Saturday, February 4, 2012

MARANG DEWA KETIGA

Crita Cekake Siti Aminah



Java Makmur Hotel. Sawijining hotel internasional kang mapan ing punjering kutha, sawijining dina, ing Punakawan Restaurant. Puluhan wong kanthi dandanan apik, resik, lan wangi padha lungguhan ngadhepi meja. Ing tengah ruangan katon meja gedhe dawa kang dikebaki pangan maneka warna. Sega, jangan, lawuh sarupa-rupa. Uga sambel, lalap lan kerupuk kang rapi tinata. Ing meja kang luwih cilik ing sisih kana, katon iris-irisan buah lan puding kang nggugah rasa. Dene ing sisih kene, ing meja kang gedhene ora sepiraa, omben-omben lan maneka camilan uga sumadya.
Ing wewengkon liya. Ing pawon omah gedheg ala sawijining desa, katon Sumirah ngelus dhadha. Bagor dijerengi, pengaron dijungkiri. Meksa ora ana sisa. Bagor panggah kothong. Pengaron ajeg mlompong. Mengkono ditandangi bola-boli. Embuh wis kaping pira sedina iki. Sajak ngarep-arep pulung teka, ngiseni gabah sajeroning bagor utawa beras ing pengaron.

Wong-wong iku padha jagongan sinambi ngrahapi pangan ing piringe. Kala-kala, siji loro ninggalake mejane, tumuju meja gedhe utawa meja cilik ing sacedhake, milih-milih panganan lan bali tumuju papane kanthi piring utawa mangkok ing tangane. Mengkono makaping-kaping. Nganti rasa wareg menet wetenge. Saperangan malah ana kang meksa. Mung merga kepingin njajal pangan kang maneka rasa, mentala njupuk marupa-rupa kang pungkasane mung diglethekake ing meja.

’’Ayo Pak, sesi meh diwiwiti,’’ celathune Mulyani.

Tamakta glegekan sadurunge wangsulan, ’’Ben mudhun sik.’’ kandhane sinambi ngulapi lambe. Banjur ngetokake kacu lan diusapake ing pilingane.

’’Ya wis aku dhisik,’’ Mulyani ngranggeh tas ireng mawa tulisan, ’’Workshop Pergeseran Musim Tanam dan Kerawanan Pangan.’’ Banjur gegancangan tumuju lift kang bakal nggawa dheweke menyang papan patemonan

’’Wis mateng Mak?’’

Sumirah gragapan. Bagor ing tangane diselehake. ’’Sedhela maneh,’’ wangsulane, nglirik luweng kang panggah adhem. ’’Adhine dijaki dolan sik. Mengko takundang yen wis mateng.’’
Klunthuh-klunthuh bocah lanang cilik kuru iku metu. Ora suwe keprungu pangajake marang adhi-adhine. Sumirah nyedhaki lawang, nginguk metu,

’’Aja adoh-adoh!’’ welinge sadurunge anak-anake bablas mlebu kebonan.

Mulyani ngepelake tangane sinambi nggeget lambe.

’’Pancen mboten gampil dados pemimpin. Pramila arang priyayi putri saged mimpin, awit emosi ingkang utami,’’ ujare Pak Umar sinambi nuding Mulyani nganggo mike ing tangane.

Mulyani saya getem-getem. Ora sapantese menawa fasilitator ing ngarep kae nyerang pribadine. Kang kudu dirungokake lan digagas kuwi penemune, dudu bab lanang utawa wadone.

’’Sedaya kedah mawi pretungan ……’’

’’Rakyat sampung mboten saged nengga, Pak,’’ Mulyani munggel. ’’Kita kedah ngedalaken rekomendasi ingkang badhe pun leksanani. Menawi para ahli kelentu anggenipun nanggapi, krisis pangan badhe tansah dumadi.’’

Pak Umar kang ngadeg ing ngarep mesem, ’’Gusti paring pacoban amarga kepingin nguji. Ingkang mboten kenging musibah rak paring tetulung. Mekaten ta mesthinipun,’’ mandeng Mulyani sedhela. Banjur, ’’Mangga kita lajengaken!’’

Mulyani ambegan landhung. Sakawit dheweke mempeng nekani patemon iki. Pangarep-arepe, patemon kang ditekani para pakar maneka rupa ngelmu mesthi bakal bisa nggolekake dalan warga metu saka bebendu. Nyatane sing diomongke malah mrana-mrene. Jare negara iki ora bakal kurang pangan. Awit Gusti nakdirake sawijing negri kang gemah ripah loh jinawi. Ya mung siji. Negeri kang kita papani iki. Bwah! Mulyani krasa arep muntah. Pancen negara iki sugihe ora kinira, marupa-rupa asil bumi, asil tambang, pametune alas ana. Nanging sapirang-pirang wargane ngelih, ora bisa mangan, kuwi kedadeyan tenan!

Brul. Lemah ing sakiwa-tengen bonggol kuwi mabul bebarengan karo sumendhale lonjoran tela kaspe. Mawa bendho kang wis dicawisake, Sumirah mencras tela kuwi. Sawise ditugel bonggol bali ditancepake.

’’Rah, kok wis dibedhol ta?’’ tengah-tengahe temandang keprungu cluluke Yadi.

Sumirah noleh. Katon Yadi, bojone, marani dheweke. Sumirah ora wangsulan. Mung nyawang lanange kang banjur nyaut tela sauwit kang gumlethak ing ngarepe. Tela digawa mlebu. Sumirah ngetutake.

’’Wis ora ana liyane?’’ pitakone Yadi sinambi ngebrukake separo awak ing amben gedhe. Kanthi sikil kang isih ngidak lemah, wong lanang iku lumah-lumah.

Sumirah unjal ambegan. Abot arep blaka marang bojone yen ora entuk gawe.

’’Ora kok aku ra gelem nyilihi. Gabahku ki wis entek kanggo ragat tandur. Iki isih bisa mangan merga utang babahe,’’ wangsulane Mbah Lurah Putri nalika Sumirah nembung utang beras marang dheweke.

Mbah Lurah wae sambat, apa maneh Sumirah. Mengkono batine. Kamangka marang Mbah Lurah kuwi Sumirah, Yadi lan tangga-tanggane sasuwene iki masrahake uripe. Senajan wis ora dadi lurah, nanging saprotelon sawah ing desa iki isih dadi duweke. Mula samangsa ana gaweyan, Mbah Lurah mesthi bakal undang-undang. Ing kahanan lumrah, iki mangsane mburuh marang dheweke. Ngrewangi ngrumati tanduran ing sawah. Nyatane sawise mangsa tandur telung sasi kepungkur Sumirah ngganggur. Winih kang kadhung diceblokake ing sawah semono jembare ora ana tanjane.

Udan rong minggu nalika semana. Wong-wong gage nyepakake sawahe. Ngupaya aja nganti kelangan mangsa. Amarga kanggo mbanyoni mung njagakake udan kang teka. Senajan saperangan gedhe masyarakat ing wewengkon kene tetanen, nanging seprana-seprene panggah ora ana irigasi. Ora ana sumber utawa kali kang bisa nyukupi.

Kayadene warga liyane, Sumirah lan Yadi uga gage cancut tali wanda. Jebul tekane udan mung rong minggu kuwi.

Udan kang panggah ora teka, njalari pangan dadi langka. Nganti regane ora kinira. Biyen nalika Sumirah isih singgah gabah, beras diaji murah. Saiki regane wis meh tikel telu dibandhingake nalika iku.

’’Ora entuk gawe?’’ pitakone Sumirah kang sejatine mung kanggo kembang lambe. Meruhi patrape Yadi, pitakone wis ora kudu diwangsuli.

’’Pak, kebijakan impor beras menika namung solusi sesaat. Kita pitados negri kita saged nyekapi. Lha, menawi sakmenika pangan langka, mesthi wonten ingkang mboten pener. Menika ingkang kedah kita dandosi,’’ Mulyani bali mbengok nalika pirembugan saya ora karuan.

’’Lho Bu Mul menika kados pundi. Kala wau nyuwun supados kita damel rekomendasi ingkang saged dipun laksanani. Lha, impor beras menika solusi ingkang paling mandi ing kawontenan kados sakniki.’’

Mulyani ngadeg, ora sranta, ’’Mboten sah dipun-rekomendasi! Impor sampun dados bisnisipun Bulog pendhak taun. Menika sanes solusi, malah saya ndadosaken bangsa kita mboten mandiri.”

’’Nggih, nggih, ampun duka. Mangga kita rembag Bu Mul.’’

’’Mesthinipun kita damel rekomendasi, supados wonten kebijakan ingkang terang ing babagan pertanian. Para tani ingkang sami kesrakat lan kedahipun dipunbiyantu sakmenika malah nyangga kebutuhan pangan. Regi asil pertanian kedah mirah, supados mboten inflasi. Lan kangge mujudaken bab wau, keringetipun para tani pun peres ngantos mboten saged mili,’’ Mulyani ora bisa ngampet mangkel.

’’Wah, menika mbetahaken forum sanes, Bu Mul.’’

Sumirah lan Yadi kaget meruhi anak mbarepe mlayu bali sinambi nggendhong adhine. Krenggosan ambegane, pucet rupane. Adhi-adhi liyane ngetutake ing mburine.

’’Mak, thole mendem Mak!’’ bengoke.

’’Mendem apa?’’ pitakone Sumirah groyok sinambi nyaut bocah kuwi.

’’Embuh woh apa, neng kebon kana. Aku wis kandha aja dipangan. Ning malah dipangan pas aku ora ngreti,’’ anak mbarep kuwi prembik-prembik lan wiwit mrebes mili.

Tanpa kakehan suwara, Yadi metu golek banyu degan. Dene Sumirah ngoyog-oyog bocah kang wis lemes kuwi. Mbaka siji tangga-tangga padha marani. Saperangan banjur lunga mbiyantu nggolekake banyu klapa. Nganti sauntara ora ana kang temanja. Ing wewengkon kene pancen wis ora ana wit klapa. Padha mati dipangan kuwawung kang ngrembaka wiwit limang taun kepungkur. Lan bocah ing pangkone Sumirah mung bisa pasrah.

’’Nyuwun pangapunten. Menika wonten pawartos ingkang magepokan kaliyan workshop kita,’’ kandhane panitia sinambi nyambungake tivi menyang LCD.

Ora suwe, ing layar gedhe katon siaran berita salah sijine stasiun tivi. Sawijining bocah tiwas keracunan. Wong tuwane kang mlarat ora bisa nyedhiani pangan. Tanpa dingerteni, bocah mau golek woh-wohan ing kebon lan dipangan. Ing gambar, katon ibune bocah lungguh ing amben sajeroning omah gedheg ala, sesenggukan. Ing lapangan cedhak kuburan njaban desa, warga kumpul nggawa sisa asil bumi kang isih diduweni. Miturut sesepuh warga, iku upacara marang Dewa Ketiga supaya gage metu saka desa lan ora ana kurban maneh ing antarane warga.

’’Para Bapak lan Ibu, saking pawartos wau kita saged mirsani,’’ Pak Umar bali celathu. ’’Musibah menika pacoban kangge ngukur keimanan dhumateng Gusti. Menawi ingkang dipun sembah kok malah Dewa Ketiga, kados punti Gusti mboten duka? Nah, bebendu ing wewengkon wau, mbokmenawi ukuman utawi pepeling saking Gusti….’’

Mulyani menyat, arep metu. Tamakta kang lungguh ing sisihe nyandhet jangkahe, ’’Ora ngono kuwi Bu. Ben arep omong apa wae. Awake dhewe cukup ngrungokake. Sing penting ora kelangan jabatan, ora kelangan gaweyan.’’

Krungu tembunge Tamakta, wetenge Mulyani saya sebah lan gage arep muntah. []


Siti Aminah
Biasane kanthi akrap diundang ’’Bu Min,’’ utawa ’’Mbak Amin.’’ Lair lan mapan ing kampung pinggiran Kota Yogyakarta. Nulis crita cekak kanthi basa Jawa lan basa Indonesia, kapacak ing Panjebar Semangat, Jaya Baya, Kompas, Jawa Pos, lan liya-liyane. Crita cekak Marang Dewa Ketiga nate kapacak ing Panjebar Semangat. Buku bovel basa Jawa-ne kang wus kababar: Singkar.
--kapethik saka buku PASEWAKAN

0 comments: