@Dh Abadinar
Kadya ing impen lelangiting kamar angambang
Gentheng lan wuwungan growah anrawang
Njaban ngomah ra peteng uga ra padhang
Tan ngerti dununge sumlorot cahya andhrandhang
Sinamar samun Regemeng Pawongan anyedhak
Sumunar pasuryane aeng kanthi amicara
“Sun papag saiki, tan bisa jeneng sira nolak”
“Sinten Paduka?” grewelan amatur manah anjola
“Ing pungkasing pesthenmu , ingsun sing ajak”
“Dhuh, Paduka, dhuh . . . . .
. . . . .menawi . . . . . kersanipun, dhuh . . . . . sumangga . . . . . “
Angungun sumaur tan kuwawa angelak
Lumaku ing samun den kanthi Regemeng sinaput mega
“Sira pamit-a anak bojomu”
“Nembe andrawina Paduka, mugi sinelak sampun”
Nglangut ketingal srawung tetamu
Bebujananing Wuragil pahargyan pangkatipun
“Anak-anakmu padha nggoleki mengko”
“Lare-lare, sanes kula anggadhah ingkang”
“Duwek-e sapa banjur anakmu yen ngono”
“Panjenenganipun, Gusti Akarya Gesang”
Kaya batin amatur, ananging dudu tutukku
“Lare-lare akekudang gesang piyambak”
Swara sumambung, dudu uga lathiku
Ambacut lumaku wiwit sareh anapak
“Anakmu ‘dha seneng uripe, ora awor mulya sira ?
“Lare-lare tinitah dumunung ing wekdal tembe
Dhatan kuwawa amurug kawula ing papan punika”
Swara kinucap bali, dudu aku kang ngaturke
“Diwasa tumekan kok gulawentah, marem tamtu batinira”
“Lare-lare rastra sayektos Paduka, gendhewa mligi kula punika
Amung legawa sarwi pinenthang dening Sang Anjemparing kersa
Ingkang tuhu presa mring kalanggengan yektos tumuju rastra
Panjenenganipun angasihi rastra trengginas angeplas sarwa
Yektos ugi mring manteb kukuhing pinenthang gendhewa”
Jumangkah kendel Sang Regemeng sabda angguntur
Anggragap ing samun mangu rangu amadeg
“Dudu sira angucap, liyan pawongan tansah sumaur”
“Estu sarujuk kawula, kados manah anywanten krenteg”
Regeng bujananing Wuragil nyat katon ing kuwur
“Temah-ana pocapan dhewe, nora patut sira kinantheningsun”
“Lerem yektos lumampah Paduka, kinanthenan Pukulun”
“Heh, yekten-ana dhisik swaramu dhewe, bali sira bali !!!”
Angguntur ngunandika luluh sumyur bayu den lolosi
Anrawang paningal anglempruk dhewekan
Sak punggel geguritan ginegem ing jaja
Sewengi sun waca, uga ing wengi-wengi linakonan
Seratan edi ingkang Khalil Gibran panganggit-nya
Hampton NH, April ‘04
nggalek.co
8 years ago
0 comments:
Post a Comment