Sastra Jawa saiki lagi lara. Kuwi panemune Yusuf Susilo Hartono. Mula, andharane ing Konggres Sastra Jawa (KSJ) III sesirah, ”Sastra Jawa Golek Tamba.” Mbokmanawa uga malah ana sing kandha manawa satemene Sastra Jawa kuwi wis tilar donya, dene kang dianggep ”Sastra Jawa” dening wong-wong saiki kuwi ora liya kajaba ”Sastra Indonesia” utawa malah sastra bangsa seje maneh, kang mung dhapur nggunakake basa Jawa.
Mesthine ya ana kang duwe panemu manawa Sastra Jawa saiki ora kurang sawiji apa, wis pancen kaya ngono kahanane, nut ing jaman kelakone. Embuh endi kang bener, nanging sauger padha dikantheni andharan kang trep, kabeh panemu kuwi bisa tinemu nalar.
Kanthi lelandhesan panemu kang beda-beda kaya kaaturake kuwi mau, sok sapaa wae entuk nindakake ayahan kanggo ngudi amrih kahanane sangsaya becik. Apa arep gawe sarasehan, konggres, kursus pranatacara, adeg paguyuban, adeg sanggar, mbabar buku: kanthi mbayar utawa dibayar, iku ora ana alane. Iki jaman demokrasi. Sawijining ayahan bisa dadi becik waton wis disarujuki kabeh kang padha nindakake. Ora ana kang rumangsa kepeksa utawa dipeksa.
Apa bener mbabar buku karya sastra abasa Jawa kanthi urunan kuwi bakal njlomprongake Sastra Jawa marang jurang kang luwih jero (yen dicethakake mbokmanawa: …marang jurang kanisthan) kaya kang diandharake dening Sumono Sandy Asmoro (Panjebar Semangat Nomer 2, 14 Januari 2012) kanthi irah-irahan ”Sing Isih Kececer saka Luimakune Gerbong KBJ-KSJ”? Ing kene, Bonari Nabonenar, Ketua Panitia KSJ III, nyoba mbeberake kanyatan kang beda, mbokmanawa malah kosokbalen, karo kang diandharake Sumono.
Greget kang nguripake KSJ kuwi thukul saka ngisor. KSJ bisa kelakon ora amarga saweneh pawongan, nanging saka cancute wong akeh sing padha gelem tumandang. Ing KSJ I (Taman Budaya Surakarta, 6-7 Juli 2001), Arswendo Atmowiloto ngarani KSJ kuwi becik kadidene gimmick, sawijine ”cara” utawa ”trekah” utawa ”akal-akalan” kanggo ngranggeh saweneh gegayuhan. Dadi, sing dituju, sing digayuh, dudu KSJ-ne. KSJ kuwi mung sarana.
Prekara urunan, wiwit KSJ I nganti KSJ III, para peserta kuwi olehe niyat gelem urunan ya tenanan. Dene ing KSJ I lan KSJ II dibalekake, kok ing KSJ III ora dibalekake, kuwi rak kudu dideleng tumanjane. Panitia KSJ III uga entuk dana saka kana-kene, lan cacahe cetha luwih akeh tinimbang KSJ I apadene KSJ II. Mbokmanawa, malahan, yen digunggung utawa dijumlahake, dana KSJ I lan KSJ II isih kalah akeh yen dibandhingke karo dana kang kasil kaimpun dening KSJ III. Iku salah sawijine titikan manawa uwal saka akehe kekurangane, KSJ nuduhake kemajuane. Lha, terus saiki arep kepriye? Apa arep ngenteni payu, tanggapan, sinambi tenguk-thgenguk?
Prekara olehe mbesut naskah (buku Pasewakan kang kababar dening KSJ III kanthi urunan) kuwi kurang becik amarga kesusu-susu, kuwi ya pancen klebu kekurangane. Nanging olehe tanpa seleksi, pancen dijarag. Yen nggunakake basa ”agamis” mbokmanawa kuwi kang diarani syi’iar. Pangajabe, supaya pengarang/penggurit anyaran rumangsa bombong merga bisa ”sabuku” karo para pengarang/penggurit gamben. Dene ana pengarang/penggurit gamben kang banjur rumangsa anjlog martabate amarga disabukokake karo para pengarang/penggurit anyaran, banjur nutuh Panitia, ya kuwi risikone.
Beda pawongan beda pamawas kuwi wis lumrah. Miturut Sumono Sandy Asmoro angger tulisan kang digawe dening penulis profesional kuwi kudu payu, kudu dikenceng jreng. Nanging, ya ana wong liya kang duwe panemu manawa senajan ta diaranana profesional, ora saben-saben ngerta-aji nganggo dhuwit. Mula ana unen-unen, ”Tuna satak bathi sanak.” Ing donyaning sastra Indonesia, ana saweneh pengarang, sastrawan, kang ora mung kelas Indonesia, nanging wis kelas dunia, angger diundang kanggo medhar-sabda dening lembaga-lembaga ringkih, luwih-luwih lembaga non-profit, panjenengane semrinthil senajan ta tanpa dibayar. Nanging, yen kang ngundang lembaga profit, upamane perusahaan media (abasa Indonesia) kang sugih, mesthi ditlesih, apa kang kudu dicepakake, prelu makalah apa ora, lan mengko kepriye bab sembulihe. Yen prasasat angger obah (nulis) metung dhuwite, mbokmanawa loro badhene, pengarang profesional nanging matadhuwiten, utawa pancen sekeng tenan.
Sadurunge KBJ V kagelar, ana siaran ing TVRI Jawa Timur, Suparto Brata ngendika, ”Malah aku kerep wae mbayari wong-wong kang maca bukuku.” Lho, nyatane rak kanthi mangkono Pak Parto njunjung drajate Sastra Jawa, Sastrawan Jawa. Kanthi mangkono kacihna lamon Sastrawan Jawa kuwi sugih tur wani ”nggetih” (ora mung kemringet) kanggo nggayuh kuncarane Sastra Jawa. Nyatane Pak Parto ora banjur keplorot drajate kadidene sastrawan Jawa. Kepara salah siji saka piagam Rancage kang ditampa ya awit saka ”trekahe” kang mangkono iku. Yen dietung dhuwit, olehe cucul Pak Parto kuwi ora mung sakyuta-rong yuta, nanging puluhan, kepara malah atusan yuta rupiyah, lho! Lha, kok sing lagi kelangan satus-rong atus ewu wis nggrundel mengkono niku pripun, jal?
Sawise nyecamah prekara iuran kanggo mbabar buku (Pasewakan) kuwi mau, Sumono banjur ngalem tumindake Griya Jawi kang wus mbabar buku critane, lan Balai Bahasa Surabaya kang wus padha mbabar buku guritane. Sadurunge mbabar buku crita cekake Sumono, Griya Jawi uga mbabar novel basa Jawa-ne Siti Aminah, Singkar. Apa Sumono lali, yen ing samburine Griya Jawi kuwi ana paraga Sucipto Hadi Purnomo? Kamangka Sucipto Hadi Purnomo iku Ketua OPSJ kang uga dadi aktivis-e KSJ. Bisa wae kanthi dalan utawa lelakon seje buku-buku kuwi uga banjur kababar dening Griya Jawi. Nanging, embuh sepira takere, cetha banget ana greget mangun Griya Jawi kuwi kang ora bisa dipisahake karo greget mangun KSJ/OPSJ.
Pancene, seje pawongan bisa wae seje pamawas. Mung, ing bab iki nalare Sumono katon yen durung luwih jembar tinimbang nalare Mbah Brintik, kang ngalembana JFX Hoeri, nanging maido Bonari (Panjebar Semangat, Nomer 49). Mbah Brintik ngarani Bonari bisa mancala putra mancala putri. Bisa dadi ketua KSJ III lan uga dadi perangane Panitia KBJ V. Kamangka, yen ana paraga kaya Pak Hoeri apadene Sucipto Hadi Purnomo kang kandha sakecap wae, ”Bonari, yen KSJ ya KSJ, utawa yen arep melu KBJ melua KBJ kareben KSJ dicekel wong seje!” genah Bonari bakal milih salah siji. Lan pilihan kuwi wis cetha: KSJ. Lha, apa arep nggatekake pamrayogane Sumono utawa Mbah Brintik? Kamangka ing tulisane adoh sadurunge KBJ V tumapak, Sumono wis nguneni entek-ngamek, kaya-kaya marang KBJ V kuwi dadia godhong emoh nyuwek, dadia banyu emoh nyidhuk. Nanging, bareng Balai Bahasa Surabaya ngepyakake buku guritane mesisan kanggo mapag tumapake KBJ V kok Sumono semrinthil wae? Apa ora malah bingung, kuwi Adipati Karna, Resi Bisma, apa Sengkuni?
Bar nyecamah dumadine buku Pasewakan kang dadi merga urunane para penulis-e, Sumono uga ngalembana Balai Bahasa Surabaya. Lho, kok OPSJ utawa KSJ, utawa PSJB lan sapiturute dibandhingake karo bebadan resmi-ne negara kaya Balai Bahasa Surabaya kang malah entuk anggaran saka Pusat? Kuwi gek piye nalare? Ha rak dadi guyon tenan yen Balai Bahasa Surabaya mung bisa mbabar buku kanthi narik urunan saka penulis-e kaya kang ditindakake dening Panitia KSJ III?
Kadidene gimmick, KSJ wis bisa nggandheng akeh pihak. Ana Yayasan Karmel, Yayasan Saworo Tino Triatmo, Telkomsel, lan kang pungkasan PT Jamu lan Industri Farmasi Sidomuncul ya wis aweh panyengkuyung amrih gerakan swadaya-ne para pengarang lan aktivis sastra Jawa kuwi bisa sangsaya ngrembaka lan aweh sumbang-surung marang ajune Sastra Jawa. Ibarate wong nandur, kudune mengko bakal tiba mangsa kalane methik utawa panen. Iku pangangkahe. Saiki sing blondrah endhut (senajan diolok-olok) ya rumangsa seneng atine, merga rumangsa manawa mangsa (iklim) arep tansah sabela.
[Bonari Nabonenar, Ketua Panitia KSJ III]
---saka Panjebar Semangat, No 5 (4 Februari 2012)
0 comments:
Post a Comment