Parto.
Nursyahid Purnomo iku klebu enthengan banget, waton nampa ulem, dheweke prasasat ora tau duwe alasan kanggo absen ing acara sastra Jawa ing ngendi wae. Yen mung menyang Surabaya wae kaya menyang latar utawa mburi omah wae. Pungkasan, dhek tanggal 5 Maret 2005, dheweke ya isih kober nekani acara diskusi buku Multatuli, Pengarang Besar Pembela Rakyat Kecil kang ditulis dening Drs Moechtar, Pimred Panjebar Semangat, ing toko buku Togamas Surabaya.
Ketemu ing kalodhangan iku, aku diwenehi kenang-kenangan arupa buku kumpulan geguritane Kampung Laut kang dibabar dening STSI Press Surakarta (2004). Baline dakuntapake tekan Terminal Bungurasih, lan ora ngira manawa pepisahanku karo dheweke nalika iku dadi pepisahan kanggo selawase.
(2)
Wiwit taun 1980-an aku kenal jeneng Moch. Nursyahid Purnomo wiwitane saka crita cekak lan geguritan-geguritane sing kapacak ing kalawarti basa Jawa: Panjebar Semangat, Jaya Baya, lan Mekar Sari. Luwih-luwih nalika dheweke dadi rerasanan ing Sanggar Triwida, nalika adu tulisan (polemik) ngenani pornografi ing sastra Jawa lan nuding pengarang saka Sanggar Triwida: Harwimuka lan Tiwiek SA kadidene pengarang lekoh. Nanging, aku lagi kelakon ketemu adu arep karo Nursyahid nalika rapat calon redaksi tabloid Jawa Anyar ing Griya Wartawan Jl Kandangdara 1 Sala, dhek taun 1992. Sawise iku aku tansah ketemu Pak Nur merga padha-padha dadi staf redaksi tabloid Jawa Anyar ing Sala, bebarengan karo Suparto Brata, Tamsir AS, lan Ardhini Pangastuti.
Nalika iku batinku kandha, pranyata Nursyahid luwih tuwa tinimbang sing takbayangake. Nanging, pranyata jiwane luwih enom tinimbang umure. Dheweke isih seneng gojeg, malah tau keladuk, ing tengah-tengahe Pak Tamsir, Pak Parto, lan Ardhini, kathokku diplorotke, pas bengi nglembur sadurunge cetak -dadi aku ya mung kathok kolor-an. Yen guyon jan memel banget, nganti keklek-keklek, nganti praupane mbrengangang, nganti watuk-watuk.
Mbaka sithik aku uga banjur sangsaya ngenal pribadine Nursyahid kadidene pawongan sing prasaja banget. Nanging buwangen sing adoh tembuh 'prasaja' iku yen wis ngrembug semangate makarya, nguber pawarta, ya nulis, kadidene wartawan apadene pengarang/penggurit, uga kadidene pegawai negeri (karyawan STSI Surakarta). Bisa dibayangake, kayangapa repote ngedum wektu kanggo kantore ing STSI Surakarta lan kanggo nguber pawarta, nulis laporan, ngarang crita cekak utawa ngripta geguritan, lan uga mbesut naskah-naskah sing mblasah ing meja kang diadhep kadidene redaktur. Kamangka, kajaba dadi redaktur Darma Nyata, banjur Panakawan, banjur Jawa Anyar, banjur Pos Kita, nalika iku Pak Nursyahid uga isih sregep nulis laporan kanggo kalawarti Panjebar Semangat.
Ing jagade Sastra Jawa (Modern), Moch. Nursyahid Purnomo klebu penulis/pengarang/penggurit sing produktif. Senajan uga nulis nganggo basa Indonesia, Nursyahid katone luwih tentrem ing jagad Sastra Jawa. Esai, crita cekak, lan laporan-laporane tansah mbrudhul kaya ora ana enteke.
Kayadene keh-kehane pengarang sastra Jawa, Moch. Nursyahid uga duwe jeneng singlon: Tatiek Handini, Atiek Probohening, Tat\ntri Linggarjati, Santo Dewangga, Priyanti Purnomosidi, lan Purnomo HS. Biasane, jeneng singlon iku uga kanggo ngawekani produktivitas-e. Ben sing maca ora waleh, utawa uga kanggo milah-milah jinis karyane kaya sing ditindakake dening Suparto Brata, upamane, nalika ngarang crita sing ana sesambungane karo tema-tema agama banjur nggunakake jeneng M. Soleh, lan nganggo jeneng Peni nalika nulis crita ngenani asmara utawa donyane para taruna.
Moch. Nursyahid iku pengarang sing utun banget. Sregep, lan uga enthengan. Aku weruh dhewe nalika ing Jawa Anyar, dheweke gelem wae diereh dening yunior-e sing mentas nekani konferensi pers supaya nulisake beritane. ''Tinimbang tulisanmu ora cetha, kene critaa, taktulise!'' malah mengkono kandhane Nursyahid!
Kanca-kanca pengarang/penggurit racake nganggep manawa Mohc. Nursyahid iku luwih menjila guritan-guritane, senajan crita cekak lan esai-ne ya akeh. Racake, guritane Nuryahid iku romantis, basane prasaja, nanging ya ing kaprasajane iku dumunung kekuwatane, upamane, dheweke kasil ngungalake kaendahan paradoksal ing guritan cekake sing asesirah Mripat, ''mripat/cahyamu landhep kaya panah/nanging endah//.
Urip ing lingkungan cedhak kraton (Mangkunegaran lan Kasunanan Surakarta), nyambutgawe ing lingkungan akademis (STSI Surakarta) ndadekake Moch. Nursyahid sing asline klairan pesisiran (Tuban) sugih pengalaman kadidene wong Jawa. Nulis lan ngripta nggunakake basa Jawa, wis ora ana prakara teknis tumrap Nursyahid. Bab iku beda karo sing dialami nom-noman saiki sing nyoba melu ambyur ing jagading Sastra Jawa.
Senajan ngripta guritan (puisi bebas) nanging Nursyahid ora kepaten obor karo sastra Jawa klasik, Jawa Kuna apadene Tengahan, kenal tembang, apal banget crita wayang, lan serat-serat karyane para pujangga Jawa. Ora mung bisa nembang, kulina maca serat-serat lawas, Nursyahid mbokmenawa uga urip ing antarane kumandhange tembang-tembang iku. Iku ya beda karo para penggurit sabarakanku sing wis ora pati wanuh karo tembang, sengkalan, lan sapiturute, lan ora pati sambung karo Sastra Jawa Klasik.
Aku ora lagi nyenyamah para penggurit sabarakanku, apamaneh sing saka angkatan sangisorku, nanging mung pengin ngandhakake manawa diakoni utawa ora pancen ana jurang sing kudu diambah, kareben Sastra Jawa Modern (ing bab iki guritan) ora kelangan rasa Jawa-ne. Kareben ora diarani mung puisi sing ditulis nganggo basa Jawa, senajan iki bisa uga ora gegayutan karo kualitas. Mbokmanawa prekara pilihan wae.
Wong-wong sok isih seneng bengok-bengok, sambat, jare Sastra Jawa saya sekarat. Mangka, pengarang lan penggurit anyar, isih enom-enom, padha gemrudug melu ambyur ing jagading Sastra Jawa. Ing Jawa Timur, upamane, ana Sumono Sandy Asmoro, W Haryanto, Indra Tjahyadi, Widhi Asyari, Mashuri, Aris Bandeng, lan liya-liyane, nyambung generasine Budi Palopo, Keliek Sugeng Wiyadi, Es Danar Pangeran, Bene Sugiharto, Nyitno Munajad, lan sapiturute. Iki kabar sing nyenengake.
Malah, ing antarane penggurit mudha iku akeh sing sadhar marang pilihane, ngripta guritan ora mung kanggo gagah-gagahan, ora mung ben diarani isih Jawa, nanging niyat nindakake saweneh ayahan (ngripta geguritan) kanggo Sastra Jawa.
Kesadharan iku saiki dadi penting, jalaran ing satengahe wacana multikulturalisme iki, sakehing bab sing gegayutan karo jatidhiri, identitas, bisa dipolitisasi, bisa ditunggangi kepentingan-kepentingan sing tundhone mung gawe rusak.
Ngripta guritan (puisi Jawa) iku dadia saweneh kebutuhan ekspresi, merga tumrap wong Jawa istingarah ana rasa sing sok ora bisa tuntas disuntak nganggo basa saliyane basa Jawa. Lan, mbokmanawa ing tataran sabanjure, kaya sing diwelingake Nursyahid liwat guritane kang sesirah In Memoriam (kang katujokake marang kadange, penggurit Anjrah Lelana Brata kang ndhisiki tilar donya): welingku, tambane laramu perlu disranani/bali sregep ngripta guritan…. (!)
Kanthi tembung seje, Nursyahid precaya manawa ngarang, ngripta karya sastra, mligine guritan, iku bisa dadi srana kanggo terapi, ngusadani dhiri. Lan aja lali, sing jenenge pati kuwi ora bisa ditambani. ''Digedhongana, dikuncenana wong mati mangsa wurunga….'' Sugeng tindak Pak Nur, mugi ndika manggiha raharja.*
Surabaya, 2005
Nate kapacak ing Suara Merdeka
Mengorbit dengan Tulisan Kreatif
7 years ago
0 comments:
Post a Comment