Dening: Sri Haryatmo
Balai Bahasa Yogyakarta
1. Cecala
Nuhoni panyuwune panitia KSJ, panulis nyoba ngaturake makalah kanthi sesirah “Ngrembakakake Sastra Jawa Lumantar Sanggar”. Muga-muga tulisan iki bisa migunani kanggo kabeh sedulur sutresna sastra Jawa ing ngendi bae. Ananging, sadurunge ngaturake kanthi terwaca, luwih dhisik panulis ngaturake babagan kang gegayutan karo istilah utawa tembung “sanggar”.
Manut Poerwadarminta (1939:544) tembung “sanggar” asal usule saka basa Jawa Kuna, yaiku sawenehing papan kaya dene “langgar”, papan kanggo pamujan utawa omah kanggo muja semedi. Sabanjure, ana ing basa Jawa-anyar tembung “sanggar” isih nduweni teges kang padha karo makna asline, yaiku 'papan pamujan' (Sudaryanto dkk 1991:376). Kajaba kuwi, ana ing basa Jawa-anyar njedhul arti tambahan sawise tembung sanggar mau digayutake karo tembung liya. Tuladhane tembung sanggar kerja (basa Indonesia), kang nuwuhake teges kang anyar, yaiku papan patemon kanggo ijol panemu (kanggo) sawijining ilmu. Kanthi cara iku, tembung “sanggar” nduweni teges loro, yaiku sepisan, tembung sanggar ateges 'papan pamujan' lan kapindo, tembung sanggar ateges 'omah utawa papan kanggo patemon kanggo nganakake pirembagan (diskusi) babagan ilmu utawa kegiyatan liyane'. Jumbuh karo pirembugan iki, panulis milih teges kang kapindho saingga pangertening tembung sanggar sansaya amba. Kanthi cara mangkono uga, tembung 'sanggar sastra' bisa ditegesi omah utawa papan kang digunakake dening para pengarang lan pandemen sastra (Jawa) kanggo ngadani kegiyatan lan diskusi babagan ilmu sastra, mligine sastra Jawa. Kajaba iku, tembung sanggar bisa uga digunakake kanggo nyebut tembung “paguyuban' kang tegese 'kumpulan'. Tuladhane Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya (PPSJS) lan Paguyuban Sastrawan Jawa Kabupaten Sleman (PSJKS), lan liya-liyane.
2. Sanggar Sastra: Papan Kanggo Gladhen Olah sastra
Tembung sanggar kang ateges papan kanggo gladhen wis ana wiwit jaman biyen, ora mung mligi kanggo gladhen sastra, nanging uga kanggo gladhen tari, gladhen karawitan. Mula, ana ngendi papan tinemu tulisan Sanggar Tari (Timoho, Yogyakarta), Sanggar Rawit (Sleman), Sanggar Seniman (madiun), lan liya-liyane. Sabanjure, tembung sanggar minangka papan kanggo oleh sastra wis madeg utawa wis ana wiwit tahun 1890, rikala sasedane pujangga R Ng. Ranggawarsita (Widati dkk, 1999:40). Papan paguyuban iki mau migunakake jenenge “Paheman Radya Pustaka”. Sabanjure, ing tahun 1941 ing Kadipaten Mangkoenegaran uga njedhul paguyuban kang ngopeni sastra Jawa kanthi asma Gerombolan Kasusastran Mangkoenegaran. Paguyuban-paguyuban mau nduweni ancas tujuwan kang pada karo paguyuban sadurunge, yaiku kepengin ngopeni basa lan sastra Jawa kang wis dianggep rusak.
Sabanjure, kelompok paguyuban migunakake jeneng sanggar ditemokake ing jaman kamardikan, antarane, bisa disawang ing Sanggar Seniman 1955 (Madiyun), Sanggar Sastra Nur Praba 1970 (Palur), Sanggar Parikuning 1974 (Banywangi), Sanggar Sastra Brayan Muda 1976 (Yogyakarta), Sanggar Bening Penulis Muda Semarang 1978 (Semarang), Sanggar sastra Triwida 1980 (Tulung Agung), Sanggar Sastra Gambir Anom 1986 (Godean), Sanggar Kalimasada 1990 (Kutoarjo), Sanggar Sastra Penulis Muda Kudus 1991 (Kudus), Sanggar sastra Rara Jongrang (1982) ing Yogyakarta, lan liya-liyane. Kajaba iku, ana kelompok sastra kang migunakake jeneng liya, antarane, Puspita Mekar 1955 (Tulung Agung), Organisasi Pengarang Sastra Jawa 1966 (OPSJ) Yogyakarta (nduweni 4 cabang: Komda Jateng, Komda Jatim, Komda DIY, lan Komda Jabar/Jakarta), Bengkel Sastra sasana Mulya 1971 Surakarta, Grup Diskusi Sastra Blora 1972, Pauyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya, lan liya-liyane.
Tim Peneliti Balai Bahasa Yogyakarta (2001) nyathet bilih cacahe kumpulan (sanggar/paguyuban) sastra Jawa iku ana 22 papan sumebar ing Ngayogyakarta, Jawa Tengah, Jawa Wetan, lan ing Jawa Barat utawa Jakarta. Saka 22 iku, sing nganti saiki isih aktif mung kari sithik banget. Mblerete sanggar-sanggar utawa kumpulan sastra Jawa iku disebabake dening pirang-pirang bab, antarane, pengurus wis seda utawa tilar donya. Tuladhane: Sanggar Sastra Buana Patria pimpinane Suharyanto Bp, sanggar sastra Sujadi Madinah. Kajaba kuwi ana sanggar wis ora aktif marga penguruse bubar. Tuladhane : OPSJ sakcabange, Sanggar Sastra Nur Praba, Bengkel Sasana Mulya, Grup Diskusi Sastra Blora, Sanggar Sastra Brayan Muda, Samnggar sastra Gambir Anom, lan liya-liyane. Dene, Paguyuban utawa sanggar sing nganti wektu iki isih aktif ngenekake patemon, antarane, Sanggar Sastra Triwida (Tulungagung), Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya, Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro, Sanggar Sastra Jawa Yogyakarta, Sanggar Kalimasada (Kutoarjo), Sanggar Sastra Parikuning?, lan liya-liyane.
3. Ngrembakakake Sastra Jawa Lumantar Sanggar
Sabenere fungsi utama sanggar yaiku minangka wadhah utawa papan kanggo patemon, diskusi 'rembugan babagan' sastra Jawa utawa sastra Indonesia. Lamun sanggar-sanggar kang isih aktif iki bisa dimanpangatke kanthi maksimal, panulis yakin lan optimis sastra Jawa bisa tambah maju lan onjo. Sebab, saben-saben sanggar saben taune anduweni program kerja kang becik kanggo ngrembakakake sastra. Saka pirang-pirang sanggar kang isih aktif, program kerja sanggar karangkum ana 12 program, yaiku patemon rutin, diskusi sastra, silaturahmi marang sanggar liyane, bedhah buku, penerbitan kalawarti sastra Jawa, lokakarya (workshop), bengkel sastra, pentas seni: (parade geguritan, drama, waosan cerkak), ngisi kegiyatan sastra Jawa ing papan-papan liya, hadiah sastra, sayembara, lan tayangan ing TV. Kanthi cara iku, program sanggar jelas kaangkah bisa ngrembakakake sastra Jawa ora mung kangen-kangenan bae. Supaya luwih jelas, panulis bakal ngaturake program-program kang wis nate diadani dening Sanggar Sastra Jawa Yogyakarta (SSJY) kaya kapacak ing ngisor iki.
3.1 Diskusi Sastra
Ngrembakakake sastra Jawa kanthi cara diskusi mujudake sarana kang bisa diarani efektif. Mula kanggo nambah wawasan pengarang, saben-saben patemon sanggar dienekake acara diskusi sastra. Diskusi iki ana kang asipat umum, kaya dene sarasehan sastra Jawa kanthi cara umum kanthi tema utawa topik kang wis ditentokake dening panitia. Kajaba iku, ana diskusi khusus. Kayata: diskusi babagan alur crita cekak, latar utawa setting, sarta pamilihing tema utawa topik kang becik. Diskusi khusus iki gumantung kabutuhan. Umpamane, kanggo nambah wawasan pengarang bab donyaning pelacuran, sanggar nekakake wanita pelacur mau supaya crita thek kliwering donyaning pelacuran. Tuladha liya, lamun supaya bisa ngripta bab donyaning anak jalanan (bocah-bocah tuna wisma), sanggar ngundang anak-anak mau kon crita babagan donyaning anak jalanan. Supaya pengarang bisa nulis donyaning kriminal, sanggar nekakake pakar utawa ahli kriminal, lan liya-liyane. Dadi, kanthi cara mangkono, pengarang bener-bener nduweni wawasan bab donyaning pelacuran kang jumbuh karo kahanan sing sabenere. Mangkono uga pengarang kaajab mangerteni bab donyaning kriminal utawa donyaning anak jalanan.
Kajaba iku, diskusi kusus bisa awujud pembahasan marang karya-karya pengarang Jawa kang wis kaanggep becik. Upamane, mbedhah karya-karyane pengarang kang kamot ing kalawarti kaya dene Panyebar Semangat, Jaya Baya, lan Djaka Lodang. Bab iku katindakake saperlu kanggo nambah wawasan bab nulis karya kang becik. Pembahasan karya uga katujokake marang karya-karyanr pengarang pemula (anyaran) saka anggota sanggar. Bab iku ditindakake saperlu kanggo mangerteni kekurangan-kekurangan lan kaluwihane anggota siji lan sijine.
3.2 Silaturahmi Marang Sanggar/ Paguyuban Liyane
Silaturahim marang sanggar liyane kalebu penting. Kajaba kanggo ajang kangen-kangenan, kanggo nambah reraketan ing paseduluran, uga kanggo nambah pengalaman. Ana ing papan patemon kono, keakraban saya kajalin raket sebab rumangsa sakprofesi. Tuladhane, yen SSJY duwe gawe, Sanggar Triwida merlokke wektu rawuh sarombongan. Semono uga ing wektu liya SSJY ya merlokake dateng. Sanadyan wragade ora sethithik, para anggota rumangsa seneng. Kabeh mau diniyati kanggo ngraketke paseduluran.
3.3 Lokakarya (workshop) lan Bedhah Buku
SSJY ngenekake kokakarya gumantung kebutuhan. Upamane: kanggo ngadhepi jamaning elektronik iku, SSJY ngadani workshop bab nulis ing media elektronika (radio lan TV). Cara iku katindakake kanggo nambah pengalaman babagan nulis crita ing media elektronmika. Mesthi bae acara iki gumantung dana kang kasedhiyakake. Acara bedhah buku wis makaping-kaping katindakake dening SSJY. Acara iki kajaba kanggo nambah wawasan bab ngarang buku (novel) uga kanggo menehi semangat pengarange supaya bukune payu didol.
3.4 Bengkel Sastra
Sanggar Sastra Jawa Yogyakarta makarya karo instansi liya (Balai bahasa) ngenekake kegiyatan bengkel sastra. Tutor kapilihake saka pengurus kang kaanggep mumpuni. Dene, pasarta (peserta) kapilih saka anggota sanggar kanthi pangajab supaya wawasan anggota tambah maju.
3.5 Nyithak Kalawarti
Kanggo ajang gladhen (olah sastra) Sanggar nyithak kalawarti kang nama Pagagan 'persemaian'. Tegese, kalawarti iku kanggo papan gladhen para anggota. Yen wis kamot ing kalawarti iku, karya-karyane dirembug bebarengan kanthi cara dhiskusi. Endi kaluwihan sarta endi kekurangan dirembug kanthi pangajab supaya karyane saya becik. Dadi, kalawarti Pagagan mligi kusus kanggo anggota sanggar dudu kanggo umum.
3.6 Pentas Seni lan Tayangan ing Media Elektronik
Wiwit tahun 2005, SSJY makarya sesarengan karo Yogya TV ngadani pentas tayangan geguritan. Tayangan dianakake saben malem selasa jam 10 bengi kanthi sesirah “Geguritan”. Kajaba kuwi, kadhang kala uga pentas ing TVRI. Kajaba kuwi, kanggo ngurangi rasa bosen, saben-saben patemon diselani acara waosan geguritan utawa waosan crita cekak. Dene, tema kang diwaos gumantung utawa kajumbuhake marang kahanan utawa prastawa kang cocok.
3.7 Patemon Rutin Saben Dwiwulan
SSJY saben rong sasi sepisan ngenekake acara patemon. Dene, papane gumantung sapa sing kersa ngundhuh. Yen ora ana kang ngundhuh, patemon dienekake ing Balai Bahasa. Ing acara patemon iku, SSJY ngadani diskusi, utawa sarasehan, lan pentas seni. Kajaba kabeh program mau, SSJY nate ngenekake lomba crita cekak, lomba maos guritan, sarta nate ngadani hadiah sastra Sinangling.
3.8 Ngedegake Sanggar ing Saben Kabupaten
Budidaya ngedegake sanggar ing saben-saben kabupaten iki lagi kaleksanan ing kabupaten Bantul kanthi nama Sanggar Sastra Jawa Bantul lan ing Sleman kanthi nama Paguyuban Sastrawan Jawa Sleman.
4. Ngurusi Sanggar lan Sandhungane
Kanggone jaman saiki nggulawentah sanggar dudu pakaryan kang gampang. Mula, kudu didasari ati kang tulus lan sabar. Tanpa didasari rasa kang tulus, ngopeni sanggar ora bisa lumaku kanthi rancak. Program-programe ora bisa kaleksanan. Lamun program-program kaya ing bab dhuwur mau bisa kaleksanan kanthi becik, budidaya ngrembakake sastra Jawa mesthi bisa kasil kanthi becik. Ananging, budidaya tumuju kaya mau mujudake pakaryan kang ora gampang marga ana pirang-pirang bab kang dadi sandhungan. Sandhungan sepisan bab kekurangan dana, sandhungan kapindho bab keaktifan anggota lan kinerja pengurus kang kurang kompak.
Masalah beya mujudake kebutuhan pokok. Program-program bisa kaleksanan kanthi becik lamun disengkuyung dening dana sing cukup. Sasuwene iki sanggar ngandhalke bantuan saka kantor Balai Bahasa lan sumbangan utawa iyuran anggota. Kamangka, saiki iuran anggota meh macet sebab sastra Jawa ora bisa nguripi. Mangka kebutuhan sangsaya suwe sangsaya akeh. Luwih-luwih bubar krismon, beya cetak Pagagan mundhak. Kajaba iku, beya surat-menyurat (fotokopi+prangko) otomatis uga mundhak. Mangka saben rong sasi sepisan mesthi ana patemon lan nyithak Pagagan. Kanggo nanggulangi babagan dana iki, patemon sanggar ora kudu diadani ing Balai Bahasa, ananging bisa diadani ana omahe anggota utawa pengurus. Kanthi cara iku, beya konsumsi bisa dikurangi sebab sing ngundhuh kejibah nyedhiyani konsumsi. Kaping pindho, sanggar ngajokake proposal marang kantor Dinas Pariwisata lan Kebudayaan. Kanthi cara iku, sanggar duweni ide mbukak cabang sanggar sastra ing dhaerah. Pamarintah dhaerah bisa ngetokake dana lamun sanggar mau mapan ing kukuban dhaerah kasebut. Mula, kajaba kanggo mekarake sastra Jawa, anane sanggar ing daerah iku uga kanggo srana oleh dana. Dana kasebut kagunakake nguri-uri lan ngrembakakake sastra Jawa inmg wilayah kasebut.
Sandhungan kapindho yaiku anggota lan pengurus kang wis bosen utawa ora aktif maneh. Yen ana anggota wis bosen sarta pengurus kang ogah-ogahan iku bisa diarani biyasa sebab ngurusi sanggar pancen ora oleh apa-apa babar pisan. Sejatine, anggota sanggar saya suwe saya tambah akeh. Ananging, sing rawuh ing sanggar iku priyayine gonta-ganti. Ora kabeh kang rawuh ing papan iku kepengin ngundhakake babagan oleh sastra, nanging kangen-kangenan sinambi nguri-uri basa Jawa. Mula, pengurus iya kudu ngemong anggota siji lan sijine supaya ora kapok rawuh ing sanggar. Mengkono uga, pengurus siji lan sijine senajan ora tau rawuh iya tetep dimong. Kanthi cara mangkono, sanggar isih tetep urip sanadyan fungsi utamane wis owah sithik. Kanggo narik kawigatene anggota, Pagagan ngemot anggota kang paring sumbangan sanggar. Bab iku supaya anggota priksa cacahe kas sanggar sarta bisa ngontrol kas sanggar yen nganti dislewengke penguruse.
5. Panutup
Saka andharan ing dhuwur iku panulis bisa gawe dudutan bilih sanggar mujudake papan kang cocok kanggo gladhen sastra utawa olah sastra Jawa. Kanthi anane sanggar sastra Jawa, diajab sastra Jawa saya mundhak ngrembaka. Kajaba iku, kualitas pengaranmg sastra Jawa saya mundhak onjo. Ora disangkal lamun sanggar uga minangka papan kanggo ajang silaturahim lan kangen-kangenan. Ananhging diajab pengarang aja mung adreng anggone kangen-kangenan bae sebab yen mangkono bakal nglalekake fungsi sanggar minangka papan kanggo gladhen sastra. Kanthi cara iku, sanggar kudu dipepetri, digulawentah kanthi becik, mligine dening para anggota lan penguruse.
I
ng sajroning ngnggulawentah sanggar supaya program-programe bisa lancar, mesthi bae ana pirang-pirang sandhungan kaya dene kekurangan dana, pengurus kang kurang aktif, lan anggota kang wegah-wegahan. Bab kuwi ora perlu dipaido sebab sacara finansial, nguripi sanggar iku pancen ora oleh apa-apa kajaba mung kesel awake lan kala mangsa dipaido mrono mrene. Ananging yen kabeh mau didasari kanthi ati tulus lan ekhlas, rasa jengkel mesthi ilang lan kaganti kanthi rasa seneng lan seneng.[]
Buku Sumber
Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Groningen, Batavia: J.B. Wolters' Uitgevers Maatschappij.
Sudaryanto. Ed.1991. Kamus Indonesia Jawa. Yogyakarta: Duta Wacana Press.
Tim Peneliti Balai Bahasa Yogyakarta. 2001. Ikhtisar Perkembangan Sastra Jawa Modern Periode Kemerdekaan. Yogyakarta: Kaalika.
Widati, Sri dkk. 1999. “Sanggar-sanggar Sastra Jawa Modern di Jawa Tengah dan Daerah Istimewa Yogyakarta”. Yogyakarta: Bagian Proyek Pembinaan Bahasa dan Sastra Indonesia dan Daerah DIY.
> Diandharake ing KSJ II –Semarang, 1 – 3 September 2006
Mengorbit dengan Tulisan Kreatif
7 years ago
0 comments:
Post a Comment