Tuesday, March 6, 2012

Langitku

@Madagumilang

Dak sapa mbulan kae, jebul mbun-mbunanku dewe. Natas petenging wengi, sansaya gumlewang manut jantraning nasib. Dadi keprungu swara-swara kuwi, kewetu saka umobe getihku, lan jantung kaya diremeti ing getem-getem kang endah. Greget katresnan kang culika marang kahanan. Banjur njiret lali ora mung jenengku lan jenengmu, kabeh kok peres apuh nganti ora bisa nemu sanadyan sak tetes tumurune ayatMu.
(Dhuh Gusti, kula menika dadi dhuafa kok banget olehe dhoif, merga mung bisa nulis alif)

Dak sapa srengenge kae, jebul mripatku dhewe. Nyawang wong-wong sumuk olehe sregep ngakeh-akehi nggresah nganti garing. Napase kaya bisa ngrubuhke amuke rasa ulap nalika nguber-uber playune dosa ing lembar mbaka lembar buku suci. Ngono arep mbok ladeni sakehing hawa nepsu lan pepenginan, senadyan iku tumanduk kadereng saka ati kepengin ngerti.
(Dhuh Gusti, kula menika dadi dhuafa kok banget olehe dhoif, merga mung bisa maca alif)

Dak sapa lintang-lintang kae, jebul kaya pikiranku sing mung bisa kelip-kelip ora tandhing mungsuh rembulan lan srengenge. Cubluk bebasan kelangan sakehing umuk. Disingkirke ing sadhengah patemon, ora ana sing ulem wong ya ora ana sing nyapa. Ning iki harak langitku senadyan disengguh tanpa sap, isih duwe cemlorote bangun esuk, kluwung lan candhik ala kang ora keconggah gawe memala amung raharja kang disengaja.
(Dhuh Gusti, kula menika dadi dhuafa kok banget olehe dhoif, merga mung bisa donga amin)

Ponorogo, 2010

0 comments: