Dening Budi Palopo
oh… gonjang, oh… ganjing
ngaca kok nganggo lincipe beling
yen kebeler apa ra nggegirisi?
**
PRABAWANE jagad sungsang, sangsaya binuka, sanggane bisa miyak kang culika. Udreg bab markus sastra Jawa kang maune mung ngrame kalawarti Panyebar Semangat, nyata bisa ngulandara ngambah jagad maya. Sakawit aku pancen ora ngerti perkarane. Nalika facebook-an, aku sinapa chating saka kadang kang manggon ing Salatiga: “Mas, piye manut njenengan bab Markus Sastra Jawa?” Weh, aku jan ora mudheng karo pitakon kuwi. Nanging, bareng maca seratan Narko Budiman kang diunggah sedulur kang nganggo jeneng facebook “Kongres Sastra Jawa” (KSJ), sakala aku ngakak.
Markus Basa Jawa, Sumono Gugat. Saka irah-irahan serat (wis dadi isen-isening Panyebar Semangat No. 18), cetha yen Narko ‘cerdas’ banget anggone milah-milih tembung. Awit, kasus Gayus pancen lagi gemrengseng. Kanthi tembung “markus” kang pancen rame dadi rasan-rasan, senajan klebu latah, seratan Narko cetha bisa gawe wong penasaran. Apa iya ana makelar kasus sastra Jawa? Kasus apa sing perlu dimakelari? Sapa sing dadi markuse?
We ladalah… sing nanggapi unggahan serat kasebut kok ya lumayan anget. Aku njur ngerti yen ana udreg bab markus sastra Jawa ing jagad maya. KSJ ajak-ajak supaya “oknum” markuse ditangkep lan diadili. Ana uga kang dhem-dhem (Rini Puspo Hardini), supaya rembug ora dadi dalan benthik karo kadang dhewe. Nanging KSJ sajak mberot, nganggep yen bab markus sastra Jawa kuwi bisa dadi pitenah yen ora diblakakake.
Ing kalodhangan kuwi Kukuh Setyo Wibowo ngelingake, menawa seratane Narko bisa diarep-arep dadi pancingan diskusi kanthi gayeng. KSJ sajak sarujuk karo kakudange Kukuh. Nanging, bareng Jarot Setyono melu-melu nimpali, KSJ sajak keslomot, lan tembung timpalane Jarot dianggep mblekutet.
Njur, senajan seratane Narko ora nyebut jeneng, KSJ malah wani njongklok yen “satemene sing diarani markus basa Jawa kuwi tibake: Bonari Nabonenar”. KSJ kok bisa mesthekake yen Bonari dadi markuse? Mengkono pitakone Rini Puspo Hardini. Rada aneh pancen. Seratane Narko cetha ora nyebut jeneng, nanging KSJ kok sajak kebrongot, lan ngotot yen sing diarani markus ing seratane Narko kuwi mung Bonari?
Kanthi satleraman analisa, minangka wangsulan pitakone Rini, KSJ malah nambah bobot pepasthi: “Wis cetha, sing didakwa Bonari. Pandakwa kang degsiya, kathik ora dibeber kanthi trawaca, mung adhedhasar jare kene jare kana. Apa keladuk yen kang kaya mangkono iku diarani pitenah? (Bonari)”.
Lho, ing pungkasane ukara sing diunggah KSJ kok ana jeneng “Bonari”? Mengkono uga ing mburine ukara KSJ kang ngunggah bab isi SMS marang Sumono Sandy Asmoro, sing wangsulane dianggep “ndledek kaya…(basane rusuh –pen.)”, kok ya ana jeneng Bonari?
Weh, aku njur rada mudheng, menawa sing nduwe jeneng Kongres Sastra Jawa (KSJ) ing facebook kuwi tibake ya Bonari dhewe. Nanging sakala pikiranku njur ngambra kagawa pitakon: Apa Kongres Sastra Jawa (KSJ) kuwi identik karo Bonari?
Dhuh… dhuh… dhuh, kok kaningaya tenan. Yen bener sing nggawe jeneng facebook KSJ kuwi Bonari, mesthine ya cetha banget yen KSJ kuwi kaya-kaya identik karo Bonari. Cetha sing duwe KSJ kaya-kaya Bonari dhewe, ora ana wong liyane. Njur, kadang-kadang sing melu bribik-bribik adege kongres sastra Jawa liyane dibuwang ing ngendi?
Dhuh… dhuh… dhuh, kok kaningaya tenan. Kanggoku, kudune bab-bab kaya ngono kuwi sing perlu dirembug, amrih dadi pepeling kang bisa ngurang rasa kumingsun. Aja-aja ya krana bab kang rada-rada kumingsun kaya ngono kuwi sing njalari Narko apa tah Sumono dadi kemrungsung, nganti kawetu tembung pedhes --kanggo tengara sapa sing dadi markus sastra Jawa—kaya ngene iki: “…dadi pendekare kongres ! Jenenge mumbul…Bubar kongres kahanane sastra Jawa panggah isih mbegegeg kaya tugu sinukarta, ora ana sing nyenggol, ora ana sing nggepok. Aja maneh kok wong ’njaba’, wong sing tau oleh jeneng lan jenang saka pokal gawene gawe ’kasus’ wae wis ora ngreken! Makelar kasus basa (klebu sastra) Jawa wis mlayu sipat kuping menyang Negara embuh !”
Mesthi wae, tembung “markus” ing seratane Narko dudu markus kang ngemu teges kaya kasuse Gayus. Mula, kanggoku, ya klebu ngayawara yen Bonari nganti nyeret tembung “markus” sing jare “lelethege jagad” kuwi mlebu ing bab sastra Jawa kaya sing diunggah liwat tulisan “Bonari Nabonenar Markus-e Sastra Jawa?” (Panyebar Semangat, No. 20 Th 2010).
Sepisan maneh, Narko ora nyebut jeneng pawongan ing seratane, malah Bonari sing njlentreh-njlentrehake kanthi nyebut jenenge dhewe. Klebu ukarane Narko “panggonan sing ora tau kambon sastra Jawa” kang interpretatif, ing tanggapane Bonari malah dadi makna tunggal “Desa Cakul, Kecamatan Dongko, Kabupaten Trenggalek”. Embuh apa karepe Bonari kok perlu njlentreh-njlentreh kaya ngono kuwi.
Olah-oleh wae Bonari nyangkal apa sing diunggah Narko. Lan, ya pancen wajib nyangkal, yen –senadyan Narko ora nyebut jeneng—Bonari rumangsa dadi ‘sasaran tembak’. Aku ya sarujuk yen kang diarani Sastra Jawa kuwi ora mung geguritan lan crita cekak utawa crita landhung kang kapacak ing majalah. Nanging, yen wis ana tembung “Sodrun Tenan” lan ukara “…wis ana kang wiwit nglelimbang bakal ngajokake gugatan class action, Wong Cakul, kang didakwa ora tau kambon sastra Jawa kuwi…” ing pungkasan tanggapane, cetha banget yen rembugan tambah ngaco, tambah ngayawara. Dadine, gak cerdas blas…!
Tembang Selingan
Ing facebook, sak jane aku pingin melu urun rembug sing rada-rada nggodha. Nanging, jro batinku kok ana suwara ngene: “Ah, ngomyang…! Pikiran kok cupet tenan. Duwe pikiran kuwi mbok ya dilaras, aja nggladrah sing ora-ora…!”. Suwara kuwi sajak ngelingake pikiranku sing arep ngayawara.
Krana ukara-ukara kang diunggah wis lumayan anget, kanggo nyambung tutur kekadang, aku milih nyela atur kanthi ngunggah gurit tembangan Nyidra Asih; Lelagon Mawa Bawa Asmaradana, kang wis dadi isen-isene Jawa Baya No. 34 Minggu IV April 2010 (uga wis katembangake dening kanca-kanca karawitan kanthi gamelan slendro, nalika pentas sastra Wisrawa ing Unesa 30 April 2010).
Karepku tetembangan sing dak unggah kuwi bisa dadi tembang selingan kaya tampilan wong maca geguritan utawa nembang ing tengah-tengahe acara diskusi. “Weh... weh... para kadang jan gayeng tenan anggone uluk salam lan ngomyang bab markus basa lan sastra jawa.Yuup... sareh dulur... sareh...! Awit, seprana-seprene wong melik tansah nggendhong lali. Nah, yen wis rada sareh... kanggo selingan, ayo tetembangan. Iki lelagon bawa Asmaradana kanthi thing-thingan gamelan laras slendro.” Mengkono ukara pambuka kang ngiring unggahan gurit Nyidra Asih.
Nanging, cilakane, tembung “ngomyang” ing tutur pambukaku malah dadi persoalan. KSJ (persise: Bonari) ora trima yen aku milih tembung “ngomyang” ing tutur pambuka kuwi. Manut panemune Bonari tembung kuwi nyokrok ati. Awit, tembung "ngomyang" kuwi duwe teges muni-muni ora juntrung kaya patrape wong owah pikir alias edan. Bonari malah ngguroni, kanthi pilihan tembung liyane: udreg, bengkerengan, dredah, padu.
Ora lucu pancen. Nanging, aku tetep ora bisa ngempet ngguyu nalika maca tembung geguron sing kudu dak pilih. Embuh sebabe. Sing cetha, guyonanku “merga dayaning urip”, ing bab iki aku tetep moh nggenti tembung “ngomyang”. Lan, amrih ora ana sing rumangsa kena sempyok merga tembung “ngomyang” kaya wong edan, aku ya seneng-seneng wae yen tulisanku iki dianggep “ngomyang”…. ha ha ha ha.
Minangka pamungkasing catur, ing kalodhangan iki aku mung ngelingake mring awakku dhewe, syukur ana kadang liya sing katut kaelingake, supaya nyemak pesen kang kinandhut ing carakan Jawa: Yen ana utusan (hana caraka) milih laku cecongkrahan (data sawala), senajan ngaku padha-padha benere, padha-padha pintere, padha-padha kuat alasane (padha jayanya), pungkasane ya dadi maga bathanga, ancur mak….! Ingak…ingak… jare simbah, wong urip kuwi ngundhuh wohing pakarti lan panggawe.**
Sumber:
http://www.facebook.com/home.php#!/note.php?note_id=434887033053&id=1838222786&ref=mf