Ing sawijining dina ( umume crita jawa diwiwiti nganggo ukara iku ), nalika Don Quixote wis kesoren lan kesel anggone njajah desa milang kori, dheweke tumeka ing sawijining panggilingan gandum. Sakwise bage binage karo sing duwe lan punggawa panggilingan mau, Don Quixote diajak ndeleng punggawa sing dha nyambut gawe. Dheweke gumun, marga ing ndesane yen nggiling gandum iku mesthi nganggo sapi. Dene ing kene ora katon babar blas ana sapi sing ngubengake gilingan.
Sak wise milang-milang rana-rene lan mlebu metu nyinau piranti gilingan mau, pungkasane Don Quixote duwe kesimpulan ngene :
- piranti iku dudu kanggo nggiling gandum, marga ora ana sapi sing ngubengake gilingan.
- piranti iku mung kanggo ngubengake kitiran gedhe sing dipasang ing wuwungan omah mau.
- marga kitirane mubeng, akibate ya ngasilake angin.
- Wose, jebul sing ngasilake angin ing desa kono iku gandum-gandum sing dicemplungake ing panggilingan mau : gandum ngubengake gilingan, gilingan ngubengake kitiran lan pungkasane kitiran mubeng ngasilake angin.
// crita introne cuthel
Yen maca crita ndhuwur iku, sapa wae bakal nggeguyu lan nganggep yen Don Quixote iku wong ora waras, wong sing logika-ne kuwalik-walik. Nanging yen digatekake, ing jaman saiki, ing jaman moderen iki, kahanan ngono iku ya kerep banget kedaden kanthi wujud sing beda, ora ing negara sing durung maju - ora ing negara sing wis maju. Kahanan ngono iku karan 'salah kaprah logika' utawa basa landane 'logical fallacy'.
Yen panjenengan kagungan latar-belakang sinau utawa mergawe ing babagan sing okeh nganggo logika, embuh ing teknologi mesin, elektronik, pemrograman komputer, statistik, ekonomi lan liya-liyane, mesthi sepisan-pindho wis tau ngalami lan nemoni, mbuh kesalahane dhewe apa wong liya, ngenani logika sing salah. Iki bab sing 'manusiawi' banget. Utamane, yen ana perkara sing cukup ruwet, kadhangkala ana logika sing dadi mleset seka logika sing bener. Lan repote, kerep banget kahanan iku ora disadhari, ora rinasa dening sing gawe logika. Uga, kerep banget ana perkara sing banget prasaja, nanging marga ora dianggep (underestimate) .. ngasilake logika sing mengsle.
Piwulang seka critane Don Quixote iki, isa kanggo ngelingake awake dhewe, yen aja grusa-grusu nalika ngempanake (nganggo) logika utawa nalika mbiji logika-ning liyan. Perkara sing ruwet, kudu dipecah (di-ore, di-urai ) dadi sub-logika sing luwih cilik, sing luwih prasaja, supaya luwih gampang anggone mbiji lan mriksa (evaluasi) urutane logika mau. Lan sing uga penting, aja nganti kaduk wani kurang duga sesongaran ... duwe panganggep yen logikane awake dhewe wis mesthi benere. Ilmu logika iku jan-jane prasaja, nanging uga kebak jebakan. Iki nyebabake sing dha nganggo kerep salah merga duwe sikep keladuk, kelangan kawaskithan, kawaspadan lan sikep 'rumangsa bisa'.
[ ing wikipedia saiki wis ditulis bab ngelmu logika, isih bs inggris. Salah sijine artikel sing apik kagem waosan yaiku : Correlation does not imply causation ing link iki : http://en.wikipedia.org/wiki/Correlation_does_not_imply_causation ]
Sugeng istirahat minggon kagem para kadang sabrayat. Nuwun --@Josef B Dwiyono.
0 comments:
Post a Comment