Friday, February 17, 2012

Kowe lan Aku

@Asih Aspalia



Kapang kepingin sumandhing
Ing mangsa mbedhidhing
Ngrakit cerita pangiring
Lakune tresna kang sansaya mithing


Ing jaja ana perang tandhing
Ing antarane seneng lan wedi
Nanging sektine tresna
Wus numpes wedi kepati

Kakang...
Tak suwun kowe ngerti
Tembang asmara iki dudu jejer panglipur
Nanging wus ngrenggani panguripanku
Ngemu pitungkas kanggoku
Ing layar setaku
Nate kagelar cerita antarane kowe lan aku


TAIPEI,17021214

0 comments: