Sunday, March 2, 2008

SUPARTO BRATA: NULIS LAN AJAK-AJAK MACA BUKU

Aku ora pati njumbul nalika krungu kabar manawa Pak Parto (Suparto Brata, sabanjure dicekak SPTBT) entuk The SEA Write Award utawa Hadiah Sastra Asia Tenggara (Thailand, 10 Oktober 2007). Iku wus trep karo lelabuhane (senajan Pak Parto dhewe tau ngrasa pekewuh nalika entuk Rancage merga dianggep gedhe lelabuhane tumrap basa lan sastra Jawa). Nyatane, SPTBT wis nindakake ayahan kang dening pemrentah (Indonesia) durung bisa disembadani kanthi becik: nyedhiyakake buku kanggo rakyat kang wis melek aksara.


’’Wong kuwi bisa nenandur utawa olah tetanen kanthi becik kanthi ngecakake cara-cara utawa pituduh kang dirungokake saka radio. Nanging, yen ora bisa utawa wegah maca, ngantia kapan wae ya ora bakal bisa gawe radio.’’ Kira-kira mangkono pratelan kang kerep diambali SPTBT ing saben ana kalodhangan kanggo nandhesake gagasane ngenani wigatine maca tumrap wong, bangsa, kang kepengin maju.

SPTBT uga duwe panganggep manawa bocah sekolah kuwi kang baku kudune diweleg wulangan maca lan nulis. Angger wis pinter maca lan nulis, prekara nyinau sejarah, ilmu sosial, matematika, budipekerti, agama, lan sapiturute kuwi mengko bakal ketemu gampang.

Mbokmanawa akeh kang sarujuk karo panemu mangkono iku. Nanging, saiki sajake pemrentah malah luwih sengsem njingglengi, endi buku kang kudu dibrangus, lan dikukut saka sekolahan lan toko-toko buku (amrih buku babaran anyar saka penerbit kang gelem asok glondhong pangareng-areng bisa entuk dalan luwih jembar?) tinimbang mbabar saakeh-akeh buku wacan kang bisa njembarake wawasane para siswa.

Ukara, ’’Yen kepengin maju kudu gelem lan mempeng maca,’’ kuwi mau banjur katambahan tembung kunci: buku. ’’Pokoke maca buku!’’ Sawijining wektu aku nyoba ngeyel, ’’Lho, jeneng maca kuwi rak ya bisa maca koran, majalah, malah uga: maca kahanan, kanyatan, maca alam gumelar!’’ SPTBT panggah kenceng, ’’Ora! Pokoke maca buku!’’

Saiki aku lagi rada mudheng bab kang dikersakake SPTBT. Yen mung maca koran, majalah, kuwi ora usah SPTBT kang ajak-ajak. Perusahaan koran, majalah, wis ngentekake dhuwit milyar-milyaran, mbokmanawa malah trilyunan kanggo ’’ajak-ajak maca koran lan majalah.’’ Maca alam kang gumelar? Kuwi mengko, yen wis akeh olehe maca buku, bakal ketemu lan kewaca ’’aksara-aksarane alam gumelar kang maune ora kewaca.’’

Kadidene pengarang utawa sastrawan, SPTBT kang yuswane wis ngliwati angka 70 kuwi ora malah saya kendho, nanging malah saya kenceng, karya-karyane, buku-bukune, sangsaya mbrudhul, becik kang abasa Jawa apadene kang abasa Indonesia. Sastrawan Budi Darma mbiji,’’SPTBT bukan pengarang sekedar produktif, tetapi amat sangat luar biasa produktif sekali. Ketika masih muda dia sanggup menulis setiap hari delapan lembar. Rutin. Bayangkan, sehari delapan lembar tanpa perlu revisi. Baginya menjadi penulis tidak lain identik dengan dengan menjadi perajin. Dalam dunia tulis-menulis, dia bisa menulis dengan enak mengenai segala macam hal.’’ (SPTBT: Pengarang Serba Bisa, Harian Kompas, Jakarta, Februari 2001).

Iki saperangan buku karyane SPTBT (kang abasa Indonesia): Aurora Sang Pengantin, Saputangan Gambar Naga, Mencari Sarang Angin, Saksi Mata, Mahligai di Ufuk Timur Kerajaan Raminem, Kremil (kang abasa Jawa): SPTBT’s Omnibus, Jaring Kalamangga, Emprit Abuntut Bedhug, Trem, Donyane Wong Culika, Dom Sumurup ing Banyu, Lelakone Si lan Man Cintrong Traju Papat, Mbok Randha Saka Jogja, Cocak Nguntal Elo, Ser! Ser! Plong!, ‘t Spookhuis.

Dharmaning pengarang utawa sastrawan kuwi ya ngarang utawa nulis. Nanging SPTBT ora mung kandheg netepi dharmaning pengarang, kanthi terus nulis, nanging uga ngeguhake kepriye amrih karya-karyane kang ’disirik’ dening penerbit –kang wedi ora kepayon amarga migunakake basa Jawa—bisa kababar dadi buku lan sumebar ing masyarakat –ora mung ing masyarakat Jawa, nanging uga ing kalangane para ’bule’ kang lagi kayungyun nyinau sastra Jawa. Carane, ya kanthi nguruni wragate.

Naskah novel basa Jawa –kang sawise dadi buku Donyane Wong Culika kandele 537 kaca) kuwi suwe angrem neng lacine penyunting-e, Drs Dhanu Priyo Prabowo, M.Hum kang dening SPTBT mesisan dipasrahi supaya nggolekake penerbit kang gelem nyithak lan masarake. Mangka satemene wis ana penerbit kang sumaguh. Nanging, kadhang Dhanu ngaku pekewuh arep matur SPTBT, nganti wusanane ditagih. ’’Wonten Pak, penerbit ingkang purun nyithak buku panjenengan, nanging wragatipun wolung yuta rupiyah. Kadospundi…?’’ wangsulane Dhanu ing tilpun.

’’Inggih Mas Dhanu, sampun kula siyapaken…!’’ wangsulane SPTBT entheng.

Ing sawijining kalodhangan, SPTBT blaka manawa buku-buku basa Jawane kuwi bisa terus terbit lan diwragati saka royalti kang mili saka buku-bukune kang abasa Indonesia.

Hayo, saiki sapa sing wani kandha nek SPTBT gelem keraya-raya ngragati bukune kuwi mung kedereng ngelak Hadiah Rancage kang dhuwite limang yuta rupiyah kuwi? Yen etungane matematika rak genah ora mathuk blas, ta? Luwih-luwih, bareng wusanane saka buku bukwi SPTBT entuk Hadiah Rancage tenan (wujud piagam lan limang yuta rupiyah), kang telung yuta rupiyah malah dihibahake kanggo Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya (PPSJS).

Ing kalodhangan seje SPTBT uga aweh dana hibah marang saweneh anggota PPSJS kang gawe buku.

Lho, kaya ngono kuwi lelabuhane SPTBT tumrap gegayuhan menyerdaskan kehidupan bangsa, nggayuh kemajuan bangsa liwat dalan: maca buku. Ing lingkungan par pengarang, ukara kampanyene SPTBT ya, ’’Ayo padha gawe buku! Aja keburu bungah yen tulisanmu wis mlenggreng neng koran utawa majalah!’’

Nitik saka olehe istiqomah ing dionyane sastra (sastra Jawa lan sastra Indonesia), wiwit seprana nganti seprene, sepira akehe karyane, lan proyek ’kabecikan’ ing babagan mbabar buku kang sajak ngalah-ngalahake semangate pemrentah, takkira SPTBT kuwi pantes dijagokake kanggo ngrebut Nobel Sastra. Luwih-luwih ngelingi manawa, sajake, separo saka dhuwit Nobel kuwimengko bakal dihibahake kanggo proyek ’menduniakan’ Sastra Jawa! Emane, wewaton kang sipate politis kang sajake luwih diugemi dening para Juri Nobel Sastra. [BN]

0 comments: