Friday, October 4, 2013

Guritane Miftahul Muin

SUMADYA

Ing ngaran jaman kang mocar-macir
Kabeh krasa ampang lan getir
Kahanan dadi tahanan
Tahanan dadi wosing kamulyan
Jumbuh ora jumbuh tan ana beda
Apa-apa kena sing penting mulya

Sumadya
Sumadyaa
Jaman butuhake pamikirmu
Jaman butuhake obahe awakmu
Kanggo ngadeg jejeg ing kahanan kang ora ajeg

Sirandu,  Juni 2013


MUNDHAK ORA MUNDHAK KUDU MUNDHAK



Mundhak
Apa sing ora mundhak
Yen barang siji kuwi wis mundhak
Barang-barang liyane ya mesthi melu mundhak
Nak ora mundhak ya kudu diundhakake
Sapa sing ora seneng intuk untung gedhe

Ya bener rakyate tambah sengsara
Piye meneh nak ora sengsara
La kon melu mundhak
Tegese melu mikul lan nyengkuyung kamulyane para penggedhe
Nangging awake dhewe sing dadi tumbale

Mundhak
Apa iku pancen wis lumrah?

Panggung Terbuka, Juni 2013
*gambar: satunegeri.com

0 comments: