(Nanggapi Sumono SA lan Bonari Nabonenar)
Dening : Narko “Sodrun” Budiman **)
Pangiraku tumus temenan, prasasat nggugah kremi turu, andharane dhimas Sumono Sandy Asmoro ngenani “Sing Isih kececer saka Lumakune Gerbong KBJ-KSJ” (PS No.2- 14 Januari 2012 kaca 25). Ing PS No 5 (4 Februari 2012) dhimas Bonari Nabonenar jejere Ketua Panitia KSJ III nyoba mbeberake kanyatan kang beda kanthi “Urunan Mbabar Buku Iku Ibarate Wong Nandur.” Dudu bab gebyar lan lumaku-rancage kongres kalorone. Dudu bab honor pemakalah ing Kongres Basa Jawa (KBJ) V Surabaya. Awit ing Kongres Sastra Jawa (KSJ) III Bojonegoro ora ana honor. Uga dudu mapane KBJ ing hotel lan KSJ ing omahe pendhudhuk.
Yen mapane kongres mau wis karan “garis” saka sing kawogan. Tandha yekti sepira kawigaten mirunggan saka “wong Jawa” tumrap basa lan sastra Jawa. KBJ manggon ing hotel berbintang kuwi mbuktekake yen wis wayahe basa Jawa lan pawongan kang sandhung jegluge karo basa Jawa kuwi pantes layak mapan ing panggonan kang kinurmat. Ora panggah mapan ing sadhengah papan kanthi pawadan “halah kadak mung basa Jawa ae lho, sing penting rak niyate.” Pawadan ngono kuwi kuno! Ketara yen wis ora ngajeni karo basa ibune, basa Jawa.
Wondene kok KSJ mapan ing pomahan padunung kanthi mangan lan turu sak-anane kuwi uga krana wis ginaris yen kekarepane sing kawogan (panitia?) ya mung gaduk pamikire sakmono kuwi. Sastra (wong) Jawa iku nedha nrima (awit yen ra nedha ya kaliren?). Sastra Jawa iku “identik” karo kesederhanaan hidup (?). Sak-anane. 0ra usah neka-neka. Aja ngaya. Anane iki ya iki, duwene iki yen kurang ya… embuh piye eguh pratikele kalebu golek bantuwan lan sponsor. Apa ngono tenan?
Samubarang gawe iku pancen ora luput saka “plus-minus” luwih lan kurang, kang tundhone dadi pro-kontra tumuju ing seneng apa ora seneng (like or dislike). Ngladeni karepe wong akeh kuwi uga ora gampang, ya ora angel. Lire, arep dikayangapa, karepe gawe senenge ngakeh tan wurunga ya dicacat, lan dipaido. Sejatine yen tumrap pangangan ngono wong-wong kuwi seneng “dolu” dipaido ning diulu. Ora diulu kuwi kepriye kadhung dimamah, ora diulu kuwi kok gorokane simpangan angin kepingin maido. Kurang ngene, kurang ngono, kurang legi lan kurang asem! Nganti sok keladuk “kurang gawe”?
Melik Nggendhong Lali
Ngrantes rasane atiku yen ngrasakake andharane sedulur lanangku dhimas Bonari. Sajak kepenak dhimas Bonari gawe dudutan, “Yen prasasat angger obah (nulis) metung dhuwite mbokmenawa loro badhene, pengarang professional nanging matadhuwiten, utawa pancen sekeng tenan (PS No.5 kaca 26 klm 1). Dhuuh..dhuuh Gusti Allah kula nyuwun sedherek kula kaparingana sami emut…. Durung entheng anggonku unjal ambegan banjur ukarane dhimas Bonari maneh ngene, “Yen dietung dhuwit, olehe cucul Pak Parto (Suparto Brata, NSB) kuwi ora mung sakyuta-rong yuta nanging puluhan, kepara malah atusan yuta rupiayh lho! Lha kok sing lagi kelangan satus-rong atus ewu wae wis nggrundel mengkono niku pripun, jal?”
Mbokmenawa aku klebu salah sijine “wong sekeng” bisa uga “matadhuwiten”. Awit kanggoku dhuwit satus ewu kuwi uakeh. Kena takanggo nyangoni kuliah anakku neng Malang kanggo telung ndina. Minangka ketua sanggar sastra aku uga ora bisa kaya Pak Parto sing lila legawa cucul dhuwit atusan yuta rupiyah kanggo nggayuh kuncarane sastra Jawa. Semono uga dhimas Sumono SA, sing jejere pengarang sastra Jawa “nyumbang” (kelangan : istilahe dhimas Bonari) wis nggrundel. Kiraku meh kabeh sastrawan Jawa wis ngalami, pana, ngrasakake legi lan gurihe honor paling paling akeh yaiku cerkak sing antarane Rp 75.000 (pitung puluh lima ewu repis) nganti Rp 100.000,- (satus ewu repis). Mula mbok aja ngremehake dhuwit satus ewu ta ya? Apa sastrawan Jawa kuwi wis padha koceh dhuwit saengga satus-rong atus ewu klebu camah? Upama kabeh sastrawan kuwi kaya Pak Parto sing “loma” mau, lan kaya dhimas Bonari sing ora matadhuwiten tur ora sekeng (saiki wis karoban dhuwit? aku ra ngerti) kiraku kongres sastra Jawa kuwi ora usah golek sponsor, mangan turu ora sambat Pak Lurah Njono, lan nyithak buku ora ndadak urunan.
Pak Parto Brata pancen ora mung saiki wae anggone gelem cucul pangorbanan, tahun 1980-an karo para sastrawan senior (Esmiet, Muryo Lelono, Tamsir AS lan liyane) ngadani Sarasehan Jatidiri Sastra Daerah ing Bojonegoro nganti nggadhekne sepeda motore. Pak Tamsir AS kanggo menehi hadiah sastrawan ing ulang taune sanggar Triwida direwangi ngentekake dhuwit dodolan tebu kebun sak-hektar. Lha apa para sastrawan Jawa sing saiki greget gelem tumandang ngadani kegiyatan kanggo ngranggeh kuncarane sastra Jawa kuwi gelem kaya Pak Parto lan Pak Tamsir AS? Ana apa ora jaman saiki? Wani apa ora? Jawabe maton: ORA!
Eling, sanajan Pak Parto kuwi dadi patuladhan becik mungguh gelem cucule dhuwit (ana gandheng-ceneng karo bisnis buku-bukune?) beda karo Pak Tamsir AS sing mligi kanggo organisasi, nasibe ing donyane sastra isih “resik” Pak Tamsir AS. Aku isih kelingan, dina Jumat, 30 Agustus 2002 ing Hall Sawunggaling, Gedung Cak Durasim, Taman Budaya Jawa Timur, Jl Gentengkali 85 Surabaya diadili ing Pengadilan Sastra Jawa amerga Pak Parto nampa hadiyah Rancage saka Yayasan Rancage duweke Pak Ayip Rosyidi, minangka sastrawan (kumpulan cerkak Trem, 2001) lan tokoh basa Jawa
Bebarengan karo 7 sastrawan Jawa yaiku FC Pamudji (novele Sumpahmu Sumpahku, 1994), Satim Kadaryono ( novele Timbreng, 1996), Djaimin K (kumpulan guritane Siter Gadhing, 1997), Esmiet (novele Nalika Langite Obah, 1998), Suharmono Kasiyun (novele Pupus kang Pepes, 1999), Widodo Basuki (kumpulan guritane Layang saka Paran, 2000), lan Djayus Pete (kumpulan crita cekake Kreteg Emas Jurang Gupit, 2002) dinakwa KN (Kolusi lan Nepotisme = KKN) karo Juri kanggo nggayuh hadiyah Rancage mau. Lha sapa hakime? Salah sijine yaiku dhimas Bonari Nabonenar. Dene hakim ketuane Rama Sudiyatmana (Semarang) kanthi anggota Bagus Putu Parto (Blitar).
Pak Ayip Rosyidi sing teka minangka Saksi Ahli ngandharake yen hadhiyah Rancage diwenehake awit pengaji-aji tumrap karya sastra daerah (Sunda, Jawa, lan Bali) minim banget saka pemerintah utawa lembaga-lembaga liya. Dadi Pak Ayip "Prihatin marang sastra daerah, kalebu honorarium kang ditampa sastrawane klebu sithik. Dadi, kaluwihan rezeki taksisihake kanggo mbiyantu sastra daerah,"
Ing persidangan sing dideleng para sastrawan lan diliput wartawan mau sing gelem lungguh ing kursi “pesakitan” mung Suharmono K lan Widodo Basuki. Kersane Gusti Allah, taun 2010 Bonari Nabonenar nampa hadiyah Rancage uga. Critane piye, mung juri sing padha ngerti. Hara, apa iya mantan “hakim pengadilan sastra Jawa” bakal dilungguhake minangka “terdakwa”? Sapa gelem dadi hakim lan jeksane?
Crita persidangan iki takdhudhah maneh awit dhimas Bonari sajak nyecamah dhimas Sumono sing jare sadurunge KBJ V kae ginelar wis nguneni entek-amek marang Panitia KBJ V bareng Balai Bahasa Surabaya ngepyakake kumpulan guritane mesisan mapag KBJ V kok dhimas Sumono SA semrinthil wae? Kuwi Adhipati Karna, Resi Bisma, apa malah Sengkuni? Lha yen dhimas Bonari biyen nate “menghakimi” para panampa hadiyah Rancage kok iya semrinthil wae nekani undhangan, nampa dhuwit 5 yuta repis lan piagam Rancage? Ngono kuwi Sengkuni, Resi Bisma apa Adhipati Karna?
Pasewakan manut rumus matematika
Bab KBJ, sakweruhku pancen kabeh peserta KBJ V dewenehi buku kumpulan cerkak lan gurit “Pasewakan” weton KSJ III. Ateges Panitia KBJ V nuku buku sing cacahe meh 1000 eksemplar mau saka Panitia KSJ III. Lha yen buku mau upama diregani Rp 50.000,-(seket ewu repis) ateges Panitia KSJ III nampa dhuwit Rp 50.000.000,-(seket yuta repis). Kuwi yen sewu eksemplar dene yen 800 eksemplar ya 40 juta. Biyuuuh uakehe?!
Kamangka sing dakalami karo kanca-kanca sing melu nulis ngisi antologi Pasewakan kudu kirim 1 cerkak utawa 5 guritan mau minangka syarat pamacake kudu mbayar Rp 100.000,- (Satus ewu repis) kanggo ongkos cetak. Kamangka ing Pasewakan mau kapacak 40 pengarang cerkak lan 74 penggurit total 114 sastrawan. Yen dietung matematika 114 ping Rp 100.000 wis ketemu dhuwit Rp 11.400.000,- Dhuwit samono mau cukup klebu turah yen kanggo nyithak buku 150-an eksemplar kanthi kandel 522 kaca + sampul ( xxiv + 498 kaca). Sisane kanggo biaya operasional KSJ? Kira-kira ae ngono sanajan uga entuk bantuan saka Pak Kades Njono, Pemprov Jatim, Yayasan Saworo Tino Triatno, Telkomsel, PT Matera Publishing, lan (manut ature dhimas Bonari) uga saka Yayasan Karmel, lan sing pungkasan PT Jamu lan Industri Farmasi Sidomuncul.
Nalika Panitia KSJ III ngulemi calon peserta KSJ III lan ngabari bab prabeya yen kepingin karangane kapacak ing Antologi Pasewakan ora nyebutake yen kumpulan cerita cekak lan geguritan mau mengkone bakal dadi “souvenir” mlebu tas sing diedum ing KBJ V. Ketoke uga ora ana gandheng cenenge karo KBJ V. Ketua Panitia KSJ III, Mas Bonari ing Kembang Setaman Crita Cekak lan Guritan Pasewakan KSJ III (kaca v lan samak mburi) mratelakake yen “Buku kembang setaman guritan lan crita cekak iki kababar kanggo ngregengake gumelare Kongres Sastra Jawa (KSJ) III (Bojonegoro, 28-30 Oktober 2011). Mula, kabeh guritan lan crita cekak kapacak sajroning buku iki ora adhedhasar tintingan utawa seleksi, nanging adhedhasar uleman lan sok sapaa wae kang rumangsa kegugah dening kegiyatan (KSJ III) iki.” Kamangka sangertiku anane KSJ III uga kanggo mahargya lan salah sijine rangkaian kegiatan KBJ V nitik saka anane logo KBJ V ing sampul buku kembang setaman Pasewakan mau.
Lha yen sabanjure buku antologi Pasewakan iki “diedol” ing KBJ V banjur piye “petunge” karo para penulise? Ana apa ora? Manut pamawase sawetara kanca sastrawan sing melu urun tulisan lan dana, gandheng antologi mau uga kanggo souvenir KBJ V ora mungkin yen gratis, mesthi ana sembulih saka panitia KBJ V kaya etung-etungan matematika ing ndhuwur. Yen pamawas mau bener, apa penulis Pasewakan bakal entuk royalty? Dene yen etung-etungan mau salah, wragad saka ngendi panitia KSJ III nyithak buku atusan cacahe kanggo KBJ V? Apa ora cengkah karo ature Mas Bonari, ketua Panitia KSJ III mau sing jare mung kanggo nggrengsengake gumelare KSJ III ora kanggo souvenir KBJ V?
Panitia KSJ III jelas wis “nalisir” saka etika paseduluran antar sastrawan. Ajak-ajak gawe antologi guritan lan cerkak terus didhanani bebarengan kanggo KSJ III kok tundhone kanggo KBJ V barang. Kamangka ing pengantare Ketua Panitia sajrone antologi Pasewakan kaca v kaya wis mesthekake yen KSJ III kuwi ora ana gandheng cenenge KBJ V kanthi ukarane, “Buku kembang setaman guritan lan crita cekak iki kababar kanggo ngregengake gumelare Kongres Sastra Jawa (KSJ) III (Bojonegoro, 28-30 Oktober 2011)…” ora ana sakukara wae ing pengantare kang nyebutake yen buku mau kanggo mahargya utawa ngramekake KBJ. Lho, apa iya ngono kuwi cak-cakane?
*) Saka: Panjebar Semangat No 6, 11 Februari 2012 (sampun dipuntanggapi dening Bonari Nabonenar ing Panjebar Semangat No 7, 18 Februari 2012 kanthi irah-irahan: ”Aja kaya Wong Ora Ngreti Cara”
**) Salah sijine peserta KSJ III lan KBJ V
0 comments:
Post a Comment