Monday, February 17, 2014

Basa Jawa Ora Cukup ing Sekolah

Basa Jawa sansaya ora nduweni papan panggonan. Kebukti, ing satengahing kulawarga lan bebrayan Jawa, basa Jawa kaya-kaya wis ora dadi basa ibu. Nganggo basa Jawa sing bener lan ketata saiki mung dadi pangangen-angen sing wis angel kewujud. Kanthi cara sing kepriye, basa Jawa bisa tetep bisa kuncara ing satengahe pasrawungan global?

Kahanan sing nggegirisi iku ora mung ana ing satengahing bebrayan lan kulawarga, ing sekolahan, muatan lokal (mulok) Basa Jawa mung disia-sia. Iku amarga ing Kurikulum 2013 sing durung watara suwe mlaku iku, wektu sing dialokasikake sansaya mepet. Ing kelas, Basa Jawa ing kurikulum anyar digabung karo Seni dan Budaya.

Kanggo kelas I nganti III sekolah dasar (SD), muatan lokal diwenehi wektu 4 jam, kanggo kelas IV-VI ana 6 jam pelajaran. Ing sekolah menengah pertama (SMP), mulok kejatah 3 jam pelajaran seminggu. Kanggo sekolah menengah atas (SMA), mulok mung ana 2 jam. Banjur, kepriye nasib pelajaran Basa Jawa yen wektune ing kelas sansaya cupet amarga digabung karo pelajaran liyane?
Mligi ing Jawa Tengah, Basa Jawa dadi mulok ing sekolah amarga Surat Keputusan (SK) Gubernur Nomor 895.5/01/2005 tentang Pemberlakuan Kurikulum Bahasa Jawa SD/MI, SMP/MTs, dan SMA/MA/SMK. Sawise iku, Basa Jawa banjur diwajibake amarga ana Peraturan Daerah Nomor 9 Tahun 2012 tentang Bahasa, Sastra, dan Aksara Jawa.

Temtu wae, sekolah sing maune setengah-setengah ngajarake Basa Jawa dadi malik-grembyang rame-rame golek guru. Peluang kerja wis dibukak. Para calon mahasiswa padha rame-rame mlebu perguruan tinggi, jipuk jurusan sing dikarepake bisa dadi dalan panguripan.
Pancen, mahasiswa sing kepengin kuliah ing jurusan iki uga ora sithik. Saben taun, kanggo conto, Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa ing Universitas Negeri Semarang nampa mahasiswa ora kurang saka 125 mahasiswa.

Ora mung perkara lapangan kerja lan ana-orane pelajaran iku ing sekolahan. Basa Jawa satemene uga isih dikarepake dadi benteng moral kanggo para siswa sing saiki morale sansaya ngwatirake. Kebukti, akeh tindak kriminal awujud nyolong, nganti tindakan asusila sing dilakoni para siswa usia sekolah.
Kabeh iku mau dipercaya saka pendidikan moral sing kurang ana ing sekolah. Anane Basa Jawa dikarepake bisa dadi sarana nggulawenthah para siswa supaya ora metu saka dalan sing samesthine.
Nanging, pemerintah kaya-kaya ora temenanan anggone ngecakake peraturan. Sanadyan akeh lembaga pemerintahan utawa swasta padha menehi alokasi sedina wajib nggunakake basa Jawa ing instasine, nanging ing tataran pendidikan, pemerintah dianggep durung temanan utawa pancen durung regulasi utawa aturan kang bisa dadi paugeran supaya basa Jawa saorane tetep dadi sarana komunikasi.

Gumregah
Ora ana liya, kanggo njejegake kahanan sing kaya mangkono, pemerintah daerah (Pemda) pancen kudu gumregah ngrampungi perkara. Sacara formal, kudu digawe aturan sing bisa dilakoni lan dikawal dening sapa wae. Kanthi rasa handarbeni, basa Jawa ora mung dadi tanggung jawabe pemerintah, nanging uga bebrayan.

Luwih-luwih ing Jawa Tengah, Basa Jawa nduweni payung hukum sing luwih kuwat. Iku amarga wiwit taun 2005, basa Jawa wis diwajibake minangka salah siji mulok sing kudu diajarake ana ing sekolahan, wiwit SD nganti SMA.

Mula, antarane Dinas Pendidikan, Badan Bahasa, lan luwih-luwih para guru kudu njejegake apa sing wis dadi peraturan daerah iku mau. Aja nganti kurikulum anyar sing lagi dijajal ana 877 sekolah ing Jawa Tengah dadi model sing ora becik amarga wiwit ngilangi pelajaran Basa Jawa.

Apamaneh, Kongres Bahasa Jawa ing Surabaya taun 2011 sing dirawuhi para ahli bahasa, pendidik, pemerhati, budayawan, lan sastrawan, wis paring amanat yen kabeh SD, SMP, lan SMA/sederajat ing Jawa Tengah, Jawa Timur, lan Yogyakarta wajib ngajarake pelajaran Basa Jawa.

Saliyane Jawa Tengah, Bali nduweni Perda Nomor 3 Tahun 1992 ngenani Bahasa, Aksara, lan Sastra Bali. Semono uga Jawa Barat, kanthi Perda Nomor 6 Tahun 1996 sing direvisi Perda Nomor 5 Tahun 2003.

Saka iku, wis genah ana aturan sing kudu dijejegake. Kita, minangka panganggo, kudu nduweni peran minangka sing aktif menehi pandangon lan kritis marang kebijakan pemerintah. Bebrayan uga kudu melu nyawang kahanan ing daerah, pranyata yen ana sing ora trep karo sing ana ing kasebut, kita duwe kwajiban nglapurake.

Nasib Guru
Ngenani gonjang-ganjing perkara pasinaon basa Jawa ing sekolahan, ana kabar paling anyar kaya dimuat koran Suara Merdeka, 2 Agustus 2013. Basa Jawa bakal diajarake ing kabeh jenjang sekolah, wiwit SD nganti SMA utawa sederajat. Iku amarga wis ana Surat Edaran Kepala Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Tengah No 424.I3242 tanggal 23 Juli 2013.

Peraturan mangkono temtu gawe bungahing mayuta-yuta guru Basa Jawa ana propinsi iki. Sadurunge, kaya diandharake ana ndhuwur, pemerintah ora bebela marang basa daerah, utamane basa Jawa.

Nanging, sawise ana penguatan kaya mangkono, tetep ora elok yen mung pasrah bongkokan ngandhalake pasinaon basa Jawa karo sekolahan. Tegese, minangka wong sing luwih nduweni wektu sing luwih akeh karo anak, wong tuwa uga kudu nduweni kawigaten sing luwih.

Upaya sing kaya mangkono sejatine mujudake hubungan sing tansah selaras antarane murid, sekolahan, lan wong tuwa. Kanthi mangkono uga, murid ora bakal salah kedaden amarga nduweni pihak-pihak sing tansah peduli. Nilai-nilai sajroning kabudayan Jawa ora mung dientuki saka sanjerone pager sekolah.

Pancen wis samesthine kita melu urun-rembug babagan kahanan basa Jawa minangka salah siji wujud kabudayan Nuswantara sing sejatine bisa agawe kuncara lan diajeni dening bangsa liya. Sadurunge angen-angen iku kawujud, basa Jawa kudu dadi tuan rumah ing laladane dhewe.
(Tulisan menika pamundhut saking redaksi majalah Paradigma Sekolah Tinggi Agama Islam Negeri (STAIN) Kudus, kapacak ing edisi Desember 2013)

Dhoni Zustiyantoro

0 comments: