Tuesday, March 4, 2008

Pisungsunge Jagad Penerbitan marang Sastra Jawa: CRITA SAKA “DAMAR JATI”

Dening: Gunarso Tjokrosutikno (Pemimpin Redaksi).

PARA lenggah sarta para sutresna basa lan sastra Jawa kang minulya. Satemene aku rumangsa pakewuh maju ana kalodhangan iki. Awit dadi pemakalah ana sawijining konggres klebu jejibahan kang ora baen-baen. Andharan kang diwedharake kudu mentes, sistematis lan mathis, ngelingi sing ngrawuhi uga para sarjana sujana kang lebda ing bab basa lan kasusastran Jawa. Bareng aku iki apa? Dadi pemimpin redaksi penerbitan “bayi wingi sore” apa sing arep diagul-agulake?



Nanging karang wis kadhung nyaguhi pamundhute panitia, mongsok kudu cidra ing ubaya? Ora ketang andharan iki mung crita ngambra-ambra, ngalur-alur angedhukur kaya dene wong nglindur, sak gaduk-gaduke aku nyoba melu bawa rasa ndalem kalodhangan iki. Nanging aku banget nglenggana lan rumangsa, apa kang dak aturake iki salugune mung kaya paribasan enggon welut diedoli udhet!

[]

Para lenggah kang minulya. Saupama basa lan kasusastran Jawa iku sawijining kedhung, babare kalawarti Damar Jati ing kutha Jakarta iku kena diparibasakake mung sawijining pambudidaya melu ngobahake banyu meneng sajroning kedhung mau. Yen ing Surabaya ana Panjebar Semangat lan Jaya Baya, sarta Djaka Lodang ing Ngayogyakarta, mendah iba endahe yen ing kutha punjering pamarentahan mau uga ana kalawarti basa Jawa kang melu nguri-uri basa lan kasusastran Jawa tinggalane para leluhur.

Babare Damar Jati ing kutha Jakarta salugune pancen dudu kang sepisanan. Adoh sadurunge iku, jaman Walanda biyen ing Betawi wis ana majalah Kadjawen antarane taun 1926-1942, duweke PN Bale Pustaka. Banjur taun 1966-an ana kalawarti Merdika kang kababar dening Harian Merdeka-ne BM Diah, dibacutake dening majalah Kunthi (1968-1971) kang dibandhani Yayasan Lohjinawi saka Sekneg. Ing taun 1970-an iku uga ing Jakarta nate ana majalah Parikesit babaran Yayasan Parikesit (Hankam), banjur kasusul majalah Kumandang sing dibandhani Koperasi Adi Jaya tembayatan karo SKH Berita Buana.

Maujudake krenteg lawas

Kejaba Kadjawen sing terbit jaman Walanda, racake kalawarti basa Jawa ing kutha Jakarta umure ora dawa. Kalawarti Merdika kang dipimpin Harmoko mung setaun terbit, Kunthi lan Kumandang telung taunan. Majalah Parikesit malah mung sawatara sasi, kang sabanjure dipindhah menyang Sala dadi Ariwarti Parikesit kanthi wujud lembaran koran. Iki rada lumayan suwe: kababar taun 1973, nembe palastra siya-siya taun 1992. Disebut palastra siya-siya, awit matine ora mung merga ditinggal sutresnane, nanging salah urus utawa miss management manut tembunge saiki.

Ndeleng tuladha kang mangkono mau, apa ora jeneng gumendhung kumalungkung yen ta Damar Jati wani terbit ing kutha Jakarta? Apa penerbite wis turah-turah dhuwit, saengga wani ada-ada gawe kalawarti sing mbutuhake prabeya ora sethithik mau? Kamangka diakoni apa ora, bebrayan Jawa Jakarta sing kudune dadi pemaose Damar Jati, saperangan gedhe wis ora seneng maca Jawa, kebacut katrem marang budaya nonton amarga mbladere giyaran teve. Krana mangkono, ada-ada penerbitan basa Jawa ing Jakarta padha wae proyek rugi utawa ngabul-abul dhuwit.

Para lenggah kang minulya. Ana unen-unen, wong seneng larang regane. Mbok manawa kalungguhane Damar Jati cundhuk karo unen-unen mau. Matur bares wae, metune majalah kasebut satemene mujudake krenteg kang sumimpen lawas mungguhe Pak Harmoko sing biyen nate ngesuhi kalawarti Merdika kaya kang katur ndhuwur. Ndalem kulawargane panjenengane rumangsa prihatin dene putra-putrane wis ora bisa guneman Jawa. Diulungi majalah basa Jawa, wis ora nggape. “Kamangka bapake Jawa, ibune ya wong Jawa…,” ngendikane sawijining wektu.

Sasuwene panjenengane dadi pejabat birokrat, wiwit Menpen, Ketua DPR/MPR sarta Ketua Umum Golkar, gagasan kepengin gawe majalah Jawa mau mung kandheg ing pangangen-angen, betheke ora kagungan wektu. Nembe sawise ora ngasta ing pamarentahan, panjenengane banjur kemutan maneh karo krentege lawas. Apa maneh bareng disengkuyung lan didhombani dening Bapak H. Soebagijo Ilham Notodidjojo, dhedhengkot sastra Jawa kang lenggah ing Jakarta, kalawarti Damar Jati klakon kababar wiwit dhek 28 Juli 2005.

Rekasane golek wartawan Jawa

Para lenggah kang minulya. Kanthi tekad kepengin melu nguri-uri budaya, sastra lan rasa Jawa, wiwit babaran kapisan nganti dinane iki Damar Jati minangka kalawarti dwikala wis kasil metu 27 nomer. Ndalem umure sing nembe setaun punjul sethithik mau, mesthi wae durung akeh pengalamane, durung akeh lara lapane. Yen katandhingake karo kalawarti Djaka Lodang, Jaya Baya, apa maneh Panjebar Semangat, dudu umput-umpute. Dadi yen kudu crita bab pengalamane kaya dene pamundhute panitia, apa kuwi ora jeneng nggege mangsa lan gemunggung dhiri? Ngibarate, Damar Jati kuwi rak isih bayi wingi sore, sing bebasan sisi wae durung bisa, kang (nuwun sewu) pipis wae durung lempeng!

Matur bares, rikala sepisanan arep metu, pepalang kapisan kang dialami yaiku bab rekasane golek tenaga kanggo ngesuhi kalawarti anyar mau. Wartawan Jakarta pancen ombyokan, nanging golek wartawan sing bisa basa Jawa luwih angel tinimbang sing bisa nulis basa Inggris. Njagakake sing lulusan Sastra Jawa Universitas Indonesia upamane, nyatane ora ana sing pas utawa kari nganggo. Kanyatan ing kutha Jakarta, wartawan basa Jawa iku klebu titah langka kang kudu diayomi utawa mlebu cagar budaya!

Dalasan aku dhewe sing kapatah minangka Pemimpin Redaksi, satemene ya durung paja-paja putus ing babagan basa lan sastra Jawa. Geneya mangkono? Lha wong biyen jaman coba-coba melu lelumban ing jagading satra Jawa taun 1970-an, kapacak ing Panjebar Semangat kang dadi pandome sastra Jawa ya nembe ing rubrik Apa Tumon? Nanging kepriye maneh, ing Harian Pos Kota kang mbandhani Damar Jati, sing “rada bisa” nulis basa Jawa ya mung aku, adhedhasar pengalaman dadi redaktur Parikesit Solo taun 1973-1976.

Dalasan Mas Nursyahid P kang wis dipinta-sraya Pak Harmoko kanggo melu ngembani kalawarti anyar mau, kebacut ndhisiki sowan ing Pangayunaning Pangeran ing sasi Mei 2005. Tujune wae ana kadang sinarawedi adhimas Priya Danu Prabowo saka Lembaga Bahasa Yogyakarta. Ya liwat jaminan lan garansi panjenengane, sawatara tenaga bisa kaimpun saka daerah. Wiwit kanggo redaksi ing kantor pusat, nganti wartawan minangka pembantu khusus utawa koresponden. Hapa tumon, golek wartawan basa Jawa kudu “impor”, rahayune wae ora kena bea masuk!

Ngantepi basa baku

Para lenggah kang minulya. Sanajan satemene ora ana paugerane, nanging wis dadi kalumrahan yen kabeh penerbitan basa Jawa ngaggo standar basa Yogyakarta-Surakarta. Wiwit Kadjawen kang metu sepisanan taun 1926, banjur Panjebar Semangat taun 1933, kabeh basa Jawa kang dienut cengkok Ngayogyakarta lan Surakarta. Krana mangkono, nulad karo penerbitan-penerbitan sadurunge mau, Damar Jati uga migunakake basa Jawa standar Yogyakarta-Surakarta kasebut. Yen ta ana dialek Surabaya utawa Banyumas, iku mung dicakake ing rubrik-rubrik mligi.

Ya ing kene iki sing sok-sok banjur kedadeyan “eyel-eyelan” antarane para redaktur. Ngelingi redaktur Damar Jati racake priyayi Jawa Timur, dialek daerahe asring kecangking. Sakploke, ditulis sakjoge; mengeti ditulis mrengeti; pancen ditulis pancene; saupama ditulis saumpama; tumemen ditulis seken; nyuwun pangapura katulis sepurane; nunggu ditulis ngranti; tumrap dadi tumprap; sliramu dadi awakmu; lan sapanunggalane. Yen mrangguli tembung-tembung mau, minangka pemimpin redaksi aku mbudidaya ngganti kanthi paugeran kamus S. Prawiroatmadja. Tembung-tembung dialek mau nembe dijarake yen tinemu ana ing pocapan crita cekak, kang setting utawa papan dumadining crita ana ing tlatah Jatim.

Ora bisa diselaki, kawruh basa Jawa-ne kabeh redaktur ing Damar Jati mau satemene kabeh uga dhedheran Panjebar Semangat-Jaya Baya minangka kalawarti Basa Jawa kang wis tuwa sawise mardika. Mung bedane, ana sing “meguru” Panjebar Semangat–Jaya Baya babaran taun 1950-1970, suwalike ana uga redaktur sing nyecep basa Jawa-ne Panjebar Semangat-Jaya Baya taun 1990-seprene. Ya ing kene iki banjur bali tuwuh anane “pradhondhi” mau. Tembung matur nuwun, redaktur muda nulise matur suwun. Tembung nuwun sewu, ditulis nyuwun sewu; komplit katulis komlit. Semono uga tembung pametu, ditulis dadi pawetu. Mbok menawa amarga rumangsa pancen wis bener, sanajan wis dikoreksi, liya dina tembung-tembung luput mau diambali maneh. Semune wis kabacut ciri wanci, lelai ginawa mati! “Lha wong nang Panjebar Semangat ya ngono kuwi kok!”, mangkone kelahe si redaktur muda.

Pengin metu manjila

Ora jeneng nyalahake Panjebar Semangat utawa Jaya Baya minangka “guru”-ne, nanging kena digawe dudutan, yen kesalahan basa ing sastra tulis bisa temular marang para maose. Krana iku Damar Jati tansah mbudidaya, nganggo basa Jawa kang baku. Salagine basa Jawa isih duwe, nyirik migunakake tetembungan basa Indonesia. Basa nasional iku nembe dipigunakake yen ta pancen basa Jawa durung duwe tembung kasebut. Swargi Bapak Tedjosusastro pengarang buku Waosan Jawi kang uga staf Lembaga Bahasa Yogyakarta, taun 1973 nate ngendikakake: “Menawi basa Jawi taksih gadhah, kedahipun mboten ngginakaken tembung-tembung Indonesia.”

Cundhuk karo ngendikane ahli kasusastran Jawa kasebut, Damar Jati nyirik tembung wigati dadi penting, jenat utawa swargi dadi almarhum, kalebu mligi dadi khusus. Nanging Damar Jati dinane iki uga asrah bongkokan golek tembung Jawane: penasaran, peserta, lingkaran setan, penduduk, pemerhati, pengamat lan pengagum. Apa ya lumrah lingkaran setan diganti bunderan dhemit; pemerhati dadi penggatek lan pengagum dadi penggumun? Krana mangkono, amarga saking kodhenge, tembung-tembung silihan saka basa Indonesia mau kepeksa dipigunakake. Wong nyatane Panjebar Semangat taun 1960-an uga wis migunakake tembung bangsane penduduk mau.

Pancen ora bisa diselaki, basa mono satemene mung pakulinan. Sanajan ing sakawit tembung mau rasane aneh lan lucu, suwening suwe yen kerep dienggo lan banjur ditampa bebrayan, dadi kepenak uga. Karana iku, nganggo utawa nyaplok sawutuhe basa Indonesia kanthi pawadan luwih gampang ditampa surasane, satemene ora ana larangan lan kena kena wae. Nanging aku sacara pribadi rumangsa prihatin yen ta ing penerbitan-penerbitan basa Jawa kang kumudu-kumudu njarwakake basa Indonesia menyang basa Jawa banjur mrangguli tembung-tembung: dharah kraton dadi getih kraton, usia kepala empat dadi umur sirah papat, pada gilirannya dadi ing gilirane, lan sapanunggalane.

Sawise Damar Jati terbit sawatara nomer, akeh sutresna sing ngira, yen kalawarti iki dudu weton Jakarta. Lupute Ngayogya ya Sala, awit basane ora beda basa Jawa-ne daerah lelorone mau. Yen ana panemu kang mangkono iku, ya matur nuwun, amarga apa kang dadi ancase redaksi semune ora muspra. Nanging iku ora ateges yen pehak Damar Jati banjur gumunggung dhiri. Dhestun kita ora pegat tansah nyuwun panyaruwe sarta kritik saka para maos kanggo kemajuwane majalah iki ing dina-dina sabanjure.

Kanggo amrih ngese kalawarti kita, akeh uga sutresna sing paring pamrayoga supaya Damar Jati ngemot rubrik bangsane kasarasan, olah-olah, utawa taman bocah. Malah ana sing udhu panemu supaya gambar samake sing wanita ayu-ayu iku mbok aja dikantheni crita sapala kang nggambarake isine kaca njero. Pamrayoga iku pancen becik, nanging redaksi durung bisa minangkani. Kejaba lembaran kaca isih winates, salugune Damar Jati pancen pengin metu manjila, ora madhani karo kalawarti-kalawarti basa Jawa kang wis ana sadurunge.

Mbok aja dijarake wae

Para lenggah kang minulya. Marga Damar Jati durung suwe umure, tebane durung sumebar warata. Satemah para sutresna kang mersudi marang basa Jawa, mligine para penulis Jawa, durung kabeh priksa anane penerbitan anyar mau. Pengarang gamben kayadene Tiwik SA lan Jayus Pete, durung nate kersa kirim tulisan menyang Damar Jati. Dalasan Sdl. Narko Sodrun kang wis kita pintasraya minangka koresponden, saelingku sing dikirimake mung crita cekak, kuwi wae mung sepisan! Kamangka ing pangangkah, yen para penulis kondhang mau melu kekeceh ing Damar Jati, mesthine bisa nambahi wibawa lan bobote.

Tulisan saka penulis njaba pancen wis lumayan akeh. Nanging sasuwene iki sing mlebu kejaba para penulis anyar katon, racake mung crita cekak lan geguritan. Kamangka isine kalawarti rak ora mung geguritan lan crita cekak thok. Nanging kita kang ngesuhi Damar Jati uga ora maido, tulisan saliyane geguritan lan cerkak pancen mbutuhake wektu, tenaga lan prabeya kanggo ngumpulake bahan-bahan, sedheng Damar Jati durung bisa atur pituwas kang samurwat. Sapa gelem, direwangi olehe nulis ngantuk-ngantuk, honore ora cucuk!

Minangka panutuping atur, lumantar kalodhangan iki aku ngajab marang para kadang kang ngesuhi kalawarti basa Jawa kabeh wae, supaya ndarbeni kawigaten mirunggan kanggo memetri basa Jawa kang wis diantepi. Lire, yen ora kepepet banget mbok iyoa ngendhani tembung-tembung silihan saka basa Indonesia. Awit kaya kang wis dikawuningani kabeh, merga saka “trekah” lan “pokal”-e Mentri P & K kang nyuwak basa daerah saka kurikulum wiwit taun 1975, basa Jawa dadi saya ketula-tula. Lha yen bebrayan pers ngejarake wae basa-basa kang salah mau, banjur tambah kaya ngapa nasibe basa Jawa ing tembe mburi?

Wusana cukup semene andharanku sing ngandhar-andhar angedhukur iku. Yen ana galap gangsule basa lan ukara, sarta isine kang kurang gawe sarjuning penggalih para lenggah kabeh, kita saka Damar Jati nyuwun sih lubering samodra pangaksama. Macan galak wulu merak, mangsa borong marang para sutresna basa lan kasusastran Jawa kabeh. Nuwun.

[]


BIODATA: Gunarso Tjokrosutikno lair ing Ngombol Purworejo, 25 Nopember 1951. Lulus PGAN (Pendidikan Guru Agama Negeri) Yogyakarta (1969), mesthine kudu dadi guru agama ing Kaliurang. Nanging SK pengangkatane ora dinyangi, dheweke “mlayu” milih dadi wartawan, nyambi kuliah ing FKSS (Fakultas Keguruan Seni Sastra) IKIP Yogyakarta jurusan Sastra Jawa, sanajan mandheg dalan. Dadi kuli tinta wiwit saka Kembang Brayan (1968-1971) Yogyakarta, mbantu Djaka Lodang, sarta dadi redaktur Ariwarti Parikesit Solo (1973-1976). Pindhah ing harian Pos Kota Jakarta (1977-2005) minangka redaktur pelaksana, lan nate nate dikirim menyang Suriname (1996) kanggo nulis laporan “Melacak Sisa-sisa Orang Jawa di Suriname”. Wiwit Juli 2005 dening Pak Harmoko didhawuhi ngesuhi Kalawarti Damar Jati. Buku sing wis nate ditulis: Wayang Semau Gue (1991), Nah Ini Dia patang jilid (2002). Kejaba nyekel rubrik Wayang Semau Gue ing koran Pos Kota, Gunarso TS uga nyekel rubrik Paket Pos sarta Nah Ini Dia nganti dinane iki. Rubrik Nah Ini Dia mau wis nate disinetronake ana ing SCTV nganti 106 episode.

Diandharake ing KSJ II (Semarang, 1- 3 September 2006

0 comments: