Monday, March 12, 2012

Guyonan Redneck: "Dhorrr...!"

@Dh Abadinar

Ana Redneck loro mbebedhag (berburu) neng alas Negara Bagean Maine kang kesuwur akeh kidang sungu amba ing mangsa gugur.

Salah sijine banjur kena serangan jantung. Wong kuwi wis ora ambegan maneh lan mripate katon mlolo. Redneck sijine banjur nelpun marang Gawat Darurat. Ngomong kanthi groyok sajak bingung wektu menehi keterangan lan njaluk bantuan, “Kancaku mati. Ora ambegan. Nek kaya ngene iki kepiye? Apa sing kudu dak tindakake?”

Operator sing nampa kandha kanthi sareh, “Kowe ora usah bingung. Tenang wae. Wis ta aku melu ngrewangi saka kene. Sepisan, kowe kudu ngyakinake, dene kancamu iku pancen wis mati tenanan”
Banjur sepi tanpa swara ing telpun. Ora let suwe krungu suarane tembakan, “Dhor!!!” Bubar kuwi krungu suarane Redneck mau maneh, “Wis aku wis yakin, njur mbok kan apa maneh saiki?”

Cathetan:
Red Neck ing dunia humor Amerika mujudake gegambaraning priya sing rada-rada bodho, dhedhel, mbregudul sakarepe dhewe, ngguyokake , konyol lan kala-kala megelke ati. Gegambaran sipat sing kaya ngono mau kanggone wanita parabane “Blonde”

0 comments: