Monday, March 3, 2008

SWASANA KANG BISA NYENGKUYUNG PROSES KREATIF SASTRA JAWA

Dening: Sri Widati
Bal;ai Bahasa Yogyakarta


[1] Pambuka:

Ing buku Kalangwan kang kaserat dening Zoetmoelder (1985:441--442) ana pituduh kang mertakake yen ing kasusastran klasik para pujangga keraton merlokake anjangsana ing papan-papan tertemtu murih bisa cedhak karo alam kang nggambarake agunge Pangeran saengga bisa nyengkuyung kreativitase. Intine, alam minangka ora mung minangka objek imajinasi, nanging uga papan kanggo ngeningake cipta utawa konsentrasi murih bisa nyipta kang edi. Bab kasebut kacetha ing sawenehing tandha-tandha verbal ing karya-karyane para pujangga, Tetembungan kang saka wewengkoning alam, upamane jeneng utawa peranganing tetuwuhan, sato kewan lan pawongan saka tlatah geografis tartamtu nuduhake lokalitas karyane.



Sajatine, bab kang kasebutake ing ndhuwur mau uga dudu siji-sijine cara kang mesthi dilakoni dening para pujangga ing jamane sastra klasik amarga kanggo nyengkuyung lancare proses kreatif iku isih akeh piranti liyane kang perlu kagatekake dening para pujangga kraton, yaiku kang sawetara ngelmu kang gegayutan karo “bobot” utawa kuwalitas internal karyane. Kaya kang diandharake dening Padmosoekotjo ing bukune Ngengrengan Kasusastran Jawi I (1958) yen sarat kang banget perlu kanggo sawijining pujangga, antarane, prigel bab basa, bab sastra, bab tembang, gendhing, filsafat, lan landhep panggraitane. Bab-bab kang kasebutake mau pancen abot, nanging kudu disinau dening para calon pujangga, kang maqhanani ora sadhengah wong bisa lolos dadi pujangga. Sarat-sarat kang kasebut mau ngemu teges yen kapujanggan klebu wewengkone kraton kang diayomi lan diatur miturut paugeran kraton uga. Sawijining pujangga, upamane, diangkat lan diuripi (sakulawargane) dening kraton. Kanthi mangkono, pujangga kudu manut saprentahe kang kagungan paprentahan ing kraton. Bab iku kacetha ing karya-karyane kang padatane ngagungake para ratu sakulawargane, ora nyaruwe (ngritik) tatanan lan kawicaksanane panguwasa, sastra nglestarekake tatanan tradhisi.

Kahanan kang kasaebut iku mau ngalami owah-owahan kang banget beda, kawiwitan mbalelane R.Ng. Padmosoesastra, utawa Ki Padmosoesastra, lumantar ikrare minangka “wong mardika kang nggegulang sastra Jawa”. Panjenengane ngaku yen wis ora bisa maneh nulis kaya karya-karyane R. Ng. Ranggawarsita.1 Ikrar iku mau kacetha ing karya-karyane kang nyoba beda karo konvensi sastra tradisional, upamane, Serat Rangsang Tuban (1912) kang kaserat ing gancaran.2 Kejaba kuwi, tema sekundher buku kasebut kapethik saka isu kang lagi populer wektu iku, yaiku tema emansipasi wanita.3 Kawiwitan saka buku gancarane Ki Padmosoesastra (1912) mau sabanjure muncul maneka jinis fiksi, kawiwitan fiksi biografi, fiksi lelana, banjur dadi roman, novel, lan crita cekak. Panjenengane diakoni minangka pionir kang mbidhani laire gancaran gagrag anyar ing jagading kasusastran Jawa.

[2] Pangripta Gagrag Anyar minangka Pribadhi Mandhiri

Krentege Ki Padmosoesastra kang kepengin dadi “wong mardika” iku ana becike lan uga ana kurange. Becike, krenteg mau nuwuhake dhinamika ing jagade kasusastran Jawa kang sabanjure nggrengsengake semangate para mudha ing wilayah jajahan India Walanda, mligine guru-guru pribumi kang ing wektu iku minangka saperangan elit lulusan pamulangan formal Walanda. Dene bab kurange, dadi “wong mardika” iku pranyata sabanjure kudu mandhiri ing sakabehe, klebu bab panguripan pangripta sabrayat lan jaminan penyebaran karya-karya sastrane.

“Kamardikane” pangripta minangka pribadhi kang mardika katon cetha ing pambukane abad-20 amarga wiwit iku jinising kasusastran Jawa anyar pancen saya ngrembaka, wani sesandhingan karo kasusastran gagrag lawas utawa kasusastran tradhisional. Jeneng sesebutan pujangga wis ora keprungu maneh, kaganti karo sesebutan pengarang (Indonesia) utawa pangripta. Ing Bausastra Jawa (1939) kasebutake yen dasanamane pujangga pancen pangripta, nanging ora kabeh pangripta bisa dadi pujangga amarga pujangga kaiket dening sarat-sarat tartamtu kang asipat wajib. Dene istilah “pangripta” utawa “pengarang” iku padatane kagunakake kanggo nyebut “pujangga” ing jaman surude R. Ng. Ranggawarsita, utawa wiwit jamane Ki Padmosoesastra, yaiku pangripta saka kraton kang ngikrarake dhirine minangka pujangga kang mardika saka konvensi kasusastran tradhisi kraton. Ikrar kasebut uga nuwuhake evoria kebebasan ing kalangane pengripta mudha kala semana amarga “bebas” ateges uwal saka konvensi tradhisional kang rinasa matesi kreativitas, lan gelem nampa owah-owahan saka njaban rangkahe. Ananging, ana sawijining bab kang durung disiyagakake, yaiku “pengayom” kang sadurunge diemban dening kraton. Wiwit kuwi para pangripta sastra Jawa pancen kudu wani mandhireng pribadhi.

Periodhe sugenge Ki Padmasoesastra iku bisa kasebut periodhe transisi, yaiku periodhe kang nuduhake tandha-tandha owah-owahan ing tatananing masarakat Jawa, mligine kang dumadi wiwit gumingsire abad kaping-19 tumuju pletheking abad kaping-20 (Widati dkk., 2001:25--26). Ing periodhe transisi mau, begjane, pers ing laladan Hindia Walanda --klebu kang abahasa Jawa-- wiwit muncul, kawiwitan medhia massa (minggon) Jawa Bromartani, kang terbit sepisanan ing Surakarta, taun 1885.4 Sanajan medhia massa kasebut durung nduweni rubrik sastra lan ora dawa uripe, nanging kasil mancing muncule medhia massa Jawa liyane, kayata Jurumartani, Retnadumilah, Jawi Kandha, Hisbulwahton, Dharma Nyata, majalah Jawa saka pamarentah kolonial, Kajawen (Kadjawen), lan majalah-majalah Jawa liyane, kang diterbitake dening kelompok politikus (Hutomo, 1975). Medhia massa manjing dadi salah sawijining lembaga kang ndarbeni fungsi minangka pengayome sastra lan pangripta Jawa wektu iku. Ora kena diselaki yen lumantar media massa-medhia massa kasebut kasusastran Jawa bisa katerbitake lan sumebar ing para maos, mligine kang bisa maca basa (lan aksara) Jawa.

[3] Pangripta lan Sastra Jawa Butuh Pengayom

Sanajan medhia massa abasa Jawa kang lair ing periodhe sadurunge kamardikan mau oplage isih cilik, nanging kasil nyengkuyung kreativitase para pangripta, racake para guru lan politikus. Amarga kelompok-kelompok iki kang racake trampil maos lan nulis ora mung nganggo basa ibu, utawa basa dhaerahe, nanging uga basa Melayu lan Walanda (Holland Spraachen). Dhekadhe-dhekadhe awal abad-20 uga disengkuyung badan-badan penerbit: duweke swasta lan duweke pamarentah saengga aneh yen ing wektu kuwi wiwit akeh buku Jawa kang terbit, mligine katerbitake Balai Pustaka (Bale Pustaka) kang mapan ing Jakarta (Batavia). Sawetara buku-buku mau yaiku Serat Riyanta karya R.M. Soelardi, Jarot, Kirti Njunjung Drajat, dan Pethi Wasiyat karyane Jasawidagda, lan Ngulandara karyane Margana Djajaatmadja (Balai Pustaka Sewajarnya, t.t.). Miturut Suparto Brata (t.t.:79--80), antarane taun 1865--1945 kacathet 125 judhul buku abasa Jawa kang diterbitake lembaga pamarentah kolonial mau. Durung maneh cerkak lan cerbung kang kamot ing medhia massa, yaiku koran lan majalah. Ing Kajawen, upamane, muncul jeneng pangripta kang popular wektu iku yaiku Krendhadigdaja, Sri Kanah K., lan Suprapti. Dene ing majalah Panjebar Semangat luwih akeh maneh pangripta anyar, kayata Sri Soesinah, Pandji Poetra, Ki Soerjo, Atnirah, Sri Koesnapsijah, Mt. Soepardi, Sri Marhaeni, Sambo, lan Elly. Grengsenge kreativitas sastra Jawa kala semana mahanani medhia massa uga dadi aktif mbantu publikasi. Pangripta senior bisa nyebarake karyane lumantar penerbitan buku, lan pangripta mudha nyebarake karyane lumantar medhia massa koran utawa majalah. Miturut katrangane Soebagijo I.N., saben sekolah pamarentah wektu iku ndarbeni perpustakaan kang nyimpen buku-buku wacan abasa Jawa, mligine saka terbitan Balai Pustaka. Para murid padha sregep maca, lan maneka buku ing perpustakaan dadi waosan para siswa. Ana uga perpustakaan keliling kang mbantu masarakat ing padesan sinau maca lan nulis. Buku abasa Jawa, racake klebu kode A lan B. Begjane maneh, wektu iku basa Jawa isih ndarbeni fungsi minangka basa komunikasi masarakate (Brata, t.t.). Sanajan mengkono, perlu kawuningan dene wiwit taun 1930-an buku-buku Jawa (apa maneh sing abasa Sundha lan Madura) saya susut yen kabandhingake karo buku-buku abasa Indonesia (Melayu). Bab iku akeh sambung-rapete karo Sumpah Pemuda ing taun 1928 kang ngikrarake basa Melayu minangka basa persatuawan ing tlatah India Walanda (Nuswantara). Sanajan mengkono, kreativitase pangripta Jawa isih diayomi dening medhia massa, penerbit, lan pamarentah.

Pengayom iku sawijining bebadan utawa paraga kang penting perane tumrap kesenian amarga kesenian ora bisa lair yen ora disengkuyung dening lembaga-lembaga sing asih lan tresna marang seni, kadidene Maecenas (saka Romania) kang gedhe kawigatene marang kesenian, klebu seni satra.5 Kahanan kang kondhusif mengkono iku banjur kandheg dening kawicaksanane pamarentah Jepang kang mbrangus kreativitase pangripta, kanthi mbredhel madhia sastra dhaerah --nasibe sastra Jawa mung kari lembar sisipan pendhak 2 minggu sepisan, ing majalah abasa Indonesia, Pandji Poestaka-- lan masang telik sandhi ing sadhengah papan, klebu ing medhia massa. Kanthi kawicaksanan mau sastra Jawa dalah pangriptane kelangan pengayom, yaiku saka medhia massa, penerbit, apa maneh saka pamarentah! Begja banget isih ana Poerwadhie Atmodihardjo, Any Asmara, lan Soebagio I.N. kang kasil slinthat-slinthut nyerat ing Pandji Poestaka ganggo gaya propandha. Dene pangripta liyane kang sabenere akeh banget mau mandheg, ora ana beneke maneh. Ing kahanan kang banget mepet iku mau Poerwadhie Atmodihardjo, Soebagio I.N. kasil ngrembakakake jinis kasusastran propagandha: Poerwadhie Atmodihardjo lumantar cerkak propagandha, lan Soebagio I.N. lumantar guritane sonata. Sakarone nyoba komunikasi karo para maose kanggo mbakar perjuwangan bangsan. Dene Any Asmara, lagi nulis maneh ing taun 1950-an, sawise aman.

Kahanan wiwit becik maeh wiwit taun 1950-an amarga program pamarentah ing babagan pendhidhikan uga nyengkuyung penerbitan buku-buku kanthi tujuwan mbrantas buta huruf ing kalangane masarakat, mligine kang wis nate mambu sekolah. Eman banget dene kesempatan mau malah njlomprongake kasusastran Jawa dadi kasusastran panglipur wuyung amarga kahanan politik lan ekonomine negara kancen lagi abot. Pangripta kang kudune setya marang semboyan l’art pour l’art, nanging kanyatane ora bisa nglakoni amarga akeh pangripta kang kepencut kumlebete dhuwit. Sasdtra Jawa wektu iku keblasuk ing jagading panglipur wuyung kang mahanani sastra Jawa dadi sastra picisan, ora ana regane maneh, nganti taun 1967.

Pembredhelan roman panglipur wuyung dening Komres Surakarta ing taun 1967, pancen nuwuhake efeke kang gedhe banget tumrap kreativitas sastra Jawa sabanjure, yaiku ilange meh kabeh pengayom. Sepisan, amarga kapercayane publik pupus mahanani penerbit jinja nerbitake buku abasa Jawa amarga wedi rugi (c.f. Brata, t.t.:89). Luwih-luwih, mbaka sithik pamarentah “lali” marang maknane “Penjelasan UUD ’45, khususe Bab XV, Pasal 36, bab bahasa negara. Ing kono kasebutake yen basa-basa liyane (basa etnis) kang isih kapigunakake krana aktif dening masarakate, perlu dipepetri lan dirembakakake dening pamarentah. Kanthi dhalih nengenake keamanan Negara lan ekonomi, pamarentah ora nggape basa dhaerrah, apa maneh sastrane.

Ing jamane Orde Baru, grengsengae kasusastran Jawa ora bisa balik maneh kaya mangsa sadurunge mardika amarga pamarentah kanthi dhalih “menggairahkan pemakaian bahasa Indonesia sebagai bahasa persatuan” lan “mengukuhkan bahasa resmi negara dengan mendisiplinkan pemakaian bahasa Indonesia yang baik dan benar”, peran basa dhaerah mbaka sithik kasingkur, ora mung ing pendhidhikan formal, nanging uga ing pendhidhikan informal (c.f., Brata, t.t.:90).

Nganti pungkasaning dhekadhe 2000-an, basa lan sastra Jawa angel urip marga kondhisi masarakat kang saperangan gedhe wis lali marang basa ibune, sarta politik marginalisasi kelompok sing dianggep ora perlu, mligine basa lan budaya dhaerah, mesthi wae ngganggu kreativitase pengripta, ora mung sastra Jawa, nanging meh kabeh aspek budaya. Para penerbit cilik kang padatane nerbitake sastra Jawa padha gulung tikar, la kepiye wong sing bisa maca Jawa wae wis saya entek? Pangriptane mesthi wae padha loyo kentekan semangat amarga karyane ora payu. Saliyane iku, mboko sithik masarakat Jawa kang dwibahasawan padha eksodhus menyang jagading sastra Indonesia kang diajab bisa nggrengsengake semangat makarya. Kanthi kahanan mau sastra Jawa kelangan turus-turus jati kang digadhang bakal nyangga sejarah sastra Jawa bacute mesthi wae punthes, arang kang bisa trubus. Kebeneran uga, wiwit taun-taun 70-an, kawiwitan kurikulum tahun 1975, alokasi basa Jawa ing sekolah disusut jame kanthi alesan kang ora cetha, mung diwulangake tekan SLTP, lan ora klebu mata ajar kanggo ujian.6 Dadi, bab iku mbuktekake yen pamarentah ora nggatekake marang kabudayan, mligine basal an sastra dhaerah. Kamangka, ing sajerone kabudayan iku sumimpen sakehing tata cara lan filsafat uripe wong Jawa. Kanthi ilange pendhidhikan maca lan nulis abasa Jawa ing kalangane masarakat Jawa, ilang uga tradhisi becik kang wis dadi panandhaning etnis Jawa: “wong Jawa wis kelangan Jawane”!

[4] Sistem Kritik Kudu Urip

Seni utawa karya seni iku ora ana gunane yen mung kasimpen ing lemari. Sawijinina seniman mesthi ngarep-arep karyane bisa kasebar ing kalangane masarakat. Sabanjure, masarakat kang bakal mbiji, utawa menehi komentar marang karya-karya seni mau. Temtu wae ora kabeh sing nonton utawa sing maca karyane seniman mau bisa mbiji marga landheping pangrasa wong siji lan liyane ora padha. Wong sing bisa weweh komentar mau kasebut kritikus. Ana kritikus kang “sanguine” ilmu seni becik lan pener, nanging ana uga kang waton nyaruwe. Kekarone banget perlu ing jagading kesenian, klebu ing seni sastra amarga sipating seni ora kena mandheg, kudu terus mlaku.

Yen sawijining seniman lara ati karyane dikritik utawa disaruwe, tegese dheweke ora gelem maju, utawa isin kawruhan kurange. Sifate kritik iku ora kena “menghakimi”, nanging aweh pituduh bab keluwihan lan kekurangane sawijining karya seni, sabanjure aweh tuntunan murih dadi becik. Kanthi anane kritik, kita (klebu para maos) bisa mangerteni becik lan kurange asil karya kita dhewe saengga ing karya-karya candhake asile bakal luwih becik. Sing penting, kudu disadari menawa kritikus iku sajatine klebu kelompoke para maos, nanging para maos kelompok iki klebu kang intelektual. Dadi, yen ora ana kritikus, kreativitas seni sajatine ora imbang.

Ananging, nyatane, akeh pangripta kang cepet lara ati yen karya-karyane disaruwe utawa dikritik. Sabanjure, pengarang mau ‘mingslep”, ora nulis maneh. Eman banget, amarga sajatine karya-karyane becik. Kamangka, kanthi uripe sistem kritik ing komunitas seni, bakal tuwuh dhinamika sastra amarga pegarang kang becik bakal nulis lan nulis terus.

[5] Otda lan Sastra Jawa

Otonomi dhaerah kang minangka sistem pamarentahan ing negara kita saiki iki banget kita gadhang bisa mulihake grengsenge basa lan sastra dhaerah kang wektu iki lagi kesingkur. Apa ta sejatine Otda yen ora kasengkuyung dening basa lan sastrane? Basa dhaerah (lan sastrane) iku ora mung minangka medhia komunikasi kang paling penting kanggo para warga, lan basa-sastra Jawa iku uga dadi aset dhaerah kang penting.

Kadadeyan-kadadeyan kang ngisin-isine ing pletheking era reformasi (taun 1997) nate gawe cingak lan gumun kita kabeh, lan nuwuhake pitakonan, “Apa bener kuwi tumindake wong Jawa?” Ana wong ngrampog bandhane liyan, mathoki lemahe wong, mbabati alas jati, ngruda peksa prawan, lan tindak ala liyane kang nglanggar hokum kanthi terang-terangan. Ora duwe isin, mangka alesane mung merga ngelih, jengkel, lan alesan liyane. Cathetan maneka warna tumindake masarakat kang kasebutake mau sejatine minangka tandha yen kita iki wis lali dadi wong Jawa kang ndarbeni budaya luhur, kayata: aluwung ngelih tinimbang njejupuk bandhane liyan; isin muni ala; tumindak asor iku kaya dene mopok lethong raine dhewe, lan sapanunggalane.

Yen kita konsisten nindakake Otda, wis wayahe pamarentah bali dadi pengayom kang paling penting murih basa lan sastra dhaerah bisa moncer maneh ing dhaerahe dhewe. Kapindho, pendhidhikan formal lan informal murih bisaa bali basis panggulawenthahing basa lan sastra ing masarakat. Kanthi pengayom saka pamarentah mau, ateges penerbit bakal urip maneh, masarakat bakal bisa maca buku-buku Jawa maneh amarga swasana kang mengkono iku bisa nyengkuyung kreativitas sastra Jawa. Sedulur Ayip Rosidi, lumantar Yayasan Rancage wis dadi maecenas utawa pengayom kang nyontoni pamarentah kanthi ngayomi pangripta --sastra Sunda, sastra Jawa, lan sastra Bali--lan karya-karyane, kanthi cara paring “penghargaan sastra” lan “penghargaan jasa” pendhak taun, wiwit taun 1989.


Daftar Buku-buku Waosan
Brata, Suparto. t.t. Jatuh Bangun bersama Sastra Jawa. Semarang: Proyek Penulisan dan
Penerbitan Buku/Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.
Hutomo, Suripan Sadi. 1975. Telaah Sastra Jawa. Jakarta: Departemen Pendidikan dan
Kebudayaan.
Padmosoekotjo, S., 1958. Ngengrengan Kasusastran Jawa I. Yogyakarta: Hien Hoo
Sing,
Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Bausastra Jawa. Groningen, Batavia: J.B. Wolters’
Uitgevers-Maatschapij
Widati, Sri dkk. 2001. Ikhtisar Perkembangan Sastra Jawa Modern Periode
Prakemerdekaan. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press.

1 Kabeneran uga ing pungkasaning abd ka-19, sasurude R.Ng. Ranggawarsita, kraton Surakarta wis ora ngangkat pujangga maneh. Dadi, R.Ng. Ranggawarsita minangka pujangga kraton Surakarta kang pungkasan.

2 Saka pamilihing judhul kena digagapi yen tembung serat nandhani sawijining gancaran tradisional, amarga yen jinis gancaran modern (kang panjang) iku kasebut roman utawa novel.

3 Bisa kabandhingake karo serat-serate R.A. Kartini kang bobot emansipasine kuwat banget. Bab emansipasi uga akeh tinemu ing kayang kabar abasa Landa, upamane Dagblad Lily.

4 Ngrembakane medhia massa Jawa ing kala semana pancen ana gandheng-cenenge karo swasana ing Hindia Walanda wektu iku kang medhia massane uga lagi grengseng (Adams, 1997).

5 Panjenengane nuduhake kawigatene marang seni kanthi maneka cara --umpamane, nyengkuyung proses kreatif, lan maringi subsidi marang seniman kang sekeng-- lan mahanani kesenian di jamane bisa urip ngrembaka.

6 Lagi taun 2005 iki, sawise program otonomi daera (Otda), kurikulum muatan local wiwit kapikirake dening pamarentah, kang sabanjure basa dhaerah diwulangake maneh ing pamulangan.



Makalah KSJ 2 Semarang 2006

0 comments: