Bener yen banyu iku berkah saka Sing
Gawe Urip. Tanpa banyu, ora ana makhluk kang bisa urip. Nalika manungsa
tansah nyeyuwun berkah tanpa kendhat, Gusti uga Mahamurah lan menehi
apa sing dikarepake: banyu ora kurang, luwih, nganti turah.
Pungkasane, kabeh pirantine urip dadi keli dening banyu kang
ngentirake sekabehane. Dalan ketutup, ora bisa dilewati. Omah padha
kelem, alat transportasi ora bisa mlaku. Ora sithik kurban manungsa, ora
kuwawa nglawan derese banyu. Kabeh karana banyu kang sejatine dipercaya
dadi sumbere kemakmuran lan kaberkahan. Banjur, yen wis kaya mangkene,
sapa sing salah?
Yen disawang kanthi cara hakekat, banyu-banyu iku sejatine ora bisa
mulih marang papan kang dituju. Ora beda kaya dene manungsa, banyu ya
mung saderma lewat ana papan-papan kono. Nanging, awit saka pokale
manungsa sing ora bisa ngopeni dalan banyu kanthi samesthine, banyu
banjur nyasar, ora maneh dadi berkah lan sawayah-wayah bisa dadi
musibah. Ya karana manungsa sing padha srakah.
Kanggo pangeling-eling, kabudayan Jawa sejatine wis akeh menehi
pitutur yen dilakoni kanthi samesthine, bisa nyelarasake antarane urip
bebrayan lan alam. Contone, unen-unen “urip mung mampir ngombe”. Ora
beda karo prinsip banyu sing mung lewat iku mau, uripe manungsa ana ing
alam dunya mung sedhela, suwene diibaratke karo wong ngombe.
“Mampir ngombe” uga pepeling yen mengkone, manungsa ora urunga bakal
bali marang mula-mulanira: bali menyang ngarsane Gusti Kang Mahakawasa.
Mula saka iku, manungsa dikarepake ora gampang kagodha marang sakehing
nikmat kadunyan. Karana urip iku mung mampir lan bakal tumuju marang
papan kang sejatine dituju.
Kanggo njaga lan nglestarekake alam, wiwit biyen manungsa Jawa tansah
ngupadi supaya bisa urip selaras karo alam. Buktine, nganti saiki isih
akeh ditindakake ritual lan tradisi sing ana gegayutane karo upaya
nglestarekake. Ana bersih desa, sedekah desa, merti bumi, nganti sedekah
laut. Sesanti memayu hayuning bawana dadi lelandhesane.
Mula saka iku, njaga alam lan lingkungan wis dadi kwajibane bebrayan
Jawa. Amarga pancen sadhar yen saben dinane, alam wis menehi panguripan
kang ora bisa diitung cacahe. Ritual sing adate uga digunakake kanggo
sarana resik-resik kampung iku uga sarana mujudake rasa sukur: tanpa
pitulungane Sing Gawe Urip, manungsa mung dadi makhluk kang ringkih lan
tanpa daya.
Ananging, ing jaman modern ora kabeh bisa kalaksanan kanthi
samesthine. Kabeh ritual mau kaya-kaya mung kandheg netepi wajib, tanpa
ana upaya nyata kanggo ngrumat lan njaga alam saisine. Kali padha
mampet, wit ana alas ditegor sembarangan tanpa mikir nandur gantine.
Papan sing samesthine dadi dununge banyu, malah ditanduri beton lan
cor-coran. Asile, aja kaget yen alam dadi murka: banyu bisa “playon” ana
ngendi wae, jurang padha jugrug, banyu segara munggah ana dharatan.
Jaman Kalabendu?
Kasunyatan sing kaya mangkono mbokmenawa sing dimaksud Ranggawarsita
minangka jaman kalabendu. Kanthi “ciri” sing wis gamblang, kaya-kaya
jaman kalabendu sejatine wis katon. Jaman sing dipercaya minangka jaman
edan amarga kabeh sarwa kuwalik, ora samesthine, lan wis owah saka adat
sabene.
Ranggawarsita akeh nyebutake pratandha jaman kalabendu, ing antarane
“kali ilang kedhunge”: kedhunge wis ilang, wis ora ana watese, kabeh
dadi kali, banyu isa mili lan isa ana ing ngendi-endi. Ing kene, kali
ora bisa maneh nampung banyu sing teka lumantar udan gedhe.
Awit saka kahanan sing kaya mangkono, temtu kahanan liyane sansaya
gegirisi. Buktine sing uga wis kedadeyan, uga dipratelakake yen
“lemah-lemah padha bengkah lan longsor, manungsa pating guluruh, akeh
kang nandhang lara, pageblug rupa-rupa, mung setitik sing mari,
akeh-akehe padha mati”.
Pancen, kabeh iku kedadeyan amarga ora bisa njaga keselarasan karo
alam. Wektu sing dipercaya minangka tanda-tandane jaman edan lan
kalabendu wis teka, menawa wektu sing pas kanggo nyawang kahanan
dhiri-pribadi. Ora kanggo nyalahake sapa-sapa, ora kanggo golek benere
dhewe.
Banyu dadi sarana wiwitan sekabehane. Kelebu ing agama, banyu wis
nyawiji dadi sarana pasucen sajrone ngibadah. Ing crita wayang purwa,
Bratasena uga didhawuhi guru Durna supaya golek tirta pawitra sari,
yaiku sejatine banyu sing mapan ana samudra minangkalbu. Sanajan iku
mung perlambang.
Ing tradisi Jawa, banyu uga akeh digunakake minangka sarana ritual.
Contone ing ngantenan, ana sing diarani siraman. Calon nganten nindakke
siraman nganggo banyu sing dijipuk saka pitung sumber. Pangajabe, supaya
sajrone memangun bale wisma penganten kaloro bisa urip harmonis. Kaya
dene banyu kang bisa mapan ana ngendi wae, nyelarasake karo papan sing
dadi panggonane.
Nanging, ing wektu kang bebarengan karo pahargyan, sapa wae kang
ngadani acara iku mesthi ora kepengin satengahing acara ana udan. Udan
gedhe temtu bakal dadekake acara kang wis disiapke lan butuhake prabeya
akeh iku ora mlaku kanthi samesthine.
Kanthi pepinginan iku, sing kagungan kersa bakal jaluk tulung marang
pawang udan supaya banyu udan ora tiba ana sakupenge kono. Anane udan
uga bakal ngalangi tangga lan sedulur sing bakal rawuh ana pahargyan.
Yen tetep isih udan, dipercaya ana syarat sing kurang utawa ana tumindak
sing kudu dilakoni.
Pancen bener, banyu dikarepake dadi berkah. Nanging ing wektu kang
bebarengan, banyu uga bisa nyirnakake kekarepane sapa wae kang tumindak
ala lan kurang becik marang alam lan sapepadhane. Kelebu sing ora gelem
mujudke rasa sukur. (Suara Merdeka, 26 Januari 2014)
Dhoni Zustiyantoro
Mengorbit dengan Tulisan Kreatif
7 years ago
0 comments:
Post a Comment