Thursday, January 26, 2012

JARENE

Jarene panguwasa negara kang dhuwur iku rakyat.
Nanging kenengapa,yen ana pamong praja liwat
Kudu mbungkuk sangangpuluh drajat
Kaya wong wedi kuwalat

Jarene Indonesia kuwi sugih rajakaya
Nanging kenengapa
Akeh kawulane kang ketula-tula
Dadi reh-rehan ing manca
Bali ora nggawa nyawa

Jare gemah ripah loh jinawi
Nanging para kadang tani
Isih akeh kang nangis ing ati
Awit akeh rugi tinimbang bathi

Sapa ta kang ngrasakne
Manise negarane dhewe
Gumuyu sakwadyabalane
Ora eling marang kang nandhang luwe

TAIPEI, 260112
@Asih Aspalia

Banjaran Sari: ”Layang saka Katsuura”

(Marang Nobue, muga lerem tentrem ing kana)

Wancine wis surup
Pak Pos menehake
Layang kandel sakgepok
Cetha tulisane
Pawongan kang ngirim
Aran Yashakii Mine

Nyut . . . angen anlawung
Endah reruntungan
Nyata pancen wis suwe

Gragaban ambukak
Mbrebel pitakonan
Piye kabar mbakyune?

Jumlegur wartane
Iki wus atilar
Lara jantung sababe

Ngestokke panjaluk
Enggal kirim warta
Ngabari abadinar

Nabet wewayangan
Sore mangsa gugur
Ing gisiking segara

Wanci candhikala
Wedhenan kang atis
Kidung ati ngendhelong

Mamring panggonane
Kompal-kampul prau
Katon tansaya nglangut

Trenyuh kekanthenan
Kenceng mbok goceki
Aboting pepisahan

Ombak anyempyoki
Nelesi sakkloron
Mripat ngreranta mandeng

Wancine pamitan
Mungkasi lampahan
Manca nagara edi

Angguguk nelangsa
Nggeter angrungkebi
Mbok aja bali mulih

Kaendahan kuwi
Kaya lagi wingi
Perih nyendhal rinasa

Maca tulisane
Njenggirat kelingan
Ngegla kenya Sakura

Tintrim seratanmu
Ing kandeling amplop:
Shin ai ni abadinar-e )*

Lembar mbaka lembar
Ing sapadinane
Notol kangen anyeseg:

“Lamun ing samengko
Tangisku mbokwaca
Teges aku wis lunga

Ngugemi kasetyan
Kangen sing neng dhadha
Marem sun gawa mati

Ing selaning wedhi
Gisiking katresnan
Tansah kowe dak antu

Kapan mbok tiliki
Chiba no Katsuura?
Tenan aku ngenteni”

Lemahdhuwur, 24/01/12
)*ingkang kinasih, abadinar
@Dh Abadinar

Buku Crita Cekak ”Puber Kedua”



--foto: Hardho Sayoko SPB
Djayus Pete, Anjrah Lelono Broto, Arim Kamandaka, lan R Djaka Prakosa wis nintingi buku crita cekak karyane Ary Nurdiana ”Puber Kedua” dhek wingenane ing Ponorogo (Kampus STAIN, 22 Januari 2012). Sing nyekseni acara ”bedhah buku” iku ana wong 150-an. Mangkono katrangan kang kasil kaimpun saka unggahan ”status” Facebook-e Ary Nurdiana. Ing foto asil jepretane Hardho Syoko SPB iki katon (saka kiwa): Djayus Pete, Anjrah Lelono Broto, Ary Nurdiana, R Djaka Prakosa, lan Arim Kamandaka. [*]

Wednesday, January 25, 2012

KATRESNAN KEMBANG SORE

@Nawang Wulan

Ing kene, antaraning angslupe srengenge
Bali dakronce katresnane kembang sore
Saka gempilane lelakon kang wus saya lungse
Sing salawase iki katon ngece, ngawe-awe
Lan kecer saka pangrengkuhe
Sabab wus dakgambar sliramu ing gagasan
Wus daktulis ing pangenthan-enthan
Kareben
Karoban ing memanis
Ing kedhep lan ereme tlapukaning netraku


Kotabumi, Lingsir sore

Tuesday, January 24, 2012

PUTU KULA MAWON

Nini Darmi umuré siki wis 75 taun. Tuwa sotèn ésih rosa lan
omongé ésih cetha, lan sugih akal. Angger ésuk jujug putu maring sekolahan, biasané nunggang bécak. Mau ésuk, gandhèng madan kesel niyaté arep ora jujug, ningèn arep nggolètna bécak thok, mengko kon dejujugena tukangé bécak baé. Ndilalah bécak langganané ora tumon, dadi ganti bécak. Tukangé bécak kayané anu ésih madan anyar.

NINI DARMI: “ Mas, mriki! Kula ajeng jujug maring sekolahan”
Tk.BECAK: “ Mangga”
NINI DARMI: “Pinten?”
Tk. BECAK: “ Gangsal éwu, mBah”
NINI DARMI : “Kalih putu kula niki, pinten?”
Tk. BECAK: “Nggih gangsal éwu mawon”
NINI DARMI :” Dadi putu kula boten mbayar?”
Tk. BECAK :”Boten, mBah”.
NINI DARMI: “Angger kados niku nggih putuné kula mawon sing numpak. Nika sekolahané kulon balé désa”
Tk. BECAK : ?????????* [@Yayat Banyumas Gell]

Layangan

@Susilo Wati

ing langit
layangane kebur dhuwur
wis adoh
aku bali ra bisa nututi




--foto: Pikiran Rakyat Online


saben esuk aku isih terus gawe layangan
ora udan ora ana angin
tangga teparo padha takon
lagi mangsa udan kok gawe layangan
layangane isih tak simpen
mbokmenawa isih ana langit sing gelem nampa

digeguyu bocah ya ben
sebab langite wis kebak kabel
lan maneka-werna antena
undhet-undhetan...
akeh layangan kejiret kabel
nganti nglayung panggah kagubel

Sus S. Hardjono
Bumi Sukowati - Sragen

Monday, January 23, 2012

Sakebet Ngelmu Sakebet Nyawa

@Nanik Anday


Dhuh Biyung,
Urip iki kudu tansah lumampah
Niti lurung menggok apa dene ngeblak
mudhun apa dene nanjak
Luru ngelmu ing pawiyatan luhur
kanggo nggayuh beja lan makmur
ing bumi pertiwi bumi nuswantara kang misuwur.


Dhuh biyung,
Sungkem bektiku kunjuk, saben esuk ambyuk ing pangkonmu
Asta ngusap asih rekma njur cengkelak ngindhit buku ing geger liurku
Jumangkah saka omah ngucap bismillah
nyeluk pra kanca reruntungan, ati bungah budhal sekolah.

Dhuh Biyung,
Grimis udan tan gawe pepalang
Nadyan pawiyatan adoh ing paran
nadyan kudu nyabrang bengawan
powotan nggantung atusan meter dawane,
Nasib mung kari nyawiji ing temali
Rantasing kekarepan kadya methele temali ing gegeman tangan
Nasib kagawa ilineng banyu banjir
dene nyawa amung anggigit setiti lan ngati-ati
Sakebet ngilmu bebotoh sakebet nyawa
lumampah ngetung bendhule dhetikan mangsa


Biyung,
Powotan iki muga dadi saksi lan janji
Urip kudu lumampah kebak niat lan tekad
Undhak-undhakan panggayuh siji mbaka siji kudu kasil dak liwati
Amung bengkung dongamu kang tansah nggegulung rahayu nyawiji ing jiwa sejati
Iki impenku,
Yen mbesuk aku isa bali ing pangkonmu, Biyung
kamulyan kang satuhu bakal dak aturake
dudu powotan temali kang bakal nuntun tindakmu mapag tekaku, Biyung
nanging powotan beton kebak wohing budi pakarti
kang bakal nentremake sakabeh anak turunmu ing pinggir bengawan iki
tan lali aku marang oyoding budayamu.

(Bocah kanthi sragam biru putih iku,
nyabrang nggremet alon-alon ing powotan tali
budhal sekolah karo kanca-kancane, sanadyan
ing ngisore, banyu bengawan banjir mongkal-mongkal.
Powotan kang kebak bebaya, toh nyawa)



Magetan, 22 Januari 2012

AJA SOMBONG DUMEH ENOM

@Yayat Banyumas Gell

Uwa Wirya duwé peternakan ayam. Neng kandhang ana 25 babon, jagoné mung 1 wis madan tuwa. Wis wara-wiri Uwa Wirya maring pasar Jakidul areng dhong pasaran manis, tuku jago sing ésih madan enom. Ningèn urung tau nemu sing cocog nggo ngganti jago tuwané.

Dina mau olih maning, terus delebokena maring kandhang.
Neng kandhang, jago enom ketemu kambi jago tuwa.
JAGO TUWA: “Gyé, kebeneran ngènèh inyong arep ngomong. Neng kéné ana babon cacahé 25. Gandhèng inyong wis tuwa, inyong tek nandangi 10 babon baé. Kowé sing enom nandangi 15 babon, ya…”

JAGO ENOM: “kukuruyuk… ! hahahaha… Ora bisa! Rika jago tuwa gari lèrèn baé, inyong sanggup nandangi babon 25”

JAGO TUWA: “Ya, wis… Tapi siki padha lomba dhisit. Sing menang ya kuwé sing duwé hak nandangi babon 25”

JAGO ENOM: “kukuruyuk! Oké, Ma! Lomba apa baé inyong sanggup!”

JAGO TUWA: “Lomba mlayu 100 mèter. Ning gandhèng inyong wis tuwa, inyong njaluk ‘keringanan’ maring kowé sing égin enom”

JAGO ENOM: “Bèrès! Keringanan kepriwé?”

JAGO TUWA: “Inyong tek ndhisit 10 mèter, terus kowé nututi”.

JAGO ENOM: “Oké. Wis nganah rika mlayu dhisit!”

Bak! Bak! Bak! Kukuruyuuuuuk! Jago tuwa banjur mlayu banter. Sewisé 10 mèter, jago enom nututi banter banget pisan, kecepatan full! Ningèn apes si jago enom. Mbéké 50 mèter, mak Gedhumbrang! Klubuk-klubuk mati, jalaran debrengkolang neng Uwa Wirya.

Uwa Wirya grundhelan dhèwèk karo pecuca-pecucu. “Dhasar JAGO HOMO! Wis desedhiyani babon 25 ésih ngoyok-oyok jago tuwa!”


--kapethik saking Grup FB: SASTRA JAWA GAGRAG ANYAR

= DAYA DINAYA +


@Mas Yusdianto

Tan prayoga angrasa nistha ing rasa,
Sayekti durung titi werdining dumadi,
Dinalar tan kababar dirasa tan bakal teka,
Kalah werdi katutup wadi tan kawerdenan,

Wus makaping sun jarwa lan ngukara
Karana dimen tan sisip ing sesurup,
Sulaya ing karya nistha ing rumangsa,
Rumangsa urip angisep liyan,
Lilihna ing galih nupiksa-a kahanan njaba,
Babaring sekar lan tawon kang lagi sapatemon,
Temen tumanduk remen tawon ing rasa,
Rena lan lila puspita aparing tedha,
Daya dinaya jroning karya,
Karana sekar wus ngerti werdining wadi,
Wahanane tawon hanggawa tuwuhing awoh,
Awoh hamijilaken wiji nuwuhaken tuwuh,
Tuwuh tan tiwas tumangkar mbabar,
Mbabar tuwuh leladi anguripi jalmi,
Jalmi ngerti asihing Widhi temen ing pangabekti,
Titisa ing panyawang akeh piwulang kang kasandhang,
Ndangir pikir tan mesthi saka kitab kang ka-ukir,
Ngluku rasa tan kudu nunggu wedharing rasa,
Alam padhang nggawang kebak pralambang,
Yekti agung karyane widhi yen kaeksi,
Sifat sato lan tuwuh bisa jumbuh ing wajib,
Wadhag tan padha aran tan samya,
Sami sayuk jumangkah ing jejibah,
Sekar tan jengkar anggawa ganda angambar,
Gegambaraning jalmi kang weruh werdi dumadi.

Sapi Nggiring BengaOneS Ala, Pare anom
22 Januari 2012


--kapethik saking Grup FB "Sastra Jawa Gagrag Anyar"

Saturday, January 21, 2012

TANGIA KANG

@Asih Aspalia

Tangia ta Kang
srengengene wus ngenthang-enthang.
Kowe kok isih ngglempang
Ora gage tumandang
Luru pangan luru sandhang


enggala nglilir Kang
Angin kang sumilir
Aja nglenakke pikir
Sregep taberi awenen mampir
Supaya rejeki tiba semampir

TAIPEI, 210112

--Asih Aspalia

Sayembara Penulisan Naskah Buku

Puskurbuk Balitbang Kemdikbud 2012

Dalam rangka menggali, mengembangkan, dan mendayagunakan potensi menulis di kalangan siswa, pendidik dan tenaga kependidikan, serta masyarakat umum, Pusat Kurikulum dan Perbukuan Balitbang Kemdikbud menyelenggarakan Sayembara Penulisan Naskah Buku Pengayaan. Kegiatan sayembara ini diperuntukkan bagi para peserta didik, pendidik dan tenaga kependidikan, serta masyarakat umum. Sayembara Penulisan Naskah Buku Pengayaan tahun 2012 ini memperebutkan hadiah total lebih dari Rp 1.000.000.000,00 untuk 57 pemenang dari 19 jenis naskah buku pengayaan.
Tema Penulisan
“Membangun manusia Indonesia yang berkarakter, berbudaya, dan kompetitif di era global”

Peserta Sayembara
Peserta sayembara adalah siswa SMA/MA/SMK/MAK, pendidik dan tenaga kependidikan, serta masyarakat umum. Pendidik meliputi guru, dosen, konselor, pamong belajar, widyaiswara, tutor, instruktur, fasilitator, dan sebutan lain yang sesuai dengan kekhususannya, serta berpartisipasi dalam menyelenggarakan pendidikan. Tenaga kependidikan meliputi pengelola satuan pendidikan, penilik, pengawas, peneliti, pengembang, pustakawan, laboran, dan teknisi sumber belajar.

Ketentuan-ketentuan naskah buku sayembara adalah sebagai berikut.

a. Ketentuan Umum
1. Jenis naskah buku pengayaan pengetahuan alam dan matematika, dapat berupa pengetahuan alam fisik, hayati, flora, fauna; pengetahuan matematika; pengetahuan teknologi dan rekayasa; pengetahuan kebaharian, kedirgantaraan, dan kebumian.

2. Jenis naskah buku pengayaan pengetahuan sosial dan humaniora, dapat berupa pengetahuan sejarah dan kemasyarakatan; pengetahuan keagamaan; pengetahuan perekonomian dan manajemen; pengetahuan budaya, bahasa, seni dan sastra.

3. Jenis naskah buku pengayaan keterampilan vokasional yang meliputi:
a) Keterampilan membuat kriya;
b) Penerapan teknologi rekayasa sederhana;
c) Penerapan teknologi pengolahan;
d) Penerapan teknologi budidaya.

4. Jenis naskah buku pengayaan kepribadian, dimaksudkan untuk mengembangkan karakter: (1) religius; (2) jujur; (3) toleransi; (4) disiplin; (5) kerja keras; (6) kreatif; (7) mandiri; (8) demokratis; (9) rasa ingin tahu; (10) semangat kebangsaan; (11) cinta tanah air; (12) menghargai prestasi; (13) bersahabat/komunikatif; (14) cinta damai; (15) gemar membaca; (16) peduli lingkungan; (17) peduli sosial; (18) tanggung jawab yang dituangkan dalam:

a) Kumpulan pantun
b) Kumpulan puisi
c) Kumpulan cerita pendek
d) Novel
e) Drama
f) Biografi

Naskah buku Biografi, tentang:
a. seseorang yang berjasa dalam suatu bidang yang berguna bagi masyarakat;
b. seorang tokoh di daerah yang mendapat penghargaan dari pemerintah;
c. seseorang yang memiliki karakter yang dapat dijadikan contoh bagi bangsa;
d. seseorang yang memiliki keunggulan dan kelebihan yang berguna bagi masyarakat.

5. Naskah buku ditulis dengan menggunakan bahasa Indonesia yang baik dan benar. Naskah diberi identitas: (a) judul naskah; (b) jenis naskah; dan (c) peruntukan pembaca buku (misalnya untuk SD/MI; SMP/MTs; SMA/MA/SMK/MAK), (d) kelompok peserta.

6. Naskah dijilid rapi berupa cetak asli (bukan fotokopi atau dummy).
7. Naskah yang diterima Panitia tidak dikembalikan.

b. Ketentuan Peserta
1. Peserta adalah perorangan.
2. Peserta yang mengirimkan naskah harus melampirkan biodata.
3. Peserta dari siswa SMA/MA/ SMK/MAK harus melampirkan surat pengantar dari sekolah dan fotokopi kartu pelajar.
4. Peserta dari pendidik dan tenaga kependidikan harus melampirkan surat pengantar dari lembaga tempat bekerja dan fotokopi SK pendidik atau tenaga kependidikan.
5. Peserta dari masyarakat umum harus melampirkan fotokopi KTP yang masih berlaku.
6. Peserta yang pernah menjadi pemenang sebanyak tiga kali atau lebih sejak tahun 2001 tidak diperbolehkan mengikuti sayembara ini.

c. Ketentuan Naskah
1. Naskah yang diajukan adalah: a. karya asli, b. tidak berseri, c. tidak sedang diikutsertakan pada sayembara lain, sebagian ataupun seluruhnya, d. belum pernah menjadi pemenang sebagian ataupun seluruhnya dalam sayembara mana pun, dan e. belum pernah diterbitkan sebagian ataupun seluruhnya.

2. Persyaratan di atas harus dituangkan dalam surat pernyataan yang ditandatangani di atas meterai Rp 6.000,00 oleh penulis naskah.

3. Naskah diketik dan dicetak pada kertas A4, spasi 1½, jenis huruf arial, times new roman, atau tahoma, ukuran huruf 12 pt, batas margin tepi kertas 3 cm.

4. Jumlah halaman isi naskah yang ditulis oleh siswa minimal 50 halaman dan yang ditulis oleh pendidik, tenaga kependidikan, dan umum minimal 75 halaman.

5. Penggunaan ilustrasi harus proporsional dan terintegrasi dengan teks, mendukung materi/isi teks serta mencantumkan sumber secara jelas.

6. Naskah buku pengayaan tidak dilengkapi dengan ungkapan tujuan mempelajari/membaca dan tidak dilengkapi latihan, soal, tes, lembar kerja, atau jenis evaluasi lainnya.

7. Naskah buku pengayaan tidak bertentangan dengan idiologi negara, ketentuan dan perundang-undangan yang berlaku, tidak bias gender, serta tidak menimbulkan masalah SARA.

8. Naskah buku pengayaan pengetahuan dan keterampilan harus menggunakan daftar pustaka atas rujukan yang dikutip.

9. Naskah yang dinyatakan sebagai pemenang sayembara, jika ditemukan dan terbukti sebagian atau seluruhnya merupakan jiplakan/plagiasi, segala tanggung jawab hukum yang berkaitan dengan pelanggaran Hak Cipta berada pada penulis naskah. Pusat Kurikulum dan Perbukuan akan membatalkan kemenangannya dan hadiah yang diterima harus dikembalikan kepada negara.

10. Jika suatu naskah buku pengayaan dinyatakan memenangi sayembara, penulis berhak atas penghargaan sayembara tersebut, sedangkan hak cipta (baik hak ekonomi maupun hak moral atas naskah) tetap berada pada penulis sehingga penulis berhak menerbitkannya kepada penerbit yang dipilih.

11. Pemegang hak cipta (hak ekonomi) naskah pemenang sayembara adalah Pusat Kurikulum dan Perbukuan Badan Penelitian dan Pengembangan Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan dan hak moral berada pada penulis.

12. Setiap peserta hanya boleh mengirimkan satu judul naskah sayembara.

13. Hasil keputusan Dewan Juri Sayembara tidak dapat diganggu gugat.

d. Hadiah Sayembara
Untuk menghargai kualitas naskah yang memenangi sayembara, Pusat Kurikulum dan Perbukuan Balitbang Kemdikbud menyediakan hadiah uang sebagai berikut:

Kelompok Pelajar:
Juara I = Rp. 15,000,000
Juara II = Rp. 10,000,000
Juara III = Rp 7,500,000

Kelompok Pendidik, Tenaga Kependidikan, dan Masyarakat Umum
Juara I = Rp 25,000,000
Juara II = Rp 20,000,000
Juara III= Rp 15,000,000

e. Pengiriman Naskah
Naskah diterima paling lambat tanggal 3 September 2012 dan dialamatkan kepada: Panitia Sayembara Penulisan Naskah Buku Pengayaan Tahun 2012 Pusat Kurikulum dan Perbukuan, Badan Penelitian dan Pengembangan, Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan, dengan alamat: Jl. Gunung Sahari Raya No. 4 Jakarta Pusat

f. Pengumuman Pemenang
1. Pengumuman dan pemberian hadiah kepada para pemenang akan dilaksanakan pada bulan November 2012.
2. Calon pemenang sayembara akan diundang ke Jakarta untuk mengikuti wawancara dengan Dewan Juri dan menghadiri pengumuman pemenang bagi calon yang dinyatakan sebagai pemenang. Jika calon pemenang tidak dapat mengikuti wawancara, maka yang bersangkutan dianggap mengundurkan diri.

Informasi lebih lanjut tentang sayembara dapat menghubungi Pusat Kurikulum dan Perbukuan Badan Penelitian dan Pengembangan Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan website : http://puskurbuk.net/ , telp.: 021 3804248 , e-mail: sayembara_puskurbuk@yahoo.com facebook: sayembarapuskurbuk

Thursday, January 19, 2012

AKU DURUNG NGRETI

@Asih Aspalia

Tak tintang-tinting
Tak tontang-tanting
Tak sorang-saring
Aku meksa durung ngreti
Tresnamu kaya coklat
apa kaya tai kucing.


Tak wolak-walik
Tak uthak-uthik
Tak pikir nganti mendelik
Aku uga durung ngreti
Tresnamu sakjempol
apa sakjenthik.

Taipei, Januari 2012

Wednesday, January 18, 2012

DONGA KEMBANG WARU

@Trinil

Ndhuk nisor waru etane Gentheng
Aku barek rika luru kembang koning
Klepyur-klepyur keterak angin sore
Nuruti lara ati mburu seneng sak klemetan
Ndhuk nisor trembesi meh treteg Gubeng
Aku, rika, barek nom-noman iku
Komat-kamit mendhem donga asamara
Dongane arek ketuwuken sara
Sarane arek Ketabang Kali prapatan Simpang
Kate suthup mekangkang, arek-arek kesurang-surang
Wis gak maido wong wekasane ya mati ketepang

Nde! Deloken tah! Donga iku wis cokul koyok karep rika, Cak!
Iya! Deloken tah lah, ndhuk kono iku sakiki,
Metu patunge guwedhe, metu pasare, nik blanja ngapek dhewe,
Lo, onok biskupe, Cak! Kathik didegi gredhu hare?
Meh ben dina buru iki akeh arek blajar nglabrak
ndhuk kono, ya ndhuk gredhu iku!

Wit waru sing biyen akeh ulere iku sakiki wis malih akasia
trembesine malih palma.
Kembang waru amba dadi kembang mrenthil-mrenthil cilik,
Tapi uwohe Cak, kapal silem? Donga rika tah iku?


Kampus Unesa Teratai, 2001

NYINGKLAK TURANGGANING PANEJA

@Mahsun Ismail

dhuh, Gusti ingkang murba ing dumadi
sinartan kumeluning dupa
linambaran kumukusing japa mantra
dumeling sesambating para papa
ingsun nyingklak jaran sembrani
tumuju dumlusuping sang bagaskara
Gusti…
dalu punika kawula nagih janji
hangerek kumlebating gula klapa
mugia saget sumndhul ngawiyat
mbrastha sesukering pedhut lelimengan
pepetenging nafsu
pepetenging budi
pepetenging panggraita
buntuning panguneg-uneg
judheging pangrekadaya

Gusti…
kirang menapa njomplanging kahanan
kirang menapa mosah-masihing paugeran
kumandhanging pasar sampun tebih ambyar
kadheseg dumeling kenalpot solar
sampun kathah lepen ingkang sami suwung
katilar jumengglunging kedhung
wondene saya kathah titah jumawa hanggro sesumbar
mbata rubuh sesongaran
lali sangkan paran

Gusti…
sinten ingkang mbikak korining kamardian?
sinten ingkang kedah ngudhal gedhonging katentreman?
sinten ingkang kedah nurunaken warihing paguyuban?
… sampun telas, Gusti…
samirana ingkang asring kula cepeng
sakmenika sampun ninggali esem kecut
telenging ratri ingkang asring ngajak bebisik sesidheman
sakmenika kantun atis ingkang nglangut
panjeriting rahina ingkang wola-wali dados pancadaning dhuhkita
sakmenika njegreg kados tugu sinukarta
namung Panjenengan, Gusti
ingang kuwagang nuntun congklanging turangga
kumlebating cemethi pusaka
runtuting gamelaning titi basa

Gusti…
turangganing paneja ingkang dalu menika kagelak
mugia runtut kaliyan jantraning kodrat ingkang panjenengan sabda
tinebihna sesuker
sinilakna wewaler
kagubengna bebener
samat-sinamadan sesamining agesang
trapsila anoraga memayu hayuning bawana
sura dira jayaningrat
lebur dening pangastuti

Trenggalek, 25 Agustus 2001

TEKS SOSIAL NGISOR PAGER VILLA

Bene Sugiarto

lan pakunjaran iki, dakentha saka batin lungkrah
sawise peksi sing dakparagani mabure tansaya nabrak
jaring lan rambu-rambu ing langit panguwasamu
lan pakunjaran ngetung pira gunggunge wong kepaten kamardikan
nalika si jenat eksodus menyang bumi petirahan
sing diprangguli kari salencer suket aking
thukul ing ngisor pager villa
Panjebar Semangat, 1996


--saka buku: ANTOLOGI PUISI JAWA MODERN JAWA TIMUR 1981 - 2008
kang kababar dening Balai Bahasa Surabaya, 2011

KATRESNANE SIMBOK

Dening: Rochadi Sastra Adiguna

Jaman biyèn ana sawenèhing nagara sing gawé pranatan yèn ing Negara iku ana wong sing umure wis 60 taun kudu dibuang ana Alas JOMPO, yaiku panggonan ana tengah alas. Ing tengah alas mau ana sawenèhing kampung sing isiné mung wong-wong sing umure wis ngancik 60 taun utawa luwih. Jalaran Negara duwèni panganggep yèn wong sing wis umur 60 taun iku wis ora kanggo gawé
Ana tengah alas mau mung digawèkaké omah panggung saèmper barak, wong pirang-pirang kumpul dadi siji, pangan dicepaki nanging kudu masak dhéwé. Sarèhning ana kono ora ana wong enom utawa tukang masak, ya mung sing gelem lan trampil masak sing bisa nyambung umur. Sing wegah ya kaliren wusanané ora suwé banjur lara, tumekèng pati.

Nuju sawijining dina ana wong lanang nonoman sing nggéndhong wong wadon jompo, mlaku tumuju ana alas Jompo. Wong wadon tuwa mau mung meneng waé digéndhong anaké lanang mripaté merem. Wong wadon mau rambuté wis putih kabèh, awaké kuru. Si Anak lanang mau, jroning ati ya ora teggel mbuwang wong tuwané dhéwé, nanging pranantaning nagara sing kudu nindakaké kaya mangkono mau.

Saka désa tumuju marang Alasa Jompo sawetara dohé wit-witan katon ngrembuyung, saben mlaku wong wadon tuwa mau sinambi methi carang utawa pang sing hgaring banjur dipotheli, yèn wis entek, anaké dikon golekake manèh.

Kang kaya mangkono mau kongsi mlebu alas gung nasak wit-witan ora ana dalané. Anggoné nggéndhong wong wadon tuwa kongsi wis tumeka laladan kampung Jompo, sanajan mangkonoa wong wadon mau ora kendhat anggoné mothèli carang utawa pang garing sing digawa sinambi mlaku.

Bareng wis tekan sawenehing omah panggung dawa tur amba, ing kono akèh wong tuwa lanang wadon campur ana omah mau, sinambi nyawang sing lagi teka, sanajan panyawangé katon aclum, kaya wis ora maèlu sapa sing teka.

ibuné dilungguhaké ana lincah, karo calathu;” mbok iki wis tekan omah sing anyar, simbok daktinggal ana kéné kaé tangga-tanggané simbok sing anyar…” bocah lanang mau anggoné calathu karo mbrebes mili.

Wong wadon tuwa mau banjur sumambung;” ya ya nggèr, ora dadi ngapa, simbok iku jan tresna karang kowé nggèr, mbiyèn nalika kowé isih cilik dakenik-enik, nangis daksusoni, lara daktambakaké, kang samono mau katresnané biyung ora gigrig sarambut..nggèr. ya poma dipoma sing guyub karo sedulur apadéné tangga teparo. Simbok nrima kabèh mau, ananging kabèh mau pancèn pranatané kaya mangkono , ya dilakoni waé. Mung piwelingké marang kowé, ya mengko yèn mulih sing ati-ati, kowé mesthi lali dalané. Nanging ora prelu kuwatir, jalaran simbok mau rak wis mothèli carang utawa pang garing, kowé ngetutaké carang sing takpothèli mau, kongsi tekan ngomah…ya wis kana muliha”

bareng krungu tembungé biyungé, boicah lanang mau ndhèprok sumungkem ana sikilé biyungé karo nangis ngguguk , njaluk ngapura..” biyung sing gedhé pangapuramu, aku…aku…” mbokné sumambung ;” wis nggèr énggal muliha kana, simbok dakana kéné baé”.

Bocah lanang mau menyat, banjur emboké digéndhong manèh, ninggalaké Alas Jompo, mulih menyang désané manèh…*

sapi nggiring kali serayu, 09122012
taklim kula,
--kapethik saka grup: Sastra Jawa Gagrag Anyar

Mbongkar Kasus KBJ – KSJ

NLUSUR IDE GUGAT-KU RONG TAUN KEPUNGKUR

Dening: Sumono Sandy Asmoro

SADURUNGE aku ora ngira yen SMS-ku rong taun kepungkur nganti seprene isih disimpen dening Pak Narko “Sodron”. Wektu iku pancen aku duwe niyat arep gugat. Sing arep dak gugat ora mung KSJ bae, nanging uga KBJ (senajan nganti seprene gugatku mau durung kaleksanan).
Kena apa kekarone dak mungsuhi, kaya pitakone Cak Bonari? Satemene gugatku ora kanggo golek mungsuh. Nanging saderma ngelingake marang para paraga sing ngendhaleni lumakune KBJ – KSJ sing dak anggep mung kegedhen gludug nanging babar pisan ora ana udane. Kanthi pangajab ing taun-taun sabanjure bisa ana owah-owahan, saengga lumakune konggres bisa mbabar napas-napas anyar, supaya basa lan sastra Jawa bisa mekar. Ora kaya kang dumadi sasuwene iki, lumakune KBJ – KSJ mung kaya iline banyu udan saka gunung gundhul, entek udane ya entek banyune. Sing nyisa mung larahan sapirang-pirang mbuteti kalenan, nyebar ganda amis kebak lelamis.

Nalika konggres (KBJ-KSJ) arep diadani, maneka warna artikel mblader ing maneka warna majalah lan Koran. Isine pancen bisa gawe pangeram-eram, saengga wong sing maca bisa nandur sewu pangarep-arep, kaya bakal ketekan dewa sing bisa murba lan masesa marang owah gingsiring kahanan. Maneka warna kegiatan banjur digandheng cenengake karo konggres. Paribasane wong arep ngentut wae diwenehi tema kanggo mapag tekane KBJ utawa KSJ.

Nanging bareng rampung gawene, puuuus ora ana apa-apane. Paribasane tilas buntel kacang wae ora nyisa. Ora jumbuh karo wragat sing diwetokake nganti milyaran. Saumpama tumanja tenan ngono ora apa-apa. Aku malah seneng yen pmerintah gelem nyisihake dana kanggo basa lan sastra Jawa. Nek perlu ora mung etungan milyar, nanging nganti trilyunan. Nanging ya kuwi mau aja mung dianggo ngragati konggres lan sadurunge wae. Wragat samono akehe mau ditanjakake sawise konggres, tegese kanggo nindakake asil-asil keputusn konggres. Embuh maneh nek konggres ora bisa ngasilake keputusan apa-apa kejaba tumpukan makalah. Yen ngono dadine ya wis kabula niyate ngono bae.

Nanging sing uwis-uwis katone ngono, rampung konggres kaya wong kang rampung nyabrang kali banjir. Rumangsa slamet, ora perduli kali sing mentas diliwati mau kepriye kahanane. Para paraga sing mentas bae ngendhaleni lumakune konggres lagi padha ngimpi apa? Kabeh ora ana sing gelm crita. Nanging sing cetha basa lan sastra Jawa tetep mbegegeg ora ana pengaruhe apa-apa saka lumakune konggres.

Satemene ide gugatku iki sepisanan dak sms-ake menyang pak Keliek (dosenku nalika aku kuliah ana UNESA). Pancen wiwit aku kuliah nganti lulus kerep diskusi ngenani kasusastran karo panjenengane, senajan amung lumantar SMS. Upama gugatku mung dak tujokake menyang KBJ, kira-kira bae pak Keliek uga bakal ndhukung. Sebab panjenengane dak anggep minangka salah sawijine kurban KBJ.

Lumantar majalah Damar Jati No. 35, tanggal 10 Januari 2007, Keliek SW kang duwe jeneng asli Sugeng Wiyadi kuwi mratelakake mundur saka glanggang sastra Jawa. Tegese ora arep nulis karya sastra nggunakake basa Jawa. Ora arep nulis artikel ngenani kasusastran Jawa ing majalah Basa Jawa. Uga leren maca karya sastra Jawa, lan majalah basa Jawa.

Kena apa Keleik SW nganti nekad kaya ngono? Alasane ora ana liya kejaba anane rasa kuciwa marang lumakune KBJ, sing dianggep ora luwih saka tradhisi upacara limang taunan. Kejaba iku uga polah tingkahe sawetara oknum birokrat sing dianggep sengaja golek proyek lumantar topeng basa Jawa.

“Ingsun tresna basa lan sastra Jawa. Ingsun weruh yen kahanane basa lan sastra Jawa saya suwe saya mrihatinake. Lan ingsun nyipati, kahanan kang mangkono mau malah dadi ajang kanggo golek proyek dening oknum birokrat, mantan birokrat, lan akademisi murtad,” ngono pratelane Keliek.

Kanthi nyemak kedadeyan kuwi satemene akeh wong sing rumangsa ora marem marang KBJ, awit asile konggres ora jumbuh karo wragat sing diwetokake kang nganti milyaran. Mung bae akeh wong kang nanggapi rasa kurang marem mau kanthi cara meneng. Keliek SW mratelakake rasa kuciwane marang KBJ, kanthi cara mundur saka glanggang sastra Jawa. Beda maneh karo aku. Senajan aku uga duwe rasa kuciwa marang KBJ, nanging aku ora bakal mundur saka glanggang sastra Jawa. Aku malah jumangkah saya manengah, ngerek gendera panantang, nganti kawetu ide gugatku marang KBJ.

Betenge KSJ

Ing wektu iku pak Keliek sajak kaget bareng ngreti satemene sing arep dak gugat ora mung KBJ, nanging uga KSJ. Mung bae sing dadi gumunku kena apa anggone nanggapi idhe gugatku kala semana ora kanthi ati kang sareh? Apa jroning KSJ pancen ana sawijining wewadi, sing kuwatir kabungkar kanthi anane gugatku? Apa Sumono Sandy Asmoro sing dianggep kliwat sekti, saengga dosenku bae perlu nglumpukake wadya bala kanggo ngadhepi ide gugatku? Eman, Pak Keliek wis mundur saka glanggang sastra Jawa, saengga ora bakal nanggapi artikelku iki. Mung bae pangajabku muga-muga artikel iki bisa dadi srana panggugah, saengga panjenengane gelem bali menyang glanggang sastra Jawa. Yen mung nuruti lara ati menyang KBJ, satemene uakeh kancane, kena apa kudu ndhewe?

Kira-kira bae pak Keliek rumangsa dadi betenge KSJ, mula bareng ana wong arep gugat polahe banjur kaya patih Progota ing paseban njaba, age-age ngawe Mban Perbawa supaya enggal nabuh bendhe beri nata prajurit supaya samekta ing gati? Katitik panjenengane banjur SMS marang senapati-senapati KSJ, kalebu Pak Hoery (Bojanegara).

Ya Pak Hoery iki sing sabanjure nlesih ngenani ide gugatku marang Pak Narko. Awit Pak Narko “Sodron” kuwi ketua sanggar Triwida, dianggep ngreti sapari polahku. Nganti wekasane aku sms-an karo bose Triwida kuwi, lan ora ngira sms rong taun kepungkur isih kasimpen nganti seprene.

KBJ –KSJ Padha Bae

Satemene aku nate duwe pangarep-arep positip marang KSJ, nalika kanca-kanca sastrawan ngadani KSJ sepisanan taun 2001 kepungkur ana Sala. Pangajabku muga-muga lumakune KSJ bisa dadi srana kanggo ngelingake marang para paraga sing ngendhaleni lumakune KBJ, saengga gerbong limang taunan kuwi bisa lumaku jumbuh klawan ancas lan tujuan sakawit. Ing wektu iku banjur ana sawijining istilah KSJ minangka tandhingane KBJ. Senajan ana sawetara paraga sing suthik yen diarani nandhingi.

Yen KSJ kuwi kanthi dhadha satriya diakoni minangka tandhingane KBJ, lumakune konggres bakal saya rame (ora bakal disalah gunakake), sebab senajan ora langsung rumangsa ana sing ngawasi. Apa maneh sing dikarepake tandhingan ing kene ora kanggo ngalahake siji lan sijine, nanging dadi srana ngelingake supaya KBJ lan KSJ tetep bisa lumaku ing dalane dhewe-dhewe.

Ngarepake KSJ II ana Semarang taun 2006, rasa simpatiku marang KSJ dadi rada kurang, awit yen dak gagas lumakune KSJ padha bae karo KBJ. Mung dadi srana nggelar parade makalah, sing selawase ora bakal bisa ngrampungake masalah. Nyilih istilahe pak Keliek, pranyata KSJ uga amung kanggo nggelar tradisi upacara limang taunan, sing ora ana sumbang surunge apa-apa marang basa lan sastra Jawa. Iki sing dadi sebab gugatku marang KSJ. Sing diarani nandhingi (duwe niyat arep ngelikake) kudune cak-cakake rak luwih apik tinimbang sing ditandhingi (sing arep dielikake), nanging kena apa cak-cakane kok padha bae?

Yen Cak Bonari takon sapa sing dak karepake polahe kaya selibriti? yakuwi wangsulanku. Ya polahe wong nggelar upacara limang taunan kuwi sing dak anggep polahe kaya selibritis sing wis surut pamore, supaya bisa terkenal maneh. Paling ora diwartakake dening media, dadi inspekture upacara, dadi pemimpin upacara, dadi komandan kompi, jenenge rak bali dieling-eling wong ta? Kosok baline basa lan sastra Jawane tetep mbegegeg, ora ana pengaruh apa-apa saka lumakune konggres. Saumpama geni ing pawonan, konggres mau babar pisan ora bisa matengake tela sing wis ana kukusan, awit ancas lan tujuane geni mung saderma dipamerake kanggo upacara kuwi mau. Kanthi tembung liya tujuane amung cupet. Yen mung didoli tradisi upacara ngono kuwi generasi anyar sastra Jawa jelas ora bakal marem. Bocah enom kaya aku iki senengake didoli samubarang sing cetha.

Apa maneh bareng aku nyipati paraga KSJ kok ya isih akeh sing kepengin nekani KBJ sing dadi tandhingane? Kudune yen wis duwe niyat nadhingi mau total. Perlune wong sing ditandhingi (sing dielingake ) bisa sadhar tenan, yen samubarang sing ditindakake sasuwene iki pancen kleru. Yen lumakune KBJ tanpa ditekani dening siji bae para paraga KSJ, dak kira Keliek SW uga ora perlu mundur saka glanggang sastra Jawa, awit para paraga KBJ banjur padha grayah-grayah, saengga taun-taun sabanjure gelem nyadhari kesalahane.

Nalika KBJ Semarang 2006 kepungkur diundur pelaksanaane, KSJ uga melu diundur. Saka pangiraku yen wektune digawe ing dina kang padha. Perlune supaya bisa cetha, endi wong KBJ lan endi wong KSJ. Nanging nyatane ora, isih uakeh punggawa KSJ sing isih ngiler nekani KBJ. Iki sing dak anggep kurang satriya. Kaya ngono kok nandhingi (ngelingake). Jan dhagelan tenan! Kudune ana salah siji sing diantebi, KSJ apa KBJ. Yen loro-lorone ngono kuwi banjur apa bedane karo bunglon?

Kanggo nemtokake sawiji saka pilihan cacah loro, pancen abot lan dibutuhake jiwa satriya. Nanging yen bisa nindakake bakal luwih diajeni dening liyan, awit kanggo nindakake kabeh mau kudu mawa pangurbanan. Kaya Resi Bisma, dheweke lila manunggal karo kurawa kanggo mbelani bumi wutah getihe, senajan kudu perang karo putu-putune, Pandhawa. Adipati Karna ngantepi nyawiji marang kurawa kanggo mbuktekake kasetyane, senajan kudu memungsuhan karo sedulur-sedulure, Pandhawa. Tumindak sing ngono kuwi sing isih perlu tinulad dening para paraga KSJ.

Kanthi anane paraga-paraga sing adhapuk bunglon mau, njalari lumakune KBJ lan KSJ miturut aku dadi saya kurang greget, awit paragane padha bae. Endi sing ngelingake lan endi sing dielingake dadi ora cetha. Sing katon ngegla mung wira-wirine wong sing miturut istilahe pak Kelik golek proyek. Upama pagelaran wayang ngono, babar pisan ora narik kawigaten. Awit sing disuguhake ana pakeliran dudu ramene Arjuna lan Karno, sing padha-padha netepi darmane satriya ing Tegal Kurusetra. Nanging amung regejegan antarane Aswatama lan Resi Krepa, sing isih ajar nintingi werdine tembung senapati. *)

Ponorogo, 17 Mei 2010

Sumber: Panjebar Semangat

Asmaradasih

@Pavkar Dhukunov

Punika asmaradasih
wedaling pangudarasa
rupa sekar kang rinonce
reroncen rasaning nala
pepengeting priyangga
anggawe tulis lelipur
tan napak ing tanah jawa
Dedolanan analisik
laku lumakuning basa
kang amrih dadi cethane
tembung masih taksih nika
pundi ta hikang nyata
leres papan dunungipun
patraping rimbag tinata

Saking asaling tembung sih
winuwuhan aksara ha
pan asih iku dadine
punika tuduhing tindak
aweh tetep maknanya
mangkana rerimbagipun
sih tetep asih ing kana

Kalihing tembung sih niki
pinurwan de aksara ma
masih kang dadi unine
teges tetep ingkang ana
tan owah saking kana
ing pasar pangucapipun
dadi maksih aneng kata

Masih lan maksih puniki
yektine tembung kang padha
dene kang dadi maknane
tetep tan owah kang ana
bareng tekan ing pasar
dadi taksih kang kaprungu
masih dados taksih nika

Lajeng kalajengan malih
tembung taksih jroning pasar
sumebar tesih dadine
trus lestari ing pangucap
taksih tesih kang kaprah
netepi ujar rumuhun
bener kalah dening lumrah

Makaten sekar rinakit
nembang kidung rerimbagan
kasmaran lan karonsihe
pepasihan tembung jawa
sih asih masihira
tur ing endi dunungipun
taksih tesih jroning basa.

PD-20111212
Minas, Riau



--saka Grup: Sastra Jawa Gagrag Anyar

Tuesday, January 17, 2012

Mengkader Jawa Secara Nyata!

Sebuah catatan dari Festival Drama Berbahasa Jawa 2011



Oleh Dhoni Zustiyantoro

“Aku ora ngurus kowe arep nglakoni karo sapa wae, nanging aja karo Narti! Narti kuwi anakku! Dharah dagingku! Matamu wis picek nganti ora ngerti anakmu dhewe?!!”

Itu diucapkan Ibu kepada Bapak dalam lakon Sunarti. Dikisahkan, sang Bapak mencintai anak kandungnya sendiri, Sunarti. Hal itu karena Bapak tak pernah dianggap oleh Ibu. Terlebih sang bapak memang tak punya pekerjaan. Tafsir lain, ataukah Bapak hanya ingin mencoba lari dari masalah sosial yang terlalu menghimpit.


Konflik itu disajikan apik. Pemainnya pun tak banyak, hanya 4 orang. Mereka menyajikan dengan sebenarnya. Apalagi drama itu menggunakan bahasa Jawa, bahasa yang hampir menjadi bahasa asing bagi remaja usia mereka, terlebih di perkotaan. Tak sia-sia, hasil kerja keras SMA PMS Kendal itu berbuah juara harapan I.

Saya kemudian berpikir. Untuk menyajikan fragmen itu, pastilah sekolah, setidaknya pelatih berusaha dengan keras. Mengajarkan kedisiplinan, tanggung jawab, terlebih membenamkan bahasa Jawa ke anak usia mereka, bukanlah hal mudah. Nyatanya mereka berbahasa Jawa dengan lancar, walau nampak masih kurang dapat membedakan beberapa pelafalan, yang juga dialami kelompok lain, misalnya dha dan da, tha dan ta.

Festival drama berbahasa Jawa yang menjadi perhelatan tahunan Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Semarang, Sabtu dan Minggu (17-18/12), menjadi ajang adu gengsi untuk SMA atau sederajat. Betapa tidak, (hanya) 13 sekolah berani tampil, membabar hasil pendadaran kilat, meramu sajian dengan balutan melestarikan bahasa Jawa.

Meskipun di sisi lain, nampak kekosongan dan kekurangan di sana-sini, hal itu tak mengurangi semangat para penampil. Sebut saja, SMA 2 Ungaran sebagai penampil pertama. Menyajikan drama satu babak Rujit, sekolah ini nampak kurang persiapan. Pengiring sebagai pendukung sajian, cenderung lebih dominan dari drama yang harusnya ia iringi. Kisah sedih dan nglangut yang mencoba disajikan sepanjang pementasan, kurang bisa dirasakan penonton. Hal yang tak perlu dipermasalahkan.

Belum lagi SMA 1 Boja Kendal yang menyuguhkan drama Nembus Wates, lebih terkesan sebuah curahan hati sang pelatih. Dalam drama itu, siswa menyajikan fragmen latihan mereka, atau mungkin bisa diberi judul lain: Melu Festival Drama Basa Jawa. Dikisahkan, sekolah punya rencana untuk mengikuti lomba drama, namun tak disetujui oleh pihak sekolah dari sisi pembiayaan, dalam hal ini mungkin kepala sekolah. Kemudian dengan perjuangan dan kedisiplinan, sekolah itu mengikuti lomba. Ada hal yang spesial?

Penampil lain, SMA 1 Ambarawa yang mencoba memamerkan potensi sekolah dengan Gumregut Nom-noman Padesan. Berlatarkan sanggar seni, nyaris tak ada hal menonjol apalagi konflik dalam drama ini. Pemain berlatih di sebuah sanggar Jawa. Drama disajikan dengan aman, penonton dipameri macapat, tari, dan geguritan. Pada puncaknya, mereka menari bersama, closing.

Minggu malam, SMA 7 Surakarta menutup festival dengan agak memukau. Menyajikan Sumiliring Angin Sapinggiring Kreteg, beberapa siswa tampil maksimal dengan iringan yang nampak menyatu dengan adegan. Sang sutradara, Didik Panji begitu apik menjejalkan isu-isu sosial kedalam pengadeganan. Berseting angkringan -sebuah tempat yang menjual nasi kucing dan minuman hangat- drama ini nampak lebih siap tampil. Tata lampu yang mumpuni, mendukung sajian hingga paripurna. Penonton dibuat tak terlalu serius. Kemaksimalan ini membuat juri berpihak. Gelar juara I pun disematkan.

Masing-masing sekolah dengan latar belakang dialek bahasa Jawa masing-masing, membawakan drama dengan tetap mengusung lokalitas itu. Sebut saja SMA 1 Klirong Kebumen, menampilkan drama Wek-wek yang lebih terasa sebagai sebuah teater. Secara dominan, drama ini disajikan dengan dialog ngapak dan adegan yang abstrak sehingga memaksa penonton untuk berpikir ulang. Kemudian, salah satu juri, Sosiawan Leak yang mencoba memetakan drama Indonesia dan Jawa, menyebut adegan realis seperti itu sebagai sebuah perkembangan.

Selain itu, sebelumnya, MA Salafiyah Kajen Pati menyuguhkan Yen. Dalam dialognya, pemeran acapkali berkata piye leh, nong endi, atau rak ngono a. Sebuah kemesraan lokal berbalut iringan beberapa instrumen gamelan, yang harusnya bisa lebih maksimal bila menggunakan teknik menabuh yang benar secara tradisi.

Sosiawan Leak juga mengemukakan, sajian drama oleh pemenang tahun ini cenderung meningkat dari sisi kualitas. Namun, secara umum, dari keseluruhan penyaji terjadi penurunan kualitas. Menurutnya, perlu diadakan pelatihan atau workshop tentang penyutradaraan untuk mengatasi hal itu.

Siapa pun tak akan menjustifikasi buruk pada anak-anak yang telah sengkut gumregut makarya itu, apapun hasilnya. Dengan segala persiapan masing-masing, mereka tampil dengan kesungguhan. Didampingi pelatih, kebersamaan itu semakin nyata. Mereka belajar kesenian, mengolah rasa, berbalut Jawa yang juga mesra.

Kini, tinggal para penyelenggara atau siapa pun, bahu-membahu mengemas ragam pengkaderan itu dengan senyatanya. Merealisasikan upaya untuk membina generasi muda Jawa. Terlebih, membenamkan ‘rasa Jawa’, yang siapa pun merasa khawatir pada nasib kedepannya. Tak hanya berhenti pada meja-meja seminar, tumpukan proposal berisikan permintaan dana jutaan rupiah, atau juga mung modhal abab, kegedhen cagak kurang empyak.

---Dhoni Zustiyantoro, alumnus bahasa dan sastra Jawa FBS Unnes

Sing Isih Kececer saka Lumakune Gerbong KBJ-KSJ

Dening: Sumono Sandy Asmoro


Kongres Basa Jawa ka-V lan Kongres Sastra Jawa ka-III wis rampung diadani. Upama wong nggelar kelir ngono wis ngglundhung kendhang. Sing nanggap atine wis padhang. Sindhen, yaga, sadhalange wis disangoni. Para penonton uga wis padha bali sinambi ngramesi impene dhewe-dhewe. Mung bae ing plataran isih mblasah lembaran-lembaran kertas tilas bunt6el jajan, mawa cathetan mirunggan.


Cathetan-cathetan ing sandhuwuring kertas kang kececer ing plataran kuwi perlu disemak bebarengan. Perlune kena kanggo sarana mawas diri, kanthi pangajab lumakune KBJ KSJ sing arep teka bisa luwih becik, lan asile kena dirasakake dening para pandhemen basa, sastra, lan budaya Jawa.

Kagelare KBJ lan KSJ satemene mujudake sawijining bukti yen basa lan sastra Jawa mono satemene isih akeh sing nresnani. Mung bae anggone nyimpen rasa tresna mau aja nganti keladuk, saengga bakal nuwuhake tumindak sing tundhone malah gawe rugine samubarang sing ditresnani mau. Ngupakara rasa tresna mau penting, nanging aja nganti over acting.

Kegedhen Wadhah Kurang Uyah
Kongres Basa Jawa ka-V wis rampung diadani dhek tanggal 27 nganti 30 Nopember 2011 kepungkur. Nanging nganti seprene durung bisa diwenehi pambiji, kegiyatan mau kasil apa ora. Awit senjan rekomendasi asiling KBJ wis dipasrahake marang sing kawogan, nanging tanggapan saka sing kawogan nganti seprene durung dikawuningani. Kira-kira bae isih butuh wektu kangho nemtokake sakabehane.

Muga-muga bae rekomendasi saka KBJ bisa antuk tanggapan sing positip saka sing kawogan. Dadi lumakune gerbong limang taunan kuwi ana asile, pindha sumiliring angin sing bisa dirasakake kanggo srana mekar lan ngrembakane basa, sastra, lan budaya Jawa. Ora mung saderma dadi srana ritual upacara adat kang kagelar pendhak limang taun sepisan.

Mung bae ana sawatara cathetan kang perlu digatekake saka lumakune KBJ Ka-V durung suwe iki. Terus terang bae isih ana kesaan kakejan makalah. Wektu sing efektif mung rong dina. Sebab tanggal 27 acarane mung pembukaan, lan tanggal 30 acarane mung maca rekomendasi lan penutupan. Dadi wektu sing digunakake kanggo ngrembug makalah mung rong dina. Kamangka ora kurang saka 69 makalah sing kudu dionceki. Dadine kaya wong playon. Pemakalah siji mung diwenehi wektu sepuluh nganti limolas menit. Mesthi bae makalah ora bisa dibabar kanthi tuntas.

Kerep banget tinemu pemandhangan sing ora kepenak disawang. Pambyawara kerep menehi cathetan cilik marang moderator, sing surasane ngelingake supaya moderator ngelingake marang pemakalah yen wektu kanggo dheweke wis entek. Malah para peserta arang banget diwenehi wektu kanggo takon marang pemakalah. Dadine mung dianggep kaya penonton. Eman banget ngundang sanak-kadang sing adoh papan dununge mung padha dikon lenggah sekeca , dhahar eca, tanpa diwenehi kalodhangan kanggo urun rembug.

Iki sing dakkarepake kegedhen wadhah nanging kurang uyah. Karepe ngono gawe sarana sing omber, supaya bisa madhahi maneka warna panemu. Nanging nyatane malah ora mlaku. Lumakune sidhang, amarga kaya wong balapan, dadine malah krasa mentah, sepa tanpa uyah.

Mula saka kuwi saupama KBJ Ka VI sing bakal kagelar ing Yogyakarta taun 2016 mbesuk, upama isih mbutuhake makalah, makalahe ora perlu akeh-akeh. Yen bisa aja luwih saka sepuluh makalah. Sing penting nduweni bobot, lan bisa dirembug kanthi tuntas. Para peserta sing diundang ya diajak rembugan kanthi cara nggelar dhiskusi upamane. Dadi ora mung dikon ngrungokake wong sesorah. Dakkira masalah sing diadhepi dening basa lan sastra Jawa , bakal antuk sarana kanggo ngudhari, yen masalah mau dirembug bebarengan.

Kejaba saka iki KBJ ka-V kepungkur uga ana kesan yen panitiyane kurang kompag, lan kurang nduweni rasa percaya diri. Dina kapindho jam rolas bengi saka lumakune kongres, ana panitiya sing nemoni aku ngajak bawa rasa. Dheweke nggresah lan ngandhakake yen panitiya mung padha bingung dhewe-dhewe. Maklum wong tuwa-tuwa, ngono grenenge. Si panitiya mau uga kandha yen dheweke kuwi ing KBJ ka-V iki kejaba dadi panitiya, uga dadi tim perumus lan pemakalah. Nanging saka ayahan cacah telu mau sing diwenehi honor mung siji. Kamangka katelune padha-padha ngetokake kringet.

Nalika dina pungkasan saka lumakune KBJ Ka-V, sarampunge adicara penutupan sajake kabeh peserta uga padha grundelan atine. Sebab dening panitiya mung diwenehi sertifikat thok. Kamangka miturut buku panduan kongres basa Jawa ka-V taun 2011 kaca 7 ngenani ketentuan umum dan tata tertib peserta ing perqngan angka ka papat disebutake manawa panitiya nyedhiyani akomodasi, konsumsi, lan bantuan transportasi tumrap para peserta sing wis kacathet. Nanging nyatane sing aran bantuan transportasi mau babar pisan ora ana. Kamangka nalika KBJ ka-IV ana Semarang limang taun kepungkur, ora ketang sethithik sing aran bantuan transportasi mau uga ana. Iki sing dak arani yen panitiya kurnag kompag. Keputusan rapat kang wis katulis kanthi gampang bisa disuwak kanthi tanpa alasan sing cetha.

Kejaba kuwi, isih manut katrangane sawijining panitiya mau, sakawit KBJ Ka-V iki bakal menehi kenang-kenangan marang para peserta arupa maneka warna buku, kalebu buku sastra Jawa cacah telu. Novel, kumpulan geguritn lan kumpulan cerkak. Saben buku wis ditemtokake sapa kang bakal nangani. Nanging nyatane sing kasil diwujudake mung novel. Sedheng kumpulan geguritan lan kumpulan cerkak ora maujud. Minangka gantine banjur diwenehi buku antologi cerkak lan gurit duweke KSJ. Kamangka yen digagas buku duweke KSJ kuwi kurang pantes minangka kenang-kenangan. Ora ateges ngelek-elek, nanging editore buku kuwi bae kanthi blaka ana ing pengantar ngandharake yen naskah jroning buku kuwi tanpa diseleksi mung adhedhasar karya sing mlebu saka wong sing gelem ngirim.

Tresnane sing Keladuk
Sadurunge KSJ III kagelar, aku nate dikandhani dening sawenehing panitiya KSJ, supaya ngirim karya sing arupa geguritan utawa cerkak. Jarene arep diterbitake dadi buku. Aku uga dikon cepak-cepak dhuwit satus ewu, perlune kanggo nuku buku antologi kuwi nalika KSJ kagelar. Terus terang bae aku ora sarujuk marang gagasan sing ngono kuwi mau, mula uga ora kirim naskah. Awit gagasan sing ngono kuwi dak anggep minanga sawijining tresna kang keladuk, sing tundhone bakal ngrugekake sastra Jawa dhewe.

Kira-kira bae panitiya KSJ nduweni niyat sing becik kanggo nerbitake buku. Nanging amarga dalan sing ditempuh kurang apik mula dadine uga kurang prayoga. Sajake panitiya KSJ lali, yen penulis iku uga sawijining propesi. Supaya sqastra Jawa bisa luwih diajeni dening wong akeh, kudune panitia KSJ uga kudu bisa mapanake sastra Jawa kanthi apa mesthine. Yen nulis migunakake sastra Jawa, ora ketang sethithik kudu uga ana sembulihe. Dak kira kanthi cara iku sastra Jawa bakal luwih antuk kawigaten, lan luwih diajeni, mligine saka generasi mudha. Nanging yen ana penulis sing dikongkon gawe tulisan, terus dikon nuku karyane dhewe ngono kuwi padha karo njlomprongake sastra Jawa menyang jurang sing luwih jero.

Upamane bae ana sawijining panitiya sing arep nggelar acara pawai becak. Dheweke terus nglumpukake tukang becak sak akeh-akehe. Tukang becak mau arep dijak pawai mubeng kutha. Kabeh tukang becak mau diwajibake mbayar satus ewu. Kanthi pawadan, yen tukang becak diajak pawai mubeng kutha, kabeh masyarakat bakal padha ngerti yen dheweke kuwi tukang becak. Kanthi mangkono yen sawayah-wayah butuh becak, ya mesthi nggoleki dheweke. Mesthi bae tukang becak sing dikumpulake mau padha misuh-misuh. Senajan ora dikenalake lumantar pawai becak, kabeh wong wis padha ngertinyen dheweke kuwi tukang becak. Mbecak kuwi tumrap dheweke sawijining propesi. Yen dheweke mancal becak tegese kudu dibayar. Ora kon mbayar ngono kuwi.

Nasibe tukang becak kuwi mau dak kira ora beda adoh karo nasibe sastrawan Jawa ing KSJ III. Propesine babar pisan ora diajeni. Yen pancen duwe niyat nerbitake buku kuwi apik. Nanging rasa tresna mau kudu ditanjakake samesthine, aja nganti keladuk, saengga salah mapanake tresna. Ragat digolekake saka sponsor apa pihak katelu sing gelem mbantu. Aja banjur ngejibake dana saka sing wis nulis naskah. Mula aku salut banget menyang Griya Jawi Semarang, lan Balai Bahasa Surabaya, sing wis gelem nerbitake bukuku, tanpa narik prabeya, malah aku diwenehi nomer bukti sing maremake. Aku uga isih kelingan nalika kagelar KSJ kang sepisanan ana ing Sala taun 2001 kepungkur. Wektu iku peserta ditarik iuran rong puluh ewu. Nanging terus dibalekake awit ana donatur sing sanggup nyukupi kabutuhan.

Kejaba saka iku, tanpa beda panitiya KBJ, panitiya KSJ III iki uga ana kesan eker-ekeran. Wektu iku ana panitiya KSJ III sing ora teka ing KSJ III. Bareng ditakoni lumantar tilpun, panitiya mau kandha tinimbang kecipratan getih luwih becik nyingkrih. Kok ana getih barang, ana perkara apa, sing panitiyqa mau kandha yen panitiya KSJ III ora transparan ngenani dana. Mula dheweke wegah teka. Mula saka kuwi yen limang taun engkas isih bakal ana KSJ, aku sarujuk marang panemune Pak Tiwiek SA kang kapacak ana PS No 49, supaya KSJ ditangani bae dening OPSJ. Iku yen OPSJ uga isih ana. (Nuwun)

Saka Panjebar Semangat Nomer 2, 14 Januari 2012

Monday, January 16, 2012

WEWATON PANULISE AKSARA ”O” LAN ”A”

dening: Bledheg Sayuta Nggegeteri

Ana wewaton kang wis lumaku nganti tekan saiki bab panulise swara a nglegena iku nganggo /a/ apa nganggo /o/. Biyasane, yen ana swara [O] utawa /a/ nglegena ing sawijining tembung lan tembung iku diwuwuhi panambang -e (-ne), swara /a/ nglegena iku dadi [A], swara nglegena ing tembung iku katulis nganggo aksara a.
Ananging, menawa swara /a/ kang ana ing tembung kasebut sawise dipanambangi -e (-ne) ora owah dadi a, ning tetep nyuwara a nglegena, swara /a/ nglegena iku katulis nanggo aksara o. Pratitisna tuladha ing ngisor iki.

[segO] + -e (-ne) = [segAne] --> segane

[OpO] + -e (-ne) = [ApAne] --> apane

[ulO] + -e (-ne) = [ulAne] --> ulane

[kOdhO?] + -e = [kOdhO?e] --> kodhoke

[gembO?] + -e = [gembO?e] --> gemboke

[lObO?] + -e = [lObO?e] --> loboke

[lOrO] + -e (-ne) = [lArAne] --> larane 'sakitnya'

[lelOrO] + -e (-ne) = [lelArAne] --> lelarane 'penyakitnya'

[loro] + -e (-ne) = [lorone] --> lorone 'duanya'

[leloro] + -e (-ne) = [lelorone] --> lelorone 'keduanya'

Nuwun.

CAPING GUNUNG

Nawang Wulan

Caping gunung sing tak nggo ngiyup ing lampung
Panas udan napa mendhung
Ngalamun eling sing uwis pirang taun
Rikala budhal saka ndusun
Udan tangis netes kaya banyu grimis
Ninggal dulur sauntawis
Yen kelingan neng ati krasa miris
Kangene rauwis-uwis

Caping gunung minangka payung
Ngudi upa urip ing lampung

*

Ing sapi nggiring kedhung
NW

Saridin Cikal Bakal Suku Samin

[ dongèng rakyat Pati ]

Rochani Sastra Adiguna


Ki Saridin sawijining dina gelut karo saduluré tunggal désa, satemah saduluré mau tiwas saka tangané Saridin. Banjur déning sang Adipati Kembangjaya, disalahaké lan kena pidana , bareng arep dilebokake ing pakunjaran , Saridin ora gelem , aturé marang Adipati Kembangjaya;” Kanjeng Adipati, nèk kula ajeng di lebokaké pakunjaran kula suthik, wong nalika gelut kaliyan seduluré kula, rak nggih ngrika sing ngawiti.
Déné mati niku nyawa rak urusané Gusti Allah, sanès kula sing matèni. Pati urip niku dudu urusané manungsa, nanging wewenangé Gusti Allah..”

Para nayaka Kadipatèn Pathi padha bingung anggoné ngawékani Saridin sing prasaja lugu, jujur. sawusé nayaka ora ana sing wani munjuk atur, banjur kabèh mangsa borong Kanjeng Adipati.

Sing aran Ratu iku pranyata limpad ing salwiring kawruh. Adipati Kembangjaya ora kéwuhan ing nalar, banjur Saridin disowanaké ana ing Kadipaten. Kanjeng Adipati ndangu marang Saridin;” ehh Saridin, aku bungah déne kowé gelem ngakoni kaluputanmu, wong luput iku patrapé kena ing pidana, yaiku kudu gelem manggon ana pakunjaran”

Saridin sumambung;” kula yèn dikunjara boten gelem Kanjeng..”

“ Ya wis ngéné baé, yèn kowé ora gelem dikunjara, saupama kowé dakkon turu ana ing kadipatèn Pasantènan kéné apa kowé ya ora gelem? pitakoné Adipati Kembangjaya

“ wah manawi kula kèn tilem wonten ngriki, kula purun Kanjeng, terus senthongé sisih pundi?

“ senthongmu ana pungkuran kaé, ngiras kanggo tungguk kemit njaga kaslametané puri, saka lawang butulan”

“ purun kula Kanjeng, nanging yèn dalu, kula kalilan wangsul, kula kangen kaliyan bojo wédok, yèn kula tinggal wanci dalu, kula boten téga…”

“ iya daklilani janjiné, sadurungé srengéngé nyorot, kowé kudu wis bali manèh ana omahmu sing ana kéné..”

Adipati Kembangjaya lega ing panggalih, mangkono uga para nayaka lan punggawa, mung padha sumanggem ing karti. Déné gedhong sing ana pungkuran iku arané Pakunjaran.

Saben bengi Saridin bali turu karo anak bojoné, yèn ésuk umun-umun wis mlebu ana pakunjaran. Saridin cikal bakal suku Samin.

sapinggiring kali serayu, 15012012
taklim kula,

Friday, January 13, 2012

MANTU

Suharmono K.

Kabar bakal mulihe anake iku banget gawe bungahe atine. Wus sawatara tahun dheweke ora ketemu karo anake kuwi. Pirang-pirang tahun suwene dheweke ana manca negara, oleh tugas sekolah saka kantore. Minangka wong tuwa, dheweke pancen rumangsa oleh kanugrahan kang tanpa kinira saka Gusti Allah. Anake telu wis dadi uwong kabeh, nyambut gawe mapan. Lan anake sing nomer telu kuwi, pancen jian kutu buku tenan wiwit cilik. Mula ora aneh yen prestasine tansah manjila. Lulus S1 ditampa nyambut gawe ana BUMN, kamangka wektu iku umure durung ana 25 tahun.
Bubar kuwi banjur disekolahake S2 ana Amerika. Ndilalah ing Amerika kok ya kecanthol bule pisan. Dadine mulih saka Amerika saliyane nggawa ijazah uga nggawa kenya bule. Nyambut gawe oleh rong tahun ndilalah kok ya banjur dikongkon nerusake S3 maneh. Dadine pirang-pirang tahun anake ragil iku anggone ana Amerika. Sawise lulus S2 biyen, dheweke arang-arang banget ketemu karo anak lan mantune iku, amarga anake ditugasake ana Jakarta, lan sajak repot banget karo gaweane.

Rasa bungah iku orang mung dialami dheweke dhewe. Wong saomah, malah anak-anak lan mantune kabeh melu ngrasakake rasa bungah iku. Pirang-pirang dina anak-anak lan mantu-mantune nyiapake omah kanggo mahargya anake ragil lan sisihane iku.

’’Nanging sejatine ana rasa kang rada ngganjel jroning atine. Yagene tekane anak lan mantune iku kudu disubya-subya kaya tamu agung? Liwat telpun anake kandha manawa bakal nginep sawatara dina. Pancen adat kang lumaku tamu iku yen bisa kudu disuguh lan gupuh. Saora-orane ora suguh yen gupuh. Nanging anak lan mantune iku rak dudu tamu. Anak lan mantune iku kulawarga dhewe, dudu wong liya. Dadi ora perlu disubya-subya.’’

’’Bapak, sedaya sampun kula atur,’’ kandhane anak mbarepe. Ibune lare-lare sampun kula kengken blajar masak masakan Amerika. Lajeng Dhik Rini semahipun Wiranto rak lulusan S1 bahasa Inggris. Piyambakipun mangke ingkang tansah ndhampingi Jeni sedinten-dintenipun wonten mriki. Ewasemanten kula kinten Bapak inggih perlu sekedhik-sekedhik ngenget-enget istilah-istilah basa Inggris. Dhik Rini sampun nyiapaken kamus Bahasa Inggris kagem Bapak.”

’’Bapak wis oleh pira Pak anggone ngapalake tembung-tembung basa Inggris. Panjurunge Rini wulan kepungkur yen Bapak kersa ngapalake sedina sepuluh kosa kata basa Inggris, sewulan rak wis lumayan!’’ sisihane nyauti.

’’Mboyak…! Ra ngerti basa Inggris ra patheken!’’ wangsulane rada sengol.

Krungu wangsulane sing sengol, sisihane sakala meneng klakep. –Wong wis umur kliwat sewidak taun kok dokongkon blajar basa Inggris mung gara-gara supaya bisa rembugan karo mantu-. Pancen dheweke biyen ora tau nduwe pangangen-angen nduwe mantu wong manca negara, apa maneh bule. Nduwe mantu saliyane wong Jawa wae wus ribet, wiwit lamaran lan sapiturute nduwe aturan dhewe-dhewe sing ora padha karo adat Jawa. Ndadak saiki nduwe mantu bule. Kamangka anake iku adat jawane wus mbalung sungsum. Nabuh sawernane gamelan wus ora kidhung. Basane mlipis, uga nguwasani sawernane tembang macapat. Ndilalah nduwe bojo kok wong bule. Apa pancen wus jodhone?

’’Bapak, kula badhe emah-emah,’’ mangkono sawijining wektu nalika mulih liburan kuliahe S2.

’’Kowe arep omah-omah?’’ pitakone kaget wektu iku. Apa sing wus suwe dikuwatirake iku bakal kedadeyan. Bareng ngerti manawa anak ragile iku duwe pacar kenya Amerika atine tansah ketir-ketir. Duwe mantu padha-padha Jawane bae anake sing nomer siji iku sok saling surup Karo sisihane. Adat-istiadat lan kabudayan sing beda sering gawe kisruhe balewisma. Minangka wong Jawa, atine ora sepiraa setuju yen anake nganti oleh jodho seje suku, apa maneh seje bangsa. Wong-wong bule iku akeh-akehe ora nduwe duga. Lha pancen ora jawa. Ora ngerti unggah-ungguh.

Dheweke ambegan landhung. Selagine wong Jawa bae uga ora njawa. Apa maneh wong manca. Dheweke isi eling kedadeyan sing banget njangget ana ing atine nalika anake mbarep isih manten anyar biyen. Dheweke wektu iku pas sambang anake mbarep kang isih manten anyar iku.

’’Yah mene sisihanmu kok durung mulih? Jam pira mulihe?’’ pitakone wektu iku.

’’Dinten punika Darto lembur, Bapak!’’

’’Apa?’’

’’Darto lembur.’’

Sakala raine dadi mbrabak krugu wangsulane mantune iku.

’’Dadi sliramu kulina njangkar marang bojo?’’

Ganti mantune sing kaget. Mantu anyar iku ora ngira manawa anggone njangkar marang sisihane iku gawe ora renane maratuwane. Ngapunten Bapak, kula kesupen kabekta kebiasaan kuliah rumiyin,’’ wangsulane mantune kanthi kebak rasa isin.

’’Nak Astuti, rak kanca kuliah sa-angkatan ta Pak, dadi sok-sok ya lali. Rumangsane isih kanca kuliah bae,’’ kandhane sisihane nengahi.

Wiwit dina iku pancen mantune wis ora njangkar maneh marang sisihane, nanging banjur ngundang Pi, Papi. Ing kupinge undang-undangan iku malah rada aneh. Biyen, sebutan papi iku kanggo Landa. Saiki sebutan papi iku jebule uga kanggo mbasakake putu-putune marang bapake, lan mami marang ibune.

Kedadeyan iku orang mung dumadi marang anak mbarepe bae. Anak nomor lorone uga ngulinakake anak-anake ngundang papa lan mama tumrap wong tuwane. Owah gingsire jaman. Lha kok anak ragile malah rabi oleh landa Amerika.

’’Terus wanita endi Le, sing bakal mbokdadekake sisihanmu?’’ pitakone wektu iku bareng anake kandha yen arep rabi.

’Jenni, Bapak. Jennifer!’’

Dheweke ora enggal wangsulan. Anake ragil iku dipandeng suwe. Apa sing dikuwatirake iku saiki kabukten. Nalika krungu anake iku nduwe sesambungan karo wanita bule atine wis ketar-ketir. Rasane rumangsa eman manawa anake sing lantip iku nduweni sisihan Landa. Dheweke ora rila manawa anake lanang iku dijangkar sisihane. Manawa dheweke dhewe sing ngalami kedadeyan iku, nganti dijangkar sisihane. Embuh apa sing bakal dumadi. Nanging sisihane, ibune anak-aneke ora njangkar maarng dheweke. Sisihane wong jawa kang njawani. Sisihan kang bekti marang gurulaki.

’’Wis kok pikir tenan ta, Le?’’ pitakone.

’’Sampun, Bapak!’’ wangsulane anake kanthi tumungkul sajak wedi.

’’Abot lo Le sanggane rabi karo wong manca. Budaya kita beda. Eling, rabi iku kanggo salawase, ora mung kanggo coba-coba. Rabi iku kudu nganti kaken-ninen.’’

Anake mung tumungkul, ketara anggone wedi banget.

Dheweke ambegan landhung. Minangka wong tuwa ora arep meksa kekarepane anake. Yen iku wis kekarepane anake arep dikapakake. Bocah enom kadhang-kadhang kekarepane nyleneh-nyleneh. Sakeplasan dheweke nyawang saprangkat gamelan ing pendhapa omahe iku. Gamelan iku wis arang-arang ditabuh maneh. Kamangka biyen meh saben bengi tangga-teparone padha teka banjur nabuh gamelan iku bebarengan. Nanging saiki anak-anake bae sajak wis lali marang jenenge siji-siji gamelan iku, endi sing arane bonang, endi sing arane gender anake wis ora apal, kejaba anak ragile iku. Lan saiki anak ragile sing biyen gedhe kawigatene marang seni tradisi Jawa iku malah arep rabi karo Landa.

Sejatine dheweke nduweni pangangen-angen anake ragil iku bisa nduweni sisihan kenya Jawa, sang njawani. Ora kurang kenya jawa sing ayune ngungkuli Madona. Ora kurang wanita jawa saiki sing ayune ngungkuli Nawangwulan. Nanging sajake wis jodhone anake, rabi karo kenya bule.

’’Yen pancen mangkono ya wis sakarepmu.’’

’’Bapak, kula nyuwun pangapunten mboten saget minangkani gegadhanganipun Bapak,’’ kandhane anake, ngerti manawa bapake rada cuwa.

’’Ora apa-apa Le, ora apa-apa yen pancen iku wis mbokniyati. Ora liwat aku mung ndongakake supaya uripmu mengko bisa tentrem ayem, lan kaleksanan apa kang dadi gegayuhanmu.’’

’’Matur suwun, Bapak!’’

Saiki wanita bule iku wis dadi sisihane anak ragile. Dheweke ambegan landhung. Saka pendhapa omah, suwarane sisihane, anak-anak lan mantune rame pada ibut anggone nyiapake tekane uba rampe wanita bule iku. Suwarane putune sing isih sekolah SD cumentheng nalika ngapalake ukara-ukara basa Inggris. Sejatine dheweke ora sarujuk marang tangkepe anak-mantune iku. Aneh, tekane sisihane anake ragil iku disambut kaya tamu agung. Ana sing nyiapake masakan Eropa, nyiapake penerjemah, lan embuh apa bae. Kudune mantu bulene iku wis dudu wong liya maneh, wus manjing kulawarga. Dadi ora perlu disubya-subya.

’’Menawi Bapak sedinten saget ngapalaken sedasa tembung-tembung basa Inggris punika, setunggal wulan kosakatanipun Bapak sampun lumayan kangge komunikasi kalian Jeni,’’ mangkono kandhane mantune sewulan kepungkur.

Dheweke ora wangsulan, mung nglirik kamus basa Inggris-Indonesia karo buku cilik isi percakapan basa Inggris iku. Buku-buku iku sidane ya mung gumlethak ana meja, dheweke ora tau nyenggol babar pisan.

’’Pak, bukune kok ora tau diwaos ta Pak? Jane wis pira ta toefl-e Bapak ki?’’ pitakone sisihane maneh.

’’Ah, mbelgedhes!’’ wangsulane rada mangkel.

’’Ah, ngono bae Bapak ki kok duka,’’ panyaruwene sisihane.

Krungu kandhane sisihane iku atine dadi lilih. Dheweke kadhang-kadhang rumangsa getun yen ngomong kasar karo sisihane. Sisihane babar pisan ora tau rembugan kasar. Pangrasane alus banget.

’’Saiki wis jam pira Bu?’’ pitakone ngalihake pirembugan.

’’Jam setengah rolas, Pak. Mau jare pesawate teka Juanda jam sewelas. Mesthine sedhilut maneh teka. Juanda kene rak mung sepuluh kilo!’’

’’Sapa bae sing mapak?’’

’’Bagio karo Rini sisihane, dheweke sing paham basa Inggris.’’

Nalika krungu kendharaan mlebu latar, wong loro iku menyat, metu . Anak ragile wis teka. Mobil Toyota Inova mandhek ana latar. Saka mobil Toyota Inova iku muncul anak ragile, dikanthi Landa bule sisihane anake, mbopong bocah cilik lanang umur limang tahunan.. ’’Ibu, endi Eyang Kakung, ibu?’’ pitakone bocah cilik limang tahun kanthi rambut pirang iku.

Dheweke njomblak, kaya-kaya ora percaya marang pangrungone dhewe krungu suwara tembung-tembung saka bocah cilik lan wanita bule iku.

’’Iku Le, iku Eyang Kakung!’’ kandhane Landa bule sisihane anake iku, karo nudingi dheweke. Bocah cilik iku mbrosot saka bopongane ibune, banjur mlayu marani dheweke.

Dheweke bali njomblak krungu ucapane mantune iku.

’’Yang Kakung, Arjuna sungkem Eyang Kakung!’’ bocah cilik iku ngajak salaman marang dheweke, banjur ngambung tangane.

Dheweke njegreg, nampani sungkeme bocah cilik iku.

’’Bapak, Sugeng Bapak?’’ pitakone kenya bule iku kanthi logat landane banjur sungkem uga marang dheweke.

Satetes banyu bening metu saka tlapukan mripate. ’’Termbung Bapak, sugeng Bapak?’’ iku kuwawa nunjem jero ing pulung atine. Saka lathine Kenya bule iku metu tembung, ’’Bapak, sugeng Bapak?’’ dudu tembung, ’’Father, how are you?’’ Nalika dheweke nyawang anake ragil, anake iku mung mesem, banjur tumungkul.

’’Iya Ndhuk, oleh pandongamu…’’ wangsulane groyok.

’’Keng putra ngaturaken sungkem.’’

Banyu bening saka tlapukan mripate tansaya deres. Rasane kaya ngimpi, ana wanita bule sungkem marang dheweke, nganggo basa Jawa kang alus pisan sanajan kanthi logat Landa.. Anak-anake lan mantune liyane padha ndomblong ndulu kahanan kuwi.

Bengine suara gamelan kang ngrangin bali ngumandhang saka omahe. Minangka rasa syukur, dheweke ngundang tangga-tanggane.Bengi iku gamelan bali ditabuh bebarengan. Sakabehe pangrasane disuntak liwat suwarane siter, bareng karo suwara kendhangane anake ragil lan bonang penerus sing ditabuh landa bule mantune. Dheweke lagi ngerti manawa mantune iku uga biasa nabuh gamelan ing KBRI.

Sidoarjo, 24 Desember 2005
--saka buku: Pasewakan

Tuesday, January 10, 2012

MBULANE KETUTUP SLENDHANG [4]

Ki Budiono Santoso Dojosastro

Isih ngungun aku durung isa nyemak critane Jeng Lina. Awak lemes, kesel, lungkrah. Langsung mapan turu. Lina ngrangkul semendhe nang dhadhaku. Bola-bali tak sawang, tenan apa ora. Samar gek gek sing tak rangkul kuwi Si Ratri mau. Esuke tangiku wis kawanen. Bocah-bocah wis mangkat sekolah. Anakku ana telu lanang kabeh. Dina iku aku pamit ora ngantor, awake isih ora kepenak.
Sorene kaya biasane aku praktek nang Ngotho. Ora kaya nang Sekar Suli, pasiene ora akeh. Lagi bukak sakwetara sasi. Aku teka jam papat, wis dienteni Pak Sodrono karo anake Sukar. Wis sehat ora kurang apa apa. Bubar priksa malah ngobrol, tibake seneng ngobrol wong iki. Mau bengi pas isih lara mung gereng-gereng wae.

’’Kula niki jane le sakit rak nggih kekeselen ta Dok.’’

’’Wonten punapa Pak, sampun sepuh ampun kesel-kesel.’’

’’La pripun ta mboten ajeng report. Tigang dinten kepengker slametan matang puluh putu ponakan kula.’’

’’Kok matang puluh? Pripun genahe.’’

’’Putu ponakan kula, namine gendhuk Maeka Ratri, ngajal. Piyambakipun nembe kemawon kecalan larenipun. Larenipun nembe seminggu lair Pak Dokter.’’

’’Ratri bibar nglairaken jabang bayi jaler. Ning kok lajeng tigang dinten jabang bayi mboten saged netek kaliyan kejang.’’

’’Le nglairke teng pundi?’’

’’Namung wonten griya. Pun tulungi Mbah dukun. Ratri namung piyambakan kaliyan mbok-likipun.’’

’’Lajeng Ratri kenging menapa?’’ Atiku mulai deg degan krungu critane pak Drono.

’’Bibar pun tilar bayinipun, Ratri kok radi ewah. Sok mendel dangu, sok caturan piyambak, sok nangis ngguguk.’’

’’Kok boten dibekta teng rumah sakit?’’

’’Piyambakan dokter, mboten wonten ingkang ngupakara lan ngancani. Wekdal sedasa dinten saking tilaripun bayi, Ratri nglalu, ngendat mawi jarik wonten wingking griya.’’

Pak Sodrono sak durunge pamitan isih ninggali suweg. Suweg kaya tales pancen senenganku wiwit cilik. Jarene le ngunduh nang tegalane dewe. Kandhane entheng wae.

’’La njenengan nek kula aturi arta, nggih dereng tentu nek kerso. Wau tiyang setri canten, gawakno suweg wae, mumpung panen.

Wis cetha bayanganku. Bayine Ratri, mestine kena tetanus merga proses lahir sing ora steril. Istilahe tetanus neonatorum. Dhukun biasane medhot tali puser nganggo welat, ora steril. Nek wis kedadeyan tetanus, tangeh marine.

Ya Allah, Ratri kok nasibmu elek temen. Kelangan anak sing kok gadhang gadhang. Ning panjangka ku Ratri uga nandang depresi paska persalinan. Ora arang kasus kasus kaya ngene iki, ning biasane ora konangan secara medis. Kanteb kesusahan kelangan anake, deweke ora kuwat nahan rasa sedih njur nglalu.

Wis telung puluh tahun kepungkur nalika aku ketemu karo Ratri. Aku isih tetep ngungun lan nelangsa saben kelingan. Deweke pengin mbuktekke nek tresnane nang anake digawa nganti mati. Nang alam kelanggengan isih nyoba golek pitulungan dokter. Luhku ora krasa netes, aku ora sempat nulungi deweke lan anake.

Ratri, Maeka Ratri, mbulane ketutup slendhang. Muga muga sliramu diparingi dalan padang ing alam kelanggengan. Diparingi panggonan sing penak lan tentrem karo putramu dening Kang Murbeng Dumadi.*


Manila, 4 Juni 2011

[Panyebar Semangat, No 36, 3 September 2011], banjur uga kapacak ing buku kembang setaman Pasewakan

kang kababar dening Panitia Konggres Sastra Jawa III, 2011


Biodata Pengarang


Ki Budiono Santoso Djojosastro, seorang dokter, yang namanya di dunia maya lebih dikenal dengan Ki Ageng Similikithi. Tulisan tulisannya beredar di dunia maya, karena salah satu hobinya adalah melanglang jagad maya. Dunia tak berbatas dan tak bertepi, memberikan kesempatan anak anak manusia untuk saling menyapa dan memberi salam.

Sejak mahasiswa senang menulis, pernah memimpin majalah mahasiswa kedokteran Universitas Gadjah Mada, Hygieia, tahun 1972 – 1973. Tulisan tulisannya di dunia maya tersimpan di www.saworo.blogspot.com

Dr. Budiono adalah seorang dokter ahli obat obatan atau farmakologi klinik. Bertugas di lembaga antar bangsa World Health Organization, Western Pacific Regional Office di Manila sejak tahun 1999. Sebelumnya bertugas sebagai dosen di Fakultas Kedokteran Universitas Gadjah Mada selama 25 tahun sejak 1975. Di Universitas Gadjah, pernah menjabat sebagai Kepala Bagian Farmakologi Klinik dan Kepala Pusat Studi Kebijakan Obat. Karena tugas profesinya, baik di UGM maupun di WHO, Dr. Budiono Santoso, berkesempatan melanglang ke berbagai bagian dunia semenjak tahun 1980. Menyukai budaya budaya Asia yang telah berumur ribuan tahun.

Menjalani pendidikan dasar di Ambarawa, di Sekolah Rakyat Masehi Ngampin (1956 – 1962). Sekolah menengah pertama di Taman Siswa Ambarawa (1962 – 1965), dan Sekolah Menengah Atas di SMA St. Josef Surakarta (1965 – 1968). Setelah lulus SMA, meneruskan kuliah di Fakultas Kedokteran Universitas Gadjah Mada, Yogyakarta, dan lulus dokter tahun 1975. Tahun 1980 menempuh pendidikan doktor di University Newcastle Upon Tyne (UK) dan lulus tahun 1983. Sejak lulus dokter bergabung menjadi staf pengajar di Fakultas Kedokteran.

Selain pekerjaan di UGM dan WHO, yang bersangkutan juga pernah menduduki berbagai peran ahli di lembaga lembaga dan perhimpunan internasional seperti, Expert Advisory Panel untuk United States Pharmacopeia (Washington), Ketua Komisi Negara Negara Berkembang dari Division of Clinical Pharmacology, International Union of Pharmacology dan lain lain. Sering memberikan ceramah di berbagai forum ilmiah internasional sesuai dengan bidang keahliannya.*

MBULANE KETUTUP SLENDHANG [3]

Ki Budiono Santoso Dojosastro

Dalane isih munggah. Ngliwati gumuk maneh. Ning rumangsaku kok Ratri saya cepet anggone numpak sepedha. Kadhangkala nang ngarepku, kadhangkala nang sisihku. Slendhange kemlawe keterak angin. Meruhi Ratri numpak sepedha, nganggo slendhang kemlawe kena angin, atiku ngungun rasane. Kaya nonton tontonan alam sing endah ing swasananing terang mbulan. Sedhela-sedhela deweke noleh mburi karo mesem, ’’Thole, anak kula mboten napa-napa nggih Dok?”Banjur nerusake anggone nggenjot sepedha karo ngrintih nembang kang ora cetha.


Kala kala Ratri mandheg, ngenteni aku. Sak untara, deweki medun seka sepedhahe. Mandeg nang tengah dalan, mbalik ngadepi aku. Praupane katon suntrut ning serius. Slendange kemlawe, parfume wangi lembut kegawa angin.

’’Mendah remen kula menawi pak dokter saged njampeni thole. Menawi anak kula saged pulih mantun, kula kaliyan semah kula iklas nderek panjenengan. Thole temtu saget mantun ta?’’

Bubar omong ngono, dheweke nangis ngrintih maneh, numpak sepedhahe ndhisiki aku. Aku panggah ngetutke nang mburine, kira-kira antarane sepuluh meteran. Ngliwati gumuk dalane medhun kepenak. Seka kadohan nang entek-entekane dalan, ana omah gedhe katon pengkuh mibawani. Ratri ketok saya gita gita nyepetke laku. Ana sorot lampu seka omah gedhe iku. Nang sisih kiwa, kira kira seketan meter, ana lampu petromaks dipasang. Sak wetara pemuda lagi pada main voli. Aku mung mbatin, wis tengah wengi ngene kok ya isih dha main voli, adoh lor adoh kidul.

’’Menika griya kula Pak Dokter. Thole teng nglebet kalih mbahe. Terus mlebet kemawon, kula mangke tak nyimpen sepedha niki riyin. Matur nuwun sanget kersa nindaki mriki. Nyuwun tulung estu anak kula njih Dok. Kula pasrah panjenengan.’’

’’La putramu nang endi Ratri? Cepet tak priksane?’’

’’Mangga langsung mlebet gandhok. Kula medal wingking. Bapak-simbok wonten nglebet.’’

Mesin skuter tak pateni. Arep tak parkir nang plataran sisih kiwa cedhak lawang kiwa omah gedhe kuwi. Dadakan krungu jerite Ratri seka njero karo nangis ngguguk.

’’Anakku ngger, anakku. Tulung ta Dok, anak kula.’’

Atiku semedhot kaget. Gek gek anake Ratri ana apa-apa? Tasku tak jupuk. Karepku arep mlebu lawang ngarep omah gandok gedhe. Lagi pirang njangkah nang plataran, pemuda pemuda sing lagi pada voli mau nyegat lakuku.

’’Panjenengan sinten ki sanak?’’

’’Kula Dokter sing praktek teng Sekarsuli.’’

’’Panjenengan ingkang asma Dokter Bisma?’’

’’Kula kancane Dokter Bisma. Niki wau diundang Mbak Ratri, jarene larene sakit.’’

’’Ratri mboten wonten mriki. Kula aturi kondur kemawon Dokter.’’

Salah sijining pemuda, ngandhani aku kon mulih. Dheweke nduduhi dalan ngiwa nang ngarepe omah gandhok. Aku nyoba njelaske nek kudu mriksa anake Ratri. Ning pemudha-pemudha iku setengah meksa njaluk aku mulih. Praupane goreh. Ora ana sing mesem babar pisan.

’’Mangga kula aturi tindak Dokter. Sampun dalu. Mboten perlu mlebut mriki. Mergi ngiwa menika dhumateng mergi ageng Wonosari.’’

Aku kepeksa manut. Skuterku tak starter, mlaku alon-alon sak urute tembok. Swarane Ratri isih krungu nangis ngrintih nang njero omah. Aku noleh nengen ndeleng njero seka pager tembok sing ora patia dhuwur iku. Ya Allah. Atiku entek. Kagetku ora isa tak critakke maneh. Aku ora ngimpi. Omah gedhe sing rumangsaku omahe Ratri mau, jebul pemakaman. Pancen makam-makam nang Gunung Kidul biasane dibangun apik, katon megah. Aku mblandhang mengalor sak dawane tembok makam. Terus medhun dalane rumpil banget. Pandongaku muga-muga skuter ora macet apa nggembos bane. Seka kadohan isih krungu tangise Ratri lamat-lamat kasaput swara angin wengi. Tangis sedhih lan nelangsa kelangan anake lanang sing mentas lair.

Sakwetara maneh wis tekan dalan Wonosari. Tanpa ragu terus menggok ngiwa, skuter tak gas mlayu nuju Yogya. Liwat Sekarsuli, sing padha jaga isih dha main kertu. Aku nyoba mandheg, pengin njaluk ngombe. Wong-wong jaga iku kaget weruh aku ndredheg ngos-ngosan.

’’Wiwit wau niku nembe dugi ta Dok? Meh jam setunggal menika.’’

Ora sempat nerangke apa sing kedadeyan, aku mung njaluk banyu. Salah sijine mbukak termos wadhah omben. Wedang jahe. Tak ombe sak gelas kebak. Rasane anget nang awak. Ora krasa awakku anyep kabeh iki mau.

Rebut cukup, aku nggeblas maneh nuju Yogya. Jam loro esuk tekan ngomah, nang Suryodiningratan. Aku sengaja metu lawang mburi dibukakke rewangku, Ruh. Samar nek nggurahi Jeng Lina. Angel lehku arep crita. Sakwise wisuh karo raup nang kamar mandi, aku mlebu nang omah ngarep. Isih ana bakmi tutupan nang meja makan. Wis anyep, ning ora pangling bakmi goreng iku gaweyane Pak Panut. Aku mangan bakmi dhewekan, ora isa rahap kelingan Ratri mau. Ratri, sapa ta sliramu ? Apa sing kok alami ? Aku kok ora sempat mriksa anakmu.

Lagi mangan karo ngalamun, Jeng Lina metu seka kamar. Dheweke ngrangkul aku seka mburi. Kenceng banget karo mbisiki.

’’Kok nganti yah mene Mas ? Aku wis kangen ngenteni wiwit mau. Awakmu adhem kabeh. Ndang ganti ageman.’’

’’Ana panggilan. Sesuk tak critani Jeng.’’

’’Bocah-bocah dha nakokke bapake mau. Jare arep tuku bakmi. Terus aku kongkonan si Ruh nang Gerjen.’’ (ana candhake)

MBULANE KETUTUP SLENDHANG [2]

Ki Budiono Santoso Dojosastro

Sakwise markir skuter nang plataran, aku terus mlebu omah karo uluk salam. Ana sakwetara wong lanang wadon padha lungguhan nang amben dawa sisih kiwa. Meh kabeh padha ngrokok. Ana sing nganggo klembak menyan. Aneh, sing biasane ngrokok klembak menyan ki nang daerah kulonan, kaya Purworejo ngulon. Iki nang tlatah Gunung Kidul kok padha udut klembak menyan. Batinku rada nggrundel, jare nunggu wong lara kok padha jor joran le udut.


’’Menika sanak sedherek kaliyan tanggi-tanggi Pak Dokter.’’

Nom-noman mau nyoba nerangke. Sajake ngerti nek aku ora kepranan.

’’Enggih, sing sakit teng pundi, Mas?’’

’’Mangga lajeng mlebet kemawon Pak Dokter. Bapak wonten senthong.’’

Aku terus mlebu nang senthong. Tas gage tak selehke nang kursi, tak bukak njupuk stetoskop.

’’Asmanipun sinten Pak? Dospundi gerahipun?’’

’’Mboten kiyat Pak Dokter. Padharan kula sakit sanget mlilit wiwit enjang wau.’’

’’Dereng pun unjuki obat?’’

’’Namun kerikan kaliyan minyak gosok menika. Ning dereng wonten kaotipun. Tulung ta Pak Dokter.’’

’’Dereng dhahar wiwit wau enjing?’’

’’Badhe nuntah menawi pun lebeti tedhan.’’

Setengah ngantuk aku nyoba konsentrasi mriksa pasien mau. Jenenge Pak Drono, Sodrono, umure wis pitung puluh taun. Ora suwe lehku mriksa, gejala koliek usus, embuh sebabe, mungkin salah mangan. Tak suntik sepisan, dheweke durung marem isih takon .

’’Menapa majas nek mung sepindhah Dok?’’

’’Doktere kula senes sampeyan Pak Drono. Dientosi mawon riyin. Nek kakehan suntik jebol mangke ususe.’’

Tak kon nggawekke teh panas, karo bubur tanpa nganggo lawuhan pedhes. Jarene sisihane mau esuk pak Sodrono bar mangan kuluban pedhes, njur sambat wetenge mlilit. Aku ngenteni nang njaba karo wisuh nang sumur sebelah omah. Sakwise kira-kira sepuluh menit, Pak Drono wis isa ngentut. Terus pengin bebuang nang mburi. Ketoke kok wis majas obate. Sakwise tak kandan kandhani prekara anggone kudu njaga mangan, aku banjur ngundang nom-noman anake Pak Drono mau.

’’Mas, mboten sah kuwatir. Bapake mung kleru dhahare. Dikurangi le dhahar pedhes. Sing kathah sayur kalih buah. Tomat napa kates, rak ngriki kathah.’’

”Mboten perlu priksa teng nggriya sakit Pak Dokter?’’

” Kula resepi mawon, benjing enjing obate dipundhut teng apotik. Teng Yogya. Benjing sonten, kula mboten praktek teng Sekar Suli, ning teng Ngotho, Jalan Imogiri. Jam sekawan dugi jam enem. Bapake mang terke mrika, kula kontrol.’’

’’Injih Pak Dokter. Dados boten sisah priksa teng nggriya sakit nggih?’’

Bubar ngombe teh panas aku pamitan. Bu Sodrono nang ngarep lawang arep menehi dhuwit. Digegem nang tangane. Aku ora tegel arep nampa. Weruh Pak Drono langsung njenggelek tangi rasane wis seneng aku.

’’Matur nuwun bu. Kagem nebus obat mawon benjing enjing. Ngatos-atos njih Bu le ngopeni garwane.’’

Bu Drono karo anake anggone matur nuwun tanpa kendhat. Aku takon arahe sing cedhak nang dalan gedhe. Miturut Sukar, ya Sukarno, si kakang bocah nom noman loro iku, jare ora perlu metu dalan mau. Terus wae ngetan munggah sithik ngliwati sak desa menggok ngiwa dalan medun, tekan dalan gedhe jurusan Wonosari. Deweke arep ngeterke nganggo sepedhahe. Ning aku ora mentala weruh le dha krenggosan mau. Tak tolak kanthi alus. Aku isa nggoleki dalan dewe.

Kanthi ati kemrungsung aku neruske laku. Liwat dalan padesan arahe ngetan. Isih rada ndedel munggah. Metu seka padesan ngliwati tegalan peteng sak kiwa tengene dalan. Aku ngalamun mbayangke nek ana sing lara dadakan kaya ngene, kok ya isih ora gampang nggawa langsung nang rumah sakit. Kamangka iki dudu daerah terpencil. Isih cedhak kuta.

Tanpa tak nyana, dumadakan ana wong wadon nuntun pit mandheg nang tengah dalan. Kagetku setengah mati. Ora genah sangkan parane kok ujug-ujug mandeg nang tengah dalan. Skuter tak endhegake. Mesin ora tak pateni. Dadi nek ana apa-apa gampang le nggeblas, mlayu. Wanita mau umur-umurane udakara telung puluhan. Nganggo ngisoran klawu, ora jelas apa daster apa rok. Sing jelas kalung slendhang warnane putih truntum ireng ceplok-ceplok. Praupane lamat-lamat katon pucet, suntrut. Satleraman aku weruh ana luh ngambang nang mripate sing mbendhul.

’’Pak Dokter, kula nyuwun tulung sanget njih.’’

’’Njenengan sinten Mbak? Daleme pundi?’’

’’Nami kula Ratri. Saking dhusun wetan mriku. Dhusun Pengkok. Anak kula, Pak Dokter. Anak kula nyuwun tulung.’’ Omonge metu tanpa kendhat katon nek lagi susah lan panik.

’’Sareh Mbak Ratri. Putrane kena apa?’’ Aku mbalik ngoko.

’’Anak kula sampun gangsal dinten mboten saged mimik. Tutuke ngancing terus kalih kerep kejang.’’

’’Umur pira putrane. Piye larah-larahe?’’

’’Thole nembe lair seminggu kepengker Dok. Tigang ndinten kok lajeng mboten saged mimik. Kerep kejang. Nyuwun tulung sanget njih Pak Dokter.’’ Ratri katon sangsaya bingung lan panik. Aku nyoba nyarehake.

’’Iya Mbak Ratri, dak tilikane. Sing sareh ya. Sabar. Daleme sebelah endi?’’

’’Mangga sareng kaliyan kula Dokter.’’ Dheweke mesem nalika aku sanggup arep niliki anake. Senajan praupane kisruh lan pucet, sak tleraman nalika mesem, untune katon putih teratur. Rupane manis wanita iki.

’’Thole janipun bagus kados bapake. Ning kok lajeng sakit. Raos remen kula ical blas, kados pun rebat sak wenang wenang. Mboten ngertos sinten sing ngrebat.’’

Aku nglakokke skuter mlaku alon alon mbarengi Ratri. Mung gumunku kok rosa temen bocah wadon iki. Dalan ndedel munggah ya enak wae le numpak sepedha. Entheng tanpa krenggosan kaya Sukar mau. Dheweke numpak sepedha karo setengah ngrintih sedhih nyebut anake lanang. Aku mung isa ngerih-erih karo mbarengi nang sisihe apa nang mburine. Sok-sok noleh aku karo mesem. Aneh ngrintih nangis, diselani ngguyu karo mesem renyah.

’’La garwane nang endi Mbak Ratri?’’

’’Kula ajrih Pak Dokter. Bapake teng sabrang nyambut damel pun nem wulan. Kacriyos teng Malaysia. Mangke nek wangsul leh kula nerangke prekawis thole kados pundi. Tulung ta Pak Dokter. Thole ketulungan ta?’’ (ana candhake)

MBULANE KETUTUP SLENDHANG [1]

Ki Budiono Santoso Dojosastro

Nyedhaki pungkasaning tahun wolung puluh lima. Aku nyulihi praktek kancaku nang Sekarsuli, Piyungan, ing tlatah Yogya. Sing praktek nang kono Dr. Bisma. Dheweke kudu giliran jaga nang rumah sakit pendhak dina Jemuwah. Wayahe wis lingsir wengi, nalika pasien pungkasan metu seka kamar praktek. Kliwat jam sanga. Prasasat tanpa kendhat ggonku mriksa pasien wiwit jam setengah lima sore mau. Embuh ana pira cacahe. Luwih seka telung puluh wong, kakung putri, tuwa enom, diwasa lan anak. Sokur kabeh apik, ora ana sing lara gawat.


Bubar mriksa pasien pungkasan, lagi krasa kesele. Awak lungkrah lan jimpe kabeh. Pengin cepet mulih. Mau wis janji karo sisihanku, Jeng Lina nek arep mulih gasik. Pengin jajan bakmi nang Gerjen, Suranatan. Bakmine Pak Panut. Wis kulina wiwit isih kuliah nang Ngasem ndhisik. Sumilire angin wengi, nrabas jendela, krasa mak nyes adhem, marahi mrinding nang kulit. Kahanan sepi mamring. Lamat-lamat krungu gunemane wong sing lagi jaga nang gerdhu, jejer omah. Gemrenggeng regeng. Sedhela-sedhela keselan swara ngguyu rame. Aku wis mlangkah metu, nalika Pak Mantri Hardjo, ngandhani.

’’Dok, taksih wonten pasien. Kadosipun panggilan.’’

"Panggilan saking pundi Pak?’’ Aku wis rada nggragap. Nek panggilan seka adoh, bisa suwe lakune.

’’Pangapunten njih. Sajakipun saking dhusun pereng redi wetan ngriku.’’

Ana bocah enom loro ngenteni nang ngarep omah. Gita-gita padha marani aku nalika weruh aku metu seka kamar.

’’Nuwun sewu Dokter. Kula aturi tindak panggenan kula. Bapak kula radi gawat.’’ Lamat-lamat praupane pemudha loro kuwi katon kesel lan suntrut. Yake merga rasa kuwatir.

’’Sakite napa Mas? Kok mboten dibekta mriki mawon?’’

’’Bapak sampun sepuh, ngrekaos menawi mlampah. Wiwit enjang wau ngoling-oling, sambat sakit padharanipun.’’

’’Sampun diunjuki obat?’’

’’Dereng, namung pun keriki kemawon. Kula suwun sanget Pak Dokter kersa tindak mrika.’’

Aku unjal ambegan jero. Senajan awak krasa kesel, aku kudu nekani pasien iku. Ndeleng bocah enom loro kuwi, ora tegel arep nulak. Praupane katon nek goreh. Umur-umurane isih enom. Dak kira kurang luwih rong puluh taunan.

’’Kula numpak skuter. Sampeyan numpak napa Mas?’’

’’Nyepedhah, boncengan kaliyan adhik kula.’’

’’Nek ngoten, sampeyan teng ngajeng, kula ngetutke saking wingking mawon.’’

’’Matur nuwun sanget, panjenengan kersa nindaki.’’

’’Perlu pun dherekaken menapa mboten dokter?’’

Pak Mantri Hardjo nyela seka njero kamar. Dheweke lagi mberesi kamar priksa. Perawat iku wis ngunduri tuwa. Nanging isih trengginas ngupakara pasien.

’’Ketoke kok rada adoh Pak Djo. Tak budhal dhewe wae karo mase iki. Tulung ubarampene lebokna tas.’’

’’Ngatos-atos injih Dok.’’

Ora lali welinge. Ukara iku kaya wis biasa krungu nang kupingku, tansah tak rungu angger aku arep mulih. Kaya-kaya mung nggo patut-patut tanpa teges. Ning nek dipikir, jero tegese. Kacilakan sak dalan-dalan sangsaya suwe sangsaya akeh. Manut angka statistik, klebu salah siji antaraning sepuluh sebab pepati ing Indonesia. Sok sapaa kudu eling apa dielingke supaya ngati-ati nang dalan nek arep budhal lelungan.

Alon-alon aku ngetutke nom-noman loro mau. Ngidul ngetan parane, ngliwati dalan tengah sawah. Sakuntara wis mlebu padesan. Sepi nyenyet ora ana swarane wong babar pisan. Ora ana lampu. Sajake durung klebon listrik daerah iki. Untunge rembulan ndadari wis katon nang langit. Senajan mung remeng-remeng. Aku isa ndeleng kahanan kiwa-tengen dalan merga lampu skuter. Ngliwati tegalan, sangsaya suwe dalane sangsaya ndedel munggah. Bocah nom-noman loro iku kerep medhun ganti sing mboncengke. Ambegane ngos-ngosan. Ora maido. Pancen abot. Numpak sepedha nang dalan lemah campur watu krakal. Tur munggah pisan.

’’Taksih tebih, Mas?’’

Aku sangsaya ora sranta. Jarene cedhak, iki wis punjul setengah jam kok ora tekan tekan.

’’Sampun caket dok. Sak sampunipun redi ngajeng menika.’’

Ya ampun, isih kudu ngliwati gumuk sak mono gedhene. Paling ora isih telung kilo maneh iki. Atiku wiwit goreh. Mengko mulihe apa ora kesasar? Aku terus ngetutke nom noman loro iku. Lali durung takon jenenge sapa. Sing jelas, deweke kakang adi. Sepedha kerep mung dituntun. Ngliwati gumuk banjur tekan nang padesan. Ora ana lampu dalan. Omah omah sak kiwa tengening dalan wis tutupan kabeh. Ora ana sorot lampu. Sepi nyenyet. Mung swara jangkrik karo walang sangit saur sauran, kaya jor joran ura ura. Angin wengi nang pegunungan swarane cemengkling nggugah wengi. Embuh ping pira menggak menggok nang dalan padesan, sedela maneh banjur tekan omah sing ndhewe nang pinggir dusun. Ukuran sedhengan ana latare ora pati amba. Bedane karo omah omah liyane, katon ana sorot lampu seka njero omah, nembus pager gedhek sing nrawang ora patia rapet. (ana candhake)

Monday, January 9, 2012

IKI JAMAN APA

Guritane: Asih Aspalia

Angkara murka ndadra ngrembaka
Maesi bawana kang sansaya tuwa
Tandhing yuda nguber bandha
Nglirwakake laku utama
Iki jaman apa..
Manungsa lali rasa kamanungsa
Welas asih sangsaya langka
Para durjana sinubya-subya
Pra sudra kaningaya

Wani ngumbar suwara
Nyebar warta nawakke dora
Bekti mung winates ing dina
Janji prasetya kasaput cidra


TAIPEI, 090112

AJA NANGIS, INDONESIA*

[Akhudiat]


beja cilaka gilir-gumanti
aja nangis, indonesia
tuna lan bathi gilir-gumanti
aja nangis, indonesia

jaya lan ambruk gilir-gumanti
aja nangis, indonesia

legi lan pait
susah lan seneng
lara-lapa lan bagya-mulya
luwe lan wareg
gilir gumanti
aja nangis, indonesia

ora ana pasa selawase
ora ana andrawina selawase

andrawina bakal ditagih ongkos kenikmatane
dene pasa bakal nemokake dina riyayane

aja nangis, indonesia
guyu lan tangis gilir gumanti


Surabaya, 01 Januari 2005

*) dijarwakake dening Bonari