Saturday, December 29, 2012

Maesaroh

Guritane: Deha Abadinar

Prawan kencur tanggaku ing dhusun Popoh
Ayu merak ati aran Maesaroh
Jinem anteng yekti ra nate goroh
Iren tur dahwen dheweke emoh
Dhemen weweh loma tetulung lomboh
Mangka bapa biyunge mung seneng ndoboh
Marang sapa wae barang darbeke nyah-nyoh
Kosok balen wong tuwa cethil, umuk lan croboh

Awan-awan swijining pawongan amara dhayoh
Mawartakke urip mulya sing sapa dhokoh
Wani rekasa ngudi kamulyan kadi dene iwak digogoh
Kamukten yekti sing sapa cancut angudi sagoh

Kocap kacarita prawan lamba atine comoh
Kapaelu manising madu iming si Gombloh
Pamit wong tuwa mapag kamulyan ya sapa weroh
Wani kudu sanadyan gegolek lelungan adoh

Seneng mulya mung impen, urip binacut amoh
Disiya-siya disingkang-singkang ing batin klomoh
Nyambut gawe tan leren adhem panas lan cekah-cekoh
Luput sithik sikil ndugang lajeng anggejoh
Kleru panampa disiram wedang mring awak mlonyoh
Durung marem garpu sendhok kanthi, awak dijojoh

Ngenteni limpe, anak sing jaka arogah-rogoh
Dirudhapeksa digegujer kaya kewan diloloh
Ditinggal nglempruk urip lungkrah ing endut diblonyoh
Sambat sapa ing paran, dhuh simbok-bapake adoh

Telung tahun linakonan bali mulih weteng kang aboh
Bayar ra tinampa semayan juragan mung clemah-clemoh
Pawongan ing bandhara isih tega muwuhi sosroh
Uga jowal-jawil sakdedalanan pak Sopir, ing batin kasroh


Lemahdhuwur, dha 050511

Thursday, December 20, 2012

Kaki Mandra Guna

Guritane: Deha Abadinar

Urut galengan sumrinthil lan jentrek-jentrek
Cucuk amba ndegeg lumaku endhas njengengek
Megal-megol balapan pijer rame swarane wek-wek
Kanthi meneng ngetutke jumangkah sengkek
Nyekel wilah sadedeg dawane kang kadya senggek
Ingon rinumat arip keturon nganti, kesel jan nyengklek
Caping amba nggo ngiyup ing panas lan udan kecek
Sengadi cukup paran lan pakan ingone bethek
Sinambi keklumpuk endhog ajeg kang tlecak-tlecek
Aja nganti benthet ginawa gemati kambek

Padinan dhapuke Mandra Guna Kaki ngiringke bebek
Klobot jagung rokoke ajeg mati sinumet korek
Angin midid atis rinasa mripat kudu ra melek
Kathok wus lethek sisih geger klambine suwek
Kecanthol pring ngetung ingon wingi, gunggunge kacek
Kanthi gemet ginoleki kang ilang ja morak marek

Surup bebek sumebar ra ana kang gatek
Endhog saenggon-engon pecah isine ndledek
Kothong kampil wadhahe gumlethak dhewek
Njrebabah sapinggir kali ing gampeng gegocek
Nglempruk Kaki Mandra Guna sacedhak besek
Isen sih wutuh ana tempe, sega lan peyek

Lambe wus biru sajak kelaran mripate mlelek
Tangan siji nyekethem dhadha, sarunge rowak-rawek
Ngedoh krameyan atilar dhewekan ing sepi tumemplek
Lola tansah uripe lunga teka tan ana kang bagek

Lemahdhuwur, dha 230311

APA TA?

Biyung Amie Williams

Iki padha rebut apa ta?
Ing madyaning pabaratan
Muhung padha silih mrawasa
Rebut tresna apa rebut pangwasa
Satru memba warna bleger mitra
Rerenggan manising esem pulasan
Asta rerangkul mawa hawa dahana
Ngling ngemu wiji darubeksi kapyarsa

Sedhet arum gandaning puspita wangke
Pinangka rerenggan abang-abang lambe
Mbludage rasa gething kang saya kumlawe
Nrajang kukuh sumunaring cahya Radhite

Ngebar sasangi liwat sedhep manising lathi
Ngombul rasa suka amung samudana
Apa ta kang dadi daruna sedyanira
Dene salwiring reh mung nuwuh rasa gela

Wisma Seni, enjing 201212

NUHONANA LAKU UTAMA

Guritane: Biyung Amie Williams

Nglanguting pangangen ngranjap pangarep
Rojah-rajeh tanpa wujud myang katon bengeb
Pating klawir pating saluwir katon kiwir-kiwir
Njalari ati kari samenir tan jenjem ketar-ketir
Nyawang akasa mendhung peteng ngendhanu
Sumusup kilat thathit dalajigan ngremuk daya
Gludhug magunturan arsa mbedhah jagadraya
Gya kajuwing-juwing dadya kukila tanpa wulu

Njedhindhil kekes katisen ndaredheg wel-welan
Melasarsa angga aking legena tanpa warana
Nyawa gondhelan raga nandhang kasangsayan
Myarsi kusuma pegatsih nguntab pecating sukma

Oh nyawa lumarapa kanthi teguh merdika
Datan ngrasa tidha-tidha sumungkem seba
Tatag teteg tanggon pasrah legawa ing Karsa
Waton ing donya samya nuhoni laku utama

Mandragini, minggu enjing 161212

Wednesday, December 19, 2012

TANDHA YEKTI

Dening: Lulud Iswadi

Nadyan mung sakklungsu
Atimu kang mbok wenehake aku
Nganti saiki isih wutuh
Dak rumat kanthi premati
Sumimpen ana keteging nadi
Wis ben ....
Aja mbok sulayani
Awit bisa kanggo nglipur kapanging ati
Yen sliramu mundhut ganti
Sigaraning nyawaku iki pinangka tandha yekti



Sapi_ nggiring Kutha Sala
191212012

Sunday, December 16, 2012

KOK ERAM TENAN

Yu.. mbak ayu aja kemayu
dumeh duwe bojo mata biru
kok lali marang jawamu
luwih seneng nganggo me lan you
tinimbang aku lan sliramu
Kang... kakang kok eram tenan
dumeh mulih saka pangumbaran
ora doyan sega jagung lan keleman
seneng ngombe banyu setan
gembleleng ugal-ugalan

Le le thole sing bagus dhewe
kaya artis korea dandanane
rambut abang tindhikan kupinge
gendhing jawa kuna jarene
jingkrak-jingkrak kaya jaran kobong buntute
budhayane dhewe malah diece

Yung alah njur kepriye
yen wong jawa lali jawane
apa kudu dijarke wae
bisa kojur tembe mburine

*Asih Aspalia

ÊNDHOG KÊBO

Dêmang Pekasiran ngundang carike, banjur takon: "Carik, apa bener , jarene si Budiman iku julig bangêt?” Carik wangsulan” sing empun kula ngretosi nggih ngoten niku!”

”Ning arêp dakcoba, arêp dakgawe guyon. Jajal bujukên supaya dhèwèke gêlêm mrene. Kandhanana yèn kêboku wadon "ngêndhog". Êndhoge gêdhe. Takkon mrene supaya ndêlok êndhog mau, lan prêlu arêp daktakoni, êndhog mau ngalamat apa lan apa kasiyate."

Carik mangkat. Satêkane ing omahe Budiman, banjur ngandhakake prentahe dêmang Pekasiran mau.

Si Budiman mangsuli kanthi ulat sumèh, nanging sajak nyênyamah: ”Dintên mênika kula botên sagêd sowan, jalaran ayam kula si Blorok sawêg "bobot ageng," malah samênika sawêg nyakiti, kados badhe manak. Kula êntosi lairipun rumiyin. Mila matur kemawon, sampun dados panggalih. Dene bab tigan punika dados ngalamat: srêngenge badhe mlêthèk saking kilèn, toya mili mênginggil. Dene kasiyatipun: yèn kacêmplungakên ing sêgantên, toyanipun dados tawa; yèn kadèkèk ing dharatan, gagak ingkang wulunipun cêmêng dados pêthak; yèn kasimpên ing griya, ingkang nyimpên dados tiyang ahli goroh."

sapi nggiring kali serayu, 15122012

saking: Ki Sastra Adiguna

Sunday, December 9, 2012

MBURU UCENG, KÉLANGAN DELEG

Cerkaké Biyung Amie

Soré kuwi dalan lingkar anyar tumuju njaban kutha Ambarawa katon ramé, ilur tetumpakan pating sliwer ora ana pedhoté. Apamanèh iki ngepasi dina Setu, akèh wong2 sing padha nyambutgawé ing Semarang lan sakiwatengené, padha mulih, minggon ana ngomah, kumpul sanak kluwargané. Semono uga Bejo, kang nyambutgawé ana pabrik ban ing Banyumanik, seminggu sepisan ngulihi anakbojoné ing désa Banyubiru.
"Mas, wis tekan, tangi, arep mudhun pora?" clathuné kondhèktur bis njawil pundhaké, merga wis tekan lampu abang prapatan Pojok, lan dhèwèké keturon. Gragapan dhèwèké tangi nuli alok,"Kiriii...!" nuli kluntrung-kluntrung mudhun. Terus numpak angkot biru jurusan Banyubiru
Tekan ngomah dipethukké anak-anak lan bojoné kanthi sumringah.
Lastri bojoné, prawan tangga cedhak omah kang dinikahi 16 taun kepungkur, wis mènèhi bathi loro wadon karo lanang. Sing mbarep wadon wis klas 1 SMK Persit Palagan, sing nomer 2, lanang kelas 2 SMP.

Sawisé padha mangan bengi, banjur padha nonton tivi ing ruwang tengah.
"Mas, iki anakmu wédok si Tutik, dijaluki urunan kanggo study tour nyang Bali, kèhé pitungatus sèket èwu rupiah, akhir wulan Dhésèmber taun iki kudu wis lunas, lan kaé sepatuné anakmu lanang si Tono ya wis jebol, njaluk adhi" kandhané sing wadon, mbukani rembug, sawisé padha lungguh.
Sing lanang mung unjal ambegan dawa, sinambi klepas-klepus ngrokok, nuli celathuné, "Ya, sésuk yèn wis duwé dhuwit!"

"Lha selak mesakké Tono ta Pak, kaé lho jaitané nganti padha rantas, jempolé kétok," kandhané Lastri.
"
Lha piyé ta Mbokné, olèh-olèhanku ki ya mung samono kuwi, arep golèk nèng endi manèh?" wangsulané Bejo marang bojoné.

Wusana Lastri mung meneng waé.

Wengi sansaya mrambat, swara kodhok saut-sautan, sajaké padha gumbira, merga mentas waé udan.

Dina Minggu ésuk, dingarèn Bejo kok wis tangi lan adus barang, gawé gumuné bojoné, "Kok dingarèn men ta Pakné, yahméné kok wis resikan, arep ana tamu pa?" pitakoné Lastri marang sing lanang.

" Ora. Aku arep lunga karo Paidi nyang Wonosobo, sowan nggoné mbah Gobèr, jaré terkenal pinter, yèn mènèhi nomer mesthi cèples, akèh beneré, arang mlèsèt," kandhané Bejo ngyakinaké sing wadon.

Ora let suwé Paidi teka, ngampiri. Nuli wong loro budhal, numpak sepédhah motor, boncèngan.

Jam 16.00, Bejo lan Paidi wus teka, katon yèn sumringah. Banjur nggolèki bojoné.

" Mbokné, kénè dhuwit sing dakwènèhké mau bengi kaé... wènèhna aku! Mengko bakal takijoli wis ta, aja sumelang!" pangrimukè si Bejo marang sing wadon.

Jané Lastri owel arep ngeculaké dhuwit kuwi, kamangka kuwi jatah urip sewulan. Mengko gèk-gèk, mengkono swara ing njero batiné.
Dhuwit rong yuta limangatus èwu rupiah, wusana diwènèhaké sing lanang.

Wengi kuwi ing omahé Bejo katon yèn padha serius praènané, ngentèni kabar bukakan nomer togèl saka Singgapor. Tenan, bareng ana kabar, pranyata nomer kang metu dudu nomer kang dituku Bejo. Sakala nglumpruk ing kursi, Bejo lemes kaya tanpa otot bebayu, ora kuwawa kumecap apa-apa. Panoné semrepet kaya nyawang konang mayuta-yuta, semaput. Bojoné bingung, nggolèk lenga kayu putih, diglangsur-glangsuraké ing awaké Bejo. Bareng éling, dhèwèké kandha marang sing wadon, "Mbokné, apuranen aku ya, kabèh dhuwitmu mau kaé, wis ilang taknggo tuku nomer, wènèhané mbah Gobèr, jebul mlèsèt, ora metu!" kandha ngono sarwi memelas.

"Apa, Pakne .....? Oalaaah... Gusti nyuwun ngapura!" saurane sing wedok, sarwi njengek kaget, wiwit prembeh-prembeh, nangis.

Genti saiki sing wadon, bareng krungu kandhané bojoné kaya mangkono mau, sakala pecah tangisé, ndrini keranta-ranta, rumangsa kélangan daya, jenèh dhuwit jatah kanggo nguripi kluwarga sewulan, kok dienggo tuku togèl. Rekane arep digolekake tambahan, malah kalarut.
Oalaah... Bejo, Bejo.... sing ora beja, luwak mangan tales, awak yèn lagi apes.

Ambarawa, wanci ratri 071212

Slasa wage, 27 Desaember 2011 jam 12.00 terbit bukuku kang kesingsal-singsal. Kamangka andharan bab morfofonemik basa Jawa iku langka banget wiwit Jaman Walanda durung ana, dene sing mbutuhake andharan kasebut akeh. (Sugeng Adipitoyo)

Friday, December 7, 2012

BUKU: TRUBUS KANG MRANGGAS


Trubus Kang Mranggas - antologi cerkak anyar karyane Tiwiek SA. Kababar dening penerbit JP Books Surabaya.

BUKU ANYAR: SUMINAR


Alhamdulilah, sesasi kababar (28 Maret - 29 April 2012) novelku "Suminar" wis payu 50%. Bab iki ora liya awit saka pambiyantune para kadang, a.l. JFX Hoery, Rini Tri Puspa Hardini, Deni Setyawan, Zuly Kristanto, Edy S Triwida, Kukuh Setyo Wibowo lan Bu Darni Unesa. Marang para kadang kasebut aku ngaturake panuwun. Tumrap para sutresna sastra Jawa kang ngersakake, isih bisa pesen. Regane Rp45.000,00 (wis sak ongkire) kanggo Jawa Timur lan Rp50.000,00 kanggo sanjabane Jawa Timur. Dhuwit bisa ditransper lumantar BRI Unit Kalidawir, Tulungagung No. Rek. 6590-01-001372-53-6 a.n. Suwignyo Adi.

Utawa lumantar wisel prima katujokake mrang Suwignyo Adi, Karangtalun RT 04/RW 03 Kalidawir, Tulungagung (Jatim). Telp. 0355-591156. (sa)

TOLAK PENGHAPUSAN PELAJARAN BAHASA DAERAH!

Oleh Jlitheng Suparman

KEMENTERIAN Pendidikan dan Kebudayaan berencana menghapus mata pelajaran bahasa daerah pada kurikulum 2013. Saya tak mau bertele-tele dengan teori pendidikan, Mas Bro. Yang pasti, rencana itu menjadi bukti bahwa lembaga pendidikan Indonesia sudah "terbeli" oleh neoimperialis. Dihapusnya mata pelajaran bahasa daerah semakin memudahkan neoimperialis asing melakukan brain washing. Bahasa menunjukkan bangsa. Artinya, bahasa adalah landasan karakter dan kepribadian. Bahasa adalah akar kebudayaan. Bahasa adalah pintu utama pemahaman dan penghayatan nilai-nilai kebudayaan.

Jika bahasa daerah dihapus, jelas bahwa proses penghancuran karakter secara sistemik berlangsung semakin masif. Otak atau jiwa anak-anak Indonesia akan dijauhkan dari nilai-nilai kulturalnya sendiri, kemudian dijejali nilai-nilai kultural asing. Muaranya: agar bangsa ini makin rakus mengonsumsi produk-produk asing.

Maka, dengan ini saya nyataken dengan tegas: MENOLAK penghapusan mata pelajaran bahasa daerah dari kurikulum pendidikan Indonesia. Saudara-saudaraku Batak, Bugis, Dayak, Papua, dan semuanya di Nusantara, jangan biarkan rezim ini memisahkan anak-anak kita dari akar budayanya. Selamat berjuang!*

Yen panjenengan setuju kaliyan semangatipun andharan punika, sumangga, kaaturan nggabung ing grup: TOLAK PENGHAPUSAN PELAJARAN BAHASA DAERAH! (admin)

Thursday, December 6, 2012

PASURYAN SITANGSU SITARESMI

Dening: Rondy Puspito

lam-lamen pasuryan kang turah rupa
sitakara kadya sitangsu sitaresmi
tosan ajining wak mami
kang rinengga siyang ratri


trajeging manah lan jiwa
tuhu asih kang lumuber
prasida tumetesing waspa
kayungyun marang kang sulistya

pindha gangsa kang kapang ing lelagon
kairing srengenge kang mapag bayu
lingsir ana sakgegering gunung
linambaran pudyastuti kang nati marang Gusti

harsa pinanggih murih saresmi.(kra)

Pandaan, 14/08/2012
rondypuspito@gmail.com

Buku Guritan: MOH


Buku, Kumpulan Guritan Gagrag Anyar "Moh" Karya Tengsoe Tjahjono, Herry Lamongan dan Aming Aminoedhin.

Novel Basa Jawa "WAYANG URIP"


Novel Basa Jawa "WAYANG URIP" saged dipunpanggihi dhateng Toko Buku URANUS Surabaya, Toko Buku NUSANTARA Bojonegoro.

Kalawarta Enggal: Blakasuta


Sampun mijil ing Semarang, kalawarta basa Jawi "BLAKASUTA", dening kanca-kanca ingkang taksih gadhah rasa kangen lan idealisme bab Jawi, utaminipun basa Jawi. Mugi tansah linuberan sih, lan para pamengku basa Jawi kersa nyengkuyung. [Widiyartono Radyan]

BUKU ANYAR KARYANE ES SULISTYARINI


Buku basa Jawa babaran anyar. Karyane Mbak ES Sulistyarini saka Blitar. Irahane : 1. Sekar Kinanthi (novel) 2. Kembang Ing Watu Karang (antologi cerkak) 3. Puisi lan Larasati (antologi cerkak) 4. Birune Langit Esuk Iki (antologi cerkak). Sing kepengin mundhut langsung pesen bae marang pengarange, Mbak ES Sulistyarini HP 081233910888. Mangga, mumpung isih kebul-kebul.... (Tiwiek SA)

PUTRA WURAGILE SWARGI PAK TAMSIR AS


Ardian Syaf, putra wuragile swargi Pak Tamsir AS sastrawan Jawa kondhang kang wis watara 5 taun iki dikontrak dening perusahaan penerbitan "DC Comik" Amerika Serikat. Najan repot ewasemono isih kober ngilustraseni Jemparing sing ora ana hr-e. Katon ing foto A'an lagi nglukis ... (Tiwiek SA)

ENDI DUNUNGE NURANI


Awan mau swasanane timbreng. Nadyan ora katon ana srengenge, nanging sumuke ora karuwan. Aku wong loro, karo adhikku nunggang angkot menyang Ungaran, saperlu kepengin ngreti pasar Ungaran kang anyar. Sawuse blanja ubarampe kagunan pawon, aku wong loro mlaku memburi, tumuju papan angkot2 padha ngetem. Aku wong loro enggal padha munggah golek lungguhan, entuk barisan kursi nomer 3 saka ngarep.

Lha, ing kursi ngarepku dilungguhi priyayi loro lanang lan wadon. Bareng wis rinasa kebak, sopir nyetater lan mangkat ngarah menyang Ambarawa. Bareng tekan antarane Babadan - Bawen, nedhenge buruh2 pabrik padha mulih. Sopir ngendhegake mobile, si kernete mudhun golek tambahan penumpang. Dumadakan ana priyayi loro kakung-putri katon yen wis uzur, sing kakung kira2 umure 85 taunan nganggo teken, lan sing simbah putri umure kira2 75 taunan, munggah kanthi rekasa banget, ewasemono kernete ya mung meneng wae, nganti mapan lungguh ing dhingklik tambahan mburi sopir ( ngungkurake sopir ) wae sarwi ndredheg.

Dhuuh..... aku nyawang rasane ora mentala, mesakke. Penumpang wis kebak kaya mengkono, ewasemono isih ditambahi bocah2 pabrik sing lagi wae padha metu, kernete aba yen kursi sing mung cukup kanggo wong loro kuwi kudu diiseni telu. Bapak2 sing lungguh ana kursi barisan ngarepku, kandha yen ora cukup, merga bola-bali dikongkon mingset dening kernete. Terus merga ora gelem mingset (wong pancen priyayine ki ya rada lemu kaya aku, hehe... ), kernete mbengok, " Yen ra gelem geser, medhun wae ! kanthi santak kae
"O, lha, kurangajar kowe ya, mau aku kokgered-gered munggah nyang angkotmu, saiki mbokkon mudhun ing tengah dalan kene ya, dhasar bocah gemblung!" wangsulanne si Bapak mau ora kalah sengit.

Hwadheeeew .......swasana panas dadi sangsaya tambah panaaas, sumuk wistawis. Nanging wusanane si Bapak tetep ora gelem mudhun.
Ing batin aku ngudarasa, whoalaah......jaman saiki iki kanoman2, contone kaya kernet angkot kuwi mau, kok olehe padha ora duwe nurani lan rasa welas asih marang sapadha-padha ta ya ya, apamaneh kok subasita, unggah-ungguh, kurmat mring wong tuwa. Walaah... dakwaspadakake, ing jagading per-"angkot"-an kayangono kuwi, rata2 kernete padha ora duwe nurani, sing penting nampa dhuwit akeh, ora mikirake keslametane penumpang. Mrihatinake.

Bawen, 301112
Biyung Amie Williams