Saturday, February 4, 2012

LEMBUR

@Amie Williams




Wening, dakarasi sepining wengi
Manis lathining ratri èdi
Dakelus pipi-pipi dalu adiÈsemmu gumawang ing nétra
Tansah sumandhing setya ngancani
Nadyanta raga lungkrah karasa
Sabar mecaki dawané wengi
Dakresepi wujud katresnan suci
Awrating panandhang nora pati kapaèlu
Lindri-lindri soroting yutan kartika
Nuwuh teguh éngga tan kéngguh ing pakéwuh
Jantranê wektu lumaku nora kesusu
Gumuyu ndulu polatan kang sajak rengu
Andhekep dhengkul amarikelu
Mulat tawang jembar angantu-antu
Warta kinabar purnaning gati
Ingsun nedya énggal néndra kepati.

Tepiswiring alaska,
lingsir ratri 05012012

0 comments: