Sarworo Soeprapto
PERJUANGAN ngrembakakaken Basa lan Sastra Jawi (salajengipun kasingkat BSJ) ing wekdal samangke mujudake perjuangan ingkang awrat lan mbetahaken wekdal ingkang radi lami. Jroning wekdal ingkang radi dangu punika, dipunwedalaken pikiran lan tenaga ingkang boten sekedhik. Tanpa kesabaran, ketlatosan, lan tumetesing kringet, kita brayat Jawi boten badhe pikantuk asil. Malah, sinaosa sampun ngedalaken kringet lan kinanthenan ketlatosan, asil ingkang dipuntampi tetep kirang mingsra.
Amargi kita yakin bilih kabudayan Jawi saged paring pisumbang ageng dhumateng kemajenganipun masyarakat lndonesia, kita boten wigah-wigih ngetog karosan ikhtiyar ngrembakaken BSJ, elemen ingkang pokok jroning kabudayan Jawi. Tiyang Jawi ingkang gunggungipun kathah piyambak ing Indonesia badhe boten wonten punapa-punapanipun utawi isinipun yen boten saged ngudi kabudayanipun. Istilahipun, tiyang Jawi ingkang kathah sanget punika namung kadosdene pong-pong bolong yen boten saged dados sarem saha gendhis tumrap bangsa lndonesia.
Ngudi mekaring BSJ klebet pakaryan ingkang awrat piyambak. Langkung gampil ngudi mekaring elemen kabudayan Jawi sanesipun, kadosta sistem religi lan upacara keagamaan, sistem lan organisasi kemasyarakatan, kesenian sanjawining kasusastran, arsitektur, adat-istiadat sarta teknologi. Ewasemanten, mekaring BSJ kedah dipunudi saestu, sebab BSJ mujudaken rohing kabudayan Jawi. Wohing pamikiran, nilai etika lan moralitas, sarta nilai-nilai budaya sanesipun, saperangan ageng cumondhok ing basa lan sastra, lisan punapadene tulis, klasik punapadene modheren.
Sampun dados kanyatan ingkang boten saged kabantah, ikhtiyar ngrembakaken BSJ boten cekap namung alelandhesan keputusan pepanggihan resmi, kadosta seminar, sarasehan, lokakarya punapadene kongres. Keputusan pepanggihan resmi ingkang ngrembag bab basa, sastra lan kabudayan Jawi, cacahipun sampun boten saged kaetang malih. Makalah ngengingi BSJ ingkang kagelar wiwit taun 1957 - sarasehan sepisanan ingkang ngrembag BSJ, ingkang dipunadani dening Jawatan Kebudayaan Kementerian PP & K, 23 Desember 1957 ing Gedhung Sriwedari Solo- dumugi dinten punika, yen katumpuk sampun atusan meter. Kadosta makalah ingkang dipunpresentasekaken ing Kongres Basa Jawi I (1991), II (1996), III (2001) lan IV (2006), semanten ugi, yen katumpuk temtu sampun sundhul wuwungan griya loji ageng. Dudutan lan keputusan KBJ uga ndakik-ndakik. Nanging kanyatanipun nasibipun BSJ tetep mekaten kemawon. Panci wonten kemajenganipun, nanging boten mingsra. Boten selaras kaliyan beya, tenaga saha pikiran ingkang sampun kawedalaken. Kenging menapa saged makaten?
Tanpa Aksi Jelas
Meh sedaya dudutan lan keputusan pepanggihan bab BSJ namung kandheg ing sanginggiling kertas amargi boten kinanthen langkah aksi. Jroning langkah aksi, saged katemtokaken bab-bab ingkang kedah dipunperjuangaken maujudipun jroning kanyatan. Ugi kedah jelas, kapan anggenipun miwiti lan mungkasi aksi, sinten kemawon ingkang kajibah nindakaken aksi kalawau, wonten botenipun beya kangge nindakaken aksi, sarta dhumateng sinten utawi pihak pundi asiling aksi wau kedah dipunlaporaken. Ing basa samangke, dudutan lan keputusan pepanggihan ngengingi BSJ kedah ngginakaken azas transparansi lan akuntabilitas.
Semanten ugi dudutan lan keputusan ingkang sampun kasusun ing Kongres Sastra Jawi (KSJ) III ingkang kawontenaken ing Semarang 1-3 September 2006, ugi perlu sinartan langkah aksi ingkang jelas. Tanpa langkah aksi ingkang cetha, KSJ badhe boten wonten bentenipun kaliyan KBJ.
KSJ 2006 ing Semarang ingkang sampun kasil mbentuk kepengurusan OPSJ (Organisasi Pengarang Sastra Jawa) kanthi boten langsung paring tengara yen ingkang dados mandhatarising dudutan lan keputusan KSJ boten sanes para pengurus OPSJ ingkang enggal. Jroning maujudaken dudutan lan keputusaning KSJ 2006, pengurus OPSJ saged makarya sesarengan kaliyan sanggar-sanggar sastra Jawi ingkang sampun wonten, kadosta SSJY (Sanggar Sastra Jawa Yogyakarta), PSJB (Pamarsudi Sastra Jawa Bojonegoro), Sanggar Triwida ing Trenggalek-Tulungagung-Blitar lan PPSJS (Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya). Dene ing wilayah ingkang dereng/ boten wonten sanggaripun, saged enggal kabentuk Komda (Komisariat Daerah) OPSJ, kadosta ing kukuban Banyumas (Purwokerto, Cilacap, Kebumen), wilayah Pati (Kudus, Pati, Jepara, Rembang, Blora, Purwodadi), wilayah Tegal (Tegal, Slawi, Pekalongan, Brebes), kukuban Surakarta (Solo, Sukoharjo, Klaten, Boyolali, Sragen) lan sanesipun.
Inventarisasi Pakaryan
Pengurus OPSJ kanthi kasengkuyung dening sanggar-sanggar sastra Jawi punapadene pengurus Komda OPSJ sasampunipun damel inventarisasi pakaryan ingkang kedah dipun tindakaken, enggal saged ngawontenaken gerilya budaya. Kedah wonten personel OPSJ lan sanggar ingkang nindakaken gerilya budaya.
Gerilya budaya punika mujudake satunggaling aksi utawi gerakan nyaketi pihakpihak ingkang saged mbiyantu majengaken BSJ. Istilah populeripun ing basa Indonesia: lobi sana lobi sini, nego sana nego sini. Pihak kasebat saged ingkang kagungan panguwaos nemtokaken 'kebijakan' budaya, nanging saged ugi ingkang boten kagungan panguwaos. Pokokipun soksintena ingkang saged mbiyantu damel majenging BSJ, dipuncaketi, dipunajak majengaken BSJ. Dene ingkang kagungan panguwaos kadosta menteri, gubernur dalah stafipun, bupati saha stafipun, bebadan legislatif (DPRD Tingkat I lan Tingkat II) tuwin dinas-dinas ingkang wonten sambetipun kaliyan theg kliwering kabudayan, kacaketi amrih damei kawicaksanan ingkang nyengkuyung majengipun BSJ.
Gerilya budaya kangge damel majengipun BSJ perlu dipuntindakaken, boten sanes kangge ngawal cak-cakanipun dudutan lan keputusan pepanggihan ngengingi BSJ. Tujuanipun amrih pepinginan damel majenging BSJ boten namung kandheg ing laci meja punapadene cumondhok ing rak-rak perpustakaan. Pengalamanipun kadang Drs Suwardi Endraswara MHum sarencang saking UNY jroning nindakaken gerilya budaya amrih BSJ uga dados pelajaran wajib ing tataran SMA Provinsi DIY mujudake conto ingkang nyata.
Pepinginan amrih saben propinsi lan kabupaten/kotamadya ing Jatim, Jateng lan DIY nyawisaken anggaran ingkang murwat kangge ngragadi penerbitan buku-buku basa Jawi kangge nyengkuyung cak-cakanipun pamulangan BSJ, upaminipun, boten badhe kaleksanan yen para aktifis kabudayan Jawi boten cancut taliwanda, ngawontenaken gerilya budaya dhumateng para anggota legislatif, pihak eksekutif, sarta penerbit buku. Yen bab siapipun para penulis utawi pengarang, boten perlu dipunkuwatosaken. OPSJ lan sanggar-sanggar BSJ sampun siap.
Kathah pepinginan ingkang perlu dipunperjuangaken lumantar gerilya budaya. Kejawi magepokan kaliyan kacekapanipun buku-buku waosan basa Jawi, bab-bab sanesipun ingkang kedah dipunperjuangaken, antawisipun: (1) Kacekapaning guru-guru basa Jawi ingkang nggadhahi kualifikasi kangge tataran SD, SMP lan SMA, (2) Saya kathah lan gayenging acara apresiasi BSJ ing media massa elektronika (radio lan tevelisi) sarta cetak, tuwin (3) Wontenipun subsidi tumrap organ isasi/bebadan ingkang nyata-nyata tansah ngawontenaken kursus pranatacara, kursus adat lan tatacara Jawi lan kursus-kursus sanesipun ingkang magepokan kaliyan BSJ. []
Sang Pamomong Suara Merdeka, 23-4-2007
Mengorbit dengan Tulisan Kreatif
7 years ago
0 comments:
Post a Comment