Kepriye nasibe sastra Jawa? Pitakon kasebut lumrahe kawetu saka para sutresna kang tansah nggatekake lan nguri-uri sastra Jawa. Anane Kongres Sastra Jawa digelar iku jalaran saka rasa prihatine para sutresna sastra Jawa marang kahanane sastra Jawa. Apa bener ta, sastra Jawa iku uripe pancen mrihatinake lan bakale cures?
Sabenere kita ora prelu was sumelang marang uripe sastra Jawa waton isih ana wong Jawa kang bisa basa Jawa. Sastra Jawa tetep bakal urip nganti kukute jagad. Kita ora susah kuwatir marang lestarine sastra Jawa. Jalaran, manawa kita ngungak ing pawone penerbit majalah basa Jawa, kita bakal kaget. Cingak. Ing kono kita bakal mrangguli naskah-naskah crita cekak, crita landhung, geguritan, lan dongeng kang tumpuk undhung. Akeh banget. Mula ora mokal manawa naskah lagi bisa kapacak ing majalah (paling cepet) setengah taun sawise dikirim marang redhaksi. Bab iki nuduhake manawa sastra Jawa isih tetep lestari disenengi dening para sutresna Jawa. Mligine pengarang sastra Jawa.
Mung emane ing wektu iki majalah basa Jawa kang isih lestari, kaya ta Jaya Baya lan Panjebar Semangat kababar ing Surabaya, Djoko Lodhang ing Ngayogyakarta, Pustaka Candra lan Podhang ing Semarang, Damar Jati ing Jakarta (kang kasebut keri, saiki embuh kabare), Mekar Sari saiki dadi suplemen Kedaulatan Rakyat, lan saiki lair Jagad Jawa suplemene SOLOPOS, kababare mung seminggu sepisan, rong minggu, malah ana kang wulanan. Kamangka saben majalah mung macak crita cekak siji, geguritan sakaca, crita landhung siji, lan dongeng siji. Mula ya ora mokal manawa naskah-naskah crita lan geguritan numpuk ing pawone redhaksi. Saeba bungahe saumpama saben kababare majalah bisa macak naskah crita luwih saka dening siji. Sastra Jawa mesthi bakal ngrembaka.
Saiki gumantung marang redhaksi. Para sastrawan Jawa wis ngirimake naskah crita marang majalahe. Gelem apa ora redhaksi macak naskah sastra Jawa luwih saka dening siji? Sukur-sukur bisa nerbitake kumpulan crita cekak utawa geguritan, utawa wujude sastra liyane sajrone sewulan sepisan.
Sapa kang Maca?
Pancen uripe sastra Jawa ora mrihatinake. Iku manawa ditimbang saka cacahe naskah sastra Jawa. Manawa ditimbang saka bobot kepriye? Manawa kita gelem jujur, ora kabeh naskah crita kang kapacak ing majalah nduweni bobot kang becik. Aku kok kepengin nandhingake ngono ora, nyatane sastra Indonesia luwih nduweni bobot tinimbang sastra Jawa. Sumangga, ngenani bobote sastra Jawa kasumanggakake marang para seniman lan para redhaksi kang kuwasa macak sastra Jawa ing majalahe. Kuwi bisa didandani karo mlaku. Kang baku ing wektu iki isih akeh naskah sastra Jawa kang mlebu ing pawone redhaksi kang antri kapan bisane kapacak. Iki bukti yen sastra Jawa isih urip.
Saiki tuwuh prekara anyar, sapa kang bakal maca sastra Jawa? Wangsulan kang paling gampang yaiku wong Jawa. Nanging kanyatan kang ana, saiki akeh wong Jawa kang ora bisa basa Jawa. Mligine para nom-noman. Saiki akeh nom-noman kang luwih pinter basa Inggris tinimbang basa Jawa. Saumpama bisa basa Jawa, ya mung basa padinan kang terkadhang adoh saka basa kang laras, leres, lan trep. Bab kabisan basa iki ora bisa disepelekake manawa kita ngrembug babagan kasusastran Jawa. Manawa ora ngerti marang tembung-tembung kang digunakake kanggo ngrakit kasusastran, mesthine ya banjur wegah maca kasusastran mau.
Kita kabeh kudu mbudidaya supaya generasi mudha bisa seneng maca tulisan kang abasa Jawa. Jalaran ya generasi kasebut kang bakal mikul lestarine kasusastran Jawa sabanjure.
Pamarentah Propinsi Jawa Tengah lumantar Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Jawa Tengah ing wektu kapungkur (tanggal 21-22 Agustus 2007) wis paring conto lumantar Lomba Pidato Berbahasa Jawa bagi Siswa SMA/SMK/MA. Senajan kang melu lomba mung cacah 20 siswa, bab kasebut wis aweh pambombong, manawa generasi mudha Jawa isih ana kang preduli marang lestarine basa Jawa.
Pamarentah wis paring conto. Saiki gumantung para guru lan orang tua, gelem apa ora nggladhi marang para siswa supaya seneng maca tulisan kang abasa Jawa.
Saperangan sutresna Jawa duwe panemu: ”Sastra Jawa bakal mati”, nanging saperangan duwe panemu: ”sastra Jawa ora bakal mati”. Endi sing bener? Kabeh bisa bener lan bisa salah.
”Sastra Jawa mesthi mati”. Ukara sing dumadi saka patang tembung sing dianggo irah-irahan tulisan iki, tumrape sutresna budaya Jawa, yen dirungu pancen ngabangake kuping, dhadha seseg, lan muntab kanepsone. Apa maneh manawa sing ngucapake ukara kuwi wong Jawa, sing kudu nguri-uri lestarine basa Jawa.
Sabenere tembung sing ngemu teges pesimis ngenani lestarine sastra Jawa kuwi ora perlu ditampa kanthi abot, mbentoyong. Kang kudu ditindakake ing wektu iki tumindak sing nyata marang piye carane basa Jawa bisa lestari. [Dening: Drs. Arih Numboro]
DIKOPAS saka Solo Pos Online [Edisi : Kamis, 06 September 2007 , Hal.C]
Mengorbit dengan Tulisan Kreatif
7 years ago
0 comments:
Post a Comment