Wednesday, October 2, 2013

Sarjana lan Karna


Dening Didik Supriadi

Ontrang-ontrang bebaya wus ginelar,
Riwis-riwis tanpa kalis akeh daya memanis,
Kang kerep ngemong wong-wong pangwasa siyung lan cakar,
Kang kapincut barlean, inten, mas, raja brana, bandha picis,
Nanging iku dudu,

Jejermu mung dadi tatah awujud karna,
Eling bena salira cedhak kurawa,
Waton den aku-aku Raden Karna,
Kang unggul nungka Gathutkaca tumekeng laya,
Nanging iku dudu,

Sanadyan Karna siswa utama,
Drona datan lirwa yen ndika dudu kurawa,
Tanpa guna ing rah pandhawa,

Sarjana Karna,
Sarjana dudu karna,
Sarjana kudu karna,
Sarjana udu karna,
Iklasna,

Ana dongeng enthik-enthik,
Si Penunjul patenana,
Penunjul apa dosane,
Ya etungen aja nganti lalen,
Dosa ngungkuli sasama,

Nanging apa ora malati,
Ah… iku urusan keri,
Waton ora padha ngaji sesirah demokrasi,
Sarjana mung patrum kang kapaes nggegirisi,
Kang unggul sedina lan kanggo tumbaling Baratayuda,

Wuwus lampus dening sarjana apindha arjuna,
Kang wus mulya wiwit purwa,
pancadan ing pang-pang pakang tyas duhkita,
lan kita hamung bisa kekidungan,

 Gunungpati, 2 Juli 2012
*gambar: wikipedia.org

0 comments: